The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Modul Basa Jawa menika kangge kelas 7 semester gasal adhedhasar kurikulum 2013.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wulanarum888, 2022-12-07 23:31:48

Modul Bahasa Jawa Kelas VII Semester Gasal

Modul Basa Jawa menika kangge kelas 7 semester gasal adhedhasar kurikulum 2013.

1|Mo dhul Basa Jawi K elas 7 Semes ter Gas al

https://www.canva.com/

PURWAKA

Andharaning Modul

Modhul basa Jawi menika ngandharaken sedaya materi basa Jawi kelas VII semester gasal.
Modhul menika adhedhasar kurikulum 2013 ingkang pambijinipun ngewrat “pengetahuan” saha
“keterampilan”. Modhul menika dipundamel supados saged biyantu para siswa ing pamulangan
basa Jawi.

Kompetensi

Modhul menika ngginakaken kurikulum 2013. Kompetensi inti saha kompetensi dasar-
ipun dipunandharaken ing ngandhap menika.
Kompetensi Inti:
KI 1: Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
KI 2: Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli

(toleransi, gotong-royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif
dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
KI 3: Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa
ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena
dan kejadian tampak mata.
KI 4: Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/ teori

Kompetensi Dasar

Pengetahuan Keterampilan

3.1.Memahami fungsi teks lisan sesuai 4.1.Menyusun teks lisan sesuai unggah ungguh

dengan unggah-ungguh Jawa Jawa untuk berbagai keperluan. sederhana

3.2.Memahami tujuan, fungsi 4.2.Menyusun teks lisan dan tulis untuk

menceritakan pengalaman menceritakan pengalaman

3.3.Memahami cangkriman dan parikan. 4.3.Menyusun cangkriman dan parikan secara

sederhana.

2|Modhul Bas a Jawi K elas 7 Semes ter Gas al

WULANGAN 1

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI

Kompetensi Dasar

3.1. Memahami fungsi teks lisan sesuai dengan unggah-ungguh Jawa
4.1. Menyusun teks lisan sesuai unggah ungguh Jawa untuk berbagai keperluan sederhana

Indikator

3.1.1. Menjelaskan pengertian unggah-ungguh basa Jawi.
3.1.2. Menjelaskan cak-cakanipun unggah-ungguh basa Jawi.
3.1.3. Menyusun kalimat sesuai dengan unggah-ungguh basa Jawi untuk berbagai keperluan.

Unggah-Ungguh Basa Jawi

Unggah-ungguh inggih menika tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama.
(W.J.S. Poerwadarminta, 1939:443). Unggah-ungguh wicanten tegesipun cak-cakanipun wicanten
marang tiyang sanes ngginakaken basa ingkang trep jumbuh kaliyan ingkang dipunajak
wicanten.Tiyang ingkang saged ngecakaken unggah-ungguh basa ateges saged ngurmati tiyang
sanes. Miturut cak-cakanipun, unggah-ungguh saged dipunperang dados 4, inggih menika ngoko
lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus.
1. Ngoko lugu

Basa ngoko lugu menika sedaya tembungipun ngginakaken tembung tataran basa ngoko. Basa
ngoko lugu asringipun dipunginakaken kangge:
a. wicanten dhateng sasami-sami ingkang sampun kulina, tuladhanipun lare kaliyan lare.
b. tiyang sepuh dhateng lare.
c. ngudarasa utawi wicanten piyambak
d. dwija dhateng siswanipun
e. pejabat dhateng andhahanipun
Tuladhanipun:
a. Mengko sore, aku arep tuku buku ing Gramedia
b. Wan, latare disapu dhisik!

3|Mod hul Ba s a Ja wi K el a s 7 Sem es ter Ga s a l

2. Ngoko alus
Tegesipun tembung ngoko ingkang alus inggih menika tetembunganipun ngoko dipuncampur

krama utawi krama inggil. Basa ngoko alus asringipun dipunginakaken kangge:
a. Sedherek sepuh dhateng sedherek enem ingkang drajatipun langkung inggil.
b. Kangge wicanten utawi ngrasani tiyang sepuh utawi tiyang ingkang drajatipun langkung inggil
Titikanipun ngoko alus inggih menika:
a. Tetembungan ingkang gayutan kaliyan tiyang ingkang dipunajak wicanten utawi tiyang sanes

ingkang dipunrembag ngginakaken krama inggil.
b. Menawi kangge badanipun piyambak prayoginipun ngginakaken tembung ngoko.
c. Tembung ingkang dipunewahi krama inggil namung tembung lingganipun.
d. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, saha tembung sesulih.
e. Ater-ater (awalan) ‘da’ menawi wicanten dhateng ingkang sampun rumaket, ananging menawi

wicanten dhateng tiyang ingkang dipunurmati ngginakaken tembung kula.
f. Ater-ater ‘kok’ prayogi dipungantos panjenengan.
g. Panambang (akhiran) ‘mu’ prayogi dipungantos panjenengan.
Tuladhanipun:
a. Mengko sore, Bapak arep tindak menyang Solo.
b. Sowanku dhateng bu Dewi mau sisan matur yen ana layang saka sekolah.
3. Krama lugu

Basa krama lugu menika tetembunganipun krama sedaya. Basa krama gadhah raos langkung
ngurmati dhateng ingkang dipunajak wicanten tinimbang basa ngoko. Bab ingkang kedah
dipungatosaken nalika ngginakaken basa krama, inggih menika.
a. Tetembungan ingkang dipunginakaken tembung krama sanajan gayut dhateng badanipun

piyambak.
b. Tetembungan ngoko ingkang boten wonten tembung kramanipun tetep ngginakaken tembung

ngoko.
c. Ater-ater (awalan), panambang (akhiran) ugi dipunkramakaken.
Pigunanipun basa krama kangge:
a. Wicanten tiyang drajatipun sami, ananging sami ngurmati sanajan boten kurmat banget.
b. Andharan, khotbah, saha sapanunggalanipun.
Tuladhanipun:
a. Kula wau tumbas buku
b. Kesah dhateng apotek badhe tumbas menapa?

