The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wulanarum888, 2022-09-30 08:02:07

BAHAN AJAR 4 AKSARA JAWA edit

BAHAN AJAR 4 AKSARA JAWA edit

https://stock.adobe.com/search?k=semar

1| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1
https://www.canva.com/

BaBh aBhaanhaAnjAarjaArkUsanrgagaJha-Uwangguh

Satuan Pendidikan SMP Muhammadiyah 1 Minggir
Mata Pelajaran Bahasa Jawa
Kelas/ Semester VII/ 1
Alokasi Waktu 2 x 40 menit ( 1x pertemuan)
Materi Pokok Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana

Kompetensi Inti (KI)

KI 3 Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan
kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang
spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah

KI 4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara
mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.

2| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

Kompetensi Dasar dan Indikator

No Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

1. 3.3. Menerapkan 3.3.1. Memecahkan teka-teki silang beraksara Jawa

sandhangan wyanjana, yang mengandung sandhangan wyanjana. (C4)

angka Jawa dalam 3.3.2. Menganalisis penggunaan sandhangan wyanjana

kalimat sederhana dalam kalimat beraksara Jawa. (C4)

beraksara Jawa

2. 4.3. Menulis kalimat 4.3.1. Mengalihaksarakan kalimat beraksara Latin

sederhana beraksara yang mengandung sandhangan wyanjana ke

Jawa menggunakan aksara Jawa. (P3)

sandhangan wyanjana, 4.3.2. Mengalihaksarakan kalimat sederhana

angka Jawa beraksara Jawa yang mengandung sandhangan

wyanjana ke aksara Latin. (P3)

Bahan ajar fokus pada indikator pertemuan pertama, yaitu:

No Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

1. 3.3. Menerapkan sandhangan 3.3.1. Memecahkan teka-teki silang beraksara

wyanjana, angka Jawa dalam Jawa yang mengandung sandhangan

kalimat sederhana beraksara wyanjana. (C4)

Jawa

2. 4.3. Menulis kalimat sederhana 4.3.1. Mengalihaksarakan kalimat beraksara

beraksara Jawa menggunakan Latin yang mengandung sandhangan

sandhangan wyanjana, angka wyanjana ke aksara Jawa. (P3)

Jawa

3| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

Fase 1: Identifikasi Masalah

Materi Faktual

Wonten ing pamulangan menika para siswa badhe nyinau bab aksara Jawa. Gladhen

nyerat saha maos aksara Jawa menika kedah tansah dipuntindakaken supados enggal apal

saha paham caranipun nyerat saha maos aksara Jawa ingkang leres.

Aksara Jawa menika wujudipun kathah. Wonten aksara legena utawi nglegena,

aksara Pasangan, aksara Rekan, aksara Swara, aksara Angka, aksara Murda, sandhangan

swara, sandhangan panyigeg wanda, sandhangan wyanjana, saha panjing. Ing pamulangan
menika badhe ngrembag bab aksara legena, aksara pasangan, saha sandhangan, mliginipun

sandhangan wyanjana. Samangke para siswa kedah mangretosi kadospundi wujudipun

sandhangan wyanjana saha kadospundi panganggening sandhangan wyanjana. Wonten ing

ngandhap menika wonten tuladha panganggening sandhangan wyanjana, sumangga para

siswa nyetitekaken kanthi premati!

No. Gambar Seratan klentu Seratan leres

1. Kiai haji Kyai haji

Gambar 1. Kyai Haji Ahmad Dahlan Prau layar
2. Pêrau layar

Gambar 2. Prau layar Kêréta Kréta
3.

Gambar 3. Kreta

4| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Konseptual

Para peserta didik sumangga materi ing ngandhap menika dipunrembag
sesarengan kaliyan kanca klompokipun!

Wonten ing pepanggihan menika badhe ngrembag bab wujudipun aksara Jawa, inggih
menika aksara legena, pasangan, saha sandhangan, mliginipun sandhangan wyanjana, maos
othak-athik mathuk tetembungan aksara Jawa, saha nyerat ukara aksara Jawa ingkang ngewrat
sandhangan wyanjana.

5| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

1. Wujudipun Aksara Jawa
a. Aksara Jawa nglegena utawi legena

Aksara Jawa nglegena utawi legena menika gunggungipun wonten 20. Saben aksara
dipunucapaken kanthi silabis utawi wanda utawi ‘suku kata’. Aksara jawa legena
tegesipyn aksara ingkang dereng dipunsukani pasangan saha sandhangan.

Gambar 1. Aksara Legena
b. Aksara Pasangan

Aksara Jawa legena ingkang gunggungipun 20 kasebut, gadhah pasangan piyamba-
piyambak. Pasangan dipunginakaken kangge mateni wanda saderengipun. Hadiprijono
(2017: 25) ngandharaken menawi pasangan menika dipunginakaken kangge nyigeg
(mateni) wanda saderengipun supados saged nggandhengaken kaliyan wanda
salajengipun, kejawi wanda ingkang nginakaken sandhangan panyigeging wanda (wignyan,
layar, lan cecak). Tuladhanipun kangge nyerat ‘mangan sega’ dipunbetahaken pasangan
kangge ‘se’ supados ‘n’ ing tembung ‘mangan’ boten muni utawi mati. Tanpa pasangan ‘s’
seratan saged kawaos ‘mangana sega’.

