KELAS X / GANJIL
TIM GURU BAHASA JAWA LIBELS
SMAN 15 Surabaya 1 BJW 3.1/4.1/1/1-1
NAMA :
KELAS :
No. Absen :
SMAN 15 Surabaya 2 BJW 3.1/4.1/1/1-1
1. IDENTITAS
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester :1
c. Kompetensi Dasar :
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra
(berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
4.1 Menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks
non sastra sesuai kaidah secara lisan dan tulis.
d. Materi Pokok : Teks Non Sastra (berita, laporan, artikel, dan lainnya)
e. Alokasi Waktu : 2 JP x 4 Pertemuan
f. Tujuan Pembelajaran :
Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik
dapat mengidentifikasi, memahami, menganalisis, menginterpretasikan,
menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan
lainnya) sesuai kaidah secara lisan dan tulis, sehingga peserta didik dapat
menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan
sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan
kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).
g. Materi Pembelajaran :
Lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP) :
Hidayah, Nurul. 2015. Sayaga Basa Jawa Kanggo SMA Kelas X. Jakarta. Penerbit Erlangga
Sukendro, Dhita Puspitasari dkk. 2014. Wiyata Basa X. Surabaya: Penerbit Duta.
SMAN 15 Surabaya 3 BJW 3.1/4.1/1/1-1
2. PETA KONSEP
3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pambuka
Coba gatekna gambar iki !
Sawise nggatekake gambar ing dhuwur, apa awakmu tau maca buku, majalah, koran kang
nganggo basa Jawa? Apa jeneng buku, majalah, koran iku? Ing era iki, generasi mudha saya
suwi saya lali karo basa daerah. Basa daerah dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep
kuna. Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang gawe basa jawa. Amarga iku,
kita generasi muda kudu nglestarekake basa jawa supaya ora luntur.
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda ora iso patitis ngomong gawe basa jawa?
2. Kena apa kita kudu nglestarikake basa jawa?
3. Kepriye carane nglestarikake basa jawa?
4. Coba jlentrehna kahanane basa kang digawe ing lingkungan daerahmu?
5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang gawe basa jawa? basa jawa apa kang digawe,
ngoko apa krama?
SMAN 15 Surabaya 4 BJW 3.1/4.1/1/1-1
b. Kagiyatan Inti
1. Pituduh Pasinaon iki :
1) Sadurunge miwiti nyinaoni UKB, awakmu amrih kudu ngaturake dunga supaya diwenehi
mupangat kang maksimal.
2) UKB iki disinaoni kanggo mangerteni jinise teks nonsastra kang kalebu teks artikel utawa
berita. Pasinaon iki supaya bias mengerteni, jinise teks artikel, cara nganalisis struktur artikel,
ngringkes artikel, lan carane nulis artikel.
3) Sajrone nyinaoni saben kagiatan pasinaon, awakmu kudu nggarap gladhen/ Gladhen sing wis
disediakake kanggo mangerteni sepira siswa wis nguasai isi sing kinandhut ing njerone
kagiatan kasebut.
4) Nalika awakmu maca UKB iki, awakmu bakal dinilai ngenani pamahaman sajrone
ngidenifikasi, ngerteni, nganalisis struktur, ngringkes artikel lan nulis artikel., sing kaperang
dadi jinise artikel, struktur artikel, cara ngringkes artikel, lan cara nulis artikel.
2. Kagiyatan-kagiyatan Sinau Teks Nonsastra
Kagiyatan 1
Definisi
Artikel yaiku tulisan kang isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining prakara
tartamtu. Prakara-prakara iku aktual lan kadangkala kontroversial. Artikel nduweni
tujuwan kanggo menehi warta (informasi), pangajak (persuasif), panyaruwe
(argumentatif), lan panglipur kanggo pamaca. Artikel disabarake lumantar ariwati (koran),
kalawarti (majalah), bulletin, lan sapiturute.
Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup
Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu!
Teks 1
Rusake Lingkungan Hidup
Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya bumi,
banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah
sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening ―High Level Threat
Panel PBB. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing paling gedhe pangaribawane
yaiku krana pokal gawene manungsa.
Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni
potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam
lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka menawa kita
bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi
sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate
bisa kanggo anak putu.
