https://www.canva.com/
1 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
BAHAN AJAR GEGURITAN
Satuan Pendidikan SMP Muhammadiyah 1 Minggir
Mata Pelajaran Bahasa Jawa
Kelas/ Semester BAHVAIIIN/ 2 AJAR
Alokasi Waktu 2 x 40 menit ( 1x pertemuan)
Materi Pokok Geguritan
Kompetensi Inti (KI)
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual,
konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingintahunya tentang
ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora
dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang
spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan
masalah.
KI 4 : Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah
abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di
sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai
kaidah keilmuan.
2 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Kompetensi Dasar dan Indikator
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.5. Menganalisis puisi Jawa 3.5.1. Mendeteksi pepindhan yang terdapat dalam
(geguritan) yang teks geguritan. (C4)
memuat pepindhan, 3.5.2. Menganalisis 4W dalam video membaca
panyandra, wangsalan. geguritan. (C4)
4.5. Menulis geguritan yang 4.5.1. Mencipta geguritan yang memuat pepindhan.
memuat pepindhan, (P5)
panyandra, wangsalan. 4.5.2. Menyajikan geguritan yang telah dibuat. (P3)
Bahan ajar menika adhedhasar indikator wonten ing pepanggihan kaping sepisan,
inggih menika:
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.5. Menganalisis puisi Jawa (geguritan) 3.5.1. Mendeteksi pepindhan yang
yang memuat pepindhan, terdapat dalam teks geguritan. (C4)
panyandra, wangsalan.
4.5. Menulis geguritan yang memuat 4.5.1. Mencipta geguritan yang memuat
pepindhan, panyandra, wangsalan. pepindhan. (P5)
3 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Fase 1: Identifikasi Masalah
Materi Faktual
Tuladha Geguritan
Ing ngandhap menika wonten tuladha geguritan. Para siswa sumangga nyetitekaken
video geguritan menika kanthi patitis! Salajengipun, para siswa saged ngrantam
pitakenan kangge mangretosi geguritan kasebut!
Tuladha anggenipun maos geguritan saged dipuntingali ing youtube maos geguritan.
Tampilan Video Youtube:
4 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Teks geguritan salebeting video:
Tatu
dening: Wulan Arum Sari
Sliramu kang tansah tak antu-antu
Marai aku lara untu
Dhuh kangmas pepujaning ati
Grana ngudhup mlathi
Soca liyep lindri
Ing ngendi sliramu saiki
Rina wengi aku tansah ngenteni
Sliramu kang bisa dadi pepadhanging ati
Nanging…
Saiki wis beda
Sliramu wis karo wong liya
Tatu ati iki amarga sliramu
Sliramu kang gawe petenging atiku
Aku ndomblong kaya sapi ompong
Nangise ngorong-ngorong
Wis lah mas, sampun!
Aku pamit, matur nuwun …
5 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik
Materi Konseptual
Para siswa sumangga materi ing ngandhap menika dipunsinauni
sesarengan kaliyan klompokipun!
Peta Konsep
Katrangan
Wonten ing pepanggihan menika ingkang badhe dipunsinau inggih menika
pangertosan, tuladha, struktur, saha nyerat geguritan. Sumangga dipunwaos
kanthi tliti andharaning materi ing ngandhap menika!
6 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Pangertosan Geguritan
Geguritan inggih menika wohing sastra Jawi ingkang basanipun cekak, mentes,
saha endah. Subalidinata (1994:45) (Said, 2022:5) geguritan inggih menika tataning basa
ingkang memper syair. Geguritan menika puisi jawa modern ingkang boten kaiket mawi
paugeran-paugeran tartamtu kados ta tembang macapat. Geguritan saking tembung gurit
ingkang tegesipun seratan.
Struktur Geguritan
Struktur geguritan utawi bab ingkang wigati salebeting geguritan inggih menika
tetembungan ingkang mentes saha ngginakaken basa rinengga utawi endah. Sutardjo
(2014: 19) dalam Said (2022: 5) ngandharaken menawi ancasipun ngginakaken basa
ingkang endah salebeting tembang lan puisi Jawi menika supados saged damel bungah
saha nikmat tumrap sinten kemawon ingkang maos saha mirengaken. Basa rinengga
inggih menika basa ingkang endah saha ngresep ing ati. Basa rinengga menika kados ta
purwakanthi, pepindhan, wangsalan, lelewaning basa, saha sanesipun. Wonten ing
ngandhap menika badhe ngrembag purwakanthi saha pepindhan.
1. Purwakanthi
Purwakanthi ing basa Indonesia dipunsebut sajak utawi rima. Jinising
purwakanthi wonten 3, inggih menika purwakanthi swara, purwakanthi sastra, saha
purwakanthi lumaksita utawi purwakanthi basa.
a. Purwakanthi swara
Purwakanthi swara inggih menika ingkang runtut swantenipun utawi
dipunambali swantenipun (vokal).
Tuladhanipun: guru iku digugu lan ditiru
7 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
b. Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra inggih menika ingkang runtut sastranipun utawi dipunambali
aksara matinipun (konsonan).
