The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rinisetyo756, 2022-04-14 00:42:24

GEGURITAN

GEGURITAN

LELAKON GEGURITAN

DAFTAR IRAH-IRAHANE GEGURITAN

No Irah-irahan Geguritan
1 JALMANING TEMBUNG
2 GANDA ARUMING TEMBUNG
3 SINANTHET TETEMBUNGAN
4 LELAKON
5 TABUH
6 WANCI RATRI
7 WIGATI MIJIL
8 JALMA LIPAT
9 NGUPADI LELAKU
10 JEJERING ATI
11 LANTIPING BATIN
12 KANGEN IMPEN
13 TITAHING RASA
14 GODHA
15 JATI JALMA PINASTHINING JALMA
16 PAMBUKA JATINING JALMA
17 SUWUNG SESRAWUNG
18 LUMAKU LUMRAH
19 KEBACUT
20 WUNI
21 PITUTUR 1
22 PITUTUR 2
23 JARE WONG TUWA
24 AJA LIRWA
25 PANGELING-ELING
26 NENG NING NUNG
27 RASA
28 PAMULANGAN
29 WISIK ATI

1

30 URIPE MANUNGSA
31 NGLANGUT
32 NEMU TINEMU
33 KACIREN
34 UNEN-UNEN
35 BANYUWANGI
36 NGANGENI BANYUWANGI
37 SING MBOSENI
38 NGLAKONI URIP
39 ILIRING MANUNGSA
40 KEKANCAN SEJATI
41 KEGEDHEN RASA
42 PANGAYOMAN
43 AWOH AWEH
44 PRITHILING RASA
45 TANPA DZIKIR
46 JALMA LUHUR
47 NGGAYUH RASA
48 TUTUH
49 PANGAWIKAN
50 CAHYA DEWANGKARA
51 BUNGAHING ATI
52 BEJA
53 NGATI-ATI
54 SABDA NYATA
55 URIP KEPENAK
56 GOLEK WERUH
57 PAKEWUH
58 AJA PENGKUH
59 AJA GAWE MALA
60 KEDHERING ATI
61 KEKANTHEN

2

62 MANUNGSA
63 UWOTING RAWIT
64 MEMAYU HAYU
65 NGUPADYA URIP SEJATI
66 NGUDI KAWRUH
67 TIRAKAT
68 RAMPUNG
69 MANUNGSA
70 TALI RASA
71 SIPAT ALA
72 KETULA KETALI
73 AJA KAKEHAN
74 AJA AJI MUMPUNG
75 LAMUN
76 PENGGALIH
77 KEBLINGER
78 AJA PIJER
79 PEPAK ATUR
80 TARAK
81 ATI KANG NGATI-ATI
82 JALMA MULYA
83 RINA WENGI
84 URUB URIP
85 BIYUNG ING RATRI
86 SATATA SATITI
87 UNINGA MRING DARMA
88 PAKARTI
89 TREPSILA
90 AJA SOK
91 NDUWENI
92 ORA SUWUNG
93 WENGI IKI

3

94 KANG TINAMPA
95 SUWING
96 KEBAK ARSA
97 PANYUWUNE WONG TUWA
98 JANJI SETYA
99 LUBERING RASA
100 MAKARYA
101 SEMBADA
102 MALI
103 AJA NGLANTUR
104 URIP LEGAWA
105 TIPAK TEPAK
106 TAN ANA TUNA
107 TINULIS
108 SAWANG SINAWANG
109 WEDI NGIWI-IWI
110 SULUH TANPA WULUH
111 AJA KEBLINGER
112 MEGURU
113 TRAWANGAN
114 CETHA
115 NGAKONI LUPUT
116 JALMA ING NDONYA
117 ATI
118 MANUNGSA LUMRAH
119 SULUK
120 SEJATINE APA
121 ULATE PADHANG
122 LOLA LAN SUDRA
123 MUNGGWING PRIBADI
124 MOKAL
125 AJANG SAMBUNG RASA

4

126 PRATELANING TUTUR
127 CARA WICAKSANA
128 TEGUH TINEGUHNA
129 DIMEN RAHAYU
130 AJA GAWE CUWA
131 LALI RUPANE
132 DUMUNUNG
133 UGEMANA
134 ATI BUREK
135 PARANE MANUNGSA
136 AMIWITI
137 SAWANGEN
138 NUWUN SEWU
139 AJA DILALI
140 MELAR SINEDYA
141 TRESNA
142 AJA NEKA-NEKA
143 MEKAR JEMBARING ATI
144 NYEDHAKANA
145 MUNG SEMONO
146 WIS DADI KODRATE
147 ILANG AGEMAN
148 MESEM
149 PITUTUR AGAMA
150 AJA MUNG
151 KUDU ATI-ATI
152 MIGUNA
153 PANGIRA-IRA
154 PATI RASA
155 TANPA SLAH
156 MOBAT-MABIT
157 GEBYAR SAUNTARA

5

158 CUNTHES
159 CINABUTING IMAN
160 SUNTRUT
161 BUNDHEL
162 TITAH PINATAH
163 SERATING NALA
164 NGGUGAH RASA
165 WUS WANCI
166 TAN KENA TINULADHA
167 DUH, GUSTI
168 SEPINING WERTI
169 LUHUR
170 IKRARING BANGSA
171 NILAR PAUGERAN
172 AKEH ATUR
173 BUBRAH
174 KECEMPLUNG
175 LELAKUNING JALMA

6

ANGLELURI BUDAYA

Sekabehing geguritan kang wus karacik lan kababar ing
ngarep minangka wujud luapaning rasa, karsa, lan batin. Apa kang
rinasa dening pagripta kawedhar lewat basa sing wasesane bisa
kapundhut dening sapa sing kersa lan sedya ngupadi makna
kanthi sengaja. Wangun basa kang sinerat ing geguritan ngandhut
pesen kang sinuguhake marang para pamaca utawa pamiarsa.
Tembung kang rinacik ing larike geguritan tansah pinilih kanthi
sedya murih bisa ngungkap sekabehe wasesa tanpa luput ing
makna. Mula, geguritan uga bisa diarani puisi Jawa. Amerga klebu
puisi Jawa, geguritan uga bisa diarani wacana budaya.

Budaya iku tansah gandheng renteng dening uripe
manungsa. Budaya lair saka srawunge manungsa lan lingkungane.
Budaya tansah nyukupi kanggo kabutuhan masyarakat dhewe.
Amarga iku, Sumardjo (2005) nerangake lamun budaya iku
kasipat unik kanggo saben masyarakat. Mula saka iku, bisa diarani
lamun geguritan. Seratan endah, lan sak panunggalane sing
berkembang ana ing masyarakat minangka produk budaya
masyarakat iku. Geguritan lair saka sesrawungane wong kang
ngripta karo alam lingkungan murih kanggo nyukupi kabutuhan
urip lan tuntutan lingkungan masyarakate.

Sesambungane karo babagan ing ndhuwur, bisa
katerangake yèn sapa wong kang sinau tutur geguritan bisa klebu
ing sinau budaya. Ing kasus iki, bisa diarani lamun tutur basa kang
rinakit sakjroning larik geguritan minangka sumber budaya, sapa
wong kang ngripta geguritan bisa klebu nindakake laku budaya.
Bab iki gayut marang katerangane Duranti (1997) kang
nyariosake bilih sinau basa minangka sumber budaya lan
nggunakake basa minangka tindak budaya. Iki nudhuhaké yèn
tutur tembung ing geguritan iku sejatine wedharing basa sing
ngandhut pesen budaya sing nggambarake budaya masyarakat
sing nuturake.

7

Minangka paparan basa lan kagunane basa, geguritan
nggambarake lan ngungkapake pikiran, rasa, lan pengalaman
budaya masyarakat penuture. Iki negesake lamun mijiling
geguritan minangka ungkapan batine pangripta kang kasurung
dening rasa lan karsa pengin nyukupi kabutuhan karana ananing
pamundhut saka lingkungan sosial lan budayane. Mulane,
tembung tetembungane kang rinacik sakjroning larik geguritan
tansah gayut dening kahanan sing diungkapake. Dilthey (ing
Kleden-Probonegoro, 2004) ngandharaken bilih ungkapan kang
kawedhar minangka budaya nduweni ciri (1) tansah ngandhut
makna tartamtu, (2) ana hubungan unik karo sing ditulis, (3)
nuduhake isi batin lan pikirane penutur; (4) nyata ing kahanan
utawa bagéan saka wujud sosial budaya, (5) nduwèni tata utawa
aturan tartamtu, lan (6) nduweni rong sipat sing kosok balen,
yaiku mijiling kanthi sengaja (bisa katon ing wangun teks, swara
lan gerakan disengaja) utawa mijil karana ketepakan (katon tanpa
sengaja, nanging isih ngandhut makna).

