The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Rissa Patriasari, 2021-01-05 23:42:43

WULANGAN 5 KELAS IV

ENDAHE NAGRIKU

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA
KELAS 4 WULANGAN 5
ENDAHE NAGRIKU

1. Indonesia iku negri kang endah banget.
2. Endahe alam Indonesia.

Wisata Selecta ing Malang

Wisata Pantai Klayar ing Pacitan

3. Masyarakate duwe budi pakarti , kabudayan, lan kasusastran kang luhur.
4. Seni lan budaya arupa dolanan karo nembang tembang dolanan.

Bocah-bocah padha nembang tembang dolanan cublak-cublak suweng

1

a. Tembang dolanan yaiku salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake
bocah-bocah nalika dolanan.

b. Ing jaman biyen bocah-bocah padha nembang dolanan ing latar ing wayah
awan lan sore, uga nalika padhang rembulan wayah wengi.

c. Ciri-cirine tembang dolanan yaiku :
- Basane prasaja lan gampang dingerteni.
- Jumlah baris/gatrane uga winates.
- Cengkokane prasaja.
- Biasane ditembangake sinambi dolanan utawa jejogedan.
- Isine bab sing selaras karo kahanane bocah.

d. Tuladhane tembang dolanan :

Kupu kuwi
Kupu iku dak incupe
Mung aburmu ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrana mrene mung saparan-paran
Sapa bisa ngincupake
Mentas menclog cegrek
Nuli mabur mbleber

Jamuran
Jamuran ya gegethok
Jamur apa yan gegethok
Jamur gajih brejijih saara-ara
Sira badhe jamur apa

Bulan gedhe
Bulan-bulan gedhe
Ana santri menek jambe
Ceblokno salining wae

2

Mumpung jembar kalangane
Mumpung gedhe rembulane
Suraka surak hiyo

Santri yaiku bocah sing lagi nyantri tegese lagi sinau ing bab ilmu agama
lan ilmu liyane.
Ceblokna yaiku tembung pakon sing isa nuduhake supaya gelem weh-weh
marang wong liya wujud saka tresna asih mring sasama .
Mumpung jembar kalangane , tegese mumpung isi hana wektu lan diparingi
rejeki.

Gundhul-gundhul pacul

Ilir-ilir

3

Jaranan

4

5. Nulis aksara jawa

Pasangan

1. Gundhul-gundhul pacul

5

2. Gugur gunung
6


Click to View FlipBook Version