Jenise busana jangkep kakung iku ana papat, yaiku atelah, beskap, langenharjan. lan
sikepan.
Ciri-cirine busana atelah yaiku benika busana ing tengah saka gulu tekan ngisor.
Ing bagian gulu ana kenope utawa centhele. Busana atelah biasane warnane ireng lan putih.
Busana atelah warna ireng biasane dienggo nalika pisowanan agung ing kraton.
Busana beskap wujude tangkepan saka sisih tengen nganti sisih kiwa. Beni king
busana beskap kasusun miring. Dene benik ing bagian dhuwur ana ing sisih kiwa.
Busana langenharjan wujude kaya beskap, nanging ing sisih ngarep ora dibenikake.
Busana kasebut kalebu busana resmi Pura Agung Mankunegaran.
Busana sikepan wujude kaya busana atelah, nanging benike ora dilebokake. Ing
jerone busana sikepan nganggo rompi kang wernane putih.
Dene piranti kang ngganepi busana-busana mau kayata dhestar utawa iket, epek
timang, kamus, jarik utawa bebed, keris, lan selop.
Dhestar iku wujude lembaran jarik kang wujude segitiga lan carane nganggo
dililitake ing sirah lan ditalini ing buri sirah. Dhestar gagrag Surakarta akeh jinise miturut
motife, kayata udheng byur, udheng tengahan, lan udheng celeng. Dene motif bathikane
kayata semenan, ceplokan, lan lerengan.
Epek iku wujude kaya sabuk. Epek ana rong jenis yaiku epek bordir lan epek polos.
Wujude epek bordir bisa Kembangan, untu walang, utawa modhangan. Epek kanggone
wong Jawa nduweni makna yen arep olih pegawean kang becik kudu epel (golet), kudu
nggolet elmu kang migunani.
Timang yaiku sirah epek. Timang iku digawe saka logam. Dene maknane timang
yaiku menawa wis entuk elmu, kita kudu mahami kanthi jelas urawa gamblang. Ora ana
rasa samang (khawatir). Tembung samang iku asale saka timang. Panganggone timang uga
dijangkepi nganggo kamus. Kamus iku sabuk kang kagawe saka wulang lan dienggo
bebedan.
Jarik utawa bebed utawa sinjang yaiku kain kang digunakake kanggo nutupi badan
saka bengkekan tekan kemiri sikil. Dene jarik iku ngandhung makna aja gampang serik.
Keris dienggo ing buri bangkekan nalika adicara-adicara tartamtu. Keris dienggo
kanthi ditlesepake ing kamus.
42
Selop dienggo minangka alasing sikil. Selop kan uga diarani canela nduweni makna
canthelan jroning nala utawa ati.
2) Busana Jangkep Putri
sumber : blogunik.com
Busana jangkep putri Kraton Surakarta kaya busana kang diagem dening para putri
kraton. Dene piranti kang dienggo ing busana jangkep putri yaiku ukel utawa gelungan,
kebayak, semekan, setagen, lan jarik.
Gelungan utawa ikel iku dununge ing sirah sisih mburi. Gelungan kaanggo
migunakake tusuk kondhe.
Kebayak yaiku busana wong wadon ing tlatah Jawa Tengah. Ing jaman saiki
kebayak wis direngga-rengga nganggo renda, manik-manik, lan liya-liyane.
Semekan uga diarani kemben utawa angkin. Semekan iku nduweni fungsi kanggo
nutupi payudara.
Setagen iku gunane kanggo naleni jarik ing busana kakung utawa putri. Kanggone
para putri ubede setagen iku kudu saka kiwa menengen.
Jarik utawa sinjang yaiku kain kanggo nutupi badan saka bangkekan tekan kemiri
sikil. Ana maneka jenis jarik gagrag Surakarta, kayata parang kusuma, parang rusak,
sidaluhur, lan truntum. Nalika jarik iku dienggo, jarik kudu wis diwiru. Dene cacahe wiru
jarik ing busana putri iku 9, 11, utawa 13. Dene carane miru iku sered jarik kudu katekuk
kaping pindho, banjur katekuk wolak-walik kaya tataning miru.
43
D. Latihan Soal
I. Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi menehi tandha X (ping) ing aksara A, B,
C, D, utawa E.
1. Gatekna wacan iki!
Beskap kelebu rasukan, beskap wujude kaya jas, gulune katutup karo
kancing ing sisih tengah. Dhadha sakmengisor katutup tangkepan mangiwa, miring
mangisor. Kancinge sakmengingsor ana telu. Dene sisih tengen dhadha diapsangi
kancing (benik) cacah loro.
Paragraf kasebut kelebu paragraf jenis ... .
A. narasi D. persuasi
B. deskripsi E. eskposi
C. argumentasi
2. Gatosaken paragraf menika!
Selop utawa canela (sandhal) mujudaken lembaran suku. Selop menika kadi
dene sepatu namung kemawon krowok ing perangan wingking. Padatan selop
dipunagem priyantun kakung ing acara tartamtu.
Rantaman ukara-ukara ing nginggil minangka paragraf deskripsi. Ingkang mboten
kalebet tengeripun wacana deskripsi kados dene tulada kasebat inggih menika ... .
A. ngandharaken pokok pikiran kangge njembaraken wawasan
B. nggambaraken sawijining kedadosan kanthi cetha
C. maringi peprincen-peprincen saking sawijining barang
D. ngajak pamaos supados kepranan
E. ngandharaken pamrayoga marang bebrayan
3. Gatekna ukara-ukara iki!
a. Ubede kawiwitan saka dhuwur terus mengisor supaya mengkone bisa
kanggo nyekelitake dhuwung ing sisih mburi.
b. Setagen sing wis nyingseti jarik supaya aja nganti mlorot banjur ditutup karo
sabuk iki.
c. Biasane anggone nganggo kanthi ngubedake ing awak kawiwitan saka
dhuwur diubedake mengiwa.
44
d. Sabuk minangka peranganing busana adat Jawa kakung kang dienggo
kanggo nutupi setagen.
Urutan ukara-ukara kasebut supaya koheren saengga dadi paragraf sing apik yaiku
... .
A. a, b, c, d C. b, c, d, a E. d, b, c, a
B. b, c, a, d D. d, a, b, c
4. Gatekna gambar-gambar iki!
1) :
Sumber
nurulfahmisite.wordpress. 3)
Sumber : Shopie.co.id
com
4)
Sumber : Solopos.com
2)
Sumber : lazada.co.id
5)
Sumber : olx.com
Padatan simbol dipunangge tiyang estri ingkang dipuntempel sawingkingipun
mustaka radi nginggil minangka rikma tambahan. Gambar ingkang
dipunkajengaken inggih menika ... .