8

GEGURITAN

Jejere Geguritan
Geguritan iku bisa diarani “puisi bebas” sing ditulis

nganggo basa Jawa. Amerga awujud puisi bebas, geguritan ora
kaiket dening aturan sing baku kadya aturan sing ngiket larik lan
padane syair tembang. Babagan iki ora ateges yen geguritan iku
tanpa aturan. Tetep nganggo aturan, nanging ora kaya maceme
aturan sing kudu dianut dening wujude tembang. Geguritan bisa
diwaca nganggo cara sing lamba, uga bisa dilagokake kadya
tembang. Sedyawati, (2002: 350-379) nerangake yen tembang
sing ora duwe aturan baku bisa diarani geguritan..

Tembang ing basa Jawa, ana rong macem, yaiku tembang
tradisional (tembang sing duweni aturan baku) lan tembang
modern (tembang sing ora duweni aturan baku). Tembang
tradisional cacahe bisa kapilah dadi telung jinis, yaiku tembang
gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik. Tembang gedhe iku
tembang sing wis nganggo guru wilangan, sing aturane nganggo
aturan saka basa Sangskreta. Sing klebu tembang gedhe ing
antarane, yaiku kakawin lan kidung. Tembang tengahan uga klebu
tembang sing nganggo guru lagu lan guru wilangan. Tembang
tengahan iki ngarujuk marang serat kuna. Sing klebu tembang
tengahan iki ing antarane juru-demung, duduk-wuluh, megatruh,
gambuh, girisa, lan balabak. Tembang cilik, yaiku tembang sing
diarani tembang macapat. Tembang cilik iki duwe aturan baku
babagan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.

Geguritan iku klebu salah sijine puisi Jawa, yaiku puisi
Jawa modern (gagrag anyar), kang ora kaiket dening aturan baku.
Miturut sejarahe, geguritan iku kaanggit bebarengan karo tekane
pengaruh sastra mancanegara ing Indonesia. Mula saka iku,
geguritan bisa diarani puisi Jawa sing bebas saka syarat-syarat
wangun lan isi/makna. Danar (2008: 1) nerangake yen asale
tembung 'geguritan' iku saka tembung 'gurita. Tembung 'gurita'

9

owah-owahan saka tembung 'gerita'. Tembung 'gerita' asalé saka
tembung 'gita' kang tegese 'karangan/tulisan’. Mula saka iku, bisa
diartekne yen geguritan iku pada kaya dene karangan.

Geguritan iku sastra Jawa sing ngemot wasesa sing amba
lan jero kanthi rakitan basa sing endah (Purwadi, 2007: 431).
Sarujuk marang katerangan iku, Nursinggih (2005:viii) ana ing
buku kumpulan geguritan kanthi irah-irahan "Aja Kok Ijoli
Warisanku" uga nerangkae yen geguritan iku wujud ekspresi kang
paling cekak, amarga ora asipat ngandharake kanthi mlaha, kaya
dene sawijining gancaran. Kanthi mangkono pamilihing
tetembunganing geguritan perlu katinting kanthi premati, ora
mung murih ringkes nanging uga diudi murih ngandhut pangerten
kang jero. Saka katerangan iku, bisa ditafsiraké yen geguritan iku
wangun basa wedhare kaedahan sing paling ringkes, amarga
wasesane isi paparan ora kajlentrehake kanthi cetha nganggo sak
akeh-akehing ukara. Mula saka iku, pilihan tembunge geguritan
kudu benar-benar waton lan maton, ora waton cendhak, nanging
uga kudu ngemot makna jero.

Pawijang sing dadi pambuka awal nulis geguritan, yaiku
Soebagio Ilham Notodidjojo (SIN) lan R. Intojo. Karya geguritan
sing kaanggit dening SIN saemba dening puisi-puisi Amir Hamzah
ing sastra Indonesia. Geguritan sing kaanggit dening SIN lan R.
Intojo nduweni ciri sing padha karo puisi tradisional Eropah sing
arane sonnet. Karya geguritan SIN umume ngemu wasesa paring
piwulang babagan moral Islami, nanging uga tetep nggatekake bab
aspèk estetika (Widati, 2001: 298).

Maceme Geguritan
Miturut katerangan kang wis kababar ana ing bab sak

durunge, geguritan iku bisa diarani puisi Jawa, sing kawedhar
nganggo basa Jawa. Mula saka iku, kanggo nerangake babagan
macem-maceme geguritan bisa uga kaperang miturut macem-
maceme puisi. Ngundhuh katerangan kang didhawuhake

10

Aminuddin (2004: 134-136), yen kalacak saka syarat-syarat
wangun lan isi, puisi bisa dipérang dadi sepuluh jinis. Mula saka
iku, geguritan uga bisa kaperang dadi sepuluh maceme, yaiku (a)
kakawin, (b) geguritan narasi, (c) geguritan lirik, (d) geguritan
dramatik, (e) geguritan didaktik, (f) gguritan satirik, (g) geguritan
roman, (h) elegi, (i) ode, lan (j) pamuji.
(1) Kakawin, yaiku geguritan sing ngemot crita kepahlawanan,

yaiku kepahlawanan sing ana gegayutane karo legenda,
kapercayan, utawa sajarah.
(2) Geguritan narasi, yaiku geguritan kang ngandhut crita sing ana
gayute karo pelaku, watak, latar, lan urutan tartamtu sing
mbangun utuhe crita.
(3) Geguritan lirik, yaiku geguritan sing ngandhut surasa saka
linuwihe batin kanthi sekabehe pengalaman, sikap, lan
swasana atine pangriptane.
(4) Geguritan dramatic, yaiku salah siji jinise geguritan sing
sanyata nggambaraké prilaku wong, kang kababar liwat laku,
tutur tinutur, utawa ngudarasa, sahingga ngandhut gambaran
crita tartamtu.
(5) Geguritan didaktik, yaiku geguritan sing isine ngandhut nilai-
nilai pendidikan sing umum trampil nyata.
(6) Geguritan satirik, yaiku geguritan sing isine ngandhut kritik
marang kaluputan utawa kurang benere kahanan uripe
klompok masyarakat.
(7) Geguritan roman, yaiku geguritan sing isine ngandhut wasesa
isine katresnan marang wong kang ditresnani.
(8) Gegurutan elegi, yaiku geguritan sing isine ngandhut wasesa
rasa cuwa.
(9) Ode, yaiku geguritan sing isine ngandhut pujian kanggo wong
sing wis patut kaprawirane.
(10) Hymne, yaiku geguritan sing isine ngandhut pujian
marang Gusti Kang Mahakuwasa, lan ungkapan saka
katresnan kanggo bangsa lan tanah kelairan.

11

Pamacane Geguritan
Sakjroning maca lan mangerteni isine geguritan, sak ora-

orane pamaca kudu nglakoni tumindak apresiasi, yaiku
mbayangke, narima, lan ngungkapake maneh babagan isi sing wis
kawaca, nganti mikirake maneh apa-apa sing wis dimangerteni
saka geguritan iku. Kanthi tumindak apresiasi, pamaca kudu bisa
mbayangake apa sing dikandhut dening geguritan. Contone,
sakjroning ngadhepi geguritan sing nggambarake endahe segara,
pamaca geguritan kudu mbayangake endahe segara sing bisa
dirasake utawa dinikmati. Gambaran kaendahan iki kudu
tumungkul minangka piranti ngungkapake isi geguritan sing
diwaca.

Ing sakjroning maca geguritan, pamaca kudu nggatekake
makna tembung sing dipilih lan digunakake ana teks geguritan.
Tembung sing wis pinilih dening pangripta minangka piranti sing
nggiring pamaca marang arti geguritan sak utuhe. Saben tembung,
utawa cacah racike tembung kudu kagatekake kanthi waspada. Ing
Sakjroning geguritan asring tinemokake seratan tembung
nganggo tetandha sing padha, contone: /kanthi ajer/sing maknane
‘ora kaku/beku’ utawa bisa uga diartekake ‘madhep mantep’.
Seratan tembung/netes/bisa diartekake ‘pecahe ndhog dumadi
kuthuk/piyek’, bisa uga ateges ‘tibane banyu kanthi sithik’.
Kahanan ini nggambarake yen pilihan tembung ing basa Jawa
kudu dimangerteni lan diwaca kanthi bener merga babagan iki
ana pengaruhe marang utuhe wasesa isi geguritan.

