The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by gindahs3, 2024-05-20 20:28:19

Bahan Ajar Layang Jawi

Bahan Ajar Layang Jawi

Keywords: bahanajar,layangjawa,layangjawi,layangulem,layanglelayu,layangkitir,layangiber-iber,iber-iber,lelayu,kitir,ulem,sedhahan,materilayang

Peserta didik mampu menganalisis, menginterpretasikan, mengaplikasikan informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk aural, visual dan atau audiovisual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari layang Jawi. (Elemen: Membaca) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Layang Jawi Kelas/Fase : XI/F Semester : Genap Bahan ajar A. CAPAIAN PEMBELAJARAN & ELEMEN B. ANCASING PASINAON 1. Tujuan Kognitif Pertemuan 1 Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) perbedaan 4 jenis layang miturut basa, wos, sifat, saha asalipun dengan tepat. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) wujud layang Jawi dengan tepat. Pertemuan 2 Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) struktur/ peranganing layang iber-iber dengan tepat. Pertemuan 3 dan 4 Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) struktur/ peranganing layang ulem dengan tepat.


2. Tujuan Sikap Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menampilkan (A2) rasa keingintahuan yang besar, mengajukan pertanyaan yang relevan, mengidentifikasi dan mengklarifikasi gagasan dan informasi yang diperoleh, serta mengolah informasi mengenai struktur layang Jawi dengan tepat. (P5 Bernalar Kritis, 5C’s Century Skills Critical Thinking) Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat mengikuti (A1) kerja sama dan melakukan koordinasi mengenai tugas pada materi struktur layang Jawi demi mencapai tujuan bersama dengan mempertimbangkan keragaman latar belakang setiap anggota kelompok dengan tepat. (P5 Gotong Royong, 5C’s Century Skills Collaboration) Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat memecahkan (A5) permasalahan dalam belajar struktur layang Jawi dengan tidak mudah menyerah dan akan berusaha mencari strategi atau metode yang lebih sesuai untuk menunjang keberhasilan pencapaian tujuannya dengan tepat. (P5 Mandiri) 3. Tujuan Keterampilan Pertemuan 2 Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat melakukan (P2) presentasi hasil analisis struktur/ peranganing layang iber-iber dengan bahasa Krama. Pertemuan 3 Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat melakukan (P2) presentasi hasil analisis struktur/ peranganing layang ulem dengan bahasa Krama. Pertemuan 4 Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat membuat (P5) layang ulem sesuai struktur/ peranganing layang ulem dengan tepat.


FAKTUAL (Kawontenan jaman samenika generasi mudha boten mangertos layang Jawi saha samenika sampun awis dipunpanggihi panganggening layang Jawi ing masarakat) 1. KONSEPTUAL (Pangertosan layang Jawi, jinis layang miturut basa, wos, sifat, saha asalipun, wujud layang Jawi, saha struktur/perangan layang Jawi) 2. 3.PROSEDURAL (Tata cara menulis layang ulem) 4.METAKOGNITIF (Tuladha layang Jawi) D. PITEDAH PASINAON 1.Pasinaon dipunwiwiti kanthi dedonga sesarengan. 2.Para siswa nggatosaken andharanipun guru bab ancasing pasinaon. Para siswa nindakaken literasi utawi maos materi pasinaon ingkang sampun dipunsamaptakaken. 3. 4.Para siswa nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun guru. 5.Para siswa damel cathetan sarana sinau mandiri. 6.Panganggening HP/laptop jumbuh kaliyan dhawuhipun guru. C. MATERI PASINAON


fase 1 iDENTIFIKASI MASALAH A. LAYANG ING JAMAN SAMENIKA MATERI FAKTUAL 01 Menapa para siswa mangertos layang Jawi? Menapa ing jaman samenika taksih kathah tiyang ingkang ngginakaken layang Jawi kangge paring informasi? Layang menapa? 02 03 04 Menapa para siswa nate maos/angsal layang Jawi? Wonten ing jaman samenika, layang Jawi awis dipunpanggihi ing masarakat amargi layang ingkang kaginakaken kathah-kathahipun mawi Basa Indonesia. Kawontenan kasebut ndadosaken para wiranem ugi kathah ingkang boten mangertos/boten nate ningali layang Jawi


