The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by achardani, 2022-11-27 11:33:31

ASAL USULING SUKOHARJO

CERITA RAKYAT

MATERI CERITA
RAKYAT

Agustina Catur Hardani, S.Sn.,S.Pd

ASAL USULING SUKOHARJO

Kala rumyin asal usuling kutha Sukoharjo
wonten gegayutan kaliyan pindhahipun kraton
Kartosura dhateng desa Sala, amargi geger
pacinan. Wekdal menika paprentahan Sri
Susuhunan Pakubuwono II. Pindhahipun menika
saking pramayogi saking para sesepuh amargi
kraton dipun anggep sampun kecampuran
pemberontak.

Sesampunipun
nampi pamrayogi
utawi pitutur saking
sesepuh kraton, Sri

Susuhunan
ngawontenaken
perembugan kalian
Kyai Yosodipura,
Kyai Tohjoyo, saha Pangeran Wijil. Kyai
Tohjoyo paring pitedah menawi tlatah utawi
wewengkon benjang ingkang kangge kraton
benjang saged ndugekaken karaharjan
(Sukoraharjo). Kyai Yosodipura sarujuk saha
paring iguh pratikel bilih tlatahipun
mbenjangipun tlatah ingkang mambet wangi
(Talawangi)

Sri Susuhunan sarujuk lajeng paring
prentah dhumateng Pangeran Mijil pados
panggenan kraton ingkang enggal. Pangeran
Mijil Nglampahi jejibahan damel kelompok.
Kelompok sepisan dipunpandhegani Suranata,
Kyai Khalifah buyut saha Mas Penghulu Pekik
Ibrahim. Kelompok kalih dipunpandhegani
dening Raden Tumenggung Tirwiguna.

Nuju satunggaling dinten, sesampunipun
mlampah pinten-pinetn dinten, kelompok kalih
nemokaken pangenan ingkang dipunanggep
cocok dipunedegaken kraton enggal. Sanesipun
nemtokaken panggenan kraton, kalih senopati
kasebut ugi nyiapaken sadaya ubarampe kangge
bacira ngayun (alun-alun ngajeng), bacira
pungkuran (alun-alun wingking), papan damel
senjata (pande), papan kangge damel wrangka
keris (mranggen), papan para istri raja, saha

papan kangge kendhang gajah kanggen titihan
raja.

Sesampinipun sedaya rampung, piyambakipun

nglapuraken asilipun.

Sri Susuhunan

nyuwun ingguh

pratikel para sesepuh

ingkang kanyata ugi

njurung asil kasebut.

Namung miturut Kyai

Yosodipura tlatah kasebut babagan keamanan

boten cocok kabangun kraton amargi tlatah

menika caket kalian markasipun pangeran

Sambernyawa wonten Nglaroh. Ing wekdal

menika nembe boten sreg utawi boten cocog

utawi pasedherekanipun nembe congkrah kaliyan

Sri Susuhunan.

Lajeng
Sri Susuhunan

Pakubuwono
II mrentahaken
pados Tlatah

sanesipun,
sinaosa tlatah

ingkang
dipunpitadosi Tumenggung Honggowongso
dados tlatah Sukoraharjo (Sukoharjo) mboten
nsios dipun bangun kraton. Tlatah ingkang kala
rumiyin ingkang badhe kangge panggenan
wantilian (kendhang) gajah samenika dados desa
Begajah. Panggenan kangge damel sanjata
(pande) dados desa pandean. Panggenan kangge
damel wrangka keris (mranggen) dados desa
Mranggen. Tlatah kangge para istri/selir raja
dados desa Seliran. Panggenan wiyar bacira
pungkuran samenika dados alun-alun
satyanegara. (kasadur saka Sinau Basa Jawa.
https://basajawa41.wordpress.com/materi/cerita-
rakyat/asal-usuling-sukoharjo/


Click to View FlipBook Version