SMAN 15 Surabaya 5 BJW 3.1/4.1/1/1-1
Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam
tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa. Lingkungan
kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari ekosistem darat,
segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak nyebabake
panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan golek papan
sing bisa nyukupi kabutuhane.
Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni
kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe
suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming
(pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang
nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale
manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
Sumber : http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html
Teks 2
Rusake Lingkungan Saka Rubedaning Alam
Akeh dhahuru kang anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung njeblug.
Gunung njeblug mujudake salah sawijining aktivitas vulkanisme lan dumadine gejala alam.
Kahanan iki ora ana sing bisa nyegah panjebluge gunung mau. Akibat njebluge gunung bakal
ngrusak lingkungan amarga gunung muntahake sawernane material padet sing nibani sawah, omah,
alas, lan apa wae sing ana sakupenge. Sakliyane iku, lindhu lan sikon uga kalebu bencana alam
kang ngrusak lingkungan.
Teks 3
Rusake Lingkungan Amerga Pokale Manungsa
Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Nanging, sifat manungsa kang
murka njalari tumindakake dhemen ngeksploitasi alam kanggo golek keuntungan tanpa winates,
tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake alam amerga pokale manungsa yaiku
banjir, longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan liar, pencemaran udara, pencemaran air,
lan sapanunggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya mangkono terus-terusan, mesti wae alam
ora bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.
Gladhen 1. Kamus cilik
1. Curese :
2. Karaharjane :
3. Dhahuru :
4. Gunung njeblug :
5. Illegal Logging :
6. Kapitunan :
SMAN 15 Surabaya 6 BJW 3.1/4.1/1/1-1
Ing gladhen 2 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan. Pitakon iki wigati banget
kanggo nyumurupi isine wacan.
Gladhen 2. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana !
1) Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan rusak?
Wangsulan : ...........................................................................................................................…
..................................................................................................................................................
2) Kepriye akibate manawa lingkungan kita rusak?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
3) Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
...............................................................................................................................................…
4) Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!
Wangsulan : ..............................................................................................................................
...............................................................................................................................................…
5) Geneya negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap owahe iklim global?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
6) Apa kang koktindakake nalika meruhi rusake lingkungan?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
...............................................................................................................................................…
Upama uwes ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, awakmu iso nerusake Kagiyatan 2.
Kagiyatan 2
Ing kagiyatan iki, awakmu bakal dikenalake struktur-struktur kang ana ing sajroning artikel. Artikel
kaperang dadi struktur-struktur supaya kepenak yen arep mangerteni.
1. Struktur Artikel
Katrangan : 7 BJW 3.1/4.1/1/1-1
SMAN 15 Surabaya
Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.
Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel.
Isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang nduweni asipat wektu
(kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas).
Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks artikel.
2. Jinise Artikel
Jinise artikel miturut isine yaiku ana 5.
Katrangan :
Artikel narasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang
kaudi prastawa lan paraga kang ngadhepi sawijining konflik.
Artikel deskripsi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara
tartamtu kang gambarake ngenani sawijining kahanan saengga pamaos kaya sumerep, mireng,
utawa ngrasakake kahanan kasebut.
Artikel eksposisi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara
tartamtu kanggo tambahan informasi tumrap pamaos.
Artikel argumentasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara
tartamtu kang nduwe ancas mbutekake salah benere sawijining fakta utawa bukti.Artikel persuasi
yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara tartamtu kang nduwe ancas
pangajak pamaos supaya numindakake.
Gladhen 3 Nganalisis isine Artikel
Sakwise nyinaoni struktur artikel, coba awakmu nganalisis teks artikel kang judule Rusake
Lingkungan Hidup ing kagiyatan 1 banjur tulisen bukti (gagasan pokok) saben stuktur kanthi
ringkes.
SMAN 15 Surabaya 8 BJW 3.1/4.1/1/1-1
No. Struktur Bukti
1 Pambuka
2 Isi Andharan 1
Andharan 2
Andharan 3
Andharan 4
Lsp
3 Panutup
SMAN 15 Surabaya 9 BJW 3.1/4.1/1/1-1
Miturut panemumu, teks artikel kang judule Rusake Lingkungan Hidup kalebu ing jinis
artikel ……………………………………………………………………………………..
