Kirtya Basa VII 107 mengandung sandhangan dan pasangan. 4.6.3 Mananggapi atau memberi komentar hasil pekerjaan temannya. Mbabar Wawasan CRITA PENGALAMAN NULIS NGANGGO AKSARA JAWA Nulis nganggo aksara Jawa sejatine asipat ketrampilan, mula saka iku bakal dadi gampang manawa saben dina dicakake. Bocah – bocah aja ngrasa angel dhisik sadurunge nyoba nulis. Iki ana crita kang bokmanawa bisa dadi semangatmu kanggo sinau nulis nganggo aksara Jawa. Biyen wektu aku wiwitan nulis ana ing buku harian, sawijining dina buku harianku ditemu kancaku, diwaca ing ngarep kelas. Kaya apa isinku amarga ing kono ana bab kang mestine ora kena dimangerteni wong liya. Wiwit wektu iku aku golek cara kanggo nulis ana ing buku harianku. Kebeneran dina iku pas ana pelajaran Basa Jawa pas diterangake nulis nganggo aksara Jawa, jare kanca – kanca nulis nganggo aksara Jawa iku angel, wah ... pas iki kanggoku. Nek angel tegese ... upama aku nulis ing buku harian nganggo aksara Jawa mesthi ora kaya kedadean mau, buku harianku ora ngira diwaca ing ngarep kelas ! Tekadku ... AKU KUDU ISA NULIS NGANGGO AKSARA JAWA. Bener ngendikane Pak Guru, nulis nganggo aksara Jawa pranyata ora angel, pokoke gelem latihan. Lha kanthi aku nulis buku harianku nganggo aksara Jawa, aku saben dina ora krasa latihan nulis nganggo aksara Jawa (sanajan wiwitan karo ndelok Aksara Jawa ing buku Pepak Basa Jawa). Saiki alhamdulillah wis lancar ora perlu ndelok pepak maneh. Yen nulis nganggo aksara Jawa mesti bijiku apik lan buku harianku ora diwaca wong liya maneh. Muga-muga critaku iki mau dadi semangatmu kanggo sinau nulis nganggo aksara Jawa! Sadurunge nerusake pasinaon nulis apadene maca aksara Jawa, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ! 1. Nulis apadene maca aksara Jawa iku sejatine ora angel, yen gelem apa ? 2. Ana teks ing dhuwur iku, apa sing ndadekake semangate paraga ”aku” sinau nulis nganggo aksara Jawa ? 3. Apa tekade paraga ”aku” sajrone sinau nulis nganggo aksara Jawa?
108 Kirtya Basa VII 4. Apa perlu, supaya bisa nulis nganggo aksara Jawa kudu nulis ha na ca ra ka nganti makaping-kaping supaya enggal apal? Apa alasane Jawabanmu ? 5. Kepriye paraga ”aku” wiwitane nulis nganggo aksara Jawa? Kepriye asile? Kegiatan 1 Modhel Teks Aksara Jawa Teks ing ngisor iki wacanen sing patitis! Tugas 1: Nyemak Andharan Panulisane Aksara Jawa Ing kegiatan iki bocah-bocah diajab bisa mangerteni tatanan panulisane tembung sarta ukara nganggo aksara Jawa ing teks. 1. Aksara Jawa (Dentawyanjana) Aksara Jawa (dentawiyanjana) iku cacahe ana 20. Yen digatekake, kabeh vokal kang ngantheni aksara migunakake lafal /a/. Wujude kaya mangkene : Ha = Na = Ca = Ra = Ka = Da = Ta = Sa = Wa = La = Pa = Dha = Ja = Ya = Nya =
Kirtya Basa VII 109 Ma = Ga = Ba = Tha = Nga = Carane migunakake kaya nulis biasa, yaiku kanthi nata / ngurutake kaya unine sing arep ditulis. Gatekna tuladha ing ngisor iki : No Tulisan Latin Tulisan Jawa 1 lara 2 mata 3 jaka 4 dhadha 5 kacamata 2. Sandhangan Aksara Jawa kang cacahe ana 20 wis diterangake menawa awujud legena. Menawa arep muni swara liyane, kudu diwenehi sandhangan. Sandhangan iku ana telung warna, yaiku sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, lan sandhangan wyanjana. a. Sandhangan Swara Sandhangan swara cacahe ana lima yaiku kanggo nulis swara i , u , ê, e, lan o . Swara /e/ ana werna loro, kang pancen ana ing basa Jawa ana / e/ sing unine / ê /, ana sing unine /e/. Aja kuwatir! Mengko bakal dijlentrehake amrih ngerti lan jelas uni lan sandhangan kang digunakake. Wujude sandhangan swara ing ngisor iki : No Jenenge Wujude Unine 1 Wulu ………… i 2 Suku .........… u
110 Kirtya Basa VII 3 Pepet ………… ê 4 Taling ………… e 5 Taling Tarung …… o Carane nulis sandhangan swara yaiku aksara kang diwenehi sandhangan swara mapane ana ing tandha titik- titik, kaya ing jero kothak ing dhuwur iku. Tuladhane : No Tulisan Latin Tulisan Jawa 1 dadi siji 2 tuku palu 3 teka lunga 4 seje dhewe 5 soto kebo Carane mbedakake sandhangan pepet ( .. ...) lan taling ( ..... ) : Ora angel carane mbedakake, cukup dititeni panganggone salah siji bae, cukup sing dititeni sandhangan pepet (.. ...), sing ora migunakake sandhangan pepet, aksara /e/ mesthi ditulis nganggo sandhangan taling ( ..... ). Sing kudu ditulis nganggo sandhangan pepet carane niteni ngene : Bocah – bocah kudu bisa nyebutake tembung ”pepet” kanthi bener !
