The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by puputsugiheliah, 2022-09-26 06:39:08

MEDIA_PUPUT SUGIH_AR2

MEDIA_PUPUT SUGIH_AR2

Ngeten niku upami kula nedhi winihe gangsal iji ngoten angsal, Pak? Cluluke

Sarmi, buruh ndhedher winih timun ing plataran omahe Jlegreh, petani sugih.

Sarmi wanita sing wis umur, tanpa sanak kadang, ora duwe anak, bojo lan wong

tuwa. Sarmi milih tetep melu Jlegreh nadyan buruh liyane padha metu lan ngalih kerja

neng panggon seje. Anggone ngalih jalaran ora betah karo sikape Jlegreh kang ora tau

nguwongake buruhe. Mungguh ing buruh tenaga kasar ing kiwa-tengene kono, Jlegreh

dianggep sombong merga rumangsa keceh bandh-bandhu. Gunemane nylekit, asring

natoni atine liyan.

Kanca buruh ngarani Sarmi mono utun, wegah glidhig rada adoh sithik. Nanging

ana uga sing nyebut yen Sarmi iku ndableg. Buktine nedyan tembung-tembunge juragane

kerep nglarani atine ewosemono Sarmi ora tau kecathok rasa pangrasane.
“walah, rak ya pretunganku mengko dadi geseh karo jembare papan, Saar, nek

winihe kok jaluk,” wangsulene Jlegreh.
“Geseh pripun ta” Sarmi nambong ora mudheng.
“Gunggunge winih sing didhedher iki rak wis dakjumbuhake karo ambane papan

sing arep daktanduri timun. Winih iki kabeh cacahe ana limang atus iji”
“Wo ngaten nggih? Nek ngaten lepat kula mawon, Pak mboten mudheng je kula

kalih pretungan ngoten niku.”
“suk wae yen wayah panen, lank owe gelem kerja ngundhuhi, dakwenehi timune.”
“maturnuwun saderengipun , Pak”
“yen pengin nandur tukuwa wae, Sar, neng took pertanian kidul prapatan

Ngasinan. Rak mesthi ana,” ujare Jlegreh.
“ngaten niku tumbase bijian napa kiloan, pak? Gek regine pinten?” pitakone

Sarmi, lugu.
“padatan nggonku tuku kuwi pag-pagan, je, Sar. Sak pag isine skeet iji winih. Mula

wis taketung tenan anggonku tuku winih, ben jumbuh karo jembare lemah sing
daktanduri.”

“gek regine pinten Pak?”
“yen kuwi timun sing apik, regane skeet ewu repis”
“walah, kok nggih awis jebule, ujare Sarmi njamblok.”
“mulane, nandur kuwi kudu dieting tenan, dimen ora rugi Sar.”
“hla nek kula ngge tumbas winih timun sida mboten ngliwet, Pak.” Asil kula kerja

sedinten mboten nutut. Wong kajeng kula nedhi teng njenengan niki wau naming ajeng

kula tandur ten poncodan latar, ngandhap pager pring nika. Menawi ndadak tumbas nggih
mboten kiyat, Pak”

“mula dadi uwong kuwi pikirane sing maju, ora mung buruh tandur, matun, utawa ngasag,
dadi kowe bisa weruh regane winih timun. Yen mung kuwi-kuwi wae glidhigmu, kapan
kowe bisa sugih?” ujare Jlegreh.

Sarmi kaya ora ngrasa piye-piye nadyan kandhane Jlegereh nyenggol rasa
pangrasa. Sarmi tetep sabar, ngrumangsani drajade. Kejaba kuwi uga mikir, arep kerja
tandur utawa matun apa wong mangsane wis meh panen pari. Arep derep utawa ngasag,
nyatane tandur pari ya durung wayahe dipanen. Karo madhahi lemah ana polibek sing
kanggo ndhedher winih timun, pikiane angen-angen kapan ya bisa sugih kaya juragane
iku ben pikirane maju.

“kok ten wingking niku wonten suwara dhag-dhog, kados tiyang dandan-dandan,
damel napa ta pak?” pitakone sarmikaro niling-nilingake.