Maca geguritan bisa katrapake kanggo awake dhewe, bisa
uga kanggo wong liya. Maca geguritan kanggo awake dhewe
biasane mung diwaca ana ing jroning batin. Nanging, yen maca
maca geguritan kanggo wong liya, wong kang macakake geguritan
kudu nggatekake babagan pangucapan, jeda, intonasi, ekspresi,
lan solah bawa. Pradopo (1987: 46) nyebataken pangucapan
minangka diksi, yaiku carane ngucapake sajak kudu sakbener-
benere supaya wong sing nyemak ora kliru nafsirake makna isine

12

geguritan. Jeda uga duwe pengaruh gedhe ing penafsiran maknane
isi geguritan. Mandhege maca geguritan ditemtokake dening alihe
tembung, ukara, utawa pada. Situmorang (1983: 54) nerangake
yen jeda kaperlokake kanggo narik utawa ngunjal ambegan.
Intonasi iku iramaning ukara utawa munggah lan mudhune, utawa
dhuwur lan cendheke pangucapane tembung ing ukara. Intonasi
raket gandhenge karo swasana sing digambarake ing sakjrone
geguritan. Ekspresi pasuryan penting kanggone wong sing
macakake geguritan amerga kanthi pasuryan sing bener-bener
ngrasakake isi geguritan bisa gawe gampange wong sing nyemak
ngerteni isine geguritan. Kinesik bisa ateges gerak-gerik utawa
solah bawa. Sakjroning maca geguritan, kinesik sing trep bisa
kanggo luwih nguripi sajak.

13

URUBING RASA - URIPING BASA

Wacana kang awujud geguritan ing mburi iki kaserat
kanthi adhedhasar weninge cipta lan rasa. Cipta kang nduweni
karep medhar nyata kang tinampa dening netra. Mobah mosiking
nala rinasa tansah nyundhul dhadha gawe gerahing rasa kang
kepengin ngungkap arsa lumantar basa. Mula saka iku, geguritan
kang kaserat ing mburi iki sejatine amung wedharing rasa kang
karakit nganggo basa.

JALMANING TEMBUNG
Lamat-lamat keprungu ulate tembung
Sabar sinabar kaumbar dadi melar
Ora kelar yen kabeh kawedhar merga lataring dhadha durung
winelar
Jalma wetah durung bisa pasrah

ngarepi tembung resah rinasah sing durung diasah
Wujud urip dadi brasah
merganing jalmaning tembung sing tinampa tanpa wadhah.

GANDA ARUMING TEMBUNG
Sinebat tanpa sinurat ana ing lelamat

tembung arum gandane kawedhar kang rinanggep lumrah
sinebar bareng kareping nafsu sing srakah
mrepet peteng mbungkem sesolah tanpa winarah
Sugih ucap pinucap ora ngelingi bakale ana adzab
dumadi bener ora ana kasunyatan sing pener
Luput sembur sesumbar gampang lelali bareng ilange ganda
aruming ganda sirna nyisake prahara
Merga aruming tembung wes kelangan gandane.

14

SINANTHET TETEMBUNGAN
Ora krasa nanging ya ora bisa

jejering laku sineret tembung dening jalma sing tan
rumangsa

arep owal nanging ora kuwasa
krasa binujuk nanging tan kinucaping basa
Jiwa raga lungkrah sinanthet tembunging jalma
ganda wangine sekar kecubung
endahing warni nanging mendemi
Nyemplung kedhung lewang lewung tan ana gandholane ati
mlaku sapolah tan ana wigati
sempoyangan merga ora ana sing diantebi
sinantet tembung iku mbebayani
Mula kudu wigati lan ati-ati, bareng ngugemi tembung waton
kang suci.

LELAKON
Ana lan sirna wis pinasti

yaiku lelakone jalma urip nang donya
Aja wedi ngupadi, aja kepencut gebyaring mawarni

aja gampang kepulut lan kepilu
Ajir ajer ajur kudu den lakoni merga dadi dhawuhi Gusti

tinumpang tumpang mung perlune bisa nampang
nanging repot tan kena sinawang
Njur piye ngadhepi lelakon iki?
lekakone urip, jalma sing nglakoni
nanging aja lali kudu ngudi kanggo nguripi laku.

15

TABUH
Tabuh tinabuh labuh subuh

wis wancine padha labuh, aja lumuh lan lungguh
ngumbara kagiring ladrang, ngupadi suh ben bisa gawe
nyusuh
Susuh batin nyawiji mijiling tembang macapat
maskumambang wus kaliwat
sinom kinanti dhandhang gula aja terus dadi kiblat
wus wancine pangkur sinebat sebat
kendel wani ngungkurake walate jagad, ewoh dene ben ora
kuwalat
merga kabeh wus pasthi sinurat sarat kasurat
mula elingana kiblate makripat
Mikir dzikir saka ati tumusing lair
sirna musna lelabet ala kudu sumingkir
iki wis wanci tabuh, ninggalake sipating lumuh.

WANCI RATRI
wus purna lelabeting rina nggo nggegayuh marem
kanthi lelabuh nuruti karem
durung wungkul wetahe raga
nadyan tan sambat nanging sinebat ana jroning batin
sinambi ngenggar sarira manjer ajiring ati kelawan ndedonga
ngrapal tutur suci minangkani dhawuhe Gusti
eling lan tuwuh pangrasa kaleksan
kanugrahan kang wus lumimpah dening kang Mahasuci
jenggirat laksa tan cinegat, mijil krenteging ati
mbabar jembar ngelar jiwa mungkurake perkara ndonya
sebat sinebat nyambat mring akarya jagad, murih lamat
sing kena kawaca nganti tamat
iki wayah ratri, wanci ginawe kridha batin ngasah landhep
lantiping ati.

16

WIGATI MIJIL
sinumpah sumpah jatine sukma kang tiniup tata lairing
manungsa
ngaku sujud nyembah mring kang kuwasa nata gesange jalma
tan serat nanging sinurat, thukul tumungkul tinulis kalis arupi
sabda
jalma wasis wicaksana ngrukup batin mrekes raga
kanggo njaga prabawane sabda
sukma sinumpah aja nganti mblarah angabrah abrah dadi bubrah
elingana wigatining mijil
dudu kanggo sujud marang winujud jalma lumrah
nanging ngapa akeh wong ngaku saleh ora pener anggone seleh
seleh jiwa raga tumumpang bondho marang sapadha
titip raga ninggalake sukma betheke mung golek mulya
jalma sinembah tan eling wayah
jalma pinuja tan etung rina
kareme mung golek mulya sak wetara kang bakale sirna
mula elinga lan mungkura saka gebyaring donya
kang rineka dening durangkara
melik wigati kanggo mijiling ati kang suci.

JALMA LIPAT
sinerating jalma lipat
ora lepat,
nanging durung mesthi
suraosing wasesa nora beda dening kang wus kasebat
nadyan katon lamat nanging yen tamat bakal nemu alamat
aja nyisa aja ngrasa bebatin asri kang wus sinebat
wasesa serat bisa mblarat, yen winaosing rasa kasebat kliwat
jejerna kanthi makripat
mungguhing rasa bisa miguna traping jalma nuwuh kalipat lipat

17

NGUPADI LELAKU
bebrayan agung mijiling ati
lembah linembah nyarupani guriting ati
tan tinedha daharan tansah njaga wewadi
ngungkurke sinebat sambat ancuring batin
tinutup geguyan lelakon kang sinambi
sedya wani ngadhepi leladining sepi
mungguh abot ya ora rinasa lahir
nanging mambrah nyundhes tetesing ratri
betah wetah tinatah wantah
ngempet mrepet ngupadi laku
nggugah rasa tan kena tinuku
nadyan angel lelabet sing kawengku
maekaning rasa cinandra ngerasa
mbedhal sabda tanpa ngudhal perkara/lelaku jati miwujud lathi
ngupadaya bathin gawe tentreming ati.

