The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Ngandharake Crita Ramayana Kidang Kencana.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Sulistyowati, 2022-03-26 10:55:15

Teks Cerita Ramayana Kidang Kencana

Ngandharake Crita Ramayana Kidang Kencana.

Keywords: bahasa jawa 7

Dra. Sulistyowati

SENENG SINAU

BASA JAWA

KELAS VII

SMP

KIDANG KENCANA

Prabu Dasarata kagungan putra
cacah 4, yaiku Raden Ramawijaya saka
garwa Dewi Raghu utawa Dewi
Kosalya, Raden Lesmana lan Raden
Satrugna saka garwa Dewi Sumitra,
sarta Raden Barata saka garwa Dewi
Kekeyi.

Nalika semana Prabu Dasarata wis yuswa sepuh, kepingin
masrahake kraton Ayodya marang putra kakung sing lair dhisik
dhewe saka ibu prameswari lan sing kudune nduweni hak dadi raja,
yaiku Raden Ramawijaya. Ananging nalika Raden Ramawijaya arep
dijumenengake dadi raja, Dewi Kekeyi ora trima, Dewi Kekeyi
nagih janji marang Prabu Dasarata, Jalaran pancen Prabu Dasarata
nate kagungan janji marang Dewi Kekeyi

Janjine yaiku; Dewi Kekeyi dikeparengake nduwe
panyuwunan cacah 2... lan apa wae panyuwunane bakal
dikeparengake......Dewi Kekeyi ora enggal ngaturake panyuwunan
cacah 2 kasebut.... nganti nalika Raden Ramawijaya bakal
dijumenengake raja lagi ngaturake panyuwunane.
Ewadene panyuwunane Dewi Kekeyi yaiku:

1. Nyuwun marang Prabu Dasarata/ supaya sing dadi raja ing
Ayodya iku putrane/ sing asmane Barata

2. Raden Ramawijaya kudu ninggalake kraton Ayodya suwene
14 warsa utawa 14 taun.
Raden Ramawijaya sing sejatine bakal ngganti dadi raja ing

Ayodya, nalika mireng panyuwune ora duka...ora.
Gela...ora....Raden Ramawijaya tetep sabar lan ikhlas nampa
sakabehe.....

1

Ya amarga rasa bektine marang keng ramane lan supaya keng
ramane ora cidra ing janji mulane Raden Ramawijaya kanthi rasa
lila legawa minangkani pamundhute ibu kwalone yaiku Dewi
Kekeyi.
Banjur Raden Ramawijaya ninggaleke kraton Ayodya kanthi
didherekake garwane yaiku Dewi Sinta lan adhine yaiku Raden
Laksmana. Katelune banjur manggon ing satengahe alas Dhandhaka.

Bacuting crita Tetelune yaiku Raden Ramawijaya, Dewi
Sinta, lan Lesmana banjur manggon ing satengahe alas Dhandhaka
kanthi nggawe wangunan omah prasaja kang kabeh bebakalane
wangunan ya mung kajupuk saka alasa kono jalaran pancen Raden
Ramawijaya, Raden Laksmana lan Dewi Sinta nalika ninggalake
kraton Ayodya.... ora nggawa apa-apa.

Nah.....ing sawijining dina pinuju Raden Ramawijaya, Dewi
Sinta, lan Lesmana lagi padha jejagongan, ana sawijining kewan
kidang kang mara nyaketi. Kidang kasebut mujudake salah
sawijining kewan alas nanging beda karo kidang-kidang liyane.
Ulese kulite mrusuh kuning nemu giring malah bisa diarani kuning
kaya emas, polahe trengginas kaya nduwe prabawa kang gedhe.
Kidang kasebut arane Kidang Kencana

Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat sajak nggodha
ati. Priksa ana kidang kang beda karo kidang-kidang liyane Dewi
Sinta kesengsem kepencut pingin kagungan kidang kang endah iku,
Mula kanthi ngati-ati Dewi Sinta ngrekadaya nyekel kidang kasebut.
Nalika ngerti manawa arep dicekel si kidang tansaya mlumpat mlayu
mrana mrene sajak ngece. Gandheng Dewi Sinta kangelan anggone
arep nyekel kidang mula banjur ngaturi Raden Ramawijaya supaya
nyekelake kidang . Amarga rasa tresnane marang garwa, Raden
Ramawijaya saguh nyekelake kidang kang wis mlayu anggendring
ninggalake papan kono.
Sadurunge tindak ngoyak kidang, Raden Ramawijaya pamit
marang garwane lan paring weling marang Raden Laksamana
supaya ngreksa utawa njaga keslametane Dewi Sinta. Raden
Laksmana uga diweling ora kena ninggalake Dewi Sinta manawa
Raden Ramawijaya durung kondur ing papan panggonane Raden
Laksmana matur sendika.

2

Raden Ramawijaya enggal-enggal nututi lan nggoleki
Kidang Kencana kang mlayu. Ditutake terus nganti tekan
tengah alas gung liwang-liwung. Kanthi ngati-ati Raden
Ramawijaya ndingkik saka mburine kidang. Kidang sajak
ngerti manawa ana sing ndingkik mula banjur mlayu ngendhani
Raden Ramawijaya, rumangsa diece dening si kidang mula
banjur nglepasake jemparing (panah) kaenenrake prenahe
kidang. Kidang Kencana kena panahe Raden Ramawijaya
Kidang Kencana ambruk jemparing nembus awake kidang.

Nanging ana kedadean kang aneh, Kidang Kencana kang
nandhang tatu jalaran kena jemparing mau muksa...
bebarengan karo muksane kidang gumanti karo metune raseksa
abdine Prabu Rahwana yaiku Kala Marica.... tetela ya Kala
Marica iku kang memba-memba dadi kidang kencana dene
ancas tujuane kanggo misahake antarae Raden Ramawijaya lan
Dewi Sinta.

Raden Rama duka rumangsa dipaeka utawa diapusi
dening kidang kencana malihane Kalamarica, mula Kala
Marica banjur kaperjaya utawa dipateni dening Raden
Ramawijaya. Mbarengi karo patine Kala Marica Kala Marica
mbengok seruuuu banget kanthi ngemperi swarane Raden
Ramawijaya Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan
papan dununge Dewi Sinta.

Dewi Sinta midhanget swara pambengok sing memper
swarane Rama. Dewi Sinta ngira iku swara pambengoke Raden
Ramawijaya temenan. Tuwuh rasa kuwatir marang
keslametane Raden Ramawijaya mula banjur dhawuh marang
Raden Laksamana supaya enggal nusul Raden Ramawijaya.
Raden Leksmana ora kersa nusul jalaran mau wis diweling karo
Raden Ramawijaya ora kena ninggalake Dewi Sinta manawa
Raden Ramawijaya durung kondur saka anggone ngoyak
kidang. Mireng ature Raden Laksmana sing ora kersa nusul
Raden Ramawijaya Dewi Sinta sajak duka banjur
ngundhamana lan ndakwa menawa Raden Laksmana kepengin
ngajap sedane Raden Ramawijaya jalaran Raden Laksmana
kagungan rasa tresna marang Dewi Sinta

3

Mireng pangandikane Dewi Sinta Raden Laksmana cuwa
penggalihe dene Dewi Sinta kagungan pandakwa kang kaya
mangkono. Banjur Raden Laksmana saguh nututi lan nggoleki
Raden Ramawijaya. Sadurunge ninggalake Dewi Sinta, Dewi Sinta
kapapanake ana ing panggonan kang wis diwenehi rajah kanthi
piweling supaya Dewi Sinta ora kena ninggalake papan kang wis
karajah mau manawa Dewi Sinta metu saka panggonan kang wis
dirajah bakal nemahi bebaya sewalike wong liya kang nduwe niyat
ala uga bakal nemahi bebaya samangsa mlebu menyang panggonan
kang karajah kasebut.