Andharna buktine :
..................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................…
Sawise ngerjakake gladhen 1-3, awakmu ana TUGAS !!
1. Golek artikel ing majalah Panjebar Semangat utawa Jayabaya!
2. Yen wis oleh, pilih salah siji artikel kang ana ing majalah!
3. Golekana strukture banjur andharna buktine padha karo tabel gladhen 3 sadurunge!
4. Kumpulna supaya dibiji karo Gurumu!
Umpama uwes ngerjakake Gladhen 3, awakmu iso nerusake Kagiyatan 3.
Kagiyatan 3 10 BJW 3.1/4.1/1/1-1
SMAN 15 Surabaya
A. Maos Wacan Artikel
Semaken kanthi premati teks artikel ing ngisor iki!
Paedahe Sampah ing Lingkungan
Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben dino manungsa trus ngasilake
sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kuta wis dadi masalah kang cukup
rumit sahingga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis ora dianggo sabanjure
dibuwang. Sampah ing negara kita gunggunge akeh banget lan nyebabake masalah ing
pambuangane. Biyen tau ana kuta sing ngadepi masalah ngenani sampah nganti ing saben pojok
kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk kang anggawe kita gumun kanthi sampah sing
ana. Sahingga kuta kasebut sempat dijuluki kutha sampah. Bab iku dumadi amarga winatese
papan kanggo mbuwang sampah lan ora ana alternatif liya kanggo manfaatake sampah seng ana.
Sampah sing numpuk nyebabake ganda kang ora sedhep lan nuwuhake lara sing nular kang
mbebayani tumrap manungsa. ing panggonan liya pawongan mbuwang sampah sakarepe dhewe
ing got utawa kali sing tundane dadekake salah sijine dumadi banjir.
Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik. Sampah
organik yaiku sampah seng bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah sing bisa kadhaur
ulang. Sampah organik bisa kaolah dadi pupuk lan sumber energi. Sampah paling akeh diasilake
saka paomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha sampah saka pawon, sisa sayuran,
kulet woh-wohan lan godhong. Dene sampah anorganik tuladha botol kaca, botol plastik,
omplong lan dluwang.
Jumlah warga kang mludhak lan gaya hidup wargane duweni pengaruh gedhe tumrap sampah
seng diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah masalah sing disebabake
amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak ora mung pamarintah wae
ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora kita bisa manfaatake sampah asil
rumah tangga kita dhewe.
Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik sampah
organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara ngumpulake
sampah anorganik sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos. Upaya pangolahan iki bakal ngasilake
pupuk minangka panyubur lemah kanthi minggunakake aktivitas mikroorganisme, kayata bakteri,
Jamur, nyamuk/serangga lan cacing. Yen kita nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa
kapendem ing pekarangan utawa lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah
sisa rumah tangga arupa sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak iki bisa kita
gawe kanthi ukuran 60 x 60 x 20 cm3. Banjur isi kotak karo godhong, sisa sayuran terus isi cacing
abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki saben dina, suwe-suwe sampah
kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo nyuburake tanduran kita.
Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu sabanjure
dileboke ing panggonan kang kedap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih rong minggu
sahingga dadi biogas. Biogas iki bisa dimanfaatake kanggo masak sing tingkat polusi luwih
sithik.
Sampah anorganik arupa omplong bekas bisa dimanfaatake maneh tuladhone kanggo pot
kembang utawa diwenehake marang pemulung kanggo diolah maneh ing Pabrik/industri daur
ulang semono uga botol bekas omben. Kanggo sampah dluwang/koran bisa diproses dadi kertas
daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi alat blender sabanjure disaring terus dideleh ana
cetakan kanggo digaringake. Produk kertas iki bisa digunakake kanggo maneka warna kerajinan
tangan (handycraft)
Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa kita
rasakake pigunane tilas sampah mau, lan wusanane nduweni dampak positif ing
lingkunggan kita Sing uga wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit yan ngirit energi
SMAN 15 Surabaya 11 BJW 3.1/4.1/1/1-1
Sumber : http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-hidup-
618054.htmlb
B. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
Tembung penggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo nggandheng
ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata:
1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan.