A. 1 B. 2 C. 3 D. 4 E. 5
45
5. Gatosaken gambar menika!
1) : 3)
Sumber Sumber : Shopie.co.id
nurulfahmisite.wordpress. 4)
Sumber : Solopos.com
com
2)
Sumber : lazada.co.id
5)
Sumber : olx.com
Sawijining hiasan kang jumlahe bisa siji, telu, lima utawa sanga, tegese menawa
jumlahe siji minangka pralambang kepercayaan marang Gusti Kang Maha Asih.
Gambar kang dikarepake yaiku ... .
A. 1 B. 2 C. 3 D. 4 E. 5
6. Gatekna wacan iki!
Udheng basa ngokone yaiku iket utawa diarani blangkon kang wis siap
dienggo. Dene basa kramane yaiku dhestar. Dhestar arupa panggonan kang dienggo
kanggo nutupi mustaka/ sirah.
Udheng lumrahe digawe saka kain bathik awujud persegi kang kalempit,
katata, lan kawangun kanthi njlimet supaya rerenggan kiwa tengene padha, banjur
dijait miturut ukurane sirah/ mustaka. Ing wektu saiki wis akeh toko-toko kang
ngedol udheng kanthi ukuran kang bedha-bedha.
46
Jaman biyen isih lumrah udheng nduweni ukuran sekacu utawa taplak meja
banjur diubet-ubetake kanthi tata cara kang umum, ananging kaya saiki wis ora
dienggo maneh.
Kang dadi surasa utawa isi saka wacan “Udheng” yaiku ... .
A. udheng basa ngokone yaiku iket utawa diarani blangkon kang wis siap
dienggo
B. jaman biyen udheng lumrahe nduweni ukuran sakacu banjur daubed-
ubedake
C. udheng lumrahe digawe saka kain bathik awujud persegi, kang kalempit,
katata, lan kawangung kanthi njlimet
D. ing wektu iki wis akeh toko-toko kang ngedol udheng kanthi ukuran kang
bedha-bedha
E. udheng yaiku salah sijining busana Jawa kang kudu diuri-uri supaya tansah
lestari ing jaman saiki
7. Gatosaken tabel ing ngandhap menika!
Busana Jawa Gambar
Setagen
Sumber ; kitchenuhmaykoosib.com
Beskap
Sumber : Lazada.com
47
Epek Sumber: Shopie.com
Timang
Sumber:
Omahbusanablangkon.blogspot.com
Selop
1)
Sumber : Solopos.com
Saka tabel ing dhuwur, pasangan busana Jawa kang trep yaiku ... .
A. epek C. timang E. setagen
B. beskap D. selop
8. Ing ngisor iki tata cara nganggo epek yaiku diubengake ing ... .
A. sabuk, ubedake mangiwa C. ngisor kanthi kenceng
B. setagen, ubedake D. dhuwur kanthi ngati-ati
manengen E. sangisore mustaka
9. Gatekna wacan iki!
Busana Jangkep Putri
Busana jangkep putri Kraton Surakarta kaya busana kang diagem dening
para putri kraton. Piranti kang dienggo ing busana jangkep putri yaiku ukel utawa
gelungan, kebaya, semekan utawa kemben, setagen, lan jarik.
48
Gelungan utawa ukel iku dipasang ing mustaka sisih mburi migunakake
tusuk kondhe. Kebaya iku jenenge busana wong wadon ing tlatah Jawa Tengah.
Dene semekan uga diarani kemben utawa bengken gunane kanggo nyingseti jarik
ing busana kakung utawa putri, kanggo para putri ubede setagen iku kudu
menengen.
Jarik utawa sinjang yaiku kain kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan
kemiri sikil. Ana maneka warna jenis jarik gagrag Surakarta, kayata parang kusuma,
parang rusak, tantrum, lan sida luhur.
Inti isi saka wacan ing dhuwur yaiku ... .
A. busana jangkep putri Kraton Surakarta kaya busana kang diagem dening
para putri kraton
B. piranti kang dienggo ing busana jangkep putri yaiku ukel utawa gelungan,
kebaya, semekan utawa kemben, setagen, lan jarik
C. jarik utawa sinjang yaiku kain kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan
kemiri sikil
D. ana maneka jarik gagrag Surakarta kayata parang kusuma, parang rusak,
tunrum, lan sida luhur
E. kemben utawa bengken gunane kanggo nyingseti jarik ing busana kakung
lan putri, kanggone para putri ubede setagen kudu menengen
10. Gatekna wacan iki!
Beskap
Beskap yaiku wujud saka jas, gulune katutup kanthi kancing ing sisih
tengah. Dene kapernah dhadha sak mangisor katutup tangkepan mangiwa mring
mangisor. Kancing sisih kiwa sakmangisor ana telu. Dene sisih tengen dhadha
dipasangi kancing loro. Kaya dene atelah, ing buri uga ana bagean kang krowok
kanggo nyengkelitake dhuwung. Beskap uga kudu trep ukurane marang awak,
amarga yen ora trep bisa kadeleng ora apik. Kaya dene wong kang nduweni awak
cilik kudu nganggo beskap kang ukurane uga cilik.
Wos surasa utawa inti isi wacan neng dhuwur yaiku ... .
A. wong kang nduweni awak cilik kudu nganggo beskap kang ukurane uga cilik
B. beskap yaiku wujud saka jas, gulune katutup kanthi kancing ing sisih tengah
49
C. beskap ana bagean kang dikrowok kanggo nyengkelitake dhuwung
D. sisih tengen dhadha ing beskap dipasang kancing loro
E. kancing beskap ing sisih kiwa cacahe ana telu sakmengisor
II. Wangsulana manut prentahe!
1. Sebutna jeneng perangan busana adat Jawa iki lan deskripsikna!
2. Gatekna gambar iki!
Saka gambar kasebut, jelasna kenang apa cunduk mentul jumlahe ana 5!
3. Gatekna gambar iki!
Sebutna jeneng klambi kang dienggo wanita ing gambar lan jelasna filosofine!
4. Gatekna ukara-ukara iki!
a. Dene sisih tengen jaja dipunpasang kancing (benik) ugi cacah kalih
mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa minangka pasren.
b. Beskap mekaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengen.
50
c. Dene kaprenah jaja (dhadha) sakpangandhap katutup mawi tangkepan
mangiwa miring mangandhap.
d. Kancingipun kiwa sakpangandhap wonten tiga.
e. Kadidene atelah, ing wingking sakpangandhap pengekeran dipungrowok
kangge nyengkelit dhuwung.
Urutaken ukara ing nginggil supados dados paragraf deskripsi ingkang sae!
5. Tulisen paragraf deskripsi saka gambar iki nganggo basamu dhewek. Paragraf
miniman ngemot 5 ukara/ kalimat!