4|Mod hul Ba s a Ja wi K el a s 7 Sem es ter Ga s a l

4. Krama alus
Krama alus menika asringipun tetembungan ingkang dipunginakaken krama saha krama inggil.

Basa krama alus dipunginakaken kanthi ancas langkung ngurmati tiyang ingkang dipunajak
wicanten. Bab ingkang prayogi dipungatosaken nalika ngginakaken basa krama alus, inggih menika.
a. Basa-basa ingkang wonten krama inggilipun dipungantos ngginakaken krama inggil
b. Basa ingkang wontenipun krama inggih cekap krama.
c. Ater-ater (awalan) saha panambang (akhiran) dipunkramakaken
d. Tetembungan ingkang wonten gayutanipun kaliyan kewan saha wit-witan cekap tembung

kramanipun kemawon. Dene menawi wontenipun namung tembung ngoko, ngginakaken ngoko.
Basa krama alus menika dipunginakaken kangge wicantenan:
a. Tiyang enem dhateng tiyang sepuh
b. Siswa dhateng dwijanipun
c. Lare dhateng tiyang sepuhipun
d. Tiyang ingkang nembe kemawon tepang
e. Priyayi dhateng priyayi ingkang sadrajat
f. Dhateng tiyang ingkang drajatipun langkung inggil
g. Sesorah ing pahargyan
h. Andhahan dhateng pangarsanipun
Tuladhanipun:
a. Bapak kalawau tindak kantor ngasta tas cemeng.
b. Menapa bu guru benjang wonten ing dalem?

Gladhen 1
Wangsulana kanthi milih aksara A, B, C, utawi D ingkang kokanggep leres!
1. Nalika wong enom matur karo wong kang luwih tua nggunakake basa Jawa…

A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
2. Basa Jawa ngoko kacampur basa jawa krama utawa krama inggil diarani…
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus

5|Mod hul Ba s a Ja wi K el a s 7 Sem es ter Ga s a l

3. Kepriye patrape awak nalika matur dhateng tiyang sepuh …
A. Ngadeg jejeg awak ngapurancang
B. Awak mbungkuk tangan ngapurancang
C. Ngadeg jejeg, mripat ngulatake, tangan ngapurancang
D. Ngadeg jejeg, tangan ngapurancang, nalika matur dhadha tekan sirah rada mbungkuk.

4. Mlaku ing sangarepe wong tuwa sing lagi lenggahan kudu matur...
A. Nuwun sewu, ndherek liwat
B. Nyuwun sewu ndherek miyos
C. Nyuwun sewu kula ngrumiyini
D. Nuwun sewu, ndherek langkung.

5. Para siswa kudu bisa mapanake dhiri pribadhine manut ing panggonan, wektu, lan swasanane.
Sipat kasebut jenenge...
A. papan dhiri
B. papan becik
C. empan papan
D. mapan empan

6. Kula ingkang tumbas payung, dene Ibu ingkang... blanjan.
A. tuku
B. bekta
C. tumbas
D. mundhut

7. Kula bekta majalah Jawi, bu guru ugi...
A. bekta
B. ngasta
C. nggawa
D. nyangking

8. Cara-carane ngetrapke basa Jawa ana ing pasrawungan disebut...
A. tata krama
B. cak-cakaning basa
C. unggah-ungguh basa
D. werna-wernaning basa.

9. Carane matur miturut unggah-ungguh nalika pamit dhateng pekiwan yaiku...
A. Bu, aku arep ing pekiwan
B. Bu, kula ajeng tindak wingking.
C. Bu, kula badhe tindak wingking.
D. Bu, kula badhe dhateng wingking.

6|Modhul Basa Jawi Kelas 7 Semester Gasal

10. Ukara kang bener unggah-ungguhe yaiku ...
A. Kula tindak sekolah
B. Ibu kesah teng pasar
C. Bapak lagi wae tindak kantor
D. Bapak tindak dhateng Solo nitih sepur.

Gladhen 2
Wangsulana kanthi trep!
1. Gawea 2 ukara kanthi migunakake unggah-ungguh basa ngoko lugu!
…………………………………………………………………………………………………….
.……………………………………………………………………………………………………
.……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………….
2. Gawea 2 ukara kanthi migunakake unggah-ungguh basa ngoko alus!
…………………………………………………………………………………………………….
.……………………………………………………………………………………………………
.……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………….
3. Gawea 2 ukara kanthi migunakake unggah-ungguh basa krama lugu!

…………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………….
4. Gawea 2 ukara kanthi migunakake unggah-ungguh basa krama alus!
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
5. Kepiye anggone matur marang bapak/ ibu guru nalika arep pamit menyang WC?

7|Mo dhul Basa Jawi K elas 7 Semes ter Gas al

Kompetensi Dasar

3.1. Memahami fungsi teks lisan sesuai dengan unggah-ungguh Jawa
4.1. Menyusun teks lisan sesuai unggah ungguh Jawa untuk berbagai keperluan sederhana

Indikator

4.1.1 Menjelaskan unggah-ungguh ketika berkenalan
4.1.2. Menyusun kalimat untuk berkenalan
4.1.3. Menyusun teks percakapan sederhana untuk berkenalan sesuai dengan unggah-ungguh basa

Jawi.

Unggah-Ungguh Pitepangan

Menawi pasrawungan sampun kesupen tansah ngetrapaken unggah-ungguh supados
badanipun piyambak saged srawung kanthi becik. Ing pamulangan menika para siswa samangke
badhe sinau bab tata krama kangge pitepangan ingkang trep kaliyan unggah-ungguh basa Jawi.
Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika pitepangan inggih menika:
a. Ngginakaken basa ingkang trep
b. Solah bawa sopan
c. Saged ngginakaken tetembungan, kados ta:

“Ndherek nepangaken, nama kula……” (tiyang enem dhateng tiyang sepuh)
“Asmanipun panjenengan sinten? (tiyang enem dhateng tiyang sepuh)
“Ditepungake, jenengku…..” (kanca dhateng kanca)
“Jenengmu sapa?” (kanca dhateng kanca)

Tuladha teks pawicantenan:

Tahun Ajaran Anyar

Miwiti taun ajaran anyar jam pitu kurang selawe menit swasana ing ngarep regol SMP
Muhammadiyah 1 Minggir wis katon rame. Ora adoh saka regol ana siswa loro mlaku nyedhaki regol.
Sinambi mlaku bocah loro iku padha tetepungan.
Brian : “Kowe kelas pitu?”
Dimas : “Iya, kowe uga kelas pitu?”
Brian : “Ho’o, aku kelas pitu A. Lha kowe kelas pitu apa”
Dimas : “Alhamdulillah, padha. Ditepungake, jenengku Dimas. Jenengmu sapa?”
Brian : “Aku Brian, aku saka SD Muhammadiyah Gamplong. Kowe saka SD ngendi?

