The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by SITI FARICHA NURSYIFA, 2024-02-04 20:27:59

media basa rinengga

media basa rinengga

BASA RINENGGA Kelas 8 Semester ganjil


Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu memahami perbedaan paribasan, bebasan, dan saloka dengan tepat melalui diskusi kelompok. Peserta didik mampu menganalisis teks basa rinengga dengan tepat secara bergotong royong. Peserta didik mampu membaca teks basa rinengga dengan tepat secara individu.


Tegese Basa Rinengga Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane.


Basa Rinengga biyasane ana ing? Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga.


Jinise Basa Rinengga Paribasan Bebasan Saloka


Paribasan Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane: a)Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake. b)Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane. c)Adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.


Bebasan Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane : a)Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake. b)Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna. c)Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.


Saloka Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane : a)Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya. b)Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan. c)Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.


Click to View FlipBook Version