JEJERING ATI
ngejer panjer dadi jejer
milah wilah ukara rancah sing gawe bubrah
metek ati nyuluh batin rinengga puji
dhuh Gusti, ingkang peparing pitedah suci,
kula sujud sembah nyuwun pepadhange margi
ngupakara batin linenggah kahanan jati
tan ginosreh dening arupa swara kang edi nanging mbebayani
siningkiraken guna balak sing nyrimpeti
dhuh Gusti, ingkang peparing piwulang gati,
kula simpuh nyadhong dhawuh
sinungguh sekar suci ingkang maujud kalam Illahi
ngoncek wasesa kang binalut ukara
ngedohke prahara kang dhemen gawe bebaya
ringkes mrekes ngowali pangekes rupa dayaning jalma lan guna
karengkuh sabda tumusing sukma
mencirat sirat nglambari jejering ati.

18

LANTIPING BATIN
kasebat ananing kalam Illahi
kanthi ukara sing nyata lan cetha wela-wela
dudu mung warta nanging sabda kang winata tumraping jalma
ati kejer lathi geter raga kedher mangucap ukara sing kaserat
kebak rasa
wong kang lantip, batine mesti nyurasa rasa pangrasa
iklas ngungkurake perkara donya kang kebak nistha
tansah ngupadaya kasampurnan piwulang mulang jatine sukma
nginggati cidra lirwo mring sapadha
treping urip gumantung rasa
tanana serik merik kang sinedya
merganing bisa nuwuhake sangka panyangka
mbubrah kahanan kang wis tinata
mblabar sinebar ngabar-ngabar dadi prahara
luput sumruput tan kena tiniru
mungguhing batin bisa lantip tan bisa sinaru.

PAMULANGAN
piwulang agung mbabar wejang kahanane gesang
gesang kang bisa minangkani lenggah karsane sedaya kadang
para winejang kawejang nganti gambling
gamblang sing paring pepadhang kanggo sakabehing para
kadang
ing sak jroning tlatah pamulangan, siswa kajibah tapa
ngupadaya wasesa kang ginelar dening para wijang
mrekes sukma ngunggah sarira busanani raga
sadhar kadhadhar mulat jembare nalar
ora kena nolak kridha sinabda
ora kena ngelak kinedahing karsa
waspada ing pangrasa, ngrumangsa yen dadi siswa
paugeran akramaning basa kudu tinata murih lubering rasa

19

KANGEN IMPEN
layung nglayung amerga wuyung
wuyung ngening ring samubarang agung
kang dadi tetandha nyata dzat kang Mahaagung
rinubung sabda rinancah ukara tinarik rasa
rasa kangene para jalma mring kang Mahakuwasa
kepilu melu kepencut katut dadi atut runtut tur bisa dianut
ora salah nadyan ta seleh, ora bubrah nandyan lungkrah
nanging isih betah lan sagah tanpa pepolah
dhedhep madhep matebing ati
anut manut dhawuh lan timbalaning Gusti lewat para Nabi
tan bisa tinolak krenteging ati pengin nemoni
watu agung lan suci kang sinurat dadi saksi surgawi
mertadhani lelabuh jati para Nabi,
jalma purna kang pinilih dening Gusti Kang Mahasuci
tan kena sinulih uga tan kena sinilih
jejeg ajeg manjer rasa, surasa, guna, wasesa
kangen impen murih golek pepadhange ati.

NGLANGUT
Mikir nanging tan ana kang pinikir
ora nglamun nanging kadya wong kang nggegumun
meneng njinggleng nyawang jagad kaya peteng
mlaku ora krasa njangkah/lungguh ngerasa resah
nyawang ngalor katon kidul, mandeng ngetan tumungkul kulon
ngomong wis ora maton/waton omong dadi lelucon
mripate mblawur
munine ngawur
lakune tewur
pasuryane suntrut, lambene mbesengut
yen diajak mesem rasane kecut
dikandhani ora nurut merga ora bisa nampa sing dimaksud
wis kadhung kebacut olehe nglangut

20

TITAHING RASA
tan sinebat sak jroning lumampahing jalma
tan sinurat lawasing raga
ning wening hening kang bening bisa ngerasa
rasa kang sinebat kahananing sukma
bisa sambat tan bisa sinerat kang dadi kodrat
kinaleksan dening ulat pasuryan kang mulat
klebating rasa tinampa dening solah polahing sarira
welasing rasa kineblat mijil nuwuhke tresna
kang nuwuhke jilmaning asmara
lakuning bebrayat manjing kiblat tan bisa cinacat
mulyaning welas nuwuhke rasa asih tan bisa culas
rasa tan bisa sinalahaken nadyan direksa godha pineksa siksa
rasa wantah manunggal betah dumadi wetahing manah kang
tinatah
rekadaya maekaning cipta jinurung kanthi rasa
rekasa mulya titahing manungsa wus ginaris kanthi wasis tan
bisa winaris
nadyan ta waris tan bisa pinasthi
merganing rasa kinalis jati
jatining rasa manjing ngreksa jiwa nganti oncating sukma.

PRITHILING RASA
Cathasing nabda kudu uningani parikrama

cinethus alus rinasa ananing tata
tansah njaga kacithesing rasa liya
nora cunthes tata budhayaning praja
Pragasing tata tanarsa basa tanpa laras
bisa pruges trahing awirya luhuring tyas
prigis kalis kadya redi kelangan alas
jalma cidra tanpa rumangsa tinilar welas
Prithiling rasa bisa mijil wernining cidra
pruthuling jiwa ilang rumangsa tuwuh kumawasa
protholing karsa gesang daksiya tanpa wasana
pratelaning palaga kridha kang kebak sawala

21

GODHA
ora mung kang tumata
nanging akeh kang sumurub alus kadya sutra
godhaning donya bisa dadi prahara kang bisa nggredha
tentreming jalma
nanging gumantung sedyaning rasa manjer karep ngedohne
brahala
naming ati rumapet rempet tan kena trinobos alus kalaning
maruta
tinambat rasa nggantung sukma mbengkah bantala
mbuntet marga margining guna kang sinebar dening jalma lepat
linipat kliwat
tinitah titah tinatahe jalma sinipatan ala
cetha anggodha lantiping ati lan landheping driya
akeh godha kang sinebar lumantar ukara kang binalut kadya
sabda
was wising lembut nyarupani tembang surga
linantunaken kanthi melas merganing nyedhot welas kang tanpa
batas
ngudhal semuning sabda kanthi ukara rinacah
lembut rinacik larik sinandhing gendhing kadya kalam kang
purna
lumuntur lentur lebur nyawiji neng jroning ati sing ora gampang
diengeti
mula para jalma sipatana jalmaning urip lan uripana sifat
endahing jalma
sumingkirna bebaya godha kanthi waspadha ring soroting netra,
curiga ning wisike ukara
wigatekna obahing lathi,
mungkurna ulat samudana semuning gati.

22

JATI JALMA PINASTHINING JALMA
trutusane raga jalma ngumbara njangkahi donya
tan angen wayah solah polah isuk awan bengen tan rasa salah
ngumbar nafsu angah-angah kepongah tan ngeguhake jatine

winarah
kang sumrambah ing manah kanthi wisik tan minelah katatah

tanpa wadhah
rebut mbrubut tan rumangsa cukup nadyan wus membrah tan

kena rinaup
tan luput nanging uga kebacut surub merga bara birune donya

ora murub
peteng dhedhet tanpa suluh ora bisa gawe pepadhange ruh
lor kidul wetan kulon wis sinaban tanpa keluh
nanging uga ora nilaske suh sing bisa dadi pituduh
banjur apa sing digoleki lan terus apa kang disandhangi?
wus tinuduh cetha dening ukara sabda kang ngandhut rasa kebak

wasesa
tinulis ananing kitab suci kang purna purnaning jati,
yen kabeh jalma bakal sirna
samubarang nyata tan ana sing ginawa
kajaba mung telung perkara kang para jalma tuhu wus kabeh

waskitha
tan kena tinolak yen wus titi mangsa
sinigra sigrak lumaksana ngudi dedaya mutih punutih
ngudhuh waluyaning sedya.