51
PIWULANG 4
TEKS ESKPOSISI GAMELAN JAWA
A. Tujuan Pembelajaran
Setelah mempelajari tentang menelaah teks eskposisi tentang gamelan Jawa dan menulis
teks eskposisi tentang gamelan, diharapkan peserta didik dapat :
1. Mengidentifikasi struktur dan kaidah teks eskposisi dengan tepat.
2. Menyimpulkan pokok-pokok isi teks tentang piranti gamelan Jawa dengan benar.
3. Menyimpulkan isi teks eskposisi tentang gamelan Jawa dengan benar.
4. Menganalisis kawruh kagunan basa misalnya purwakanthi, parikan, wangsalah, atau basa
rinengga dalam teks eskposisi tentang gamelan Jawa
5. Menulis teks eskposisi tentang gamelan
B. Ruang Lingkup Materi
Berdasarkan tujuan pembelajaran tersebut, maka ruang lingkup materi yang akan dibahas
pada bab ini adalah :
1. Pengertian teks eskposisi
2. Ciri-ciri teks eskposisi
3. Jenis teks eskposisi
4. Menentukan pokok-pokok isi teks eksposisi
5. Contoh teks eskposisi tentang gamelan Jawa
6. Kawruh kagunan basa
C. Materi
I. Pengertian Teks Eskposisi
Teks eskposisi yaiku karangan kang nduweni tujuan maparake, njelasake, menehi
informasi, ngajarake, utawa nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa
nampa utawa nrima. Penjelasan liya babagan teks eskposisi yaiku wacan kang njelasake
utawa medharake sawijining bab sanengga njembarake kawruhe/ pengetahuane pamaos.
Wacan eskposisi biasane kanggo njelasake ilmu lan sipate ilmiah utawa nonfiksi.
52
II. Titikane/ Ciri-Ciri Teks Eskposisi
Titikan utawa ciri-ciri teks eskposisi yaiku :
1. Kanggo njelasake sawijining bab.
2. Sipate informatif.
3. Penulisan adhedhasar fakta lan nyata.
4. Nggunakake basa kang baku.
III. Jenis Teks Eskposisi
Jenis teks eskposisi kaya kang disebutake ing ngisor iki :
1. Eksposisi definisi
2. Eksposisi proses
3. Eksposisi klasifikasi
4. Eksposisi kosok balen lan mbandhingake
5. Eksposisi ilustrasi
6. Eksposisi analisis
Wacan eskposisi lumrahe kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, pangerten, cak-
cakan, sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining kedadean utawa
bab.
Struktur teks eksposisi kaya ing ngisor iki :
1. Tesis (idhe/ panemu)
Tesis isine gagasan utama utawa idhe pokok arupa gambaran penulis ngenani
sawijining prakara kanthi lelandhesan fakta.
Tuladha : Gamelan iku sawijining seni musik asli Indonesia.
2. Argumentasi
Argumentasi njelasake kanthi menjero/ mendalam tesis kang dipercaya bener
dening penulis kanthi mbeberake fakta-fakta minangka penjelasan saka penulis ngenani
argumene.
Tuladha : Tembung gamelan, asale saka basa Jawa “gamel” kang tegese tabuh. Gamelan
iku asale saka saparangkat pirantu musik sing dienggo ngiringi tembang utawa
ditabuh tanpa tembang kanggo klonengan.
53
3. Penegasan Ulang
Penegasan ulang arupa kesimpulan minangka penguat saka idhe kang wis
dibeberake dening fakta-fakta ing bagean argumentasi.
Tuladha : Gamelan dadi kabudayaan kang asli saka budaya Hindu kang sumebar ing
Nusantara.
IV. Nemtokake Pokok-Pokok Isi
Pokok-pokok isine teks iku hubungane karo babagan sing penting ing sajroning
wacan. Kanggo nemtokake pokok-pokok isi teks kanthi cara :
1. maca wacan kanthi premati lan nyemak siji mbaka siji saben paragraf/ memahami
isine wacan saben paragraf;
2. nemtokake ukara/ kalimat pokok ing saben paragraf;
3. nemokake bagian inti ing kalimat/ ukara
4. perangan/ bagian inti ing ukara mau pinangka pokok-pokok isi teks.
V. Tuladha Teks Eksposisi Babagan Gamelan Jawa
Gamelan Jawa
Gamelan iku salah sijine seni musik tabuh tradhisional saka Indonesia. Gamelan
dikenal ing Pulau Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung gamelan dhewe iku asale
saka basa Jawa yaiku “gamel” kang duwe makna “tabuh”. Isi gamelan iku saprangkat
piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka
klenengan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan saindenging tlatah Nusantara lan saiki
malah wis kasebar nganti Amerika, Eropa, lan tlatah liyane. Jinis musik tradhisional liya
sing memper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia, lan suriname.
Ing mitologi Jawa, gamelan diripta dening Sang Hyang Guru ing taun Saka. Sang
Hyang Guru minangka dewa kang mandhegani Tanah Jawa lan istana ing Gunung
Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru ngripta/ gawe
rong gong kanggo nyeluk arwah dewa-dewa, banjur bisa kasusun dadi set gamelan.
Musik gamelan duwe sejarah sing tuwa, seumuran karo kesebare budaya Hindhu
lan Budha ing Nusantara. Sejarahe diwiwiti nalika dibangune krajan-krajan gedhe kaya
krajan Majapahit. Jaman Majapahit, piranti gamelan wiwit kawangun. Wiwitane, gamelan
Jawa iku kasil saka budaya Hindhu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang.
54
Ngrembakane/ berkembange musik gamelan kira-kira nalika ana kenthongan,
rebab, keplokan, banjur gesekan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik sing
digawe saka logam. Gamelan ing jaman biyen digawe saka watu, wit-witan, lan balung
kewan. Nalika ing jaman modern iki, gamelan digawe kanthi proses industri kang bahane
werna-werna. Gamelan bisa kagawe saka timah putih lan tembaga, uga bisa saka kuningan,
singen, utawa wesi.
Gamelan nduweni melodi kang magis utawa duwe daya supranatural, mula swarane
gamelan diarani melodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana
kang ngarane orchestra gamelan Jawa. Ing buku kang judhule Music of Java, Jaap Kunst
nerangake yen gamelan iku kaya komparasi saka cahya rembulan kang misterius lan iline
banyu kang dinamis.
Gamelan biyasa kanggo ngiringi beksan utawi seni pagelaran kayata wayang kulit
lan kethoprak. Gamelan uga bisa kanggo ngiringi gendhing utawa waranggana lan
wiraswara. Gamelan kang kerep dipentasake jaman saiki arupa gamelan klasik lan
kontemporer.
