AKSARA SWARA BAHAN AJAR KELAS XII SEMESTER GASAL PANDU WICAKSANA PPG DALJAB UNWIDHA 2023
1 | A k s a r a S w a r a A. Kompetensi Inti 1. Pengetahuan Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, procedural, berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah. 2. Keterampilan Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah kongkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan. B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi 3.5 Mengidentifikasi kaidah penulisan teks 5 (lima) paragraf berhuruf Jawa menggunakan aksara swara. 3.5.1 Menganalisis kaidah penulisan aksara swara dalam paragraf. (C4) 3.5.1 Menyimpulkan kaidah penulisan aksara swara dalam paragraf. (C5) 4.5 Menulis dan menyajikan teks berhuruf Jawa yang menggunakan aksara swara. 4.5.1 Mengalihaksarakan teks paragraf beraksara Jawa yang mengandung aksara swara. (P3) 4.5.2 Menulis satu paragraf beraksara Jawa yang menggunakan aksara swara. (P3)
2 | A k s a r a S w a r a Tahap 1. Identifikasi Masalah Materi Faktual : Aksara Jawa menika limrahipun dipunwastani carakan utawi dentawyanjana inggih menika salah satunggaling aksara ingkang ngrembaka ing tanah Jawi. Miturut sejarahipun aksara Jawa menika rumiyin dipunserat wonten ing prasasti, lempeng logam. Nanging wonten ugi ingkang dipunserat ing media lontar kados ta ing ron palem. Pramila wonten ing pepanggihan menika samangke para siswa badhe sinau babagan aksara Jawa mliginipun aksara swara. Ananging saderengipun dumugi bab aksara Jawa, peserta didik kedah sinau dasaripun rumiyin. Peserta didik ugi saged ningali gambar ing ngandhap menika saha nyemak video babagan aksara swara wonten link ing ngandhap menika Para siswa saged nyemak video ing ngandhap menika https://www.youtube.com/watch?v=e4cTg8MOloQ ꧋ꦩꦶꦁꦒꦸꦔꦫꦺꦥ꧀ꦧꦥ꧀ꦏ꧀ꦧꦫꦺꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀꧀ꦄꦫꦩꦶꦺꦶꦏ꧀꧈ꦱꦫꦥ꧀ꦂꦭꦸꦩꦶꦼꦭꦸ ꦫ ꦥ꧀ꦺꦴꦒꦿꦩꦶꦥꦼꦩꦶꦼꦺꦶꦤ꧀ꦠꦃ꧉ꦧꦥ꧀ꦏ꧀ꦥꦶꦏ꧀ꦤ꧀ꦠꦸꦫꦏ꧀ꦧꦪꦱꦶꦱꦮꦲꦤ꧀ꦲꦁꦈꦤ꧀ꦶ ꦮ꦳ꦼꦂꦱꦶꦠꦫꦱꦺꦴꦫꦭꦴꦩꦶꦧꦶꦪ꧉ꦱꦏ꧀ꦆꦫꦤ꧀ꦝꦴꦫꦤ꧀ꦪꦶꦱꦔꦶꦺꦶꦩꦶꦫꦏ꧀ꦩꦶꦲ ꦱꦶꦱꦮꦕꦕꦫꦲꦄꦤ꧀ꦥ꧀ꦶꦠꦸ꧉ꦏ꧀ꦫꦧꦃꦏ꧀ꦸꦮ꦳ꦼꦶꦫꦲꦴꦫꦭꦃꦫꦧꦪꦱꦶꦱꦮ ꦒꦒꦿꦠꦶꦱꦠꦼꦏ꧀ꦤ꧀ꦩ꧀ꦥꦩꦶꦁ꧉꧉ kapethik saking : pethikan cerkak ”Uripku” edisi 13 Agustus 2022 Kalawarti Panjebar Semangat
3 | A k s a r a S w a r a Tahap 2. Mengorganisasikan Peserta Didik Materi Konseptual : Sumangga peserta didik saged maos peta konsep babagan aksara swara ing ngadhap menika. Peta konsep Ing pepanggihan menika para siswa saged maos materi gegayutan kaliyan wujud aksara swara, kaidah tata panyeratan aksara swara ing ngandhap menika. A. Aksara nglegena lan pasanganipun
4 | A k s a r a S w a r a Sumber : https://bit.ly/3reKSSi Aksara swara inggih menika aksara ingkang dipunginakaken kangge nyerat aksara vocal mliginipun ingkang saking basa manca kangge negesaken pangucapan. Aksara swara menika boten saged dipundadosaken pasangan, saengga aksara sigegan ingkang wonten ing ngajengipun kedah dipunpangku rumiyin. Aksara swara menika saged dipunparingi sandhangan wignyah (….h), layar (.../…..), saha cecak (….) B. Sandhangan C. Aksara Swara saha Kaidah Panyeratan D.
