The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BAHAN AJAR PARIKAN PERTEMUAN 1

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wulanarum888, 2022-11-01 09:27:16

BAHAN AJAR PARIKAN

BAHAN AJAR PARIKAN PERTEMUAN 1

1 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

BAHAN AJAR TEMBANG DOLANAN

Satuan Pendidikan SMP Muhammadiyah 1 Minggir

Mata Pelajaran Bahasa Jawa
BAHAN AJAR
Kelas/ Semester VII/ 1

Alokasi Waktu 2 x 40 menit ( 1 x pertemuan)

Materi Pokok Parikan

Capaian Pembelajaran

Elemen Menulis
Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis
untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif yaitu parikan.

Indikator Pencapaian Kompetensi

Pertemuan 1
1. Menganalisis parikan yang ada di dalam teks tembang Suwe Ora Jamu. (C4)
2. Menguraikan isi parikan dalam teks tembang Suwe Ora Jamu. (C4)
3. Menyimpulkan amanat parikan dalam teks tembang Suwe Ora Jamu. (C5)
BPaheratnemAujaarnm1enggunakan Indikator Pencapaian Kompetensi pada pertemuan ke-1.
1. Membuat parikan sederhana. (P3)
2. Mengkritisi parikan yang dibuat kelompok lain dengan bahasa yang santun. (P3)

2 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

Fase 1: Identifikasi Masalah

Materi Faktual

Ing ngandhap menika wonten tuladha video tembang dolanan Gethuk ingkang wonten
parikanipun. Para siswa sumangga nyetitekaken video menika! Salajengipun, para siswa
saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi parikan salebeting tembang dolanan Gethuk
kasebut! Link video https://www.youtube.com/watch?v=FFMFfDwYQGs

Gethuk
Sore-sore padhang bulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e dha gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca-kanca ja turu sore-sore
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela
Yen ra mathuk atine rada gela
Ja ngono mas aja-aja ngono
Kadhung janji mas
Aku mengko gela

3 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Konseptual

Para siswa sumangga materi ing ngandhap menika dipunsinauni sesarengan kaliyan
klompokipun!

Pangertosan & Tuladha Parikan

Parikan yaiku unen-unen kang kedadean saka ukara loro utawa luwih sing mengku
purwakanthi. Menawa ing basa Indonesia, parikan disebut pantun. Parikan kedadean saka
perangan loro, yaiku perangan purwaka (sampiran) lan perangan wos (isi). Parikan rong larik,
ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka wos/ isi. Parikan patang larik,
ukara kasiji lan kaloro minangka purwaka, dene ukara katelu lan kapapat minangka wos/ isi.
Parikan rong larik, tibaning swara kapisan kudu padha karo tibaning swara ukara kapindho.
Parikan patang larik, tibaning swara kapisan kudu padha karo ukara katelu, tibaning swara
ukara kapindho kudu padha karo ukara kapapat.
Jinising parikan:
1. Parikan rong gatra (2 larik)
a. Parikan kang kedadean saka 4 wanda – 4 wanda

Tuladhane:
Tawon madu, ngisep sekar
Golek ngelmu, kudu sabar
Isine: yen golek ngelmu iku kudu sabar, ora kena nggresula
Piwulang: menawi sabar, anggone golek ngelmu mesthi bakala mumpangat.
b. Parikan kang kedadean saka 4 wanda – 8 wanda
Tuladhane:
Kembang anggrek, rurambat ing pingir bethek
Nganti tuwek, ngelmu iku ora entek.
Isine: ngelmu iku ora bakal entek
Piwulang: sinaua supaya oleh ngelmu, amargi ngelmu menika ora bakal entek.
c. Parikan kang kedadean saka 8 wanda – 8 wanda
Tuladhane:
Sega punar lawuh empal, segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu duwe ati sabar
Isine: dadi murid aja nakal, kudu duwe ati kang sabar
Piwulang: dadia murid kang prasaja lan sabar

4 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

d. Parikan kang ora ana aturan sing gumathok
Tuladhane:
Gula jawa, dirubung laler
Dadi siswa, kudu pinter
Isi: siswa iku becike sing pinter
Piwulang: dadia siswa kang sregep sinau supaya pinter.

2. Parikan patang gatra (4 larik)
Tuladha:
Esuk nembang, sore nembang
Yaiku tembang, asmaradana
Esuk ngadhang, sore ngadhang
Sing diadhang, ora teka
Isi: esuk lan sore ngadhang, ananging sing diadhang malah ora teka
Piwulang: aja ngarep-arep marang wong liya.

