The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Buku Modul ini dapat digunakan untuk belajar Bahasa Jawa untuk siswa kelas IV SD yang dilengkapi dengan rangkuman materi, dan juga lembar kerja. Selamat belajar!

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by mufidahimroatul229, 2022-03-06 05:02:25

Modul Bahasa Jawa Kelas 4

Buku Modul ini dapat digunakan untuk belajar Bahasa Jawa untuk siswa kelas IV SD yang dilengkapi dengan rangkuman materi, dan juga lembar kerja. Selamat belajar!

MODUL
PEMBELAJARAN

BAHASA JAWA

TERAMPIL nd
BASA JAWI Grade

NAMA :……………………………………………………………………..
KELAS :……………………………………………………………………..

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit kanthi

berkahipun panyerat sampun saged nyekapaken panganggiting buku Basa Jawi kangge
para siswa Sekolah Dasar ( SD). Perlu kawuninganan, wiwit taun pelajaran 2014/2015,
piwucalan Basa Jawi SD/MI sampun ngginakaken kurikulum enggal inggih punika KTSP
Mulok Bahasa Daerah 2013. Alelandhesan Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 ”Mata
Pelajaran Bahasa Daerah Sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/ Madrasah” kanthi
alokasi wekdal 2 (kalih) jam pelajaran saben minggunipun. Kangge njangkepi sarana
piwucalan Basa Jawi wonten SD/MI wau, panyerat nganggit buku ajar Basa Jawi.

Pambabaripun buku Basa Jawi kajawi ngandharaken materi, ugi sinartan gladhen
(latiyan) kalarasaken kaliyan Capaian lan Tujuan pembelajaran ingkang sampun sinerat
wonten salabeting silabus. Awit saking punika, dipunajab supados saged nyekapi kangge
pangukuring kompetensi minimal, ingkang kedah dipunkuwaosi dening para siswa.
Pambabaripun buku ingkang alelandhesan teks punika, kalampahan kanthi babakan: (1)
Unggah-Ungguh Basa, (2) Pacelathon (Nyritakake Isine Pacelathon), (3) Gawe pacelathon,
lan (4) Nindakake Pacelathon.

Pembuatan Teks Secara Mandiri. Kejawi materi lan gladhen, buku punika ugi
dipunjangkepi “bausastra” lan “pepeling” ingkang ngandharaken teges sarta pangenget-
enget dateng konsep-konsep inti, ing saben wulangan utawi bab. Kanthi mekaten perangan
punika dipunajab sageda njangkepi pangrembagipun materi piwucalan, kejawi ugi kangge
nambah wawasanipun para siswa. Panyerat sampun mbudidaya murih buku punika saged
sampurna, ewa semanten minangka manungsa limrah sarta awit saking winates saha
cupeting kawruhipun panyerat, seseratan salebeting buku punika taksih kathah
kekiranganipun.

Pramila panyaruwe saking pamaos tansah kaantu-antu amrih kangge damel
saenipun buku punika. Wusananing atur, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah
njangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun buku punika tumrap majeng lan lestarinipun
piwucalan Basa Jawi. Nuwun.

Malang, Februari 2022

Imroatul Mufidah, S. Pd.

i

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4

DAFTAR ISI
Kata Pengantar....................................................................................................................... i
Daftar Isi .................................................................................................................................. ii
Capaian Pembelajaran Bahasa Indonesia Tema 6............................................................. iii
Aktivitas 1................................................................................................................................. .1
Aktivitas 2................................................................................................................................. .7
Aktivitas 3 ……………………………………………………………………………………………13
Aktivitas 4 …………………………………………………………………………….....................16
DAFTAR PUSTAKA………………………………………………………………………………..17

ii

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 7

(Njelasake Tatakrama Ing Njerone Pacelathon)

 Lumantar media sing sing dituduhake dening guru, Siswa bisa ngidentifikasi ciri-
cirine teks pacelathon.

 Lumantar media sing sing dituduhake dening guru, Siswa bisa njelasake tatakrama
ing jerone pacelathon.

1. Ndampingi Ananda sinau babakan unggah-ungguh basa (ngidentifikasi ciri-cirine teks
pacelathon lan njelasake tatakrama ing njerone pacelathon).