23

PANGAWIKAN
Gagas bergas sigra langkahing jana
kang sinebut siswa
tetandha nyata ana perangan kersa
nggayuh tlatah pangawikan
ngrebut mulya kanthi luhuring cipta
karsa tansah nggegana binalut was-wasing rasa
nadyan sarira linenggah anteng, mustaka katon puyeng
ngening cipta ngawuni weda
pra kartikaning ndonya sedya budya mulat widyaning mulya

NENG NING NUNG
Solah bawa pangruwate jalma wes ora kena cinandra
munyer seser golek panguripan kang bisa nguripi urupe ati
laku tapa ngingkurke ndonya ngenepke rasa
neng tansah meneng, sila seba anteng, ngadoh saka gremeng
meneng ragane, meneng rasa lan pikire, meneng batine
netra jiwane anteng mandeng jati anane sukma
nutup rapet angsa karep babakan hawa sanga
tansah ngupadaya padhange ati kanthi ngrupakara dayane ning
ning kang manggen sakjroning batin, rasa, pikir, lan jiwa
weninge ati kang bisa tembus cahyane nur Illahi
weninge pikir gawe rasa jiwa manjer karep jejege dzikir
mothahing batin kang wening nggegayut rasa
nunggal karep murih bisa anggayuh nung
dumunung ana sakjroning jiwa, rasa, karsa, lan cipta
bisa ngrasa dumununge jalma urip nang alam ndonya
bisa rumangsa dumununge sukma, jiwa, raga
kang katitah dening kang Mahakuwasa
dunung dumunung kang bisa antuk kanugrahan saka kang Maha
Agung.

24

PAMBUKA JATINING JALMA
kanthi nyebat kang binungkus niat dumateng dzat ingkang
akarya jagad,
ingkang peparing nikmat tan pegat asih saha rahmat malipat
lipat
wus sinerat kasebat dening surat tan ana sing lepat
tuwuh pupuh pupusing serat kajaga para malaikat,
kang sinumpah sabda tan tinumpah
wetah wantah betah tanpa pepolah
seja numpah rasa lan wasesa marang para jalma
sinedya sak wiaring segara kang sinuguh mungguh kekareping
jalma
jalma lumrah pinanggenan lepat, nadyan wus sumumpah
sumpah isih mblarah
tan kena dilarah
sugih ucap acap kapocap ninggalaken adhap
murih ngilange rasa ananing adzab
tan ngelingi kang pinucap sak jroning limang wayah
tansah nyadhong jujuring lampah
murih margi margining jati murih kapilah dados khoirun umah
nanging winangsul malih apa kang senebat jalma lumrah
ingkang sinungan tumindhak bubrah
sirna pangucap, ngoncat manah loncat ageming pinucap,
nglali wayah kalaning sesumpah
jalma lumrah, eling den elingna,
ngugemi wasesaning jati kang wus sinumpahing sukma
njaga jiwa dalah raga murih bisa mulya.

25

SUWUNG SESRAWUNG
Tanpa wujud nanging ngemu maksud
pengine kabeh kang sinebut kudu manut
sapa kang mbalela bakal cinabut debut merga dianggep ora nurut
wes pancen ora cetha zamane iki, kok bisa sujud nganti kebacut
ya wes piye maneh,
apa pancen ndonyane wes kelangan rasa?
rasa welas wes ora diwawas, rasa asih wes kabeh sinisih
sapa sing tumindhak welas durung mesthi iklas,
merga golek tilas murih bisa entuk balas
sapa sing nrima asih durung mesthi yen jalma kinasih
nanging ben nyisih lan ora gawe wewara sing nuwuhke risih
ya wes piye maneh,
apa ya pancen zamane?
lek bener mengkono, tan luput maneh yen diarani jagad kiblate
wes malik
akeh wong ngumpul bareng nanging kabeh meneng
akeh swara gembrengeng nanging tan ana rupa kang dipandeng
akeh wong sesandhingan tan ana sesrawung,
malah padha tetandhingan adol tembung suwung
lhah, apa iki kang aran zaman sawung gruwung
kang linambari dening suwung sesrawung
akeh jalma wasis bingung
merga jalma kang sinawung suwung tanpa sesrawung.

26

LUMAKU LUMRAH
ana geguyaone kahanan zaman iki: rame ing pamrih sepi ing
gawe
sanepa rekane ukara rinacike tembung iki bisa dadi tuladha
lakune jalma
tetep cacahe tembung nanging beda larike tembung
nadyan ta mung beda lungguhing tembung,
wasesaning larik kang becik dadi kewalik
kasampurnan lumrah dadi bubrah mijil pangrasa dadi congkrah
mula tuladha iki bisa dadi kaca paugeraning lampah
jalma lumrah pancen wus sinung kanggonan salah,
nanging ora kena gawe bantah tibane sesolah
lumampah lumrah kudu jinurung kanthi becike manah
sedya mungkur saking pepolah kang tanpa winarah, ben ora
mblarah
nadyan ta sithik bedaning lampah, kahanan lumrah bisa brubah
pituturing para sepuh,
aja ngowahi adat nadyan ta wes bisa njangkah lan ndepani jagad
kahanan iki isih lamat, durung tamat
marganing jalma wes pinasthi dening kodrat
tan kena kawaca tan bisa sinebat
mlumpuk dhapuk ngruyuk werdining hakikat.

27

KEBACUT
Aku wes manut, nanging kok ora ana sing kena diturut
kang dadi panutan padha ewut tan kena tinurut
ndudut sebut tanpa kedhut, aluse jumput gawe atut
wes akeh kadadehan kang padha nuntut nanging ya malah
keplurut
gak manut kapecut,
meneng tanpa ucap kapesut,
rame melok rembug kesangkut
wes kudune kepriye kok malah dadi kebacut
bubut cucut dudut ewut wus tanpa wujud
rasa kerasa tan rinasa dadi mawut
omong sak omong wes dianggep ora gayut
yen paring pitutur nglangut ora kena dilarah kanthi maksud
akeh wong mbodhoni sing penting pokok katut
akeh wong sing ninggalke rasa, ngilangke jiwa, sing cacahe tan
bisa sinebut
endi sing diarani kurut lan endi sing luput wes ora bisa diusut
merga rasa pangrasa wes padha larut
siji-sijine wong wes carut marut merga kepulut
omongan mblarah jare patut, omongan bener malah disikut
pancen wes kadhung kebacut.

28

WUNI
Aku wes ngaku wedi nanging kok malah terus diwedeni
lhah, ..., kan malah padha dening mateni
aku banjur nekad wani, lho kok malah diomeli
terus kepriye iki, njur benere nang endi?
aku nyaba gak muni ben diarani tuli
eee....., malah dikileni karo muni-muni
ya ngene iki repote zaman kang wes adoh wuni
akeh wong rumangsa duwe idu geni tanpa ngelingi panguwasa
jati
wuiiih ...., kahanan mengkana iki tansah nggegirisi tur uga
mbebayani
akeh wong tumindak salah ora gelem sumeleh
wong tumindhak bener kanthi paugeran sing pener malah
diarani nyleneh
tumindhak wing salah malah ditutupi,
nanging tumindhak wong saleh malah diwirangi
njur apa sing dikarepne dening kahanan iki?
kahanan zaman wes adoh lakune, nanging keri paugerane
mlayu keplayu tanpa ana sing dituju,
apa sing dikarep mung golek geguyu
gawe pasemu ben dipada golek tetemu
wuni tan wuni den wuningana, yen laku lumaku kanthi laku
bakal bisa tinemu
laku bener bakal ketemu ilmu sing pener
aja nganti semu ing pasemon merga malah dadi guyan tan bisa
maton.

29

PITUTUR 1
Le, awakmu bocah mbarep dadia pengarep kang trep
awakmu duwe karep, kudu madhep manteb aja nganti kesirep
lelangen ala tinggalna, tumindhak cidra lan culika sirnakna
aja wedi kangelan, ngudia kawruh maja nganti pedhot ring dalan
Le, akeh bebana godha kang bisa dadi bebaya
regeting greget bisa lumebet dadi walet kang nyrimpet
ugemen ageman kang trep kanggo naleni karep sing manggon
ana ing idep
sawangen mendhuwur kanthi netra batin sorot cahyaning lintang
nadyan katon alit nanging gawe peoadhang endahe langit
nanging aja banjur nglangut mangut mung mikir impen kang
durung kabukten
delengen mengisar kanthi andhap asor bakal katon cetha sarane
dalan
jangkahana kanthi langkah sing tata
dhepanana linembar krama sing mapan
aja dumeh ben ora kaweleh
aja waleh, nadyan kabeh bakale sineleh.