5 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

Fase 3: Membimbing Penyelidikan

Materi Prosedural

Para siswa, sumangga materi caranipun mangretosi wos/ isi saha piwulang budi pakerti
salebeting parikan ing ngandhap menika, dipunsinaoni sesarengan kaliyan klanca
klompokipun!

Caranipun madosi isi saha piwulang budi pakerti parikan

Parikan tamtu ngewrat piwulang budi pakerti ingkang diandharake dening pangripta.
Piwulang budi pakerti duwe munpangat kanggo bocah-bocah supaya bisa nyegah saka bebuden
kang ala.

Mangerteni piwulang budi pakerti parikan kadhang kala ora bisa ditindakake kanthi
langsung, ananging kudu kanthi langkah-langkah ingkang runtut. Langkah-langkahe kanggo
nggoleki piwulang budi pakerti sajroning parikan yaiku:
1. Negesi tetembungan angel.

Menawa wonten ing parikan ana tetembungan kang angel, pramila kudu digoleki sipek
tegese. Tetembungan kang angel bisa digoleki ana ing bausastra online, kanthi link
https://www.sastra.org/leksikon
2. Nggoleki isi parikan.

Nggoleki isi parikan bisa kanthi cara maca tetembungan sajroning wos/isi parikan kanthi
premati, banjur diandharake miturut basamu dhewe.
3. Nggoleki piwulang budi pakerti.

Sawise mangerteni isi parikan, tamtu gampang anggone nggoleki piwulang budi pakerti
sajroning parikan. Piwulang budi pakerti yaiku patuladhan/ conto sing becik kang diandharake
dening pangripta marang ingkang maca.

6 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

Fase 4: Mengembangkan dan menyajikan karya

Materi Metakognitif

Para siswa, sasampunipun maos saha mangretosi caranipun madosi wos/ isi saha
piwulang budi pakerti salebeting parikan, sumangga dipuncakaken langkah-
langkahipun kangge madosi piwulang budi pakerti tembang dolanan Gethuk menika!

Piwulang Budi Pakerti Salebeting Tembang Dolanan

Parikan sajroning tembang Gethuk

Gethuk asale saka tela
Yen ra mathuk atine rada gela

Langkah 1: Negesi tetembungan

Tetembungan kang angel bisa digoleki ana ing Bausastra online kanthi link
https://www.sastra.org/leksikon
Ana ing parikan kasebut, tetembungan angele yaiku:
Mathuk tegese cocok
Gela tegese kuciwa

Langkah 2: Nggoleki isi parikan

Isi parikan bisa dideleng ana ing larik kapindho, yaiku yen apa-apa ora cocok atine rada kuciwa

Langkah 3: Nggoleki piwulang budi pakerti

Piwulang budi pakerti sajroning parikan kasebut yaiku uwong iku kudu narima apa wae
kedadean kang ora nyenengake. Sanajan kuciwa, kedah ditampa kanthi ati kang legawa/ sabar.

7 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah

Dudutan

Dudutan ingkang saged dipunpendhet saking parikan salebeting tembang dolanan
Gethuk inggih menika tiyang gesang menika kedah nampi kanthi legawa menapa kemawon
kedadosan ingkang dipunlampahi, sanajan kedadosan menika boten ngremenaken dhateng
badanipun piyambak.

Relevansi

Relevansi parikan salebeting tembang dolanan Gethuk inggih menika para lare sedaya
kedah legawa nampi sedaya prekawis ing pagesangan, sanajan boten ngremenaken. Wonten
ing jaman samenika saperangan lare sampun boten mangretos pantun jawa utawi parikan.
Pramila kanthi ngandharaken bab parikan kaajab saged ngindhakaken kawasisan lare bab
nyerat parikan saha madosi piwulang budi pakertinipun tumrap pagesangan, supados saged
nindakaken bab ingkang becik kemawon.

8 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1

Kapustakan

Poerwadarminta, W.J.S., dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers.
Sri Winarti, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VII Edisi Revisi 2020. Yogyakarta: Dikpora DIY
Sri Winarti, dkk. 2017. Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VII. Semarang: CV Avar Mandiri.
Kapustakan digital:
https://www.canva.com/
https://www.youtube.com/watch?v=FFMFfDwYQGs

9 | Bahan Ajar Parikan Kelas VII Semester 1


Click to View FlipBook Version