“kae kang Jonet lagi nggarap kandhang wedhus.”
“napa kandhang pun risak”
"Kae Kang Jonet lagi nggarap kan-
dhang wedhus."
"Napa kandhange pun risak? Kadose wulan wingi nika Pak Jonet nggih ndamel
kandhang menda?"
"Hla aku dhek Kliwon rak tuku wedhus eneh, ta, Sar," tumanggape Jlegreh.
"Napa mboten cekap kandhange upami ditambahi menda malih?"
"Ya, genah ora, Sar. Wong lehku tuku wedhus wingi cacahe sepuluh."
"Walah, kathah, nggih! Mbok kula disukani gadhuhan setunggal, kersane kula
gadhah celengan."
"Gek nggonmu arep ngopeni kapan,ta Sar, golek pangan nggo awakmu dhewe wae
kok rewangi buruh-buruh ngono. Ora usah, malah modar wedhusku yen kok gadhuh."
"Mboten angsal, nggih empun,"ujare Sarmi karo tetep tandang ndhe-dher winih
timun.
"Wedhus tukon setengah yuta kok mung kanggo samben. Nek kok openi payune
mbesuk ora tekan rongatus ewu,merga kuru."
Sakndableg-ndablege uwong yen krungu tembung sing nglarani ati mesthi krasa
perih dhadhane. Nanging Jlegreh gumun marang Sarmi sing sajake wis kandel atine.
Nanging tanpa dimangerteni Jlegreh sejatine Sarmi kober ngulapi luhe sing mili ana pipi.
Bareng weruh Jlegreh ngulatake dheweke, Sarmi enggal-enggal salin slaga, api-api ora
ana apa-apa.
"Suk wae yen timun iki panenane apik, awakmu takkirimi gule kambing. Merga
wis dadi uniku, menawa panenan timun sing iki apik, wedhus sing ana kandhang kae arep
dakbeleh siji, kanggo syukuran. Dimasak gule rak enak," ucape Jlegreh.
"Sampeyan nggih remen, ta, Pak, gule kambing niku?"
"Seneng, Sar. Aku iki saben Kliwon rak mesthi merlokake menyang pasar saperlu
andhok sate lan gule wedhus. Leren sak Kliwon wae ilat iki pijer nagih." Anggone kerja
ndhedher winih timun wis rampung. Umure winih timun sing didhedher wis wayahe
nandur ana sawah, sing manggone mung ana mburi omahe Jlegreh. Nganti tekan mangsa
kuwi pari uga durung ana sing panen. Merga durung ana gaweyan liya sing bisa nekakake
dhuwit kanggo dheweke, Sarmi nalika dijaluki tenagane nandur bibit timun dhedherane
ana sawah uga ora nulak. Iki merga Sarmi butuh dhuwit kanggo mangan padinan.
Ngulurake bibit timun mung ditandangi Sarmi karo Jlegreh sabojone sing jenenge Narti.
Kejaba pancen wong-wong kiwa-tengen Jlegreh wis gemang nglidhig ana kono, kanggone
Jlegreh malah tiba kebeneran, awit dhewekeora bakal kelanan dhuwit pituwas nandhur
timun. Cukup mung mbayari sSarmi sing cacahe ora mingsara.

“Pak, niki wau angsal kula ngluruaken pun manut cara sampeyan, nggih teng
lemah sing empun ditengeri cuthik pring nika, “kandhane Sarmi sakwise papan sing
diuluri entek”

