The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by gindahs3, 2024-01-11 12:54:16

Bahan Ajar Cerkak kelas XI

Bahan Ajar Cerkak kelas XI

Bahan ajar Dening: Gita Indah Sari, S.Pd. CERKAK XI GENAP


Peserta didik mampu menulis cerkak yang berisi ajaran moral secara logis, kritis, dan kreatif dengan memperhatikan kaidah kebahasaan sebagai karya aktualisasi diri di berbagai media. (Elemen: Menulis) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Menulis Cerkak Kelas/Fase : XI/F Semester : Genap Bahan ajar A. CAPAIAN PEMBELAJARAN & ELEMEN B. ANCASING PASINAON Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menyusun (C6) media gambar sesuai alur cerita pada cerkak yang akan dibuat dengan tepat. 1. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat membuat (C6) cerkak sesuai alur cerita pada susunan gambar dengan tepat. 2. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat melakukan (P2) presentasi cerkak yang disusun dengan memperhatikan unggah-ungguh yang tepat. 3.


FAKTUAL (Fenomena karya sastra cerkak yang jaman sekarang sudah cukup asing bagi para generasi muda dan contoh video lagu yang diubah liriknya) 1. KONSEPTUAL (Pengertian cerkak, ciri-ciri cerkak, unsur intrinsik cerkak, struktur cerkak ) 2. 3.PROSEDURAL (Tata cara menulis cerkak) 4.METAKOGNITIF (Ajaran atau piwulang dalam cerkak) E. WOSING PASINAON APERSEPSI Cariyos cekak utawi cerkak inggih menika satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerkak inggih menika wujud prosa naratif fiktif ingkang ukuranipun cekak aos tinimbang karya sastra sanes ingkang langkung panjang, satemah boten mbetahaken wekdal ingkang kathah nalika maos. Nanging, sanadyan wujudipun cekak aos, karya sastra cerkak ugi wonten sarat-sarat saha titikan tartamtu satemah saged dados pambeda bilih dipuntandhingaken kaliyan karya sastra sanes. Cerkak kalebet salah satunggaling karya sastra Jawi ingkang jaman samenika kirang dipunmangertosi dening generasi mudha. Kamangka, cerkak kalebet warisan budaya Jawi ingkang kedah dipunlestantunaken. Mila, wontenipun pasinaon Basa Jawi ingkang ngrembag cerkak dados salah satunggaling wujud kupiya ingkang dipuntindakaken kangge nglestantunaken cerkak kasebut. D. PITUDUH PASINAON 1.Pasinaon dipunwiwiti kanthi dedonga sesarengan. Para siswa nggatosaken andharanipun guru bab ancasing pasinaon. 2. Para siswa maos materi pasinaon ingkang sampun dipunsamaptakaken. 3. Para siswa nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak/Ibu Guru. 4. 5.Para siswa damel cathetan sarana sinau mandiri. C. MATERI PASINAON


fase 1 iDENTIFIKASI MASALAH A. CERKAK ING JAMAN SAMENIKA MATERI FAKTUAL 01 Menapa generasi mudha mangertos cerkak? Kenging menapa generasi mudha boten remen maos karya sastra Jawi mliginipun cerkak? Menapa generasi mudha saged nyerat cerkak? 02 03 04 Menapa generasi mudha nate maos cerkak? Wonten ing jaman samenika, generasi mudha kathah ingkang boten mangertos kaliyan cerkak. Karya sastra Jawi mliginipun cerkak langkung sisah dipunpanggihi ing media digital tinimbang karya sastra mawi basa sanes. Kamangka, kathah sanget piwulang ing salebeting cerkak ingkang saged dipunsinau saha dipuntuladhani.