2. Utawa nyatakake pilihan.
3. Ananging nyatakake kosok balen.
4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu.
5. Saupama, upama nyatakake angen-angen.
6. Supaya nyatakake tujuwan, ancasan.
7. Sanadyan nyatakake konsesif.
8. Amarga nyatakake sebab.
9. Saengga, mula nyatakake akbibat.
10. kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha.
C. Ngringkes Artikel
Bab-bab kang kudu digatekake supaya bisa ngringkes saka sawijine wacan, yaiku:
1. Wacan diwaca kanthi premati supaya oleh pgambaran isine wacan.
2. Nyatet babagan kang wigati ing wacan.
3. Bisa nggathukake babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan.
4. Babagan kang wigati ditulis maneh kanggo basane dhewe.
Gladhen 4
Gladhen ngringkes artikel !
Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Siswa mau wis waca wacan artikel kang judule Paedahe Sampah ing Lingkungan, banjur
wacanen maneh kanthi patitis!
2. Catheten babagan kang wigati ing wacan!
3. Ringkesen migunakake basamu dhewe!
4. Awakmu ngringkes ngginakaken basa Jawa Krama !
5. Gunakna tembung panggandheng kanggo ngraket babagan wigati kang wis dicathet!
Upama uwis ngerjakake Gladhen 4, awakmu bisa nerusake Kagiyatan 4.
Kagiyatan 4
Ing kagiyatan sabanjure, ana materi tatacara nulis artikel dhewe. Supaya awakmu bisa nulis
artikel kanthi bener. Ayo padha nggatekake !!
SMAN 15 Surabaya 12 BJW 3.1/4.1/1/1-1
Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nulis artikel, yaiku :
1. Nemtokake topik kang bakal ditulis.
2. Nulis babagan-babagan kang wigati.
3. Golek data kang ana hubungane karo topik kang bakal ditulis.
4. Nulis alenia kapisan, alenia kapisan isine babagan kang isih umum.
5. Babagan-babagan kang wigati iku dijlentrehne maneh kanthi ukara kang cetha.
6. Ing paragraf pungkasan uga nyimpulake utawa nyatakake dudutan kang ana ing artikel sing wis
koktulis.
Gladhen 5. Nulis Artikel
Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Gawea artikel kang wis ditentokna temane karo gurumu. Tema : Banjir, Sampah, Kerja bakti
2. Sawise gawe artikel, banjur publikasikna marang media online kang kok nduweni.
3. Artikel diwenehi gambar (asli saka olehmu). Tuladhane instagram
4. Sabanjure matur karo gurumu supaya garapanmu dibiji lan bisa nerusake tes formatif UKB
BJW-3.1/4.1/1/1-1!
SMAN 15 Surabaya 13 BJW 3.1/4.1/1/1-1
4. Panutup
Setelah kalian belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan belajar tentang materi
Artikel, berikut diberikan Tabel untuk mengukur diri kalian terhadap materi yang
sudah kalian pelajari. Jawablah sejujurnya terkait dengan penguasaan materi pada UKB
di Tabel berikut.
Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi Ya Tidak
No Pertanyaan
1. Apakah kalian telah memahmi apa itu artikel?
2. Apakah kalian memahami struktur artikel
3. Dapatkah kalian menjelaskan jenis-jenis artikel?
4. Dapatkah kalian menganalisis isi artikel?
5 Dapatkah kalian menulis artikel?
Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah kembali materi
tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang kegiatan belajar menulis aksara
jawa yang sekiranya perlu kalian ulang dengan bimbingan Guru atauteman sejawat. Jangan
putus asa untuk mengulang lagi! Dan apabila kalian menjawab “YA” pada semua
pertanyaan, maka lanjutkan ke materi berikutnya.
SMAN 15 Surabaya 14 BJW 3.1/4.1/1/1-1
DAFTAR PUSTAKA
Hidayah, Nurul. 2015. Sayaga Basa Jawa Kanggo SMA Kelas X. Jakarta. Penerbit Erlangga.
Sukendro, Dhita Puspitasari dkk. 2014. Wiyata Basa X. Surabaya: Penerbit Duta.
SMAN 15 Surabaya 15 BJW 3.1/4.1/1/1-1