Gamelan Jawa klebu musik kanthi nada pentatonic. Gamelan Jawa nduweni rong
laras yaiku pelog lan slendro. Slendro nduweni limang nada saben oktaf yaiku 12356. Nada
slendro nduweni interval kang kaceke mung sithik. Jenis laras slendro yaiku slendro pathet
nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Dene pelog nduweni pitung nada
saben oktaf yaiku 12345676, kanthi interval kang kaceke akeh. Jinise laras pelog yaiku
pelog pathet lima, pelog pathet nem lan pelog pathet barang. Komposisi musik gamelan
digawe kanthi aturan-aturan kang gumathok, yaiku gamelan ana rong laras lan nduweni
pathet, ana watese sakgongan, lan melodine kasusun saka patang nada.
Gamelan Jawa migunakake nada kang luwih alus, beda karo gamelan Bali kang
rancag lan gamelan Sunda kang diakehi swara suling. Saben gamelan nduweni gegaran
kang beda-beda. Gamelan Jawa nduweni gegaran yaiku kasalarasan kauripan jasmani lan
rohani, kasalarasan sajroning guneman lan tumindak saengga mujudake toleransi marang
sapadha-padha.
Ricikan/ instrument gamelan sajroning karawitan menawa ditilik saka fungsine
kabagi dadi ricikan balungan, yaiku ricikan-ricikan kang lagu dolanane iku cedhak karo
rangka gendhing (balungan gendhing). Kang kalebu ricikan balungan ing antarane ; saron,
55
demung, saron barung, saron penerus, slenthem, rebab, kendhang, gender, bonang, bonang
barung, bonang penerus, siter, suling, gambang. Ricikan kapindho yaiku ricikan struktural
yaiku ricikan kang mbentuk/ nemtokake wujud gendhing. Kang kalebu ricikan struktural
yaiku kethuk, kemyang, kenong, kempul, gong, kecer.
Saron
Saron iku salah sijine perangkat gamelan kang
ditabuh. Saron iku disokake neng wilang kayu.
Wujude kaya lempengan emas kang ditata ing
kayu. Saben lempengan nduweni titi laras kang
beda. Jenise ana telu, yaiku saron penerus kang
diarani peking, saron barung kang diarani
saron, lan saron demung kang diarani demung.
Wujude wilah/ bilah saron meh padha karo
wilah gambang, bedane wilah saron digawe
saka logam utawa perunggu, lan wilah
gambang digawe saka kayu kang rada empuk
lan wujude kaya palu. Wilah saron cacahe ana
7, saben wilah dawane kira-kira 20 cm.
Slenthem
Slenthem minangka piranti gamelan kang
ditabuh. Slenthem iku disokake ing panggonan
kang fungsine kaya ayunan lan ing ngisore ana
tabung utawa silinder kanggo ngetokake gema
swarane. Slenthem nduweni wilah kang padha
karo saron kang cacahe winates. Wujude
slenthem meh kaya gender yaiku arupa
lempengan kuningan utawa wesi kang nduweni
titilaras. Lempengan iki kabentuk kanthi
resonasi pring kanggo mbanterake swara.
56
Rebab
Rebab iki piranti gamelan kang suarane saka
gesekan senar. Cara ngunekake rebab kanthi
cara digesek. Rebab asale saka Arab/ Timur
Tengah, nanging saiki wis asring digunakake
kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa
nalaika pentas wayang, kethoprak, lan
langgam-langgam Jawa, mula rebab iki wis ora
asing ing tanah Jawa. Wujud awake rebab meh
padha karo biola nanging gagange lewih dawa
lan ing sirahe ana cawing kiwa tengene.
Bedane uga nek biola anggone ngunekake
kanthi diselehake ing pundhak, menawa rebab
diselehake ing ngisor.
Kendhang
Kendhang iki salah sijining piranti gamelan
kang cara ngunekake ditabuh nganggo
kombinasi tlapukan tangan karo driji dadi ora
nganggo piranti tabuh. Ing piranti modern
kelebu perkusi, kendhang diselehake ing
wadhah kayu kang wujuje memper huruf Y.
Kendhang fungsine kanggo mandhegani lan
ngarahna irama. Kendhang nduweni jenis lan
ukuran werna-werna, ukurane antara 20 cm
nganti 40 cm. Kendhang wujude silinder,
simetris, ing salah siji sisih rada amba
tinimbang sisih sijine. Bagian kang luwih amba
biasane diselehake ing tangan.
57
Siter
Siter iki piranti gamelan kang cara ngunekake
kanthi cara dipetik kaya gitar. Siter iki umume
ukurane 20 x 50 cm lan kagawe saka kayu jati.
Siter nduweni rong sisi kang nduweni skala
nada kang beda, yaiku slendro lan pelog.
Suling
Suling iku piranti gamelan kang anggone
ngunekake kanthi cara disebul/ didamu.
Fungsine kanggo nambah swara-swara melodi.
Suling digawe saka pring kang dawane kira-
kira setengah meter. Swara suling diasilake
merga rongga angina. Frekuensi gelombang
gumantung karo ukuran dawa rongga angin
kang digeterake.
Kenong
Kenong minangka salah sijining gamelan kang
cara ngunekake dithuthuk. Kenong disogake
ing “pangkon” kayu kang dialasi tali saengga
ora ngganggu getaran kenong nalika ditabuh.
Wuud kenong kang gedhe ngasilake swara
kang endhep nanging seru kanthi timbre kang
khas. Neng kupinge wong Jawa irama kenong
swarane ning-nong saengga dijenengi kenong.
58
Gong
Gong salah siji piranti gamelan kang cara
ngunekake kanthi ditabuh. Gong digawe saka
tosan lan nduweni ukuran paling gedhe
disbanding piranti gamelan liyane. Piranti iki
biasane manggon neng mburi dhewe,
digantung ing palang kang umume digawe
saka kayu kang gedhe. Gong jenise ana loro
yaiku gong ageng lan gong suwuk. Wujude
gong bunder, gedhe, lan radha cekung kanthi
garis tengah semeter. Permukaan gong rata
nanging ing tengah ana tonjolan. Gong nduwe
swara kang gedhe dhewe lan nadane paling
ndhep. Gong ditabuh kanggo aweh tekanan ing
bageyan tartamtu biasane ing akhir iringan
gamelan, dadi gong ora ditabuh terus-terusan
nanging ing sela waktu tartamtu.
VI. Kawruh Kagunan Basa
1. Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi miturut Suliyono
(2008: 111) diarani runtuting swara. Swara kang runtut kadadeyan saka vokal, konsonan.
lan tembunge.