Tuladhanipun: ruruh rereh ririh mrih resep pra miyarsi
c. Purwakanthi lumaksita
Purwakanthi menika kanthi ngambali tembungipun utawi ingkang runtut
tetembunganipun.
Tuladha: janur gunung, gunung geni lor Ngayoja.
2. Pepindhan
Tembung ‘pepindhan’ saking tembung lingga ‘pindha’. Tembung ‘pepindhan’
dipunrangkep purwakanipun saha angsal panambang –an. Tembung ‘pindha’ tegesipun
‘kaya/ kados’. Tembung pepindhan ateges irib-iriban, pepadhan, tetandhingan. Pramila,
pepindhan inggih menika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, ngewrat suraos irib-
iriban, emper-emperan, pepadhan, utawi tetandhingan. Tuladhanipun:
• Rupane kaya jambe sinigar.
• Rukune kaya mimi lan mintuna.
• Cep klakep kaya orong-orong kepidak.
• Gagah prakosa kaya Raden Wrekudara.
8 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Fase 3: Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
Para siswa, sasampunipun mangretosi materi bab pangertosan geguritan saha
struktur geguritan, sumangga materi nyerat saha maos geguritan ing ngandhap
menika dipunsinaoni sesarengan kaliyan klanca klompokipun!
Nyerat Geguritan
Caranipun nyerat geguritan inggih menika.
a. Nemtokaken tema utawi underaning gagasan.
b. Nemtokaken irah-irahanipun geguritan.
c. Nemtokaken tetembungan ingkang trep kaliyan tema.
d. Migunakaken basa rinengga (basa kang endah), seselan, purwakanthi, utawi
pepindhan.
e. Ngrantam tetembungan ingkang sampun dipuntemtokaken dados geguritan.
9 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Fase 4: Mengembangkan dan menyajikan karya
Materi Metakognitif
Para siswa, sasampunipun mangretosi caranipun nyerat geguritan,
sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge nyerat geguritan
kanthi klompok!
Nyerat Geguritan
Langkah 1 Langkah 3
Milih tema ingkang sampun Nemtokaken tetembungan
dipunsamektakaken dening dwija. Tuladhanipun:
Tuladhanipun tema “Pendhidhikan” • sekolah
• bungah
Langkah 2 • ngupadi ngelmu
• mituhu
Nemtokaken irag-irahan ingkang trep • nyambut gawe
kaliyan tema. Tuladhanipun irah-
irahan ingkang trep kaliyan tema Langkah 4
pendhidhikan inggih menika “Ayo
Sekolah” Ngginakaken pepindhan:
Tuladhanipun:
Tekade kaya geni lan urupe
10 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Langkah 5
Para siswa damel geguritan kanthi tetembungan ingkang sampun
dipunprangguli ing langkah 3 saha ngginakaken pepindhan.
Ayo prakanca padha sekolah
Kanthi ati kang bungah
Ayo ngupadi ngelmu
Supaya dadi manungsa kang mituhu
Sinaua kanthi tekad kaya geni lan urupe
Supaya samangke bisa nggayuh pagesangan kang sae
………………………………………………………..
………………………………………………………..
https://wdrfree.com/stock-vector/javanese-dance
11 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah
Dudutan
Saking geguritan kanthi irah-irahan Tatu kasebut saged dipunpendhet dudutan bilih
tiyang gesang menika ampun ngantos gadhah pangajeng-ajeng ingkang langkung dhateng
tiyang sanes. Raos bingah menika tuwuh saking diri pribadhi, ampun ngantos ngendelaken
tiyang sanes supados damel bingah. Tiyang menika langkung sae menawi gadhah
pangajeng-ajeng dhateng Gusti kemawon, supados gesangipun langkung tentrem.
Relevansi
Relevansi geguritan kanthi irah-irahan “Tatu” kaliyan pagesangan jaman samenika
inggih menika babagan tiyang menika kedah gadhah raos ingkang sareh marang perkaraning
pagesangan. Kadhangkala menapa ingkang dados pepenginan kula saha panjenengan
menika boten saged kalampahan kanthi sae, pramila tiyang gesang kedah tansah dedonga
marang Gusti. Gusti boten sare, tamtu Gusti langkung mangretos menapa ingkang
dipunbetahaken tiyang menika. Menapa ingkang miturut panjenengan sae, dereng tamtu
menika sae.
12 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2
Kapustakan
Poerwadarminta, W.J.S., dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B.
Wolters Uitgevers.
Said, Dewi Pangestu. 2022. Modul 4: Sastra Klasik lan Modern. Surakarta:
Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi.
Sri Winarti, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VII Edisi Revisi 2020.
Yogyakarta: Dikpora DIY
Supardi, dkk, 2013. Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VIII. Yogyakarta:
CV. Avar Mandiri.
Yuwono Sudiprayitno, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VIII Edisi Revisi
2020. Yogyakarta: Dikpora DIY.
S.S., Daryanto. 1999. Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya: Apollo Lestari.
Kapustakan digital:
https://www.canva.com/
https://wdrfree.com/stock-vector/javanese-dance
https://www.kibrispdr.org/detail-6/gambar-animasi-orang-jawa.html
https://www.sastra.org/leksikon
https://youtu.be/xePvCud3KBo
13 | Bahan Ajar Geguritan Kelas 8 Semester 2