Gambar 2. Aksara pasangan

6| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

c. Sandhangan
Sandhangan inggih menika tandha ingkang dipunagem supados wonten unen-unen

vokal sasanesipun /a/, saged ugi kangge njangkepi utawi mateni wanda supados saged
muni kados tembung ingkang dipunucapaken. Sandhangan menika wonten 3, inggih
menika sandhangan swara, panyigeging wanda, saha wyanjana, Dene, andharanipun saged
dipunsetitekaken ing ngandhap menika.
a. Sandhangan swara

b. Sandhangan panyigeging wanda
Sandhangan menika dipunginakaken kangge nutup wanda (suku kata).

7| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

c. Sandhangan wyanjana
Sandhangan wyanjana gunggungipun wonten tiga. Sandhangan menika kangge

panyeratan wanda ingkang dipunpungkasi konsonan lajeng dipunsambung konsonan +
vokal.

8| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

9| Bahan Ajar Aksara Jawa Sandhangan Wyanjana Kelas VII/1

Fase 3: Membimbing Penyelidikan

Materi Prosedural

Para siswa, sasampunipun mahami materi aksara Jawa ingkang kawuwuhan
sandhangan wyanjana, sumangga materi caranipun alih aksara aksara Latin dados aksara
Jawa ing ngandhap menika, sumangga dipunrembag sesarengan kaliyan klanca
klompokipun!

Caranipun Alih Aksara aksara Latin dados aksara Jawa

Alih aksara inggih menika pengalihan sawijining aksara setunggal dados aksara

sanesipun. Tuladhanipun alih aksara Latin dados aksara Jawa. Wonten ing wulangan

menika para siswa alih aksara Jawa ukara aksara Latin ingkang ngewrat sandhangan

wyanjana dados ukara aksara Jawa. Caranipun anggenipun alih aksara inggih menika:

1. Para peserta didik kedah mangretosi rumiyin cak-cakanipun ngginakaken sandhangan

wyanjana kanthi trep.

2. Para peserta didik ngecakaken caranipun nyerat sandhangan wyanjana kanthi premati.

3. Saderengipun nyerat ukara aksara Jawa, peserta didik kedah mangretos bilih nyerat

aksara Jawa menika kedah:

a. nggandhul garis saha radi miring.

b. dipunwiwiti kanthi adeg-adeg.

c. nyerat aksara Jawa boten mawi spasi antawisipun tetembungan.

d. wonten ing pungkasaning ukara, kedah ngginakaken tandha titik utawi pada lungsi.

Tabel tandha baca utawi pada, saged dipunsetitekaken wonten ing ngandhap menika:

Tanda Baca Aksara Jawa Keterangan

Adeg-adeg Tanda wiwitaning ukara

Pada lingsa Tandha koma

Pada lungsi Tandha titik

e. Asiling pirembagan dipunserat wonten ing papan ingkang sampun sumadya (LKPD).

10 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1

Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Materi Metakognitif
Para peserta didik sasampunipun maos saha mangretosi caranipun alih aksara,

sumangga langkah-langkahipun alih aksara kasebut dipuncakaken sesarengan
kaliyan kanca klompokipun!

Alih aksara

Alih aksara saking aksara Latin dados aksara Jawa ngginakaken sandhangan wyanjana.

Tuladha Ukara Tembung ingkang dipunserat ngginakaken sandhangan
wyanjana

Aku numpak kreta Tembung: kreta
menyang kutha. Tembung kreta menika dipunwaos kréta, sanes krêta,
pramila ngginakaken cakra saha taling, sanes keret. Seratan

aksara Jawa-nipun:

11 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1

Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi

Relevansi

Relevansi materi menika kaliyan pagesangan jaman samenika inggih menika para siswa
menika kedah mangretosi panganggening aksara Jawa mliginipun sandhangan wyanjana
amargi wigati sanget ing jaman samenika. Jaman samenika sampun kathah panganggening
aksara Jawa ing pagesangan, tuladhanipun nama-nama mergi, nama instansi, nama-nama
peken, panggenan wisata, saha sanesipun. Kejawi menika, para peserta didik kedah tansah
nglestantunaken aksara tininggalan leluhur menika. Menawi boten tiyang Jawi ingkang
nglestantunaken, banjur sinten? Sampun ngantos samangke aksara Jawa dipunrebut dening
nagari sanes, lajeng samangke nembe keduwung.

12 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1

Kapustakan

Supardi, dkk, 2013. Buku Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VIII. Yogyakarta: CV. Avar Mandiri.
Wijayanti, Kenfitriana Diah. 2022. Modul 3 Aksara Jawa. Surakarta: Kementrian Pendidikan,

Kebudayaanm Riset, dan Teknologi.
Sri Winarti dan Suyati. 2020. Kartika Basa Kelas VII Edisi Revisi 2020. Yogyakarta: Dikpora

DIY.
Yuwono Sudiprayitno, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VIII Edisi Revisi 2020. Yogyakarta:

Dikpora DIY.
Kapustakan Digital:
https://stock.adobe.com/search?k=semar
https://www.canva.com/
https://eramadani.com/biografi-sang-pencerah-kh-ahmad-dahlan/
https://www.antarafoto.com/bisnis/v1646296209/melestarikan-tradisi-perahu-layar
https://www.liputan6.com/health/read/3885799/permen-ternyata-bisa-meningkatkan-
semangat-beraktivitas-makin-konsentrasi

13 | B a h a n A j a r A k s a r a J a w a S a n d h a n g a n W y a n j a n a K e l a s V I I / 1


Click to View FlipBook Version