BAHASA JAWA
WULANGAN 3 RUKUN
AGAWE SANTOSA
KELAS 5
rissa patriasari
Sdk St Aloysius
RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA
WULANGAN 3
RUKUN AGAWE SANTOSA
1. Jinise Basa rinengga
a. Tembung saroja
Yaiku tembung loro (2) kang tegese padha digandheng dadi siji dianggo bareng
duwe teges mbangetake.
Tuladha :
gagah pideksa
sekti mandraguna
sugih brewu
b. Tembung camboran
Yaiku tembung loro (2) digandheng dadi siji nuwuhake teges anyar.
Tembung camboran ana 2 yaiku
- Tembung camboran wutuh
Tuladha : nagasari, kacamata, dadargulung
- Tembung camboran tugel
Tuladha : dubang ( idu abang), bangjo (abang ijo)
c. Tembung entar
Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese
dadi beda saka asal-usule.
Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan) utawa tembung kang
ora kena ditegesi sawantahe bae.
Ing basa Indonesia diarani kata kiasan.
Tuladhane:
adol ayu = ngendelake ayune
adol bagus = ngendelake baguse
adol gawe = ngatonake pegaweyane
adol kringet = nyambut gawe
kandel kupinge = ora nggugu pitutur
kaku atine = tansah ora sarujuk/sulaya
2. Gatekna wacan ing ngisor iki!
a. Kang kalebu tembung saroja yaiku :
- Padhang sumilak
- Jembar bawera
- Suka parisuka
- Sumyah gumbira
- Tiba glangsaran
b. Kang kalebu tembung entar yaiku :
- Praupane peteng, tegese susah
- Dawa tangane, tegese seneng nyolong
- Owah dadi udan , tegese nangis
- Kandel kupinge, tegese ora ngrungokake
- Ngabangake kuping, tegese gawe nesu
- Entheng tangane , tegese seneng moro tangan utawa nggepuk
- Tipis lambene, tegese seneng ngomong
3. Gatekna teks ing ngisor iki!
a. Kang kalebu tembung camboran :
- rupane abang
- gedhe dhewe
- angin gedhe
- layangane pedhot
- kalah gedhe
b. Kang kalebu tembung saroja
- Sumilak padhang
c. Kang kalebu tembung entar
- Gedhe endhase tegese sombong / umuk
- Padhang atine tegese seneng
- Pedhot atine , tegese susah, gela
- Ngabangake kuping, tegese garai nesu
- Gedhe omonge , tegese sombong / umuk
- Semplah atine tegese susah, sedhih, utawa gela