GOLEK WERUH
Mbeber klasa kanggo seba

sedya ngudi urip mulya
ora mung mikiri ndonya
ngundhuh bagya nganti purna
Urip sak jeroning rasa
dudu raga dudu bandha
sing tansah kudu direksa
nanging jiwa tali sukma
Lungguh simpuh kanthi sedya
nadhah pituduh piwulang nyata
ora keguh godhaning netra
pengin weruh jatine waluya

30

PITUTUR 2
Le, anakku lanang, aja mung sangga wang
age-age gelisa tumandang,
aja mung nyawang
donyane wes katon padhang,
aja mung ngadhang nang ngarep lawang
lumakua bregas nanging aja nggragas ben ana tilas
aja gumampang nyrampang ring bebarang sing sinawang
aja seneng mbangkang mring pitutur kang bisa gawe pepadhang
Le, kowe anakku lanang, aja seneng ngumbar wara
aja gampang nolak sabda
lan aja dhemen sumedya ala
lumakua jejeg kanthi pengadeg kang ajeg
aja mandheg nadyan ati lan pikir ngrasa sumpek
Le, anakku dadia satriya kang kebak rasa
tinggalna rumangsa bisa ben bisa ngrumangsani kahanane diri
aja kladuk wani tanpa ngelingi urupe geni
cagerna wani kathi mili mateni urupe geni kang mbakar jroning
ati
Le, kowe wes gedhe lan dewasa, ndang mlakua
tak sangoni cindhe sutra kang cumandhok ring sukma,
aja nganti diilangna
budya ngupadiya sarana tumraping urip ring donya
kanggo sangune mbesok ring alam baka
Le, pitutur luhur aja dilalekna,
ugemen lan agemen dadi gegaman murih bisa aman.

31

WISIK ATI
manungsa kabeh duwe ati
ati kang kinodrat suci, resik saka serik lan sirik
resiking ati aja nganti diregeti
regeting ati bisa thukul sipat nistha kang tumindak mbebayani
ati bisa tuwuh kalair edi peni sarana siniram banyu suci
ati bisa nungkul pasuryan kang bening sarana rinabuk dening
hening
weninge ati bisa njebul tumusing lathi, mawara tembung kang
nyurasa gati
ati kajibah dadi pager lan paugeran urip sejati
sedya sekabehing karep tansah den elingne dening ati
karep seja ala, ati wis waspada
ngusik batin kanthi wisik suci
nyegah rasa cidra, culika, cuwa, lan ngedohna sipat drengki
ati wis kinodrat suci
nisthaning laku manungsa dudu merga alaning ati
nanging wisike ati ora kuwasa nembus kandele ala kang
binungkus napsu kewani
sak ala-alane tumindak, batin manungsa isih ngrasa yen
tumindake murang tata
mung rasa batin kang sinebut wisiking ati ora kuwasa nyegati
wisik ati bisa nyerambahi urip jati kanthi laku suci
laku suci kang tansah nyaket dhawuhe Gusti
mbukak amba talingane rasa, mbabar jembar waskithaning pikir,
nipiske ngangsa kandeling karsa
rumasuking wisik bakal nuwuhke urip sing becik.

32

JARE WONG TUWA
Wes sun ngerasa paran hang aran muliya
sing mung welas nong hang aran bandha, parandene hang aran
tahta
mung ati hang bisa ngerasa
ati hang duweni ati, ati hang bisa ndhemeni, ati hang bisa sun
ngerteni
kadhung sing ana hang bisa ngimbangi mandanea nelangsane ati
cager senenge urip bareng bisa urip nguripi
wes lawas isun lan rika kabeh welas nolet bungah urip bareng
ring ndonya
mula sun lan rika, aya nolet muliya bareng seneng lan rekasa
myene bisa dirasa
gedigu ujare wong tuwa/kelendi maning kadhung sing bisa
nampa
gok susahe rika paca bakal sing nana muliya
mula hang gati nong paran jare ujare wong tuwa.

URIPE MANUNGSA
urip iki peparinge Gusti
manungsa sak derma nglakoni, kudu bisa ngati-ati
aja nganti kena bilahi
cidra, culika, lan prasangka, sipat ala sumingkirna
laku gawe cuwaning liya
ngupadaya tentreming ati, rekadaya kudu setiti
waspada lan ngati-ati, adoh mala kang mbebayani
aja sembrana tatane kekancan, ugemana krama nang liyan
elingana urip mung sepisan, aja nganti dadi batihe setan
setan iblis sambat gerah, yen ngadhepi limang wayah
ora bisa gawe congkrah, jalma nyandhang pasrah manah
urip iki peparinge Gusti
Gusti kang akarya jagad
jagad rina, jagad wengi kang cumandhok sak jroning ati
ati kang ngedhep darma lan bakti.

33

AJA LIRWA
Pengin mulya kudu wani rekasa
iku pituture wong tuwa
nanging kasunyatane akeh dilirwane
akeh wong pengin mulya, wegah rekasa
kosok baline, akeh wong rekasa, nanging malah kalunta-lunta
sengsara
akeh wong pengin sugih donya brana nanging ora gelem kerja
malah nglamun golek cara laku culika,
akhire tuwuh perkara kang mbabrah nang babagan pidana
ana maneh wong crita pengin urip tentrem
nanging ora gelem meneng, seneng golek meleng, tansah
nggugah turune gurem
jare karep ing tembe pengin golek swarga
nanging dedalane laku malah diklimprakne
krungu adzan malah dolan,
ana komat malah minggat,
diajak sholat jare ora sempat
ya iki sing jenenge wong nekad, kumat, sekarat, mblarat.

SING MBOSENI
Banyuwangi, masyarakate wong tani
sing nana hang mboseni
arep paran bain ana hang nyukupi
maceme panganan sing mung siji/rujak soto, sega tempong, pecel
rawon hang ngangeni
sale pisang, bagiak, klemben hang aran roti
rujak lethok, rujak singgul, rujak cemplung, rujak wuni
uga akeh panggenan asri kanggo rekreasi
Muncar, Lampon, Grajagan, Plengkung, uga Blimbingsari
Taman Suruh, Mbedhul, Rawa Bayu panggen hang asri
alas Purwa, Pulo Merah, Watu Dodol, Kawah Ijen dirumati
kabeh asri sing nana hang mboseni.

34

PANGELING-ELING
Wes kondhang kaloka
yen watu bacan ki regane mayuta-yuta
njur kanggo apa?
akeh wong kang sinubya merga duwe watu bacan sing gedhene
sak mesa
terus njur kanggo sapa?
ana wong crita sing wes tau ngumbara sak antero ndonya
saiki njur arep ngapa?
akeh wong sing wes sundhul jutul tlatahe pamulangan para
sujana
banjur saiki entuke apa lan ngapa?
akeh wong edan ngupadaya pangan direwangi bacokan
yen ngana kuwi salahe sapa?
akeh jalma olah jiwa tan ngetung rekasa
njur nggolek apa?
akeh para mudha ngolah raga golek digdaya
terus ben apa?
kabeh padha ngelingana, yen wayahe raga sukma wes cedhak
sulaya
sekabehing seja sing wes diupadaya yen tan rinasa ora bakal
miguna
mung jatine niat kang bakal kepikat nganti tamat,
sing kena kanggo lamat mbesuk yen wes titi wancine mlebu dina
kiyamat.

35

RASA
Daya dayaning jati tansah murub sak jroning ati
nunggal nyawiji dadi siji
mandeng rasa karsa kang wujud karya
lirwaning lampah kena cinandra cidra mring sumpah
sumpah kang tan rinasa tuwuh karsa dadi culika
kahanan iki sing gawe dedalane lampah dadi bubrah
mripat kang wis winahyu dadi pepadhange laku tansah elu
bisa makripat yen sinipat malaikat
uga bisa bengis yen ketaman sipat iblis
sipat sinipat ora manggon ana mripat
nanging manggon sak jroning jagad sing ngrumat sejatine jasad
kiblat papat lima pancer kang manjer lumakune jasad
manjer njejer pener bisa bener yen linambari kanthi tirakat
akeh piwulang agung sing wis dinengung tanpa suwung
nanging mung tinampa kadya kidung sing tinutup krudhung
krungu nanging ora dirungu, uga krasa nanging ora dirasa
rasa lan karsane munggah gunung
nanging makaryane nyemplung kedhung
apa ora keduwung?
murube daya merga tata rasa lan karsa sing nyumurub mring
lakuning karya
jejegna tata rasa lan karsa kanggo ngupadaya urip mulya.