Kirtya Basa VII 111 Sawise pangucape wis bener, kari maca apa kang bakal katulis, yen nemokake aksara /e/ sing pangucape padha karo tembung ”pepet”, nulise kudu nganggo sandhangan ”pepet” , dene /e/ liyane kudu nganggo taling. Wis ngono thok carane, ... gampang ta ? No Tulisan Latin Katrangan Tulisan Jawa 1 tebu Aksara /e/ ing tembung tebu, diwaca padha karo aksara /e/ ing tembung pepet, mula kudu nganggo sandhangan pepet 2 sega Aksara /e/ ing tembung sega, diwaca padha karo aksara /e/ ing tembung pepet, mula kudu nganggo sandhangan pepet 3 tela Aksara /e/ ing tembung tela, diwaca orapadha karo aksara /e/ ing tembung pepet, mula kudu nganggo sandhangan taling 4 beda Aksara /e/ ing tembung Beda, diwacaorapadha karo aksara/ e/ ing tembung pepet, mula kudu nganggo sandhangan taling 5 dhewe Aksara /e/ ing tembung dhewe, diwacaorapadha karo aksara /e/ ing tembung pepet, mula kudu nganggo sandhangan taling b. Sandhangan Panyigeg Wanda Sigeg tegese mati tumrape aksara (huruf), dadi sandhangan panyigeg wanda yaiku sandhangan kang digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg (huruf mati). Aksara sigeg (huruf mati) kang diganteni nganggo sandhangan iki ana telu, yaiku: h, r, lan ng Wujude Sandhangan Panyigeg Wanda: No Jenenge Wujude Kanggo sigeg/ paten 1 Wignyan … h 2 Layar …… r
112 Kirtya Basa VII 3 Cecak …… ng 4 Pangku … Saliyane sigeg h, r lan ng Manawa dadi sigeg (huruf mati) ing pungkasan, aksarane dipangku. Tuladhane: No Tulisan Latin Tulisan Jawa 1 2 3 4 5 isih duwe sega pasar sore gedhang goreng Siti mangan Sutarsih nangis c. Sandhangan Wyanjana Sandhangan wyanjana iku ana telu. Wujud, jeneng, lan gunane ing sajroning tembung kaya pratelan ngisor iki. No. Wujude Jenenge Gunane 1. cakra Sesulihe panjingan 2. keret Sesulihe cakra lan pepet
Kirtya Basa VII 113 3. pengkal Sesulihe panjingan Tuladhane: No. Tulisan Latin Tulisan Jawa 1. Sutrisna 2. menyang krukah 3. kopyah abang 4. kreta anggrek 5. Subagya bregas 3. Pasangan Pasangan iku gunane kanggo nulis aksara kang mapane ana ing sakburine aksara sigeg, kejaba aksara sigeg mau aksara r, h lan ng. Amarga aksara sigeg r, h lan ng mau wus ana tandhane, yaiku r = layar ( ... ), h = wignyan ( ), ng = cecak (... ...). Wujude pasangan, kaya kang kapacak ing ngisor iki : = ha = na = ca = ra = ka = da = ta = sa = wa = la = pa = dha = ja = ya = nya