8|Mo dhul Basa Jawi K elas 7 Semes ter Gas al

Dimas : “Aku saka SD Negeri Moyudan.”
Bocah loro marani bapak lan ibu guru kang wis jumeneng kanggo nyalami para siswa kang

padha teka. Kadhangkala karo mundhut pirsa marang siswa kang anyar. Pakulinan iki kanggo nguri-
uri budaya 3 S yaiku Senyum, Salam, lan Sapa.

Kawruh basa

Tegese tembung saka wacana:

✓ regol : lawang mlebu plataran omah, gapura
✓ tetepungan : kenalan

✓ jumeneng : ngadeg
✓ mundhut pirsa : takon

✓ pakulinan : samubarang kang ajeg ditindakake
✓ nguri-uri : ngripuk-ipuk supaya tetep urip, melestarikan

Gladhen 1
Ewahana ukara menika ngginakaken basa krama ingkang trep!
1. Jenengku Kartika.

………………………………………………………………………………………………..
2. Omahku ana ing desa Gamplong.

………………………………………………………………………………………………..
3. Aku siswa kelas pitu.

………………………………………………………………………………………………..
4. Aku anak nomer siji.

………………………………………………………………………………………………..
5. Sedulurku cacahe loro.

………………………………………………………………………………………………..
6. Bapakku dadi guru ing SMP Muhammadiyah 1 Minggir.

………………………………………………………………………………………………..
7. Saben esuk aku tangi mruput.

………………………………………………………………………………………………..
8. Sawise adus, aku banjur sarapan.

………………………………………………………………………………………………..
9. Aku mangkat sekolah bareng karo kancaku.

………………………………………………………………………………………………..
10. Jam setengah pitu aku wis tekan sekolah.

………………………………………………………………………………………………..

9|Modhul Basa Jawi Kelas 7 Semester Gasal

Gladhen 2
Gawea teks pacelathon nalika sliramu padha tetepungan marang bapak/ ibu guru basa Jawa ing kelas!
Sawise iku paragakna pacelathon kasebut ing ngarep kelas bebarengan karo kancamu!

……………………………………………..

…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
………………….……………………………………………………………………………………...
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………

10 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

WULANGAN 2

CRITA PENGALAMAN

Kompetensi Dasar

3.2. Memahami tujuan, fungsi menceritakan pengalaman
4.2. Menyusun teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman

Indikator

3.2.1. Menjelaskan pengertian cerita pengalaman
3.2.2. Menjelaskan unsur intrinsik cerita pengalaman.
3.2.3. Menganalisis unsur intrinsik dalam teks cerita pengalaman.

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kedadean kang wis tau ditemoni utawa dilakoni dhewe. Sawijine
pengalaman biasane kedadean saka unsur sapa, apa, ngapa, kapan, ing ngendi, lan kepiye.
1. Jinising cerita pengalaman, yaiku:
a. Pengalaman seneng yaiku pengalaman kang gawe bungah atine wong kang ngalami
b. Pengalaman lucu yaiku pengalaman kang gawe guyu wong kang ngalami
c. Pengalaman susah yaiku pengalaman kang gawe susahing ati tumrap wong kang ngalami
2. Munpangate crita pengalaman:
a. Nambahi kawruh
b. Minangka sarana sarana ngudhar reruweting pikir
c. Minangka piwulang guru kang utama
d. Minangka panglipur
3. Unsur Crita Pengalaman:
a. Tema: gagasan utama kang ana ing crita pengalaman
b. Paraga (tokoh): tokoh ana ing crita pengalaman
c. Watak paraga: watak lan sipat paraga ana ing crita pengalaman.
d. Latar/setting: papan, wektu, kahanan kang ana ing crita pengalaman
e. Alur: alur iku cacahe ana 3, yaiku alur maju, mundur, lan campuran.
f. Amanat : piwulang kang bisa didudut saka crita pengalaman.

11 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Tuladha crita pengalaman

Sing Dibonceng Gogrog

Kedadean iki sawetara suwe takalami, kira-kira 7 taun kapungkur, aku isih kelas siji SMA lan
lagi seneng-senenge numpak motor amarga lagi wae bisa. Kedadeane mangkene:

Kanggo nambahi penghasilane kaluwarga ibuku mbukak warung kebutuhan ngomah. Saben sore
anak-anake kejibah blanja menyang pasar saperlu tuku barang dagangan sing wis meh entek
persediaane.Wektu iku aku lan mbakyuku Tuti entuk giliran menyang pasar. Sauwise nampa daftar
belanja saka ibu, dhuwit lan ubarampe sing digawa banjur mangkat.

Aku sing nang ngarep lan mbak Tuti mbonceng. Motor taklakokake alon-alon, ora adoh saka
omahku ana rel dalane ora rata. Pas ngliwati rel sepur kuwi motorku nggrunjal merga nabrak rel. Aku
ora krasa nek mbak Tuti mau medun ana kono merga arep tiba, nanging aku tetep nggeblas tekan
pasar karo crita ngethuprus sajak ana sing mbonceng.

Bareng tekan pasar.... lhadalah mbak Tuti ora ana neng boncenganku, lan aku lagi krasa.
Thingak-thinguk motor takenggokake bali maneh. Bareng tekan ngomah aku digeguyu wong akeh,
wong mboncengke kok tiba ora krasa. Isin aku.

Gladhen 1
1. Nalika prei unggah-unggahan kelas, aku sakanca padha dolan ing curug Banyu Niba.