fase 2 mengorganisasikan peserta didik A. PANGERTOSAN LAYANG JAWI MATERI konseptual Layang Jawi utawi “nawala” inggih menika basa ingkang dipunaturaken ngginakaken seratan utawi salah satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan utawi satunggaling sarana kangge sambet ginem/komunikasi ingkang wujud seratan/tinulis. B. JINIS LAYANG Miturut basa, wos, sifat, saha asalipun, layang kaperang dados 4 (sekawan), inggih menika: 1.Layang Resmi/Serat Resmi Piguna: kepentingan resmi (saged saking pribadi, instansi, utawi organisasi Wonten paugeran gumathok 2.Layang Dhinas/Serat Dhinas Piguna: kepentingan kedinasan utawi pakaryan formal kados instansi dinas saha tugas kantor) Wonten paugeran gumathok 3.Layang Niaga/Serat Niaga Piguna: kepentingan dedagangan Wonten paugeran gumathok 4.Layang Pribadi Piguna: kepentingan pribadi Boten wonten paugeran gumathok Basa langkung longgar, nanging kaiket peprenahan tiyang ingkang ngintun serat saha tiyang ingkang dipunkintuni serat satemah tatkadhang kedah nggatosaken unggah-ungguh basa.


C. WUJUD LAYANG JAWI Miturut basa, wos, sifat, saha asalipun, layang kaperang dados 4 (sekawan), inggih menika: 1.Layang Iber-Iber/Serat Iber-Iber Layang iber-iber inggih menika layang ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang dipunandharaken saged menapa kemawon. 2. Layang Ulem Layang ulem inggih menika layang ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanes amargi badhe kagungan hajat/kersa, lajeng ingkang dipunkintuni layang /uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtokaken. Bab ingkang kedah wonten ing layang ulem: a. Papan saha tanggal anggènipun damel serat b. Nama saha papan ingkang tinuju c. Pambuka d. Isi: - Puji syukur - Maksud utawi tujuan - Dinten, tanggal, tabuh, saha papan - Adicara e. Panutup Inggih punika atur panuwun, salam panutup f. Nama ingkang paring serat Tuladha layang ulem: layang ulem ambal warsa, tasyakuran, wisudha, supitan/tetakan, mantu, lsp. 3. Layang Kitir Layang kitir inggih menika layang ingkang isinipun cekak aos, menapa perlunipun kemawon. Tuladha layang kitir: telegram lan memo.


Satata Basa, (serat katujokaken) alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa ing inggil. 1. 2.Adangiyah, tembung pamuji rahayu Purwaka, nélakaken pawarta kawilujengan ingkang ngintun serat saha pangajeng-ajeng supados ingkang dipunkintuni serat ugi wilujeng. 3. 4.Surasa basa, wosipun serat, kekajenganipun serat. Wasana basa, pungkasaning serat, tuladhanipun: cukup seméné dhisik liya wektu disambung manèh. 5. Titi mangsa, nélakaken wekdal anggènipun nyerat. Tuladha: Parakan, 21 Agustus 2015 6. Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha: Saking ingkang putra, Bapakmu ing omah, Adhimu saka paran, lsp 7. 8.Tapak asma/ Tandha Asma, tapak asma ingkang damel serat. 9.Nama terang, nama terang ingkang damel serat. D. STRUKTUR/PERANGANIPUN LAYANG JAWI 4. Layang Lelayu Layang lelayu inggih menika layang ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang. Bab ingkang kedah wonten ing layang lelayu: a. Irah-irahan (judul) b. Nama saha papan ingkang tinuju c. Pambuka (salam kaliyan waosan Innalillaahi Wa Innaa Ilaihi Raaji’uun...) d. Isi: - Ingkang sampun tilar donya (nama saha yuswa) - Tilar donya (dinten, tanggal, tabuh, papan) - Pemakaman (jenazah badhe kasarekaken dinten, tanggal, tabuh, papan/sasanalaya) e. Panutup (atur panuwun lan salam panutup)


Adangiyah Taklim (ingkang taklim), sedherek sepuh, utawi dhateng sasami ingkang perlu dipunaosi. 1. 2.Salam taklim, dhateng sedhèrèk anèm, utawi dhatengsapantaran. Ingkang salam, dhateng sedherek anèm ingkang perlu dipunaosi, amargi pangkatipun langkung inggil. 3. Ingkang pandonga, saking tiyang sepuh dhateng tiyang anèm ingkang dipunaosi. 4. Ingkang pandonga, saking tiyang sepuh dhateng putra wayah utawi ingkang karengkuh kados putra piyambak. 5. Ingkang sembah, saking tiyang alit dhateng para luhur, nadyan pangkatipun sami. 6. Ingkang sembah sungkem, saking tiyang enem dhateng sesepuh (simbah) utawi para luhur. 7. Ingkang sembah pangabekti, saking tiyang anèm dhateng tiyang sepuhipun piyambak, umpaminipun: bapak, ibu, tiyang èstri dhateng kakungipun. 8. Ingkang pangabekti, dhateng tiyang sepuh ingkang dipunaosi (dipunbektèni), umpaminipun: dhateng ipénipun ingkang kaprenah sepuh. 9. Sembah sujud, saking kawula dhateng Gustinipun, umpaminipun karengga sagunging pakurmatan, karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging pakurmatan, lan sapiturutipun. Sedaya punika, sejatosipun namung éwah-éwahan saking ingkang kasebat ing inggil wau. Amargi wonten pakèwuhipun anggènipun badhé nandukaken unggah-ungguh. 10.


