The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by nuryati_winandari, 2021-05-01 02:36:40

Materi maos geguritan 18 januari 2021

Materi maos geguritan 18 januari 2021

Materi maos geguritan

Bab bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan inggih menika:

a. Wicara (basa, pocapan)
Nalika maos geguritan pocapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-
mangu. Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken
aksara a/o, t/th, d/dh, lan sapanunggalanipun.

b. Wirama
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang
mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining
geguritan.

c. Wirasa
Wirasa ngetrepaken kaliyan isining geguritan, upaminipun nesu, gembira, susah,
kejem, wibawa, getun lan sapanunggalanipun.

d. Wiraga
Ebahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken. Kedah luwes ( boten kaku)
lan sampun ngantos katingal kadamel-damel.
Supados wicara, wirama, wirasa lan wiraganipun saged sae, ingkang badhe maos
kedah pados upaya amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang
kaginakaken ing geguritan wau lan mangertosi maknanipun.

(kapethik saking warna-warni sumber)

Kawaosna geguritan ing andhap menika kanthi nggatosaken bab 4w!!

Pepadhang

Dening : Tatiek Purwa Kalingga

Gumebyaring lintang wengi bisa dadi bobor,

Minangka colok pepadhang bukak korining warisan,

Tinggalan leluhur kang sumimpen ing pethi wasiat,

Kang dianggep wadi ana sajerone wingiting senthong,

Banjur kapan bakal tinarbuka,

Wasiat kang awujud serat lan kidung ing kitab kuna,

Senthong wingit kanggo nyimpen gamelan loro blonyo,

Uga tinggalane leluhur kang ngemu sasmita,

Apa wong Jawa kabeh wis pana?

Menawa sasmita isih gumawang dadi paesan,

Menawa serat lan kidung tanpa kababar dening winasis,
Menawa kabeh sinandi tanpa diudhari,
Kabeh bakal ngrantu kanthi setya tuhu,
Korining pawiyatan luhur thukul ngrembaka,
Bukak sakabehing sasmita ing jagad raya,
Budi pekerti kaserat ing kidung,
Barang warisan minangka bukti kabudayan,
Wong jawa nakal kuncara .... sumunar cahyane madhangi donya.

(Kapethik saking : Materi Lomba Geguritan Dinas Kebudayaan DIY Tahun 2003)


Click to View FlipBook Version