Pengalamanku ing papan iku nyenengake banget. Crita kang dialami banjur ditulis diarani…
A. crita cekak
B. crita roman
C. crita sambung
D. crita pengalaman
2. Bab kang ora kudu ana ing sajrone crita pengalaman, yaiku…
A. paraga utawa tokoh
B. kedadeyan kang dumadi
C. pacelathon antarane paraga
D. papan lan wektune prastawa/ kedadeyan
3. Kang ora kalebu pigunane crita pengalaman yaiku…
A. minangka sarana ngudhar reruweting pikir
B. minangka piwulang/ guru kang utama
C. minangka panglipur
D. minangka srawung

12 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

4. Kang ora kalebu unsur intrinsik crita pengalaman yaiku…
A. tema
B. latar
C. paraga
D. biografi penganggit

5. Crita kang nggambarake pengalaman kang nyenengake yaiku…
A. Ditinggal seda eyang putri
B. Ora munggah kelas nalika SD
C. Wisata menyang Guwa Cemara
D. Nandang kacilakan numpak montor

6. Crita iki kedadeyan dina Senen setaun kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas wulangan
basa Jawa, materi maca aksara Jawa. Nalika aku melu wulangan basa Jawa, sirahku ngelu amarga
kurang turu.
Pethikan crita pengalaman kasebut migunakake alur…
A. maju
B. mundur
C. campuran
D. maju mundur

7. Gatekna pethikan crita iki!
Rasane aku wis ora duwe daya apa-apa. Kancaku, ya mitra kenthelku wis sowan marang

Pangayunaning Kang Maha Agung. Aku mung bisa aweh donga nalika nguntabake layone
tumuju ing pasareyane kang pungkasan. “Mitraku, sugeng tindak. Mugi Gusti Kang Maha
Kuwasa paring papan kang murwat marang sliramu.”
Pethikan crita kasebut, kalebu crita kang....
A. nyenengake
B. nyedhihake
C. nganyelake
D. mrihatinake
8. Gatekna pethikan crita iki!
Dina Senen esuk aku wis gasik mangkat sekolah. Jam setengah pitu aku wis tekan sekolahan.
Kaya adate aku mlebu kelas nyelehake tas banjur piket.
Unsur kang ana ing pethikan crita iku yaiku ....
A. apa kedadeane
B. wektu kedadeane
C. papan kedadeane
D. sapa kang ngalami kedadeane

13 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

9. Gatekna pethikan crita iki!
Dalan kang dakliwati saya suwe saya sepi lan adoh saka padesan. Kiwa tengene mung alas jati
kang saya katon peteng. Lamat-lamat ana swara wong omong-omongan. Alon-alon aku lan
kancaku nyedhaki swara iku. Saeba kagetku nalika tekan papan kono jebul katon kuburan. Gage-
gage aku lan kancaku mbanterake anggone ngepit, mlayu ngedohi papan iku.
Unsur kang ana ing pethikan crita iku yaiku ....
A. apa kedadeane
B. wektu kedadeane
C. papan kedadeane
D. sapa kang ngalami kedadeane

10. Gatekna pethikan crita iki!
Srengenge dak sawang isih aras-arasen metu saka paturone, sunare klaput-klaput nrobos selaning
mega. Sawetara iku swara mesin cuci dak rungokake isih gemremeng kaya-kaya nggugah adhiku
sing turu.
Pethikan crita kasebut nyritakake wektune ing wayah…
A. esuk
B. awan
C. sore
D. bengi

Gladhen 2
Coba golekana unsur-unsur crita pengalaman saka crita ing ngisor iki!

Sirah Mumet

Crita iki kedadeyan dina Senen setaun kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas wulangan
basa Jawa, materi maca ukara aksara Jawa. Nalika aku melu wulangan basa Jawa sirahku ngelu
amarga mau bengi dolanan game ngasi wengi. Pak Jimin, asmane guru Basa Jawa. Priyayine gedhe
dhuwur kaya Werkudara. Pak Jimin guru kang sabar lan apikan, buktine sasuwene aku diwulang, pak
Jimin ora nate duka, apa maneh ngeplak marang siswane.

Wektu iku ngepasi maca ukara aksara Jawa. Pak Jimin kanthi sabar nuntun para siswa maca
ukara aksara Jawa kasebut. Sansaya suwe sirahku saya ngelu, mripatku rasane kudu merem, mulane
aku theklak-thekluk sinambi ngrasakake sirah kang ngelu. Kancaku padha maca aksara Jawa dituntun
dening Pak Jimin.

Sawise iku, tangi-tangi jebul aku wis ana ing UKS dikancani kancaku. Aku bingung, ngapa kok
aku teka-teka ana ing UKS, kamangka mau ana ing kelas. Kancaku omong yen aku semaput, banjur
digotong dening pak Jimin ing UKS.

(Panjebar Semangat no. 41, 12 Oktober 2013 kanthi besutan)

14 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Papan kanggo nggarap Wangsulan
Unsur Crita
……….…………………………………………………………………
No. ………………………………………………………………………….
Pengalaman ………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
1. Tema ………………………………………………………………………….
2. Paraga lan watake ………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
3. Latar/ Setting ………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
4. Alur ………………………………………………………………………….
5. Amanat ………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………….

15 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Kompetensi Dasar

3.3. Memahami tujuan, fungsi menceritakan pengalaman
4.3. Menyusun teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman

Indikator

4.3.1. Menentukan tema cerita pengalaman yang akan ditulis
4.3.2. Menentukan jenis cerita pengalam yang akan ditulis.
4.3.3. Menentukan tokoh dalam cerita pengalaman yang akan ditulis
4.3.4. Menentukan latar dalam cerita pengalaman yang akan ditulis
4.3.5. Menulis cerita pengalaman

Nulis Crita Pengalaman

1. Bab kang perlu digatekake nalika nulis crita pengalaman, yaiku:
a. basa ingkang digunakake kudu sopan
b. crita runtut
c. panulise adhedhasar EYD
2. Paugerane menawa arep nulis crita iku dumadi saka 5W + 1H. 5W + 1H yaiku:
a. Apa (what)
b. Kapan (when)
c. Ana ing ngendi (where)
d. Sapa (who)
e. Apa sebabe (why)
f. Kepiye (how)
3. Tuladhane crita pengalaman kang isih ringkes:
a. Apa (what) jawabe boncengake wong edan
b. Kapan (when) jawabe nalika dugekake ibu
c. Ana ing ngendi (where) jawabe ana ing parkiran pasar Gendhol
d. Sapa (who) jawabe aku
e. Apa sebabe (why) jawabe aku ketungkul dolanan HP, banjur ora ngerti dak kira uwong mau ibuku
f. Banjur kepiye (how) jawabe aku dadi isin
Saking 5W + 1H mau, crita ringkese dumadi saka rong ukara, yaiku:
a. Aku boncengake wong edan ana ing parkiran pasar Gendhol nalika dugekake ibu.
b. Aku ketungkul dolanan HP, banjur ora ngerti dak kira uwong mau ibuku, mulane aku dadi isin.