A. TATA CARA DAMEL LAYANG JAWI Cara damel layang Jawi inggih menika: Nemtokaken wujud layang Jawi ingkang badhe kadamel, upaminipun layang ulem, iber-iber, utawi sanesipun. 1. 2.Nemtokaken ancasing layang. Wiwit damel layang kanthi nggatosaken struktur/perangan layang Jawi. 3. 4.Naliti Ingkang kedah dipungatosaken inggih menika: Basa (dipunjumbuhaken kaliyan jinis layang utawi peprenahanipun) 1. 2.Kedah cetha wos utawi ancasing nyerat layang. fase 3 meMBIMBING PENYELIDIKAN MATERI PROSEDURAL


fase 4 meNGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA TULADHA LAYANG IBER-IBER MATERI METAKOGNITIF


TULADHA LAYANG IBER-IBER


TULADHA LAYANG ULEM


TULADHA LAYANG ULEM


TULADHA LAYANG ULEM


TULADHA LAYANG KITIR


TULADHA LAYANG LELAYU


fase 5 MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI Setelah mengikuti pembelajaran, peserta didik diharapkan memiliki pemahaman tentang: Perbedaan 4 jenislayang miturut basa, wos, sifat, saha asalipun. 1. 2.Wujud layang Jawi. 3.Struktur/ peranganing layang iber-iber. 4.Struktur/ peranganing layang ulem. 5.Cara menulis layang ulem. pemahaman bermakna


dudutan saha relevansi DUDUTAN Layang Jawi utawi “nawala” inggih menika basa ingkang dipunaturaken ngginakaken seratan utawi salah satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan utawi satunggaling sarana kangge sambet ginem/komunikasi ingkang wujud seratan/tinulis. Jinisipun layang menika kaperang dados 4 (sekawan) inggih menika layang resmi, dhinas, niaga, saha pribadi. Wondene wujudipun layang Jawi menika wonten layang iber-iber, layang ulem, layang kitir, saha layang lelayu. Nanging, sejatosipun taksih kathah wujud layang Jawi sanesipun. Struktur utawi perangan layang Jawi wonten 9, inggih menika satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa, wasana basa, titi mangsa, peprenahan, tapak asma, saha nama/asma terang. Lajeng, cara damel layang Jawi inggih menika nemtokaken wujud layang Jawi ingkang badhe kadamel, nemtokaken ancasing layang, wiwit damel layang kanthi nggatosaken struktur/perangan layang Jawi, ingkang pungkasan naliti malih. Bab ingkang kedah dipungatosaken inggih menika basa (dipunjumbuhaken kaliyan jinis layang utawi peprenahanipun) saha kedah cetha wos utawi ancasing nyerat layang.


RELEVANSI Layang Jawi menika minangka salah satunggaling sarana komunikasi mawi seratan ingkang samenika sampun awis dipunginakaken ing masarakat. Manawi taksih wonten, tatkadhang panyeratipun taksih klentu utawi boten jumbuh kaliyan struktur utawi perangan ingkang kedah wonten ing layang kasebut. Mila, kanthi pasinaon menika, pangajabipun para siswa saged nguri-uri layang Jawi kanthi damel layang Jawi ingkang leres lajeng ngginakaken layang Jawi kasebut jumbuh kaliyan ancasipun. Sanesipun, amargi sampun mangertos perangan layang ingkang leres, siswa lajeng saged ngleresaken layang Jawi ingkang taksih klentu ing masarakat.


KAPUSTAKAN Nugroho, Slamet dan Abdul Afif Rosyidi. 2020. Wibawa: Wiyata Basa Jawa. Yogyakarta: Perpustakaan Nasional RI-Katalog dalam Terbitan (KDT). Sari, Vidya Octa. (2018). Keterampilan Menulis Surat yang Baik dan Benar, Jurnal Elsa, 16.2, hlm 91-100. Suryanti, Heppy, dkk. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Klaten: Sinar Pengetahuan. Kamus Bahasa Jawa/Baoesastra Online https://www.sastra.org/leksikon dan https://budiarto.id/bausastra/


Click to View FlipBook Version