36

NEMU TINEMU
Urip ora mung saderma nglakoni

mulat ngupadi sejatining wadi
nemu daya kang durung muni
murih mulya kang nyantosani
Nanging eling den elingna
akeh lelali ilang waspada
lelaku karsa dadi sembrana
sirnaning mulya urip rekasa
ndedawa laku kelara-lara
Sejatining akeh tinemuning liya
kang becik bisa dadi tuladha
durung kadhahar kanthi rinasa
wis cinandra alaning rupa
Yen keduwung ati serik
pitutur apik dianggep sirik
kasingkang mungkur tanpa dilirik
durung rinasa wis tinampik
Sedya pengin urip mulya
setuhu mingkur karsa angkara
nemu gayut tinemuning liya
ngedoh karsa kang dadi mala
sagah mulat ngupadi rahayuning praja.

PANGAYOMAN
Jalma limrah naming sak derma titah

nanging asring kadunung cidra ing lampah
ngupadya adoh anggak asoring manah
nyegah dhawah dukaning Sang Mahafitrah
Jalma tinata gesang ing madyapadha
ngupadi pangoyamaning Hyang Mahakuwasa
murih rahayuning ratri mrekes lakuning durjana
mugya tan cinaket dening samubarang ala
Awandaning ratri tan bisa kaeksi

37

kadya sekathahing jalma kang nggembol srei
tansah ndhedhepi lenaning ati
kirtya ngudhal rasa pralayaning jati
Jalma sudra tansah gawe mala
asoring jiwa mijil mulating guna
mantra luputing jalma nggegana jumantara
nyebul uluning jalma lumaksa bebaya
Mula tansah uninga mring akarya jagad
tinggalna laku ala kanthi bundering niat
rumeksa jiwa metek rasa margining tobat
urip sak madya dadya mulyaning umat

KACIREN
wis wanci dadi kaciri
ora bisa dilali
nadyan kipa wegah, tan kena diinggati
tetep nemplok dadi siji
dudu wadi dudu nyali
kasunyatan tumindaking pribadi
dibenci ndadi, digething mithing, dislenthik mletik
melik-melik dadi melok-melok
laire ndelik, batine ndelok
merga akeh wong padha alok
nadyan wis sinimpen rapet, tetep ora kebuntet
merem dhipet, mripate sepet
atine nggeget, pikire dadi cupet
malah gawe laku kesrimpet
lakune urip kudu nduweni tata
sapa sing tata bisa nggayuh purna
wong kang titi gawe senenge ati
sapa sing tatas bisa mentas
nggayuh mulya, aja gawe cuwaning liya
mentasing bebana, aja nganti nuwuhke bebaya
merga gawe sengsara kabeh sing ngawula
mula aja kladuk gawe rekasaning liya.

38

UNEN-UNEN
Unen-unen unenane prawijang
bisa dadi tetalang lakune wejang
sanepa, wangsalan, uga paribasan
nanging ora kecandhak wasesa kang kawejang
akeh kawula kang padha nyimpang
wedi kangelan, golek gampang
mula akeh tumindak sing mblayang
unen-unen wis kapilang maknane
tembung sinambung mung kari mligi ukarane
tutur tinutur tan ana paribasane
wis blak kutang apa anane
lagi bisa tinampa apa karepe
sebut sinebut wis sak kepenake
sambat sinambat ora bakal dirungokake
tudhuh tinudhuh malah dadi pakaryane
tabok tinabok nyilih tangane tanggane
apa kahanan kuwi bakal selawase?
kudu dilerem, ben bisa tentrem
ngresiki mala sing dadi gurem
ben ora nyisik merga keroken
megawe sing temen, ben uripe bisa ayem.

39

BANYUWANGI
Banyuwangi, katon asri jenggirat tangi
sing nana turune masia bengi
lare-lare Using hang mandhegani
mbangun daerahe sing nana iri
bareng kabeh masyarakate rukun nyawiji
sing nana pegate nguri-uri seni budhaya luhuring budhi
Banyuwangi sugih seni
janger, gandrung, seblang, angklung mbali-mbali
rengganis, kuntulan, kendhang kempul sing nana hang mati
nyanyi uga tari Banyuwangi wis nduweni cirri
edi peni gawe bungahe ati
kondhang sak jagad Nusantara nganti luar negeri
lare-lare Banyuwangi, aja dilali
mbangun tanah kelahiran sejati
sing nana mati, nganti tumekaning pati.

NGANGENI BANYUWANGI
Kadhung kelendi isun sing bisa lali
ngangeni Banyuwangi dadi tuladhane negeri
kuthane asri, sing nana hang korupsi
masyarakate rukun nyambut gawene utun
para pejabate gelem mudhun ndeleng sarane wong dhusun
aja mung nglamun, dadi omongan kelantun-lantun
sing bisa mbangun paran jare getun
Banyuwangi, paran hang rika antepi?
Banyuwangi, osing tah bener jenggirat tangi?
pendidikan hang maju aja nganti dilalekne
nggebyar ilmu kanggo ningkatke sumberdayane
mumpung rakyat isih gedhe semangate
pemerintah aja mung mikir ekonomine
mbangun budhaya pendidikan dadi makmure
pejabate adil, rakyate ayem uripe
Banyuwangi, ayo njenggirat tangi, sing nana tembung jare.

40

NGLAKONI URIP
Ana unen-unen Jawi
urip mung saderma nglakoni
unen-unen iki kadya kurang gati
merga dadi sekareping ati
tan ana daya kanggo nguripi
kanton mung pasrah, lan bisa uga dadi mblarah
merga bisa ngemu wasesa kepenak
samubarang jadya wus cumepak
nadyan tanpa nuwuhke kandeling tlapak
nanging sejatine ora ngono
sejatining uni mugi bisa dadi wuni
uripe manungsa wis pinasthi dening kang Mahasuci
nanging kabeh pinasthining urip, manungsa ora bisa ngerteni
mung ngerti pesti, yen kabeh urip bakale mati
manungsa bisane mung nglakoni urip kang nastiti
ngupadaya panguripan sing bisa nguripi
nguripi jiwa, raga, rasa, pikir, lan ati
manungsa ora kawenang gawe kapesthen
sumakawis kang wis linaku, asile gumantung kersaning Gusti
wis sinebataken nang kalam Illahi
manungsa aja nganti ngucap pasti apa-apa kang durung dilakoni
merga apa kang dipesthi durung mesthi kadadi
mula urip kudu sing ngati-ati.

41

ILIRING MANUNGSA
ilir-ilir alire piker

golek pepadhang lumantar dzikir
ngedohke cipta sing rasa fakir
yen nganti luput bisa kafir
Ilang nikmat tanpa sinakir
Ulur-ulur alure atur
kanthi basa tanana cinatur
nyambung rasa akeh batur
luputing tutur tansah kalebur
lara lapa tansah kalipur
Ular-ular ulire nalar
akeh sabda sing kawedhar
gawe mulate dhadha lumembar
nuwuhke rerasa sing sabar
sega sak upa dadi babar
Olor-olor elare rasa
nyambung tresna tansah sinedya
tansah rinaket talining sukma
laku sak madya tanana cidra
kanca rumaket tanpa brahala
Alar-alar ulare kridha
akeh tumindak kang tanpa rasa
bisa gawe bubrahing tata
alaning laku padha singkirana
nglembari karsa kanthi eling lan waspadha.

42

KEKANCAN SEJATI
Margining waluya jati
nyawijining raga sukma kerana Illahi
jembar rasa luhuring budhi
kersa asok kaluputan kapocaping lathi
nyadhong deduka kanthi andhap asoring ati
sugih pangapura kang kawanti-wanti
manjer rasa tan pedhot sesambungane ati
nadyan adoh tan sinapa tetep den engeti
tan ana pegating donga ing wanci ratri
tansah tinata lariking kersa ingkang ngangeni
tanpa cidra kang nggugah rasa dengki
nginggati lelaku ala kang nggedhuk cuwaning ati
mendhem perkara kang bisa ngudhal rasa drengki lan iri
bisa ngrasa rumangsa lan bisa ngrumangsani
tan kena cinandra lubering bekti
mulating sarira tansah ngayomi
jejering laku kang bisa dadi kekancan sejati
mula aja nganti dilali
mlaku wigati lan ngati-ati
merga manungsa ketaman sipat melik nggendhong lali.