16 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Saka rong ukara kasebut, mesthi banjur tuwuh pitakonan tumrap wong sing kepengin ngerti crita
jangkepe. Pitakonan-pitakonan mau, kaya ta:
a. Dina apa anggone lunga menyang pasar Gendhol?
b. Tekan ngendi anggone boncengake wong edan?
c. Kepiye kok banjur ngerti menawa sing diboncengake mau jebule wong edan?
d. Kepiye tanggapane wong-wong sing padha ngerti kedadean kasebut?
Saka pitakonan-pitakonan mau, bisa dimekarake dadi crita pengalaman kang jangkep.

Gladhen
Gawea crita pengalaman kang wis tau kok alami kanthi tema bebas, paling sethithik 10 larik! Crita
pengalaman kang koktulis bisa kang nyenengake, lucu, utawi nrenyuhake.

………………………………………………..

…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………

17 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

WULANGAN 3

CANGKRIMAN

Kompetensi Dasar

3.3. Memahami cangkriman dan parikan.
4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana.

Indikator

3.3.1. Menjelaskan pengertian cangkriman
3.3.2. Menjelaskan jenis cangkriman
3.3.3. Menentukan batangan cangkriman

Cangkriman

Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek. Cangkriman butuh
wangsulan, cangkriman diarani uga bedhekan utawa batangan. Menawa ing basa Indonesia,
cangkriman padha karo teka-teki utawa tebakan.
Jinising cangkriman:
1. Cangkriman Cekakan

Cangkriman iki awujud tembung sing dicekak utawa diwancah/wancahan. Tuladhane yaiku:
✓ Burnas kopen tegese yaiku bubur panas kokopen
✓ Pak lawa tegese yaiku tipak ula daw
2. Cangkriman irib-iriban

Cangkriman iki awujud irib-iriban utawa memper. Tuladhane yaiku:
✓ Sega sekepel dirubung tinggi, yaiku salak
✓ Pitik walik saba meja, yaiku sulak
3. Cangkriman Blenderan

Cangkriman iki ngemu surasa utawa teges blenderan utawa plesetan. Tuladhane yaiku:
✓ Tulisan Arab macane saka endi? Macane ya saka alas
✓ Wong ketiban duren sugih pari. Paringisan
4. Cangkriman Wantah

Cangkriman iki awujud ukara wantah utawa lumrah. Tuladhane yaiku:
✓ Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh, yaiku geni
✓ Dikethok saya dhuwur, disambung saya cendhek, yaiku kathok

18 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

5. Cangkriman awujud tembang
Tembang kang digunakake bisa tembang macapat utawa tembang dolanan. Tuladhane yaiku:

1. Pocung
Bapak pocung dudu watu dudu gunung,
Sangkamu ing Plembang
Ngon ingone sang bupati
Yen lumampah si pucung lambeyan grana
Bedhekan: gajah
2. Gambuh
Kulite sungsun-sungsun
Jroning kulit wonten rambutipun
Jroning rambut wonten untu padha baris
Jroning untu iku balung
Jroning balung iku kopong

Gladhen 1
1. Kanggo ngisi wektu lodhang lumrahe padha dolanan tetembungan kang ana bedhekane, kang

diarani…
A. bebasan
B. parikan
C. wangsalan
D. cangkriman
2. Tongyong rengreng. Tetembungan kasebut kalebu jinising cangkriman…
A. wancahan
B. irib-iriban
C. awujud tembang
D. blenderan/ plesedan
3. Bakule kambil dikepruki. Unen-unen kasebut kalebu jinising cangkriman…
A. wancahan
B. irib-iriban
C. awujud tembang
D. blenderan/ plesedan
4. Sawah rong kedhok, galengane sitok. Unen-unen kasebut menawa dibedhek batangane…
A. godhong randu
B. godhong mlinjo
C. godhong kemangi
D. godhong gedhang

19 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

5. Dikethok dadi dawa, disambung dadi cendhak. Unen-unen kasebut batangane…
A. klambi
B. kathok
C. kebaya
D. sarung

6. Pak demang klambi abang, yen disuduk manthuk-manthuk. Unen-unen kasebut batangane…
A. kates
B. sukun
C. tuntut
D. jagung

7. Pitik walik saba ngamben. Batangane cangkriman kasebut yaiku…
A. nanas
B. salak
C. sulak
D. kuthuk

8. Kang ora kalebu cangkriman irib-iriban, yaiku…
A. Pak lawa
B. Sega sekepel dirubung tinggi
C. Tulisan arab macane saka endi?
D. Anake diidak-idak, mbokne dielus-elus

9. Gatekna pethikan pacelathon iki!
Dika : “Kewan apa sing anake lanang kabeh?”
Sinta : …………………………………….
Wangsulane Sinta kang bener yaiku…
A. kepiting
B. wader
C. urang
D. lele

10. Gatekna cangkriman iki!
Bapak pocung yen enom klambine gadhung
Yen wis rada tuwa
Si pocung klambine kuning
Tuwa pisan si pocung klambine abang

Batangane cangkriman kasebut, yaiku…
A. jeruk
B. mlinjo
C. wit pring
D. kembang dahlia

20 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Gladhen 2
Golekana batangan cangkriman iki, banjur isinen ana ing othak-athik mathuk kang wis
sumadya!

