The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Rissa Patriasari, 2022-03-29 21:47:08

WULANGAN 7 KABUDAYAN JAWA

KELAS 5

WULANGAN 7 KABUDAYAN
JAWA

KELAS V (LIMA)
SDK SANTO ALOYSIUS T.P 2021-2022

RANGKUMAN BAHASA JAWA
WULANGAN 7 KABUDAYAN JAWA
KELAS 5 SDK SANTO ALOYSIUS

T.P 2021 – 2022
1. Wayang asale saka tembung yang utawa hyang.
2. Wiwitane anane wayang iku dadi srana kanggo muji syukur, nelakake rasa panuwun

marang Gusti Kang Murbeng Gesang.
3. Wong kang nglakokake wayang diarani dhalang.
4. Piranti kang digubakake ing pagelaran wayang yaiku:

a. Wayang kulit , yaiku wayang kang digawe saka kulit.
b. Kelir , yaiku kain mori werna putih didadekake geber.
c. Blencong , yaiku lampu , pepedhang kang madhangi kelir.
d. Gedebog, gunane kanggo nancepake wayang.
e. Cempala, digawe saka kayu, dithuthukake ing kothak dening Ki Dhalang.
f. Kepyak, wujud wilahan tipis , cacahe ana 3-4 lapis. Gunane meh padha karo cempala

nanging swarane beda.

5. Pandhawa yaiku tokoh ing pewayangan kang cacahe ana 5 lanang kabeh, yaiku:
a. Yudhistira

1

b. Arjuna

c. Bima

d. Nakula lan Sadewa

6. Teks crita wayang yaitu teks kang isine nyritakake lakon wayang.
7. Lakon wayang kang ana ing Jawa iku sumbere saka epos Ramayana lan Mahabarata.
8. Unsur intrinsik ing teks crita wayang:

a. Tema
b. Paraga
c. Watak
d. Setting utawa latar panggonan, swasana, lan wektu
e. Amanat utawa pitutur luhur
9. Crita wayang Ramayana nyritakake lelakone Pandhawa lan Kurawa.
10. Pandhawa iku satriya kang luhur bebudine.
11. Kurawa iku watek asor ing budi, ngambar angkara murka, lan adigang adigung adiguna.
12. Crita wayang Ramayana nyritakake katresnan Rama lan Dewi Sinta. Dewi Sinta diculik
dening Dasamuka, Prabu rama dibiyantu Anoman lan bala wanara. Ing pungkasaning crita,
Dewi sinta lan Rama bisa urip kamulyan.
13. Tatacara gawe ringkesan crita:
a. Ana judhule
b. Kudu bisa mangsuli pitakon apa, kena apa, kapan, ing ngendhi, kepriye
c. Ana amanat utawa pitutur
d. Ditulis kanthi tata tulis ejaan kang bener

2

14. Carane crita kang becik antarane kaya ing ngisor iki:
a. Swarane, nalika swarane kudu cetha pangucapane.

b. Lagu-wiramane , nalika crita kudu bisa nggunakake lagu-wirama kang becik.
Endhek dhuwur, banter-lirihe swara nyebabake crita dadi narik ati turap sing
ngrungokake.

c. Solah bawa, yaiku obahe awak, jumangkahe sikil, kumlawene tangan, kedhepe mripat
kudu dicocokake karo isine crita.

15.

16. Wacanen teks ing ngisor iki:

3

4


Click to View FlipBook Version