Adhedhasar runtute swara, purwakanthi kabagi dadi :
a. Purwakanthi swara (runtuting swara vokal)
Tuladha :
ana dina, ana upa (a – a)
sapa jujur, bakal makmur ( u – u)
tut wuri handayani
59
b. Purwakanthi sastra (runtuting swara konsonan)
katula tula katali (t-l)
bobot bibit bebet (b-b-t)
tata titi tatag tutug lan tanggon (t-t)
c. Purwakanthi basa (tembung sedurunge dibaleni maneh ing ukara candhake/
runtuting swara tembung/ lumaksita)
Kolik priya, priyagung Anjani putra ( priya)
Pandhu suta, suta panengah Pandhawa ( suta)
sabegja-begjane kang lali, isih begja kang eling lan waspada (begja)
2. Parikan
Parikan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang nduweni patokan utawa aturan
ajeg. Pangerten liyane parikan yaiku rerangkening tembung kang nduweni pathokan jumlah
wanda (suku kata), lan runtutin swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta asile
isi dadi intine/ maksud unen-unen kasebut. Ing Bahasa Indonesia, parikan iki diarani
pantun.
Ciri-ciri parikan :
1. Jumlah wanda (suku kata) kalimat sepisan padha karo kalimat kepindho
2. Kalimat ngarep mung kanggo pembukaan, isine neng kalimat kepindho.
3. Tibaning swara (huruf vokal neng akhir kalimat) ukara/ kalimat sepisan padha karo
kalimat kepindho.
4. Parikan bisa dadi rong gatra (baris) lan bisa uga 4 gatra (baris).
5. Bisa kedadean saka patang wanda (4 suku kata) bisa uga saka 8 wanda.
Manut cacahing wandane, parikan kabagi dadi 3 kaya ing ngisor iki :
1. Parikan kang kedadean saka (4 + 4 wanda) x 2
Tuladha :
a. Wajik klethik gula Jawa
kalah dhisik ora papa
b. Kutha Kendhal Kaliwungu
ajar kenal karo aku
60
2. Parikan kang kedadean saka ( 4 + 8 wanda) x 2
Tuladha :
a. Kembang cengkeh, ganda arum tekan manca
bocah sumeh, bakal disenengi kanca.
b. Kembang aren, sumebar tepining kalen
aja dahwen, yen kowe kepengin kajen
c. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit
dadi murit, aja dhemen keceh dhuwit
3. Parikan kang kedadean saka (8 + 8 wanda) x 2
a. Bibi Surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot, mula becik ngati-ati.
b. Sega punar lawuh emapal, segane penganten anyar
dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
c. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa.
3. Wangsalan
Unen-unen utawa tetembungan kang mirip cangkriman (tebak-tebakan) kang
batangane (bedhekane/ jawabane) wis sinandhi/ disebutna samar neng suku kata- suku kata
tembunge.
Tuladha :
a. Jenang gula, kowe aja lali ( jenang gula = gulali, kanggo tembung “lali”)
b. Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake ( Jangan gori = gudheg kanggo
tembung judheg)
c. Roning mlinjo, sampun sayah Kantun ngaso. (ron mlinjo = eso, kanggo tembung
ngaso)
61
D. Latihan Soal
I. Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi menehi tandha X (ping) ing aksara A, B,
C, D, utawa E.
Wacan iki kanggo soal nomer 1 lan 2!
Rebab
Rebab yaiku salah siji piranti gamelan kang nyuwara saka gesekan senar. Rebab
diunekake kanthi digesek kang asale saka Arab (Timur Tengah). Rebab ing jaman saiki wus
kerep digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa nalika pentas wayang,
kethoprak, lan ing langgam-langgam liyane.
Rebab saka tembung basa Arab kang nduweni teges busur instrumen. Rebab
nduweni jejuluk yaiku rebap, rebab, utawa al-rebaba. Ukuran rebab biasane cilik, awake
bunder, lan sisih ngarep kecakup membran.
1. Wacan eskposisi kasebut nduweni ciri menawa panulisane adhedhasar fakta. Pranyatan
kang kalebu kanyatan/ fakta kaya kaandharake ing ngisor iki, kejaba ... .
A. rebab yaiku salah siji piranti gamelan kang nyuwara saka gesekan senar karo senar
B. rebab ing jaman saiki wis kerep digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing
Jawa
C. rebab ing jaman saiki wis ora kerep digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing
Jawa
D. rebab saka tembung basa Arab kang nduweni teges busur instrumen
E. ukuran rebab biasane cilik, awake bunder, lan sisih ngarep kecakup membran.
2. Wacan eskposisi kasebut kelebu wacan eskposisi ... .
A. ilustrasi C. klasifikasi E. proses
B. analisis D. definisi
3. Gatosaken ciri-ciri wacan eskposisi menika!
1) Njelasake ngenani samubarang kanthi rinci
2) Gunakake basa kang trep.
3) Nduweni sipat paring informasi.
62
4) Nyritakake prastawa kang kedadeyan.
5) Trep karo fakta lan kasunyatane.
Saka urutan ing dhuwur, kang ora kelebu ciri teks eksposisi yaiku ... .
A. 5) B. 4) C. 3) D. 2) E. 1)
Wacan iki kanggo soal nomer 4 lan 5!
Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi
antarane tlapakan karo driji, dadi ora nganggo piranti tabuh. Ing musik modern, piranti iki
digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadah sangga saka kayu sing wujude
memper huruf Y. Kendhang nduweni jinis lan ukuran werna-werna. Ukurane kendhang
antara 20 cm nganti 45 cm. Kendhang wujude kaya drum lan diunekake kanthi cara ditabuh.
Wujude meh silinder, simetris, ig salah siji sisih rada gedhe tinimbang sisih lawane.
Bagian sing lewih gedhe umume diselehake ing tengene penabuh. Kendhang iku ukurane
luwih cilik tinimbang bedhug.
Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mandhegani lan ngarahake tabuhan.
Swarane ndang, ndang, ndang. Ndang tegese age-age, mula manungsa kudu age-age
ngibadah marang Gusti Kang Maha Dumadi.
4. Piranti gamelan Jawa miturut cara ngunekake maneka werna. Piranti gamelan aran
kendhang miturut wacan kasebut diunekake kanthi cara ... .
A. dituhuthuk siji mbaka siji, supaya swarane katon harmonis
B. digesek antarane senar ketemu senar
C. disebul supaya ngethokake swara sing endah
D. ditabuh nganggo tlapakan karo driji dari ora nganggo piranti tabuh
E. dithuthuk migunakeke piranti tabuh siji mbaka siji
5. Pranyatan iki njelasake babaagan piranti gamelan Jawa aran kendhang. Pranyatan kang
cocok karo isine wacan ing dhuwur yaiku ... .