Nengen:
2. Bentuke cilik, bisa muni lan ngomong, digoleki sakwise tangi turu
5. Sing cendhek dikedhuki, sing dhuwur diurugi
7. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong
10. Sega sekepel dirubung tinggi
Mudhun:
1. Anake nganggo sandhangan rapet, nanging embokne malah wuda
3. Ana adhine, ana kakangne, nanging ora ana bapak lan simboke
4. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
6. Tulisan arab macane saka ngendi?
8. Pitik walik saba kebon
9. Bosok malah enak

21 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Kompetensi Dasar

3.3. Memahami cangkriman dan parikan.
4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana.

Indikator

4.3.1. Menyusun cangkriman wancahan tembung
4.3.2. Menyusun teks percakapan berisi cangkriman

Tuladha pacelathon ingkang ngewrat cangkriman

Reresik Latar

Dina Minggu esuk, Renita lan adhine kang nama Rafi katon ibut tumandang gawe ing plataran
omah. Bocah loro iku didhawuhi reresik plataran lan kebonan supaya padhang semilak kareben ora
dadi susuhe lemut. Sawise rada kesel, bocah loro iku leren ing teras sinambi bedhekan.
Renita : “Dhik, ayo siktar rengreng.”
Rafi : “Apa kuwi mbak?”
Renita : “Reresik latar bareng-bareng. Ngana wae ra ngerti!”
Rafi : “Halaaah, ngana aku ya bisa, mbak! Saiki delengen tarsiktineng.”
Renita : “Mesthi latare resik atine seneng. Hooh ta?”
Rafi : “Hmmm... Eh, mbak, aku wingi krungu kabar ana wong mati dilumpati kucing urip lho!”
Renita : “Lha iya ta, yen kucinge mati ra bakal bisa mlumpat!”
Rafi : “Hmmm… saiki bedheken! Kewan apa sing sirah, awak lan sikil ing ngisor?”
Renita : “Waaah… apa ya, hmmm….”
Rafi : “Pasrah ta mbak? Bedhekane pitik cilik kepidak.”
Renita : “Welaaaah, jebul adhiku pinter.”

Ora krasa bocah loro iku wis mari kesele, mula banjur nerusake anggone reresik plataran.

Gladhen 1
Gawea cangkriman kang awujud wancahan tembung cacahe lima!
Papan kanggo nggarap
No. Cangkriman wancahan tembung

1. ………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………...

22 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

No. Cangkriman wancahan tembung

2. ………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………...

3. ………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………...

4. ………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………...

5. ………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………...

Gladhen 2
Gawea teks pacelathon kang isine bedhekan cangkriman bebarengan karo kancamu sak meja! Sawise
iku, paragakna teks pacelathon kasebut ing ngarep kelas bebarengan karo kancamu!

…………………………………………………..

…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
.……….………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
23 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

WULANGAN 4

PARIKAN

Kompetensi Dasar

3.3. Memahami cangkriman dan parikan.
4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana.

Indikator

3.3.1. Menjelaskan pengertian parikan
3.3.2. Menjelaskan ciri-ciri parikan
3.3.3. Menganalisis parikan
3.3.4. Melengkapi parikan yang rumpang
3.3.5. Menjelaskan isi parikan
3.3.6. Menyimpulkan amanat parikan
4.3.1. Menyusun parikan
4.3.2. Menyusun balasan parikan

Parikan

Parikan yaiku unen-unen kang kedadean saka ukara loro utawa luwih sing mengku
purwakanthi. Menawa ing basa Indonesia, parikan disebut pantun. Parikan kedadean saka
perangan loro, yaiku perangan purwaka (sampiran) lan perangan wos (isi). Parikan rong larik,
ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindho minangka wos/ isi. Parikan patang larik, ukara
kasiji lan kaloro minangka purwaka, dene ukara katelu lan kapapat minangka wos/ isi. Parikan
rong larik, tibaning swara kapisan kudu padha karo tibaning swara ukara kapindho. Parikan
patang larik, tibaning swara kapisan kudu padha karo ukara katelu, tibaning swara ukara kapindho
kudu padha karo ukara kapapat.
Jinising parikan:
1. Parikan rong gatra (2 larik)
a. Parikan kang kedadean saka (4 wanda – 4 wanda) x 2

Tuladhane:
Tawon madu, ngisep sekar
Golek ngelmu, kudu sabar
Isine: yen golek ngelmu iku kudu sabar, ora kena nggresula

24 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

b. Parikan kang kedadean saka (4 wanda – 8 wanda) x 2
Tuladhane:
Kembang anggrek, rurambat ing pingir bethek
Nganti tuwek, ngelmu iku ora entek.
Isine: ngelmu iku ora bakal entek

c. Parikan kang kedadean saka (8 wanda – 8 wanda) x 2
Tuladhane:
Sega punar lawuh empal, segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu duwe ati sabar
Isine: dadi murid aja nakal, kudu duwe ati kang sabar

d. Parikan kang ora ana aturan sing gumathok
Tuladhane:
Gula jawa, dirubung laler
Dadi siswa, kudu pinter
Isi: siswa iku becike sing pinter

2. Parikan rong gatra (4 larik)
Tuladha:
Esuk nembang, sore nembang
Yaiku tembang, asmaradana
Esuk ngadhang, sore ngadhang
Sing diadhang, ora teka
Isi: esuk lan sore ngadhang, ananging sing diadhang malah ora teka.

Gladhen 1
Wangsulana kanthi milih aksara A, B, C, utawi D kang kokanggep leres!
1. Parikan yaiku unen-unen sing kedean saka ukara loro utawa luwih lan mengku…

A. Purwakanthi basa
B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi swara
D. Purwakanthi lumaksita
2. Ukara ing ngisor iki kang ora kelabu parikan yaiku…
A. Anake diidak-idak, embokne dielus-elus
B. Ana brambang sasen lima, ayo berjuwang labuh negara
C. Sawo kecik diwadhahi lodhong, luwih becik padha gotong royong
D. Sawo kecik ditandur ing tengah latar, luwih becik kudu duwe ati sabar

25 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

3. Kang ora kalebu titikane parikan, yaiku…
A. Larik kapisan purwaka, larik kapindho wos
B. Larik kapisan wos, larik kapindho purwaka
C. Parikan rong larik, tibaning swara ukara kapisan padha karo tibaning swara ukara
kapindho.
D. Parikan patang larik, tibaning swara kapisan padha karo ukara katelu, tibaning swara ukara
kapindho padha karo ukara kapapat.