2. Komunikasi marang guru yen ngalami kesulitan
3. Ngecek tugas Ananda

Ananda hebat, Wektu kelas telu, sampeyan wis tahu oleh materi unggah-ungguh
Basa Jawa. Sing dimaksud unggah-ungguh basa yaiku sopan santun anggone ngomong
marang wong liya.

Kanggo pangeling-eling, coba gatekna video pacelathon ing Elearning kanthi setiti!
Amatana sing cetha wiwit saka peragane, isi sing diomongake, nganti basa sing dienggo ing
jerone pacelathon kasebut!
https://elearningsdis.sekolahsabilillah.sch.id/course/view.php?id=4148#section-2

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 7

Saka video pacelathon sing wis rampung kok semak, nggaweya 3 pitakonan ngenani apa
sing koktemoake ing jerone video!

Pitakonku

1. ………………………………………………………………

Setelah Ananda teks bacaan tersebut, buatlah 3 pertanyaan yang berkaitan
dengan isi teks bacaan tersebut, Tulislah pertanyaanmu pada Wonder Wall berikut ini!

2………………………………………………………………
3………………………………………………………………

Bocah-bocah, sakwise nyemak video lan nggawe pitakon, sak iki sampeyan dijak sinau
babakan unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa yaiku pranataning basa manut
lungguhing tatakrama utawa subasita. Unggah-ungguh uga kaprah diarani undha-usuk
basa. Ing masyarakat Jawa kang njalari anane ungah ungguh basa yaiku bab pangkat,
kalungguhan, enom lan tuwa.

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 7

Unggah Ungguh Basa Jawa Duweni fungsi kanggo ngurmati marang wong kang diajak
lawan rembug (guneman).
Unggah –Ungguh Basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama.
1. Ngoko lugu

Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil
tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.
Penganggone:
 Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.
 Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
 Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang

anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane.
Tuladha:
1. Kowe gelem turu kene, Mbak?
2. Kowe sesuk apa sida lunga?
3. Kowe ditukokake jajan pasar?

2. Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep
wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.
Penganggone:
 Sedulur enom marang sedulur tuwa.
 Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur.
 Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.
Tuladha:
1. Panjenengan kersa sare kene Mbak?
2. Panjenengan sesuk apa sida tindak?
3. Panjenengan dipundhutake jajan pasar?

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 7

Basa Krama
Basa krama diperang dadi loro, yaiku:
1. Krama lugu

Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran
tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi
sampeyan, tembung aku dadi kula.

Penganggone: Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab).

Tuladha:
1. Sampeyan purun tilem mriki Mbak?
2. Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?
3. Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?

2. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran
tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan.

Penganggone:
1. Wong enom marang wong tuwa
2. Anak marang bapak utawa ibune
3. Putu marang eyang utawa simbahe
4. Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane
1. Marang wong sing luwih dhuwir drajade
2. Murid marang gurune.
3. Andhahan marang pimpinane.
4. Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane.

Tuladhane:
 Panjenengan kersa sare mriki Mbak?
 Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?
 Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?

Kegiatanku

Bocah-bocah, saka video sing sampeyan semak iku mau, ana bab sing bisa
disinaoni. Yen disemak temenan, basa sing dienggo ing jerone pacelathon iku antarane
peraga (tokoh) siji karo peraga liyane ora padha.

A. Coba sampeyan waca sing setiti pacelathon ing ngisor iki!

Bapak : “Don, arep nggawe apa?”

Doni : “Kula badhe ndamel layangan, Pak.”

Bapak : “Aja lali shalat lho! Wis sholat apa durung?”

Doni : “Sampun, Pak. Kula sampun sholat.”

Bapak : “Yo wis, yen wis sholat. Bapak menyang musholla dhisik yo.”

Doni : “Inggih, Pak.”

B. Pacelathon antarane Doni lan bapake ing dhuwur migunaake basa sing ora padha. Doni
yen ngomong karo bapake migunaake basa krama inggil, dene bapak yen ngendikan
karo Doni migunaake basa ngoko lugu.
Kanthi migunaake media sinau kang wis disiapake ing Elearning, ayo diidentifikasi
bebarengan pangertene unggah-ungguh basa (sopan santun berbahasa)

Dadi bisa disimpulake, Basa Krama Inggil yaiku
........................................................................................................................................
..................................................................................................................................
…..................................................................................................................................
Yen Basa Ngoko yaiku
…....................................................................................................................................
…....................................................................................................................................
…..............................................................................................................................