Raden Laksmana banjur ninggalake Dewi Sinta nanging
sepisan maneh Raden Laksmana atur weling marang Dewi Sinta
supaya ora ninggalake papan sing wis karajah. Sarta matur manawa
pandakwane Dewi Sinta iku ora bener. Raden Laksmana ora nduwe
niyat nresnani Dewi Sinta. Kanggo ngyakinake Dewi Sinta manawa
Raden Laksmana ora kagungan niyat tresna mula Raden Laksmana
prasapa utawa sumpah. Prasapane yaiku Raden Laksmana bakal
nglakoni wadat sing tegese ora bakal kagungan garwa salawase urip.

Raden Laksmana kasil ketemu karo Raden Ramawijaya
banjur didangu kenengapa ninggalake Dewi Sinta. Raden Laksmana
matur apa anane. Raden Ramawijaya bisa nampa ature Raden
Laksmana lan Raden Ramawijaya uga maringi ngerti manawa
sejatine kidang kencana iku malihane Kala Marica abdi kinasihe
Prabu Rahwana. Kalorone/ banjur padha bali ninggalake papan
kasebut kondur tumuju papane Dewi Sinta.

Ing Papane Dewi Sinta. Dewi Sinta sajak ora nglegewa
(nggagas) manawa ana sing nggatekake yaiku Raja Alengka Prabu
Rahwana kang niyate kepengin nggarwa Dewi Sinta Prabu Rahwana
nyedhaki papane Dewi Sinta niyate arep ndhustha utawa nyolong
Dewi Sinta, nanging ora bisa jalaran Rahwana ora bisa mlebu
papane dewi Sinta sing wis karajah dening Raden Laksmana. Prabu
Rahwana ninggalake Dewi Sinta banjur malih dadi wong tuwa
njejaluk kang kahanane memelas banget. Wong tuwa kasebut banjur
nyedhaki papane Dewi sinta... matur nyuwun diparingi sedekah.
Dewi sinta dhawuh supaya wong tuwa njejeluk kuwi mara nyedhak,
nanging wong tuwa kasebut matur ora bisa awake lemes lan lara.

4

Mireng ature wong tuwa njejaluk
kasebut... banjur tuwuh rasa welas asihe
Dewi Sinta nganti lali piwelinge Raden
Laksmana supaya ora metu saka papan
kang dirajah. Dewi Sinta metu saka papan
kang dirajah, niyate bakal maringi pangan
marang wong tuwa kang njejaluk. Nanging
durung nganti pangan diulungake wong
tuwa njejaluk iku banjur nyaut astane Dewi
Sinta... Dewi Sinta kaglandhang .... digawa
mabur. Lan tetela wong tuwa njejaluk iku
malih rupa dadi Raja Ngalengka Prabu
Rahwana utawa Dasamuka.

5

Unsur Intrinsik Crita
a. Tema Yaiku sing dadi underane prakara crita.

Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan,
sesrawungan, katresnan, lsp.

b. ParagaYaiku pelaku kang mbangun cerita.
Paraga kaperang dadi loro:
- Paraga pokok (tokoh utama)
- Paragakang sipate mbyantu (tokoh pembantu).

c. WatakYaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp)
lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga
(galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).

d. Setting Yaiku papan , wektu lan swasana kadadeane crita.
- Papan: pasar, sawah, dalan, kantor.
- Wektu: esuk, awan, sore, bengi
- Swasana: susah, bungah, nrenyuhake, sumelang, lsp

e. Sudut pandang / point of view Yaiku ing ngendi
pengarang mapanake dheweke ing cerita.
Sudut pandhang iku kaperang ana 2:
- Pengarang ing sanjeroning crita ( ana paraga aku)
- Pengarang ing sanjabaning crita (nggunakake jeneng wong/
ora nggunakake paraga aku)

f. Amanat Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang
marang wong kang maca crita.
Amanat bisa asifat pakon lan bisa uga menggak/ menging

g. Alur/plot Yaiku lakune cerita saka wiwitan nganti

pungkasane crita.
Alur bisa kabedakake:

- Alur maju
- Alur mundur
- Alur campuran

6


Click to View FlipBook Version