AWOH AWEH
Awohing rasa mijil tinata dadya tresna

owahing karsa bisa tuwuh sudraning jiwa
ewuhing kridha tansah antuk margining mulya
awehing darma tanarsa pegat talining wangsa
Olah pikir kedah sinandhing raketing dzikir
oleh sedya kang karengga tataning lair
eluh kaeluhing guna tebih sarwa sumingkir
eloh batin mantebing karya tanpa kuwatir.
Mingkur rasaning liya bisa tuwuh tumindak ala
mungkur tataning jalma bisa ngrusak tentreming rasa
mungkir ananing nyata bisa cidra dadi sawala
mangkir mulating sarira tan bisa ngerasa jatining mulya

43

KEGEDHEN RASA
Tan ana liya titahing donya

kang paripurna kajaba manungsa
nduweni rasa, jiwa, uga budhaya
nanging uga kasipat cidra lan durangkara
Akeh manungsa kegedhen rasa
cidra tan ana rumangsa
tan eling mijiling mula
tansah anggak ambek paramarta
Manungsa kang kanggonan rasa
manembah mring Hyang Mahakuwasa
ora kepencut gebyaring ndonya
tan bisa katut lirwaning rasa
Sapa cidra cikaling rekasa
sapa temen tinemu mulya
sapa culika katiwas baya
sapa waspada ketaman bagya

TUTUH
Tutuh tatah, kang tinutuh bakal tumatah

bisa tuwuh kahanan bubrah
jalaran tata wis kepolah
pindha yaksa ketaman panah
Luruh larah, kang kaluruh dadi lumarah
luruh kang tuwuh kaweruh
nglarah rasa tansah rumangsa
bisa linarah jatining karsa
Suruh sareh, ngangsu kawruh kanthi sareh
kawruh kang tansah sumareh
lewat pituduh kang sarwa tinoleh
minangkani pupuh tanpa kaweleh
Pupuhing tutur dadi papahing atur
Luluhing catur dadi lelehing batur
Ruruhing rasa dadi rarahing karsa
Suluhing nala dadi selehing atmaka

44

TANPA DZIKIR
Tansah sinebut kanthi sekathahing warah

jalma tinitah kajibah mangejawantah
ngolah kridhaning pikir kang sumarah
mikir kelire donya dadya listyaning manah
Gesang mring donya tansah sinubya dening rasa
rasa kang tan arsa cinandra
ngarsa yuwana nanging kayungyun godha
asring tuwuh bebaya kang dadi mala
Jalma limput kaliwat saking
mikir luput tan kena dipenging
tumindak cancut ngungkur kaweling
dadi kebacut tan ana kang dieling
Akeh jalma wis misuwur ing piker
nanging nora sithik kang kepluntir
kedanan godha kekaryan kang mlintir
jalaran makarya tan ana dzikir

JALMA LUHUR
Sinerating kintaka jumantara
jalma sinabda dadya trahing awirya
misuwur luhur ciniptaning asma
kirtya wicitraning sasana tumrap gesanging sedya
tansah ngupadaya rahayuning praja
tan arsa lumaksita kang nganiaya
wani rekasa mring karsa tanpa tinilar rasa
lamun janma bisa ngupakara jatining sukma
rasa jatining mulya bakal tinampa
tan ayun kayungyun kahananing lamun
naming uga tan kena sinelaking ayun
merga janma nyandhang limput saha walang-kayun
nanging tansah uningana
Kang Mahakuwasa tansah paring panyuwun kekayun.

45

NGGAYUH RASA
Karep mulya kudu wani rekasa

nihiling serik tan ana laku nistha
tetilik becik samya mitra lan tangga
tinebih karsa saking mala brahala
Rinaketing rasa mring sapadha
tuwuh bekti dadya sentana
nadyan dudu kadang wangsa
umyang kridha tan ana daksiya
Sinambung rasa lumantar sabda
tanpa tinilar subasitaning basa
njaga tata laire budaya
tansah ngupadi tentreming praja
Jalma waskitha tumindak sak madya
mingkur saking cidra sinawala
tansah njaga sinambunge rasa
lamun kinarsa bisa atur luhuring wursita

CAHYA DEWANGKARA
Sorot cahya suminaring surya

tumiba rata ring dhadhaning arga
kadya mubaling dahana nggugah sepine wana
nadyan sang bagaskara durung katon ring netra
Prabata sinabda gagah prakosa
kajuwara nggegana nggadhuk mega
sinawang kadya anggayuh dirgantara
redi sinurat nyata tindhihing bantala
Dewangkara lumampah sigra lumaksana
mbikak rasa garbane bawana
Jenar sumirating surya nungkul cahyaning badra
sirna daluning rasa dumadya mekaring karsa
Padhanging donya mugya dadi sumilaking rasa
rasa mulya kang kinarsa dening dwalaning driya
tanana cidra tumindaking jalma
ngupadya raharja waluyaning karsa

46

BUNGAHING ATI
Mijiling cahya sumilaking surya

gawe ngrembakaning titahing donya
katon padhang sesawangane rina
nuwuhke suka ngilangke cuwaning rasa
Cahyaning surya miguna kalaning rina
lelangene mega tan kena kinira
asmaraning bantala nyedhot lingsire surya
ilange cahya tetandha purnaning rina
Katresnaning jalma tan kena cinegah
ulating wulan ndhadhari nambahi bebungah
nggugah reksaning wengi rinasa sumarah
nggelar wunguning rasa tansah sumringah
Tan kena cinandra bungahing ati
tan pegat raosing syukur ingkang wigati
tansah nenuwun dumateng ingkang murbeng dumadi
Mugi sekathahing donga dipun ijabah dening Gusti

URIP KEPENAK
Mangan enak lawuhe luwe

urip kepenak kudu patheng megawe
gelem sumanak murih akeh kancane
lamun wegah disanak uripa dhewe
Males iku susuhe setan
seneng nyiku bisa kedrawasan
gak bisa mlaku tanpa panutan
bisane ngaku pakaryane liyan
Aja dumeh urip nang donya
praene sumeh ngerti nang kanca
perkara remeh samya disepura
bisa sumeleh tan ana sawala
Seneng mungkur ananing catur
tansah akur marang sedulur
ora nyingkur wacana luhur
tan kena diukur lantiping tutur

47

BEJA
Saiki lagi usum beja

akeh wong padha beja
pokok gelem manut beja
manut karep isa beja
sapa gelem melu beja
yen gak nurut ora beja
Beja ora mesti bisa
beja ora kudu wignya
beja ora merga uninga
beja ora nganti juwara
beja ora perlu rekasa
Akeh beja ora bisa apa-apa
bisane mung mbejani liya
akire dadi tukang beja
merga bisane naming beja
rame beja sepi kridha
Becike beja kudu sembada
wong sing beja nyata widura
prigel ing karya tanpa cela
bisa ngerasa luhuring liya
ora mung beja tan ana nyata

NGATI-ATI
Ora kaprah

merga kahanan ora lumrah
samubarang kabeh rinubah
nanging durung ana tambah
naming waton ana solah/ngocak rasa nambah resah
Bisa rumangsa
kanggone urip tatane jalma
aja nganti kladuk ing karsa
netepi karep gandhenging rasa
ora sekarep molahing tata
Rumangsa bisa
mbebayani yen diterusna
merga salah ora rinasa
bisa bubrah tanpa miguna
pungkase karya malah daksiya

48

Aja nggragas
mlaku sak mlaku kudu digagas
ngedohana tumindak kang culas
ngati-ati aja nganti tuwas
merga bisa dadi ketiwas

SABDA NYATA
Hyang Mahakuwasa tansah ngrumat

ngluberi nikmat tumraping umat
tanana sawiji kang kelewat
nadyan titah kang tanpa keblat
Nyata sabda kang wus sinurat
kasebat woh-wohan kang dadi obat
riwayating arga pakuning jagad
kutha kang aman sinipat keramat
kanggo njaga keslametaning umat
Jalma kacipta luhuring titah
kajibah mikul gedhene amanah
uga kadhapuk dadi kalifah
mula kudu bisa sumarah
njaga tatanan tan kena mblarah
Luhuring jalma bisa lumengser
lamun rasa karsane ndelawer
kasoran rega kewan sing dikeler
merga tumindak wus nglali angger
Lali-lali den elingna
akeh wong lali kang tanpa guna
merga nyipati enake ndonya
tan uningani ananing sabda
kabeh bebudhi kudu disampurnakna

49


Click to View FlipBook Version