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 7

C. Unggah-ungguh basa iku tegese padha karo sopan santun anggone ngomong. Nah,
saiki coba jangkepana tabel ing ngisor iki!

`No Basa Ngoko Krama Alus
1 Bu Surti tuku bakso
2 Bulik lunga menyang Solo dina Rebo.
3 Aku mau ditukokake buku karo Bapak.
4 Adik melu Ibu menyang pasar.
5 Bapak maca koran karo ngombe wedang kopi.
6 Ibu nyeneni adik amarga males sinau.
7 Mbak Sari tuku klambi akeh amarga regane

murah.
8 Eyang Kakung lungguh ing kursi goyang.
9 Pak Dharto budhal menyang kantor.
10 Yen wayah esuk Simbah mlaku-mlaku

menyang taman.

Modul Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas 4 Tema 9

NYRITAKAKE ISINE PACELATHON

 Lumantar media video sing sing dituduhake dening guru, Siswa bisa nyritakake isine
pacelathon.

 Lumantara media teks pacelathon, siswa bisa ntritakake isine pacelathon kanthi lengkap.

1. Ndampingi Ananda sinau babakan nyritakake pacelathon
2. Komunikasi marang guru yen ngalami kesulitan
3. Ngecek tugas Ananda

Bocah-bocah, minggu wingi sampeyan wis sinau bab identifikasi unggah-ungguh
basa sing ana ing njerone pacelathon. Nah, dina iki kita arep sinau bab nyritaake maneh
isine pacelathon sing wis rampung disemak utawa diwaca.
https://www.youtube.com/watch?v=XNtkpmzbVXw

Modul Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas 4 Tema 9

Saka video pacelathon sing wis rampung kok semak, nggaweya 3 pitakonan ngenani apa
sing koktemoake ing jerone video!

Wonder Wall

1. ………………………………………………………………

2………………………………………………………………

3………………………………………………………………

Bocah-bocah, sakwise nyemak video lan nggawe pitakon, sak iki sampeyan dijak
sinau babakan nyritakake isine pacelathon.
A. Pacelathon iku apa?

Pacelathon yaiku guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu, utawa
luwih kang lagi rembugan sawijining bab apa ta apa.
Ringkesan Babagan Pacelathon
a. Sapa bae sing bisa nindakake pacelathon?

Coba tlitinen ing ing bebrayan!
Antarane :
- Bocah cilik karo bocah cilik.
- Bocah cilik karo sing wis dewasa.
- Bocah cilik karo wong tuwa.
- Diwasa karo diwasa.

Modul Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas 4 Tema 9

- Wong tuwa karo diwasa.
- Wong tuwa karo wong tuwa.
- Anak karo wong tuwa, lsp.

b. Basa apa bae kang digunakake menawa lagi padha rembugan?
Basane njumbuhake (bahasanya menyesuaikan dengan siapa berbicara, keperluannya
apa, dan dimana).
Upamane :
- Bocah cilik – bocah cilik (ngoko lugu),
- diwasa – diwasa (ngoko lugu),
- diwasa – sepuh / tuwa (krama alus),
- Sepuh – sepuh (krama alus, ngoko andhap),
- wong tuwa – bocah (ngoko lugu), lsp.

c. Kepriye budi pakartine (prilakune) yen lagi rembugan?
Budi pakertine guneman antarane:
Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
Suwarane, banter lirihe becik nganggo waton.
Polatane (wajahe / pandangan) uga nganggo waton aja nganti mencereng-mencereng
upamane.
Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger mbengok-mbengok.

d. Ringkese: budi pakartine wong guneman lan tumindak apa bae becike eling marang
empan lan papan.
Guneman kuwi karo sapa ?
Perlune apa ?
Ana ngendi papan panggonane ?
Basa lan sikape njumbuhake (menyesuaikan).