“Njur?”
"Hla niki, bibit timun kok tesih turah setunggal?"
"Mosok, ta Sar? Coba kana ditliti maneh, mbok menawa ana sing kliwatan. Timun
sauwit kuwi ya nganggo dhuwit, lho”. Sanadyan wektune wis sore lan kliwat jam
kanggone wong kerja, Jlegreh sabojone lan Sarmi nliti urut papan kuwi maneh,
mbokmenawa ana kang kliwatan ora diuluri. Yen dietung anggone nliti papan kuwi, sing
dilakoni pawongan telu,ateges ambal kaping telu, awit angone nindakake urut kacang.
Ngarep dhewe Sarmi, kasusul bojone Jlegreh lan dimantebake dening Jlegreh dhewe. Asil
pungkasan, kabeh kandha, menawa ora anasing kliwatan.
"Ya wis, Sar, turahan winih kuwi peken wae. Jare kepengin nandur timun ana
latarmu?" pakone Jlegreh.
"Wah, maturnuwun, Pak, mugi-mugi saged awoh kathah tur ageng," wangsulane
Sarmi bungah.
Turahan winih timun kuwi njur digawa bali, ditandur, diopeni kanthi diunu,
dirabuk, najan mung rabuk telek pitik. Nadyan tanpa diobati nanging thukule apik, wis
wiwit uwoh sak garan arit gedhene, cacah telu.
Ganti wektu, Sarmi salin pakaryan, yaiku ngasag pari neng sawah sing ora adoh
saka omahe. Gaweyan sing dipilih mung ngasag, awit dheweke wis ora kumanan
pasangan derep cara saiki, ya kuwi kanthi gawe klompok, murih anggone derep enggal
oleh akeh.
Cara saiki, golek bala derep sethitike wong telu. Pakaryan sepisanan yaiku ngerit
pari kanthi bareng-bareng. Njur kasusul nglumpukake pari sing dirit, kabacutake nggereg
kanggo nggogrogake pari saka uwite, nganggo piranti prasaja rupa rodha mawa paku sing
dipancal. Arane hereg. Pakaryan iki satemene diayahi wong siji ya bisa, nanging mangan
wektu suwe, lan nuwuhake kesel sing banget.
Nalika wong-wong sing derep padha ngaso, Sarmi nimbrung. Sing ngaso ana
wong lanag sing jeneng Diko, karo wong wadon telu Ginem, Suliyah lan Surti. Sasuwene
ngaso wong-wong mau crita ngalor ngidul. Sing dicritakake werna-werna, nganti tekan
Jlegreh sing jarene lagi nandhang lara.
"Hla dhek wingi esuk sik liwat ngarep omahku, jare arep golek gule neng Pasar
Kliwon," semantane Sarmi.
"Menawa wae ya gule kuwi, Yu Sarmi, sing njalari lara," sauté Suliyah.
"Keridhu sing nunggu wit trembesi Pasar Kliwon kae yake?" sambunge Ginem.
"Walah, dudu! Wong larane genah yen dharah tinggi, kok. Ya merga kakehan sate
gule kambing kuwi, sing njalari,”Suliyah nrambul.
"Hla tensi dharahe tekan pira, kok diarani dharah tinggi?" takone Sarmi.
"Kabare wis nganti tekan, rongatus."
"Sing genah ki ngene lho," Diko tangga cedhake Jlegreh nuli nyambung, dimen
ora kebacut werna-werna anggone nggunem Jlegreh. Lan wong-wong sing ana kono nuli
sirep anggone duwe panemu.
Miturut Diko dhek Rebo Kliwon, nalika mulih saka pasar, Jlegreh dikagetake
karo crita warta kang diujarake sing wea dok. Narti dikandhani tangga sing omahe
cedhak sawahe mburi omah. Tangga kuwi meruhi wedhus ucul cacah lima, ngebyak
sawah lan mangan tanduran timun.

Krungu ujare tanggane mau, Narti enggal mlayu menyang papan sing
dikandhakake. Bareng wis tekan papan kuwi, Narti meruhi kanyatan jebul sing ana kono
kuwi wedhuse dhewe ucul saka kandhange. Gandheng esuk kuwi kabeh tangga padha
kerja dhewe-dhewe, dadi kahanane uga sepi. Mula Narti mung ijen nyekel lan
ngandhangake wedhuse, tur ora bisa sak nalika kanthi bareng.

Nalika wedhus siji utawa loro bisa kecekel lan dituntun menyang
kandhang,wedhus liyane isih katrem mangan tanduran timun sing wis awoh. Tekan
wedhus sing keri dhewe, saperangan akeh tanduran timun prasasat wis entek dipangan
wedhus-wedus mau. Liyane rusak.

kahanane, merga kanggo jag-jagan wedhus. Krungu pratelane sing wedok, Jlegreh
muring-muring nesu banget. Sing wedok diuneni nganggo tembug kasar, kepara campur
pisuh. Nalika kuwi uga Jlegreh ngrasakake sirahe mumet, kasusul dhadhane seseg. Sing
wedok bingung, njur nilpun anake sing ana desa liya. Satekane anake, Jlegreh diplayokake
menyang rumah sakit. Ujare dhokter Jlegreh kena serangan jantung, sanadyan durung
kepetung abot. Lan tensine tekan rongatus. Sing krungu critane Diko padha meneng,
embuh ujar apa sing ana atine dhewe-dhewe.

Krungu Jlegreh wis digawa bali saka rawat inap, Sarmi mara tilik. Tekane
dipapagake karo panyapane Narti sing katon sedhih. Jlegreh isih ngglethak ana turone,
katone pancen lagi nandhang lara. Sawise salaman, Sarmi ngulungake gawane kang
diwadhahi tas kresek cilik, rupa ireng. Jlegreh weruh Sarmi ngulungi gawan marang
bojone nuli mojar:

"Kok dadak nggawa-nggawa barang, ta, Sar..., mbok wis kanggo tuku keperlu-
wanmu dhewe wae."Walah, niki mboten angsal kula tumbas, je, Pak. Kula krungu
njenengan sakit dharah tinggi, mila niki kula bektakne timun. Bibit timun leh maringi nika
pun awoh, mugi-mugi timun niki saged ngandhapaken tensine njenengan." Jlegreh lan
bojone ora semaur apa-
(Cuthel)

Panyebar Semangat edisi 47, 21 November 2015.


Click to View FlipBook Version