A. kendhang minangka piranti gamelan kanggo mandhegani lan ngarahake tabuhan
B. kendhang wujude kothak digawe saka wesi
C. kendhang ukurane lewih gedhe tinimbang bedhug
D. kendhang ditabuh migunakake piranti tabuh, kanthi cara dithuthuk
E. kendhang cacahe ana loro
63
6. Gatosaken gambar menika!
I.
Sumber : id.pinterest.com
II. IV.
Sumber : id.pinterest.com Sumber : djarumcoklat,com
III. V.
Sumber : bobo.grid.id Sumber : id.pinterest.com
Piranti gamelan ingkang dipuntabuh lan dipunwastani gender panembung ingkang gadhahi
wilangan cacahipun sami kaliyan wilah saron sarta gadhahi swanten paling endhek menawi
katandhingaken kelompok saron inggih menika ... .
A. I B. II C. III D. IV E. V
7. Gatekna wacan iki!
Gamelan iki tetabuhan tradhisional asli saka Indonesia mligine Jawa, Bali, lan
Lombok. Tembung gamelan asale saka basa Jawa yaiku gamel kang duwe teges tabuh. Isi
gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang utawa ditabuh tanpa
tembang minangka klenengan. Jinis musik iki kasebar ing pulo-pulo saindenging tlatah
Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amerika, Eropa, lan tlatah liyane. Jinis
musik tradhisional liya kang memper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia, lan
Suriname.
Isi pokok saka pethikan teks kasebut yaiku ... .
64
A. kagunan gamelan kang kerep dipentasake ing jaman saiki arupa gamelan klasik lan
kontemporer
B. gamelan kelebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan lumrahe musik
pengiring pagelaran wayang kulit, jogged, lan uyon-uyon
C. jinise laras ing gamelan ana loro, yaiku laras pelog lan laras slendro
D. jinise musik tradhisional liya kang memper karo gamelan uga ana ing Filipina,
Malaysia lan Suriname
E. tembung gamelan asale saka basa Jawa yaiku gamel kang duweni teges tabuh. Isi
gamelan iku saperangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang utawa
ditabuh tanpa tembang minangka klenengan
8. Gatekna tabel iki!
No Wujude Arane Keterangan
Bonang barung Piranti iki biasane mapan ing
mburi dhewe, digantung ing plang
1 :
Sumber
artculture567.blogspot.com
Kendhang Salah siji piranti gamelan kang
ditabuh nganggo tlapak tangan lan
2 driji
Sumber : ed.Pinterest.com
Gender Fungsi gender yaiku kanggo
swara-swara melodi
3
Sumber:
review.bukalapak.com
Ketuk lan Wujude pencong mirip karo
kempyang kenong lan boning
4
65
Pasangan kang trep saka tabel kasebut yaiku ... .
A. 1 lan 2 C. 2 lan 4 E. 1 lan 4
B. 2 lan 3 D. 3 lan 4
9. Gatekna gambar iki!
Gambar kasebut menawa dadi surasan/ isi wacan eksposisi yaiku ...
A. gambang iku wilahe digawe saka kayu sing umume cacah 17 nganti 21 wilah.
Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangi ing sadhuwuring kothak persegi.
B. suling iku salah siji piranti musik kang disebul. Fungsine kanggo nambah swara-
swara ing melodi.
C. swara kethuk luwih endhek tinimbang kempyang. Kethuk lan kempyang wujude
pencong mirip kenong lan boning.
D. siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa
kadhang kala ana 12 pasang.
E. rebab iku piranti kang nyuwara saka gesekan senar karo senar. Rebab iku salah
sawijine racikan gamelan kang cara ngunekake kanthi digesek.
10. Gatekna ukara-ukara iki!
1) Kendhang yaiku salah sawijining piranti gamelan.
2) Kendhang nduweni fungsi kanggo mimpin lan ngarahake musik.
3) Kendhang cacahe ana papat, yaiku kendhang gedhe, kendhang sabet, kendhang
ketipung.
4) Kendhang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan lan driji.
5) Saben kelompok piranti gamelan nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe
swara sing harmonis
6) Ing musik modheren, piranti iki digolongake piranti perkusi.
Urutan ukara kasebut supaya dadi paragraf eksposisi sing runtut karo struktur wacan
eskposisi yaiku ... .
66
A. 1), 2), 3), 4), 5), 6) D. 1), 4), 3), 6), 5), 2)
B. 1), 3), 4), 5), 6), 2) E. 2), 1), 4), 6), 3), 5)
C. 1), 4), 3), 6), 2), 5)
11. Kembang mlathi, warna pengi ngganda wangi.
....
Parikan kasebut tutuge ... .
A. watak putri, kudu sabar sareh sumeh
B. watak putri, kudu gemi lan nastiti
C. watak putri, kudu sabar sareh lan tawakal
D. watak putri kudu nastiti lan sareh
E. watak putri kudu pinter uga wasis
12. Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane)
wis dikandhakake diarani ... .
A. parikan C. purwakanthi E. lelewaning basa
B. wangsalan D. basa rinengga
13. Wohing tanjung, den becik bekti marang biyung.
Wangsalan kasebut batangane ... .
A. kluwung C. dlongop E. pelog
B. kecik D. beton
14. Purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake
diarani purwakanthi ... .
A. guru swara C. guru basa E. guru laku
B. guru sastra D. sastra laku
15. Atine ora bisa luntur dening pitutur, ora bisa luluh dening pituduh, lan ora bisa mendha
dening tembung mauara.
Ukara kasebut kelebu purwakanthi ... .
A. guru swara C. guru basa E. guru laku
B. guru sastra D. sastra laku
67
II. Wangsulana Manut Prentahe!
Wacan iki kanggo mangsuli soal nomer 1 lan 2!
Gambang
Gambang yaiku piranti gamelan kang digawe saka kayu blebekan. Umume ana
pitulas nganti selikur blebek/wilah. Gambang kasusun jejer-jejer urut nadha cendhek nganti
tekan dhuwur dhewe. Piranti kang digunakake kanggo nabuh ana loro, kang dibuntel
nganggo kain kain supaya ngasilake swara kang empuk wujude kaya ban kang disunduk
sesisih. Piranti gamelan iki digunakake kanggo melodi utawa pengiringe.
Gambang diunekake kanthi tabuh bunder sing nduweni batang gedhe biasane sungu.
Akeh gambang muter gembyangan (oktaf) kanthi pola corok kanthi cepet. Gambang uga
bisa kanggo ngiringi macem-macem lagu.
1. Saka pethikan wacan kasebut, jelasna kenang apa diarani wacan eksposisi!
2. Saka pethikan wacan kasebut temtokna pokok-pokok isine!
3. Apa tegese basa rinengga iki!
a. Tinimbalan dening Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
b. Lir tinebak ing mong tuna, sinamber gelap lepat.