fase 2 mengorganisasikan peserta didik A. PANGERTOSAN CERKAK MATERI konseptual Cariyos cekak utawi cerkak inggih menika satunggaling wujud prosa naratiffiktif. Edgar Allan Poe lumantar Nurgiantoro (1995:11) ngandharaken bilih cerkak inggih menika satungaling cariyos ingkang rampung dipunwaos sekali duduk, ingkang kirang langkung satunggal dumugi kalih jam. Tegesipun, maos cerkak menika boten mbetahaken wekdal ingkang kathah (antawisipun satunggal dumugi kalih jam) amargi cariyosipun cekak (boten panjang). Wosing cerkak menika langkung aos bilih dipuntandhingaken kaliyan karya fiksi sanesipun ingkang langkung panjang kados ta novel. Cariyos ingkang ukuranipun cekak menika ndadosaken karya fiksi cerkak saged miyaraken teknik-teknik sastra kados ta paraga, plot, tema, basa, saha pamawas kanthi langkung gampil tinimbang fiksi sanes ingkang langkung panjang. Nanging, karya sastra awujud cerkak ugi wonten saratipun, inggih menika kedah wonten perangan perkenalan, pertikaian, saha penyelesaian (H.B. Jassin lumantar Rampan, 1995:10). Saking kalih andharan ahli sastra ing nginggil, saged dipundamel dudutan bilih cerkak inggih menika wujud prosa naratif fiktif ingkang ukuranipun cekak aos tinimbang karya sastra sanes ingkang langkung panjang, satemah boten mbetahaken wekdal ingkang kathah nalika maos. Nanging, sanadyan wujudipun cekak aos, karya sastra cerkak ugi wonten sarat-sarat saha titikan tartamtu satemah saged dados pambeda bilih dipuntandhingaken kaliyan karya sastra sanes.


Stanton (2007: 76) ngandharaken bilih titikanipun cerkak inggih menika: 1.Wosipun kedah aos. 2.Realistik. Aluripun asipat fragmanteris ingkang condhong dhateng sipat inklusif. 3. Dene, saderengipun Tarigan (1984: 177) nate ngandharaken titikan cerkak kanthi poin-poin ingkang langkung kathah, inggih menika: 1.Cekak, padu, saha intensif. 2.Wonten unsur utama inggih menika adegan, paraga, saha gerak. 3.Basanipun cetha, sugestif, saha narik kawigatosan. Ngandhut pamanggih utawi pangraosipun panganggit bab pagesangan. 4. 5.Nuwuhaken satunggal efek ing pamikiring pamaos. 6.Ngandhut kadadosan ingkang sampun kapilih kathi temenan. 7.Wonten paraga utama ingkang dados punjering cariyos. 8.Efek-ipun bulat, saha nuwuhaken emosi ingkang tunggal. Kalih teori saderengipun lajeng dipunjangkepi dening Juni Ahyar (2019: 88) kanthi ngandharaken bilih titikan cerkak menika ugi gumantung kaliyan sinten panganggitipun. Ateges, saben panganggit cerkak limrahipun gadhah ciri khas piyambak ingkang saged katingal saking cerkak anggitanipun. Nanging, piyambakipun ngandharaken bilih wonten titikan khusus ing karya sastra awujud cerkak, inggih menika: Wosing cerkak menika kirang kompleks bilih dipuntandhingaken kaliyan wosing novel. 1. 2.Limrahipun, cerkak munjeraken cariosipun ing satunggal kadadosan. 3.Plot-ipun namung satunggal nanging aos. Paraganipun sakedhik saha anggenipun nyariyosaken paraga namung saklepatan. 4. 5.Setting-ipun tunggal. 6.Panjangipun wekdal ing salebeting cariyos boten lami. Konflik ing salebeting cariyos boten ndadosaken ewahing nasib paraganipun. 7. Saking andharan ing nginggil, saged dipundamel dudutan bilih titikan cerkak inggih menika wosipun cekak, aos, punjering cariyos ing satunggal kadadosan, alur-ipun satunggal nanging ugi aos, setting-ipun tunggal, paraga ing cariyosipun winates utawi sakedhik, panjangipun wekdal ingkang dipuncariyosaken boten lami, realistik, basanipun cetha saha narik kawigatosan pamaos, sarta konflik ingkang tuwuh ing salebetipun sederhana, ateges boten ndadosaken ewahing nasib paraganipun. B. TITIKAN CERKAK