4. Ing ngisor iki kang ora kalebu wos parikan yaiku…
A. Wajik klethik, gula jawa
B. Wedang bubuk, gula jawa
C. Sepet-sepet, sawone mentah
D. Eling-eling para siswa, aja lali marang budaya Jawa

5. Gatekna pethikan parikan iki!
Menyang kutha, numpak andhong
…………………………..
Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…
A. Ayo padha kerja bakti
B. Ana sapi untune ompong
C. Ayo padha gotong royong
D. Ayo siswa padha kerja bakti

6. Gatekna pethikan parikan iki!
Jangan kacang winor kara,
Kaduk uyah kurang gula,
Piwelingku mring pra siswa,
………………………………..
Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…
A. Aja wedi ing rekasa.
B. Aja wedi ing bebendu.
C. Aja wedi ing kuwajiban
D. Aja wedi ing tanggunggjawab

7. Gatekna pethikan parikan iki!
……………………………..
Klambi kuning, jenenge sapa
Larik purwaka kang trep kanggo parikan kasebut yaiku…
A. Ana tikus ing dhuwur bata
B. Ana tikus ing dhuwur omah
C. Ana kucing ing dhuwur bata
D. Ana kucing turu ing dhuwur omah

26 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

8. Parikan iki endi kang isine sindhiran?
A. Timun sigarane ayo mbangun negarane.
B. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora becik.
C. Manuk tuhu mencok pager, yen sinau mesthi pinter.
D. Iwak sepat dimasak santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.

9. Brambang diiris-iris
Mata abang arep nangis
Miturut isine, parikan mau nelakake…
A. Pitutur
B. Pitakon
C. Pangolok-olok
D. Ngrumangsani kleru

10. Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Parikan kasebut miturut isine nelakake…
A. larangan
B. ngisin-isin
C. menehi pitutur
D. njaluk pangapura

Gladhen 2
Gatekna tembang iki!

Suwe Ora Jamu

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

Suwe ora jamu
Jamu godhong bayem
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan tambah ayem

Adhedhasar tembang kasebut, wangsulana pitakonan iki:
1. Temtokna purwaka (sampiran) lan wose (isi) parikan kang ana ing tembang kasebut!

……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

27 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

2. Jelasna isining parikan kang ana ing tembang kasebut!
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

3. Goleka piwulang budi pakerti sajroning parikan kang ana ing tembang kasebut!
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

Gladhen 3

Coba gawea parikan rong larik cacahe 5 bebarengan karo kancamu semeja. Salah siji gawe parikan

wujud pitakon, dene liyane gawe parikan sing wujud wangsulan. Sing diomongake bisa jeneng,

alamat, asale sekolah, wulangan sing paling disenengi, guru sing paling disenengi, lan liya-liyane.

Tuladhanipun:

Pitakon Wangsulan

Ana tawon mlebu ing bata Tuku buku cacahe siji

Aku takon jenengmu sapa Jenengku Dimas Aji

Papan kanggo nggarap! Parikan wujud wangsulan
No. Parikan wujud pitakon

1. …………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...

2. …………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...

28 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

3. …………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...

4. …………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...

5. …………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...
…………………………………………… ………………………………………………...

29 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Penilaian Akhir Semester 1

A. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki kanthi milih wangsulan A, B, C, utawa D kang kok
anggep bener!

1. Mesthi wae para siswa iku padha durung tepung siji lan sijine. Ukara kasebut migunakake
unggah-ungguh basa…
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus

2. Nalika pamulangan basa Jawa para siswa didhawuhi padha tetepungan. Kang ora kalebu
mumpangate tetepungan yaiku...
A. Ngerti jenenge wong kang diajak guneman
B. Ngerti alamate wong kang diajak guneman
C. Nambah rumaketing kekancan
D. Nambah ruwet pikiran

3. Gatekna pacelathon iki!
Bu Ranti : “Sapa jenengmu, le?”
Dimas : ……………………

Wangsulane Dimas kang trep yaiku…
A. Jenengku Dimas
B. Asma kula Dimas
C. Nama kula Dimas
D. Jeneng kula Dimas
4. Gatekna pacelathon iki!

Bu Ranti : “Ngendi omahmu?”
Dimas : ……………………

Wangsulane Dimas kang trep yaiku…
A. Griyaku Sangoanan, bu.
B. Griya kula Sangonan, bu.
C. Omah kula Sangonan, bu.
D. Dalem kula Sangonan, bu.

30 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

5. Anggita arep takon jenenge guru basa Jawa, becike kepiye anggone takon?
A. Asmane ibu sinten?
B. Namanipun ibu sinten?
C. Naminipun ibu sinten?
D. Asmanipun ibu sinten?

6. Gatekna andharan iki!

Dina Riyaya Idul Fitri taun iki kang ngepasi ing tanggal 24 Mei 2020 Jingga lan
keluwargane ora mudik. Jalaran anane larangan saka pamarentah kanggo ngawekani
panyebare virus corona. Lagi taun iki keluwargane Jingga lebaran ing Yogja. Adate, saben
taun Jingga lan keluwargane mesthi mudik. Dadi ora mokal menawa dheweke sedih.
Nanging kanggone Jingga, ora mudik taun iki ora dadi apa, malah kanggone dheweke akeh
manfaate. Ing antarane, omahe dadi rame merga nindakake takbiran ing omah bareng
bapak, ibu, lan adhine.

Kedadean kang dialami dening Jingga lan keluwargane kalebu crita ....
A. fiksi
B. cekak
C. karangan
D. pengalaman
7. Gatekna jenis-jenis crita pengalaman iki!

1. Crita kang nyenengake
2. Crita kang angel dilalekake
3. Crita kang ngguyokake/lucu
4. Crita kang nrenyuhake/sedih
5. Crita kang adhedhasar imajinasi

Jinising crita pengalaman kang bener, yaiku…
A. 1, 2, 3
B. 1, 3, 4
C. 2, 3, 4
D. 2, 3, 5
8. Gatekna pethikan wacana iki!

Taun iki kanggoku kudu luwih rasa syukurku marang Gusti Alloh. Jalaran akeh banget
kabegjan kang takrasakake. Senajan lagi ngalami pandhemi korona, nanging ora teges aku
kudu susah jalaran ora bisa mangkat sekolah. Malah kanggoku, sinau ana ngomah akeh
mumpangate. Aku dadi luwih akrab karo bapak, ibu, lan adhiku. Kejaba iku, wektu kanggo
sinau uga luwih longgar lan bisa luwih konsentrasi. Mula nalika nampa raport unggah-
unggahan kelas atiku seneng banget. Ora dinyana-nyana menawa aku oleh rengking siji.