4. Wenehana tuladha wangsalan lamba lan wangsalan rangkep 1 kanggo saben wangsalan!
5. Gawea separagraf eksposisi babagan gamelan Jawa, dumadi 4 – 6 ukara!
68
PIWULANG V
AKSARA SWARA
A. Tujuan Pembelajaran
Setelah mempelajari materi tentang kaidah penulisan lima paragraf berhuruf Jawa yang
menggunakan aksara swara dan menulis lima paragraf yang menggunakan aksara swara, peserta
didik diharapkan dapat :
1. Memahami bentuk dan penggunaan aksara swara.
2. Membaca lima paragraf aksara Jawa yang menggunakan aksara swara.
3. Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks lima paragraf yang menggunakan
aksara swara.
4. Menulis kalimat menggunakan aksara Jawa yang mengintegrasikan aksara swara.
B. Ruang Lingkup Materi
Berdasarkan tujuan pembelajaran tersebut, maka ruang lingkup materi pembelajaran ini
adalah :
1. Struktur dan kaidah penulisan aksara Jawa.
2. Cara menulis kalimat aksara Jawa yang menggunakan aksara swara.
3. Teks lima paragraf aksara Jawa yang menggunakan aksara swara.
C. Materi
I. Struktur lan Kaidah Aksara Swara
Aksara swara yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis tembung-tembung
serapan saka basa mancanegara, kanggo nulis gelar, kanggo nulis singkatan, lan
sapanungale. Aksara swara utawa huruf vokal dienggo kanggo negesake pelafalane. Aksara
swara ana 5, yaiku a, i, u, e, o. Wujud aksara swara menawa katulis nganggo aksara Jawa
yaiku :
A IUEO
a i ueo
Paugeran utawa aturan kanggo nulis aksara swara yaiku :
1. Aksara swara dienggo kanggo nulis tembung-tembung serapan saka basa
mancanegara/ asing, nulis singkatan, lan gelar.
Tuladha :
69
O/gnissi = organisasi
*,r,A,y, = BRAY
$\m\A = SMA
Catatan : aksara swara ora kena dipasangi lan ora duwe pasangan.
2. Nalika manggon ing samburine wanda sigeg (suku kata kang huruf terakhire
konsonan), aksara kang kasigeg (konsonan) mau kudu dipangku.
Tuladha :
wuln\O[kTobe/ = wulan Oktober
we[ton\E[rop = weton Eropa
3. Aksara swara bisa kawuwuhan sandhangan panyigeg wanda kaya dene:
a. wignyan ( h )
Tuladha :
Ahmf\
b. layar ( / )
Tuladha :
U/bnissi
c. cecak ( = )
Tuladha :
I=gi]s\
4. Aksara swara ora bisa diwuwuhi sandhangan swara, kaya dene taling ([), wulu (
...i), suku (...)e, taling tarung ([...o).
5. Aksara awal bisa katulis ing awal, tengah, utawa pungkasaning tembung. Beda karo
aksara murdha, aksara swara bisa ditulis lewih saka siji neng setembung.
Tuladha :
EmnuEl\ = Emanuel
p[sTU/ = Pasteur
II. Cara Nulis Ukara kang Nganggo Aksara Swara
Tuladha panganggone aksara swara ing kalimat :
a. ?pkB/filai/ssiO[kTobe/.
Pak Bardi lair sasi Oktober
b. ?AhmfMUlnaikuwsisZji.
Ahmad Maulana iku wasis ngaji
c. ?[anF`ln\AminSinaubx=.
Endra lan Amin sinau bareng (nulis Endra aksara “e” ora nganggo aksara
swara amarga jeneng Endra iku jeneng asli Indonesia/ Jawa)
d. ?IbN|semBhy=n_mesJif\AlP+lh.
Ibnu sembahyang neng mesjid
e. ?bu[anFh[mluU/bnissimev=jk/t.
70
Bu Endah melu urbanisasi menyang Jakarta.
III. Teks Aksara Swara
Wacanen teks iki!
?IbN|$in.
?IbN|$inyaikuslhswiji[n[to[kohai=[fovke[dokTe/rn\,[fni=
[w=oE[rop,IbN|$inas]i=sinebut\Ap+i[cn.IbN|$inlai/ai=buk+r,U[
sBkisTn\ssiAgusT|sTaun\;980;m[sai.bp
[kKffigube/nu/buk+rai=msfinsTi$mniyhknQirjarnSulT!Smni$N|h;2
;binM!Su/.
?nlikaumu/[r;10;taun\IbN|$inwisBiszplL[kAlK|/A
n\;30;juj+\nlikaumu/[r;16;tau[nD[w[kKaugwisZ|wsni[alM|[alM|b
bgGnP+ilSp+t\aukum\[politik\lnKe[dokTe/rn\,[alM|ke[dokTe/rnB
isfikuwsniknQiwekT|k=cepet\yaikusetaunSe tezh.
?nlikaumu/;18;taun\IbN|$inwisHmB|kkP][kT[kDo
kTe/.jen_IbN|$inffimisuwu/swi[sSbisnmBnipevkitRj!uhbinM!Su/,
pezuws$mniyh.min=kauph[a,IbN|$infitw/riffi[dokTe/aisTnlnHuri
pK=ke[pnk\nzi=IbN|$in[nolkHuphmau.[d
[w[kKmu=ke[pzinBismcbukuai=pe/pusTkanHisTn.swi[sSmc
bukubukuk=anai=pe/pusTkanHisTn,[alM|[nIbN|$insyz}mB k.
?IbN|$in[konD=[aormu=n_jj+irhArb\nzi=augtekn\tL
thE[rop. ai=E[ropIbN|$inlewih[konD=knQiarn\Ap+i[cn.
bukuAlKnunP+iAlTb\k=fitulis\IbN|$in,
mlhkciqkHi=[romnliktaun\;1593;bukuksebutFif[fkH[kgegrnHi=pwi
ytn\tLthItlilnP]vCis\,
mlhanZnTiabf\;19;aisihkciqkK=[gogegrnSinau[alM|ke[dokTe/rn\,
?IbN|$intil/[fovai=amf+nNlikyusW[n;38;taun\,
[d[w[kKaugfipeqkHi=kuqksebut\,IbN|$in,[to[kohke[dokTe/rnK=[k
onD=min=kbpkKe[dokTe/rn\,
D. Soal Latihan
I. Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi menehi tandha X (ping) ing
aksara A, B, C, D, utawa E!