C. UNSUR INTRINSIK CERKAK Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsur intrinsik: Tema inggih menika undhering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undhering cariyos. 1. Latar (Setting) inggih menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos menika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, kapan kadadosanipun saha swasana sarta kahanan menika kadadosan. 2. Alur (Plot) inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih menika: 1) Alur Maju inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng. 2) Alur Mundur inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampahipun mundur. 3) Alur campuran inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur. 3. Watak inggih menika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak menika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggh menika pacelathon paraga, gegambaraning paraga, saha gegambaraning blegeripun paraga. 4. Nilai (amanat) inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos. 5. 6.Pamawas (sudut pandang)


Struktur cerkak menika gayut kaliyan alur ing cerkak kasebut. Alur menika kaperang dados pinten-pinten tahapan, inggih menika: 1) Pangantar inggih menika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos. 2) Wiwitaning perkawis inggih menika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos. 3) Klimaks inggih menika perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos. 4) Antiklimaks inggh menika perkawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical. 5) Resolusi inggih menika perkawis sampun saged karampungaken. Alur cariyos menika gumantung kaliyan ingkang dipunkajengaken pangripta, upamanipun: 1. Pengenalan paraga 2. Dumadosipun konflik 3. Perkawis sansaya ndumadi 4. Klimaks/puncaking perkavis 5. Pungkasaning crita (perkawis saged dipunrampungaken) D. STRUKTUR CERKAK


A. TATA CARA DAMEL CERKAK Cerkak menika cekakan saking cariyos cekak. Limrahipun cerkak menika namung ngandharaken satunggal perkawis. Menawi wonten ing basa Indonesia kawastanan cerpen (cerita pendek). Kanthi gladhen maos cerkak, langkung gampil anggenipun mangertosi titikan-titikan saha wujudipun cerkak. Cara damel cerkak saged kados mekaten : a Nemtokaken tema, saged saking pengalaman (wonten menika supados boten wiyar anggenipun cariyos) b) Damel cengkorongan cerkak (saged dipuncatet wekdal-wekdal ingkang badhe kaserat, titikan-titikan kawontenan, papan saha amanat) c) Mekaraken cengkorongan dados cerkak d) Kedah wonten konflik, klimaks lan antiklimaks. Ingkang kedah dipungatosaken inggih menika: a) Kedah wonten perkavis b) Wonten konflik c) Wonten pungkasan (anti klimaks) fase 3 meMBIMBING PENYELIDIKAN MATERI PROSEDURAL


fase 4 meNGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA PIWULANG CERKAK MATERI METAKOGNITIF Sejatosipun, saben karya sastra menika temtu ngandhut piwulang ingkang saged dipuntuladhani. piwulang ingkang wonten ing salebeting cerkak menika saged katingal kanthi cetha amargi sinerat,nanging wonten ugi ingkang boten amargi boten sinerat (tersurat). Piwulang ingkang wonten ing salebeting cerkak menika maneka warni, tuladhanipun: bekti dhateng tiyang sepuh urmat dhateng guru rukun dhateng sedherek saha kanca ngulintenaken tumindak jujur tanggel jawab ngrumaketaken anggenipun kekancan lsp.


Kelompok: Anggota: fase 5 meNGanalisis dan mengevaluasi DAMEL CERKAK Urutaken gambar-gambar ingkang sampun dipunsamektakaken dados alur cariyos ingkang sae lajeng kadamela cerkak adhedhasar urutan gambar kasebut! Wondene urutaning gambar saged dipuntemplekaken ing ngandhap menika!


Cerkakipun saged kaserat ing ngandhap menika!


Paringana biji kangge klompok sanes ingkang presentasi maosaken cerkak kanthi ngisi kolom ing ngandhap menika! PAMBIJI CERKAK (KLOMPOK) NAMA KLOMPOK ANGGOTA-NIPUN ASPEK (SABEN ASPEK PALING KATHAH 5 BINTANG) TOTAL KONTEN BINTANG (JANGKEPING STRUKTUR) KREATIFITAS (BASA)


kapustakan Nugroho, Slamet dan Abdul Afif Rosyidi. 2020. Wibawa: Wiyata Basa Jawa. Yogyakarta: Perpustakaan Nasional RI-Katalog dalam Terbitan (KDT). Suryanti, Heppy, dkk. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Klaten: Sinar Pengetahuan. Kamus Bahasa Jawa/Baoesastra Online https://www.sastra.org/leksikon dan https://budiarto.id/bausastra/


Click to View FlipBook Version