Titikane teks deskripsi kaya ing ngisor iki :
a. Bisa nggawe pamaca utawa panyemak bisa ngrasakake lan weruh dhewe bab
sing digambarake
b. Nggambarake sawijining bab
c. Menehi panjlentrehan ngenani objek kang didiskripsikake, bisa awujud werna,
ukuran, sifat, lan liya-liyane
d. Nggunakake panca indra
Jinise teks deskripsi yaiku :
1. Spasial yaiku teks deskripsi kang nggambarake among awujud barang, papan
panggonan,lsp
Tuladha:
Ruangan guru ana ing sisih kiwa gapura sekolah. Ruangan iki, sing didominasi
putih, duwe area sing padha karo kelas, sing 5x 7 meter persegi. Ing kene, ana 10
meja lan 20 kursi khusus sing diwenehake kanggo guru. Ing ngarepe, ana papan
panandha lan meja lan kursi. Ing pojok sisih tengen ruangan, ana gendera abang
lan putih sing digantung ing flagpole ukuran ukuran.
2. Subjektif yaiku teks deskripsi kang njlentrehake objek adhedhasar kesan penulis
teks kasebut
Tuladha :
Bakso Pak Soleh salah sawijining bakso kang paling enak ing daerahku. Baksone
digawe saka daging sapi kang emouk lan enak ing ilat. Ukurane kang cukup gedehe
beda karo bakso ing umume. Biasane bakso bentuke bunder, ananging bakso pak
soleh bentuke segitiga. Ora naming baksone kang enak ananging miene kenyal
kang digawe saka tepung pilihan. Ditambah duduhe kang nikmat lan gurih iso
nyawiji karo bakso lan mie ne. duduhe digawe saka bumbu-bumbu saka warisan
keluarga kan dirahasiaake. Iku kenapa baksone pak soleh akeh kang remen.
3. Objektif yaiku teks deskripsi kang njlentrehake objek apa anane adhedhasar
kahanan objek sanyatane tanpa tambahan opini saka penulis. Medharake identitas
objek kang digambarake
Tuladha:
Candhi Barabudhur mujudake candhi Buddha kang digawe ing abad IX dening
Raja Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka
wangsa Syailendra. Candhi iki minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat.
Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan
Kabupaten Magelang Jawa Tengah.
Candhi Barabudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan
telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki
direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere
kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-
stupa sing bolong-bolong. Tekan saiki, Candhi Barabudhur isih dadi papan tirakat.
Wong-wong Buddha padha ngrayakake Wesak ing candhi iki saben tahun. Candi
Barabudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kang gawe gumun turis
Indonesia lan mancanegara.
Struktur Teks Deskripsi
1. Judul isine nggambarake isine teks
2. Ukara utawa kalimat topik isine ukara kang ngandharake babagan kang bakal
dideskripsikake
3. Deskripsi isine bagian kang njlentrehke barang utawa kang arep dideskripsiake
4. Dudutan utawa simpulan isine bagian penutup kang biasane ngandharake
panemu utawa pendapat panulis.
Judul Upacara Adat Jawa Mitoni
Ukara utawa Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa,
kalimat topik upacara iki uga disebut mitoni asalé saka Pitu tembung sing
sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing pitung sasi meteng
lan pisanan kali. Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara
adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.
Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing
sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani
tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna.
Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki
proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi
kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh
tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake
endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak,
salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot
lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung,
nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren.
Deskripsi Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer
siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing
temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina
Jemuah awan nganti mbengi. Acara siraman namung dianakake
kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku
kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan
nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi,
saderengipun wulan 'purnamasidhi'. Upacara mitoni utawa wiluje-
ngan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhi-
yani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe
slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro,
jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang
kagangsa ing gendhis.
Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan
tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething,
diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe
liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan
lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan diga-
we cacah pitu dijangkepi pitung iji apem conthong. Jroning upacara
mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu
kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki
Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal
ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane
tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15).
Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepa-
kake jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi kembang se-
taman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo
siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dilek-
sanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari
uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin
siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut
yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong.
Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa
dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga
godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa
mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sin-
dur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang. Padusan kakrobong utawa
ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan
iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang nga-
dhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pi-
sang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara anggitane Ki
Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pa-
satan lan diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni
sabuk saka godhong tebu tulak.
Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit
lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sa-
wuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga
tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog
pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari
Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra Ki-
rana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak
kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut
banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing pa-
pan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse
para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo
siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus
nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung pa-
tut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum
kemben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh
padha ngomong wis patut.
Dudutan utawa Upacara Tradisional Jawa tradisi pitung sasi ( tingkeban / mitoni )
simpulan yaiku bagean saka karakter Jawa sing wis teges filsafat ing urip.
Tradisi kombinasi apik Hindu Wedjangan , malah Jawa Islam
minangka agama professed dening mayoritas Jawa. Tradisi iki
selaras karo nilai sing mulang ing agama Islam, kang panjalukan
Allah. supaya tumindak safety lan begja liwat sakti ( penjernihan
proses ) saka macem-macem rereget lan reregetan dosa sing wis
rampung.