1. Aksara swara utawa huruf vokal ing aksara Jawa digunakake ing antarane kanggo
nulis tembung serapan saka basa mancanegara. Aksara swara nduweni paugeran
utawa aturan tartamtu. Ing ngisor iki kang ora kelebu paugeran aksara swara yaiku
... .
A. nalika aksara swara manggon ing samburine wanda sigeg, aksara kang
kasigeg iku dudu dipangku
B. aksara swara bisa kawuwuhan sandhangan panyigeg kayata wignyan, layar,
lan cecak
C. aksara swara bisa ditulis ing awal, tengah lan pungkasaning tembung
71
D. aksara swara mung bisa dienggo siji saben setembung
E. aksara swara ora bisa diwuwuhi sandhangan swara kaya dene taling, wulu,
suku, pepet, lan taling tarung
2. Tembung “Ibnu Majah” menawa katulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
A. IbN|mjh D. IbN|mja\
B. aibN|mjh E. aibN|mja\
C. AibN|mjh
3. Ibrahim mulih saka Itali.
Ukara kasebut menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
A. ?Ib]aimM|lihskItli.
B. ?aib]aimM|lihskItli.
C. ?Ib]aimM|lihskaitli.
D. ?Aib]aimM|lihskItli.
E. ?Ib]aimM|lihskAitli.
4. ?buainFhlnB|AIs-hm=ktZji.
Ukara kasebut diwaca ...
A. Bu Endah lan bu Asiyah mangkat ngaji.
B. Bu Indah lan bu Aisyah mangkat ngaj.
C. Bu Indah lan bu Asiyah mangkat ngaji.
D. Bu Indah lan bu Aisyah pangkat ngaji.
E. Bu Endah lan bu Aisyah pangkat ngaji.
5. ?EmnN|ElK|liyhn_E[rop.
Ukara kasebut diwaca ... .
A. Emanuel kuliah neng Eropa
B. Imanuel kuliah neng Eropa
C. Emannuel kuliah ing Eropa
D. Emanuel kuliah ing Eropa
E. Emannuel kuliah neng Eropa
6. ?ErupSigunu=k]ktaunuwuha[kbebymr=almSkiwteze[nN.
Ukara kasebut diwaca ...
A. Erupsi gunung Krakatau dadi bebaya marang alam sakiwa tengene.
B. Erupsi gunung Krakatau nuwuhake bebaya marang alam sakiwa tengene.
C. Erupsi gunung Krakatau dadi nuwuhake bebaya marang alam sakiwa
tengene.
72
D. Erupsi gunung Krakatau ndadekake bebaya maring alam sakiwa tengene.
E. Erupsi gunung Krakatau dadi nuwuhake bebaya maring alam sakiwa
tengene.
7. ?[koqme@hanai=negr ... .
Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik yaiku ... .
A. ArbSUfi D. p[lsTin
B. A[mrik E. AUsT`liy
C. jep=
8. Gatekna wacan mawa aksara Jawa iki!
?nsi[bBEp+inLgiapes\wisBp[kKgerh,furu=by/bukuse[kolhaug
ke[co[ptTn\,kuwikywisTibketibnHnD.Ep+nM|=bisps]hmr=&usT
ik=maagu=.begJ[nanAkB/kvCse[kolh[a.[d[w[kKvilihaiduwitK
=[goEp+n\,mugmug[anT|kPiwXsK=mu/wt\,
Miturut wacan kasebut, kang menehi pitulungan nalika ana kanca kang nandah apes
yaiku ... .
A. Ep+nKvCse[kolh[aAkB/
B. AkB/kvCse[kolh[aEp+n\
C. AkB/kvC[fol[nNEp+n\
D. Ep+nKvCse[kolh[aAkB/
E. AkB/kvCse[kolh[aEp+n\
Pethikan wacan iki kanggo soal nomer 9 lan 10!
?finaikifi[pzetTifinbasaibuInTe/nsi[yonlYaikut=gl\;21;[
p+b(ari.prgenersiai=jmnSaikikufutnShzuriauribsd[arhsupy
XsTri.
?ai=[pzetTnHribasaibuprsisWkufufu[wnisemztK=[goI[nop+si
supybasaibuluwihfimze/[tnimvC.
9. Saka wacan kasebut, kang diarep-arep saka para siswa yaiku semangat kanggo ... .
A. InTeg]its\ D. I[nop+si
B. U/bnissi E. Imjinsi
C. AkulT|rsi
10. Wacan kasebut njelasake babagan kang gegayutan/ berhubungan karo ... .
A. [pzetTnHriaibuInTe/nsiOnl\
B. [pzetTnFinbasd[arhlnMvC
C. [pzetTnFinbasaibuInTe/nsiOnl\
D. [pzetTnFinkm/dikn\
E. [pzetTnFinphlwn\
II. Wangsulana manut prentahe!
73
1. ?ffiIbukuwiOrgmP=, Am/gfu[wjejibhanK=A[kh.
Penulisan aksara swara ing ukara kasebut kurang trep mula gantinen supaya bener!
2. Salinen ukara ing ngisor iki dadi aksara Latin!
?mesJif\AlP+lhfixsMia[k[fni=bpkG|be/nu/.
3. ?arbSaufianai=asiybrt\,arbSaufimin=knegrsi=pli=ge[dswi[
sSalJj=ai/.
Penulisan aksara Jawa kasebut isih ana sing salah utamane penulisan aksara swara.
Salinen tulisan kasebut lan benerna bagian sing isih salah!
4. I/lnDiympnHi=brtLaut\E[rop.[populsiI/lnDiygu=gu=[zluwih
sk;4;jutjiwkXbuAtNis\E[rop.
Tulisen aksara Latine!
5. Salinen nganggo aksara Jawa!
Sasi Oktober aku melu lomba sesorah basa Jawa. Lomba kuwi dianakake ing
Universitas Negeri Semarang. Ing lomba kasebut aku ketemu karo kancaku, Arinda.
Dheweke teka karo kancane sing jenenge Umar.
Daftar Pustaka
Daryanto, S. (1999). Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya: Apollo Lestari.
Drs. Imam Sutardjo, M. (2015). Mengenal dan Mengungkap Budaya Jawa. Solo: bukutujju.
Drs. Imam Sutardjo, M. (2015). Mengenal dan Mengungkap Budaya Jawa. Solo: bukutujju.
Dwi Bambang Putut Setyadi dkk. (2015). Baud Basa Jawa Kangge Kelas XII SMA. Klaten: Intan Pariwara.
74
Lucia Yuyun Dian Susanti, d. (2019). Mandiri Basa Jawa Kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII. Jakarta:
Penerbit Erlangga.
Poerwadarminta, W. (1939). Baoesastra Jawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij.
Prawiroatmodjo, S. (1992). Bausastra Jawa - Indondesia. Jakarta: CV Haji Masagung.
75