5 | A k s a r a S w a r a Aksara swara menika wujudipun wonten gangsal inggih menika A, I, U, E , O A. Titikanipun aksara swara Titikan aksara Swara: 1. Dipunginakaken kangge nyerat nama, gelar, nama panggenan, saha nama Lembaga. 2. Saben tembung namung sinerat setunggal aksara swara. 3. Aksara swara menika kangge nyerat istilah saking manca 4. Aksara swara boten saged dados pasangan. 5. Aksara swara menika boten saged dipunparingi sandangan wulu, suku saha pepet. 6. Aksara swara menika saged dipunparingi sandangan wignyan, sandangan cecak, sandangan layar D. Wujud Aksara Swara
6 | A k s a r a S w a r a B. Tuladha Panyeratan Aksara Swara Nama Aksara Wujud Aksara Swara Tuladha A ꦄ ꦄꦫꦩꦶꦺꦶꦏ꧀ (Amerika) ꦎꦴ ꦱꦠꦿꦭꦶꦪ (Australia) I ꦆ ꦆꦫꦤ꧀ꦝꦴꦫꦤ꧀ꦱꦶꦪ (Indonesia) ꦆꦂꦭꦤ꧀ꦝꦶꦪ (Irlandia) U ꦈ ꦈꦱꦩꦤ꧀꧀ (Usman) ꦈꦫ꧀ꦧꦧꦏ꧀ꦶꦱꦠꦤ꧀꧀ (Uzbekistan) E ꦌ ꦌꦭꦫꦧꦴꦺꦱꦶ(Elaborasi) ꦌꦩꦶꦶꦺꦠ꧀ (Emirat) O ꦎ ꦎꦂꦒꦤ꧀ꦶꦱꦱꦶ(Organisasi) ꦎꦫꦏ꧀ꦠꦴꦧꦂ(Oktober) Fase 3: Membimbing Penyelidikan Kelompok dan Individu Materi Prosedural Sasampunipun maos materi babagan aksara swara, sum angga para siswa damel klompok gunggungipun 5 peserta didik salajengipun gladhen maos saha nganalisis wacana ingkang ngewrat aksara swara. Pitakenanipun saha lembar wangsulanipun sampun kasamektakaken ing lembar LKPD. Ing ngandhap menika tata cara nganalisis aksara swara ing salebetipun wacan aksara Jawa. a. Para siswa kedah sampun apal aksara nglegena, sandhangan saha pasanganipun.
7 | A k s a r a S w a r a b. Para siswa ugi sampun apal aksara swara. c. Maos kanthi premati wacan aksara Jawa d. Anggenipun mengalihaksaran menika dipunserat ing kertas. e. Salajengipun damel kolom kangge nganalisis unsur aksara swara ing salebetipun wacan. f. Sasampunipun nganalisis menika para siswa saged mendhet dudutanipun bab panyeratan aksara swara. Analisis aksara swara ing wacan No. Tembung Wujud aksara swara Fungsi 1. ꦆꦤ꧀ꦝꦶꦪ (I) ꦆ Kangge nyerat nama negara Penyelidikan Individu Para siswa dipundhawuhi nggarap pitakenan saha gladhen nyerat ukara mawi aksara Jawa ingkang ngewrat aksara swara. Bab menika katindakaken mawi invividu. Pitakenan sampun kasamektakaken ing LKPD. Para siswa kedah nggatosaken kaidah tata panyeratan aksara swara.
8 | A k s a r a S w a r a Fase 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Materi metakognitif Kelompok Sasampunipun pirembagan klompok, samenika peserta didik ngandharaken asiling pirembagan inggih menika mengalihaksarakan dhateng aksara latin saha analisis tembung ingkang ngginakaken aksara swara. Salajengipun peserta didik sanesipun paring panyeruwe dhateng kelompok ingkang majeng presentasi. Individu Peserta didik gladhen nyerat aksara Jawa ingkang ngewrat aksara swara. Pitakenan sampun kasamektakaken ing LKPD. Fase 5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Sasampunipun peserta didik menika presentasi, salajengipun kelompok sanesipun paring panyaruwe. Dwija paring bimbingan saha evaluasi gegayutan kaliyan asiling pirembagan inggih menika babagan tata panyerating aksara swara ing salebeting ukara. Dudutan saha relevansi Saksampunipun para siswa ngecakaken sedaya proses pasinaon babagan aksara Jawa (Swara) saged dipunpendhet dudutan inggih menika: 1. Aksara Swara menika gunggungipun wonten gangsal, inggih menika A,I,U,E,O. 2. Aksara Swara menika saged dipunginakaken kangge nyerat nama tiyang, gelar, nama panggenan, saha nama Lembaga. 3. Aksara swara menika dipunginakaken kangge nyerat tembung saking manca “asing” 4. Aksara swara anggenipun nyerat namung setunggal ing saben tembung. 5. Aksara swara boten saged dados pasangan.
9 | A k s a r a S w a r a Kapustakan Widaryatmo, Gandung. 2014. Prigel Basa Jawa 3 Kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII. Jakarta : Erlangga. Darusuprapta. Buku Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yayasan Pustaka Nusatama. 1996. Yogyakarta Kalawarti Panjebar Semangat Gambar aksara : Sumber : https://bit.ly/3reKSSi Bahan ajar https://anyflip.com/wulwi/crqo/