31 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Crita kasebut kalebu crita kang…
A. nyenengake
B. ngguyokake
C. medeni
D. sedhih
9. Gatekna pethikan wacana iki!

Aku gela nalika ngerti biji ing raportku elek. Geneya aku ora entuk rengking,
kamangka biasane saben semester mesthi dadi juara kelas. Bapak lan ibu ora ndukane,
amarga wis pirsa apa kang njalari bijiku elek. Kacilakan kang dakalami njalari aku ora
bisa mangkat sekolah nganti meh sasemester.

Unsur kang ana ing pethikan crita kasebut yaiku…
A. Papan kedadeane
B. Kapan kedadeane
C. Kepiye kedadeane
D. Kenangapa bisa kedadean
10. Gatekna pethikan wacana iki!

Dina minggu aku diajari nabuh gamelan karo bapaku. Kanggoku ajar nabuh
gamelan iki nyenengake, jalaran bisa kanggo hiburan sasuwene pandemi korona. Durung
akeh gamelan kang bisa taktabuh. Sepisanan aku diajari nabuh bonang, jebul nabuh
bonang iku angel, tangan loro kudu dinggo nuthuk kabeh. Nanging suwe-suwe jebul
gampang lan nyenengake.

Saka andharan kasebut sing dadi undheraning crita yaiku...
A. Nabuh bonang kudu nganggo tangan loro.
B. Dina Minggu aku diajari nabuh gamelan.
C. Nabuh gamelan bisa kanggo hiburan.
D. Nabuh gamelan iku nyenengake.
11. Gatekna cangkriman iki!

Bapak pocung dudu mega dudu mendhung,
Ngambah dirgantara,
Darbe swiwi pindha peksi,
Lunga teka si pocung ngumbar suwara.

Batangane cangkriman kasebut yaiku…
A. montor mabur
B. manuk
C. traktor
D. truk

32 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

12. Gatekna cangkriman iki!

Bapak pocung wujud sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mbentur tembok si pocung dadi dahana

Batangane cangkriman kasebut yaiku…
A. korek kayu
B. pulpen
C. graji
D. kayu
13. Nalika isih cilik rambute dawa, bareng wis tuwa dha mbrodholi. Cangkriman kasebut
batangane….
A. kalung
B. jagung
C. salak
D. sulak
14. Ana kuthuk dilebokake kurungan ora bias metu, dipakani bareng setahun kuthuke ilang ,
menyang ngendi?
Bedhekane cangkriman kasebut yaiku…
A. kuthuke ilang
B. kuthuke mati
C. dadi pitik
D. dibeleh
15. Gatekna pacelathon iki!

Siwi : “Aja lali, pitik walik saba mejane dicepakake.”
Puji : “Apa kuwi?”
Sari : “Kae lho... sing cemanthel tembok!”
Rina : “Owalah, sulak ta?”
Sari : “Lhaa...iya bener, saiki ayo resik-resik kelas bebarengan.”
Kabeh : “Ayoooo....”

Pacelathon kasebut ngewrat jinising cangkriman…
A. blenderan
B. wancahan
C. irib-iriban
D. awujud tembang

33 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

16. Gatekna cangkriman-cangkriman iki!

1) pitik walik saba kebon
2) lut maendhut, yu maerong
3) pak bomba, pak lawa, pak piyut
4) gajah numpak becak ketok apane?

Miturut andharan kasebut, ingkang kalebu cangkrima wancahan yaiku…
A. 1, 2
B. 1, 3
C. 2, 3
D. 2, 4
17. Gatekna parikan iki!
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.
…………………………………………………………
Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku….
A. Aja nesu, yen ditudhuhake luputmu.
B. Aja nesu, yen ditudhuhake salahe.
C. Aja nesu, yen ditudhuhakekekurangane.
D. Aja nesu, yen ditudhuhakekaluwihane.
18. Gatekna parikan iki!
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid, aja seneng keceh dhuwit.
Parikan ing dhuwur isine ngandharake bab….
A. pitutur
B. panglipur
C. pangolok-olok
D. pengeling-eling
19. Gatekna parikan iki!
Pitik cilik, aja dikurung
Yen dikurung, brodhol wulune
Isih sethithik, aja dietung
…………………………
Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku….
A. Yen dietung , bakale gela
B. Yen dieting, bakal lara ati
C. Yen dietung, bakale kuciwa
D. Yen dietung, bakal gela atine

34 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

20. Parikan- parikan ing ngisor iki kang isine ngandharake bab sosial yaiku….
A. Kupat, janure tuwa
Yen lepat, nyuwun pangapura
B. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid, aja seneng keceh dhuwit.
C. Jangan kacang winor kara, kladuk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
D. Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong.
Yen wis condhong, tindakna gotong royong.

B. Wangsulana pitakonan iki kanthi bener!
1. Kepiye carane matur nalika sliramu tetepungan karo ibu guru?

……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
2. Kepiye carane matur nalika sliramu nyuwun pamit marang bapak utawa ibu saprelu arep budhal
menyang pramuka?
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
3. Kepiye tata kramane nalika sliramu mlaku nglancangi ibu guru ing dalan?
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
4. Sebutna telu tuladhane cangkriman plesedan lan batangane!
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
5. Gawea parikan rong larik kang isine pitutur!
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

35 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Kapustakan

Poerwadarminta, W.J.S., dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers.
Rida Widiyawati dan Dwi Larasati. 2020. Modul Hibrida Prastawa (Prigel Basa lan Tata Krama).

Yogyakarta: Majelis Dikdasmen Sleman
Sri Winarti, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VII Edisi Revisi 2020. Yogyakarta: Dikpora DIY
Sri Winarti, dkk. 2017. Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VII. Semarang: CV Avar Mandiri.
Kapustakan digital:
https://www.canva.com/

36 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l

Pangripta

Wulan Arum Sari, S.Pd lair ing Sleman, 02 Agustus 1992. Lulusan saking
Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) program studi Pendidikan Bahasa
Jawa taun 2015. Makarya wonten ing SMP Muhammadiyah 1 Minggir,
Sleman, Yogyakarta minangka guru mata pelajaran Bahasa Jawa wiwit
taun 2016 dumugi samenika.

37 | M o d h u l B a s a J a w i K e l a s 7 S e m e s t e r G a s a l


Click to View FlipBook Version