B. Tuladha pacelathon!
Ibu : “Kapriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”
Yani : “Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi dwijane. Ngendikane Bapak
Kepala Sekolah ingkang mucal dwijane gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucale,
meniku kadospundi ta, Bu ?”
Ibu : “Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematiku, ya sing mulang guru
Matematiku, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune beda

Modul Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas 4 Tema 9

karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata
pelajaran.”
Yani : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu : “Ya.Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Yani : “Wonten kelas 7 A, Bu.”
Ibu : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Yani : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Ibu : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Yani : “Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas,

lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Ibu : “Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-

kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ?Kamangka bocahe akeh, apa ora
rame?”
Yani : “Dipunwiwiti dening wali kelas nepangake rumiyin. Panjenengane ngendika nami
saha alamate. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal
dipundawuhi nepangake kanthi nyebatake nama, tanggal lair, alamat, asmane
tiyang sepuh, saha cita-citane, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten
rame.”
Ibu : “Kancamu piye Yan? Rak ya apik kabeh ta?”
Yani : “Boten Bu. Wonten ingkang asmane Rudi menika nakal sanget Bu, remene
godhani tiyang estri. Kula pengen jotos mawon kok Bu.”
Ibu : “Wis ora entok ngono. Sapa sing nandur bakale ngundhuh, dadi yen kowe
dinakali ora usah diwales, mengko rak Rudientuk walesan dhewe saka sing
gawe urip.”
Yani:“Nggih Bu, matur nuwun sampin dipun paringi pitutur ingkang luhur.”
Ibu : “Yo wis ndang mangan kana, segane ning meja.”
Yani : “ Inggih Bu.”

Modul Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas 4 Tema 9

Saiki, coba gatekna video pacelathon ing Elearning kanthi setiti! Amatana sing cetha
wiwit saka peragane, isi sing diomongake, nganti basa sing dienggo ing jerone pacelathon
kasebut!

Saka video pacelathon sing wis rampung kok semak, nggaweya 3 pitakonan ngenani
apa sing dikandhaake/diomongake ing jerone video pacelathon kasebut!

Pitakonku:
1. ............................................................................................................................................

............................................................................................................................................
2. ............................................................................................................................................

............................................................................................................................................
3. ............................................................................................................................................

............................................................................................................................................
...................................................................

Bocah-bocah, saka video sing sampeyan semak iku mau, ana bab sing bisa
disinaoni. Yaiku yen diperintah wong tuwa kudu dilaksanaake masio awak e lagi sibuk.

Iku mau isine pacelathon kang rampung koksemak. Nah, saiki coba sampeyan waca
sing setiti pacelathon ing ngisor iki banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisore!

Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo wangsulan kang mathuk!

Toni : “Mas, mbok aku diajari repoti nggarap tugas!”
Tono : “Aku lagi repot, Dhik, mengko wae, aku sik diutus ibu.”
Toni : “Walah, padune ora gelem.”
Ibu : “Ana apa to kok padha ribut?”
Toni : “Punika lho Bu, Mas Tono kula suwun ngajari tugas mboten purun.

Ibu Malah alasan nembe repot dipunutus ibu.”
: “Oooo...iya, pancene masmu dak utus ngganti lampu neon sing mati.
Toni
Wes kene tugasmu jupuken sing ngajari ibu wae! Apa tugase?”
: “Punika lho Bu, kula dereng mangertos ewah-ewahan (perubahan)

energi listrik dhateng energi sanes.”

Modul Pembelajaran Bahasa Indonesia Kelas 4 Tema 9

Ibu : “Oalah, saben dina weruh lampu murup iku berarti listrik dadi cahaya,
Toni
kipas angin muter iku listrik dadi gerak, ibu nyetrika iku listrik dadi
panas.”
: “Hehehe...nggih-nggih Bu, Sakniki kula paham maksudipun.
Matur nuwun nggih, Bu.”

1. Sapa wae paraga pacelathon ing dhuwur?
Wangsulan:..........................................................................................................................
..........................................................................................................................
........................................................

2. Sapa sing mbiyantu Toni ngrampungake nggarap tugas?
Wangsulan:..........................................................................................................................

........................................................................................................................................
3. Pacelathon ing dhuwur ngomongake bab apa?

Wangsulan:..........................................................................................................................
..........................................................................................................................
........................................................

4. Apa wae tuladhane ewah-ewahan (perubahan) energi listrik iku?
Wangsulan:..........................................................................................................................
..........................................................................................................................
........................................................

5. Critakna maneh isi pacelathon ing dhuwur paling sethithik ing jerone 3 ukara/kalimat!
Wangsulan:..........................................................................................................................
..........................................................................................................................
..........................................................................................................................

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 9

 Lumantar media video sing sing dituduhake dening guru, Siswa bisa nggawe ukara
pacelathon marang wong sing luwih tuwa

1. Ndampingi Ananda sinau babakan nggawe pacelathon
2. Komunikasi marang guru yen ngalami kesulitan
3. Ngecek tugas Ananda

Bocah-bocah, dina iki kita arep sinau bab nggawe pacelathon marang wong sing
luwih tuwa. Nagging sakdurunge semaken video ing ngisor iki!
https://www.youtube.com/watch?v=TlGQjdFfzUE

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 9

Saka video pacelathon sing wis rampung kok semak, nggaweya 3 pitakonan ngenani apa
sing koktemoake ing jerone video!

2. Nulis lan Ngandharake Pacelathon
a. Nulis Pacelathon

Sadurunge bisa ngandharake pacelathon kanthi cetha, para siswa digladhi nulis
pacelathon. Dene nalika nulis pacelathon iku mesthine ana paugerane.
Paugeran kanggo nulis pacelathon iku kaya ing ngisor iki.
1) Cara nulis pacelathon

a. Wujude guneman
b. Jeneng paraga ditulis
c. Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga
d. Guneman ditulis ing jeri tandha kutip (“….”)
e. Katrangan panggonan, wektu lan swasana ditulis ing jero tandha kurung ()
2) Ancer-ancer pacelathon Anggone nyemak pacelathon, kudu nggatekake bab-bab
kang wigati kaya ing ngisor iki.
a) Catheten bab-bab kang wigati, yaiku topik kang diomongake, sapa kang celathu, lan

papan dumadine pacelathon.

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 9

b) Nulis isine pacelathon, yaiku owahana saben bab kang wigati saka pacelathon mau
dadi ukara banjur ukara-ukara iku disusun kanthi urut.

b. Ngandharake Pacelathon
Ing pasinaon bab iki, nalika para siswa wis gladhi nulis teks pacelathon, pramila para
siswa kudu gladhi ngandharake teks pacelathon. Perkara kang kudu digatekake nalika
ngandharake teks pacelathon, yaiku kudu paham marang isine teks pacelathon iku, lafal
lan intonasine kudu trep, mimik/ekpresi (polatan praen) kudu trep, lan solah bawa kang
ora digawegawe.

Bocah-bocah, sak iki gawea pacelathom marang wong kang luwih tuwa. Tuladha
pacelathon, karo bapak, ibu, utawa kakak. Ojo lali tentokno tema e, lan paragane, banjur
tulisen ing ngisor iki!

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 8

 Lumantar teks pacelathon sing ditulis, Siswa bisa nindakake pacelathon marang wong
kang luwih tuwa
1. Ndampingi Ananda sinau babakan nggawe pacelathon
2. Komunikasi marang guru yen ngalami kesulitan
3. Ngecek tugas Ananda

Bocah-bocah, dina iki kita arep sinau bab nindakake pacelathon marang wong
sing luwih tuwa. Nagging sakdurunge semaken video ing ngisor iki!
https://www.youtube.com/watch?v=t2hP1-FDeA4

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4 Tema 8

Saka video pacelathon sing wis rampung kok semak, nggaweya 3 pitakonan ngenani apa
sing koktemoake ing jerone video!

Nindakake Pacelathon
Ing pasinaon bab iki, nalika para siswa wis gladhi nulis teks pacelathon, pramila

para siswa kudu gladhi Nindakake teks pacelathon.
Perkara kang kudu digatekake nalika ngandharake teks pacelathon, yaiku:
1. kudu paham marang isine teks pacelathon.
2. Lafal lan intonasine kudu trep.
3. mimik/ekpresi (polatan praen) kudu trep.
4. Lan solah bawa kang ora digawegawe.

 Sak iki, bocah-bocah latihan pacelathon
 Ojo lali, Pocapan, intonasi, polapan kudu jelas.
 Sakwise latihan, rekamen pacelathon sek kok tindakake marang wong sing

luwih tuwa.
 Aja lali, asil garapan sampeyan dikirim menyang emai; Bu Fidah ya ^-^

Modul Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 4
DAFTAR PUSTAKA
Saryono, Djoko. 2011. Sosok Budaya Jawa:Rekonstruksi Normatif Idealistis. Malang:
Aditya Media Publishing.
Sasangka Sry Tjatur Wisnu. 2011. Bunyi-bunyi Distingtif Bahasa Jawa.Yogyakarta:
Elmatera Publishing.
______ 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta :Yayasan
Paramadina.
______ 2010. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.

17


Click to View FlipBook Version