A. CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu mengapresiasi, dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari menyimak berbagai teks dalam bentuk visual dan audiovisual tentang uyon-uyon dari berbagai media. (Elemen: Menyimak) B. ANCASING PASINAON 1. Tujuan Kognitif a. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) peranganing uyon-uyon dengan tepat. b. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) arti istilah-istilah terkait uyon-uyon dengan tepat. c. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) arti kata sukar dalam cakepan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” dengan tepat. d. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menyimpulkan (C4) isi dalam cakepan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” dengan tepat. e. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menyimpulkan (C4) piwulang moral dalam cakepan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” dengan tepat. Materi Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Uyon-Uyon Kelas/Fase : XI/F Semester : Genap
2. Tujuan Sikap a. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menampilkan (A2) rasa keingintahuan yang besar, mengajukan pertanyaan yang relevan, mengidentifikasi dan mengklarifikasi gagasan dan informasi yang diperoleh, serta mengolah informasi mengenai uyon-uyon dengan tepat. (P5 Bernalar Kritis, 5C’s Century Skills Critical Thinking) b. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat mengikuti (A1) kerja sama dan melakukan koordinasi mengenai tugas pada materi uyon-uyon demi mencapai tujuan bersama dengan mempertimbangkan keragaman latar belakang setiap anggota kelompok dengan tepat. (P5 Gotong Royong, 5C’s Century Skills Collaboration) c. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat memecahkan (A5) permasalahan dalam belajar uyon-uyon dengan tidak mudah menyerah dan akan berusaha mencari strategi atau metode yang lebih sesuai untuk menunjang keberhasilan pencapaian tujuannya dengan tepat. (P5 Mandiri) 3. Tujuan Keterampilan a. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat melagukan (P3) lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” sesuai titi laras. C. MATERI PASINAON 1 Faktual Fenomena uyon-uyon yang jaman sekarang sudah cukup asing bagi para generasi muda 2 Konseptual Pengertian uyon-uyon, peranganing uyon-uyon (termasuk wujud gamelan), dan istilah terkait uyonuyon 3 Prosedural Melagukan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” 4 Metakognitif Isi dan piwulang moral dalam cakepan lelagon uyonuyon “Gugur Gunung”)
D. PITUDUH PASINAON 1. Pasinaon dipunwiwiti kanthi dedonga sesarengan. 2. Para siswa nggatosaken andharanipun guru bab ancasing pasinaon. 3. Para siswa maos materi pasinaon ingkang sampun dipunsamaptakaken. 4. Para siswa nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak/Ibu Guru. 5. Para siswa damel cathetan sarana sinau mandiri. E. WOSING PASINAON APERSEPSI Tembung uyon-uyon asalipun saking tembung “nguyu-uyu” tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939: 436). Wonten pamanggih sanes bilih uyonuyon dipuntegesi ungeling gangsa (swantening gamelan) ingkang boten kinanthenan joged utawi kagunan sanesipun. Uyon-uyon kalebet salah satunggaling wujud seni ingkang jaman samenika kirang dipunmangertosi dening generasi mudha. Kamangka, uyon-uyon kalebet warisan budaya Jawi ingkang kedah dipunlestantunaken. Mila, wontenipun pasinaon Basa Jawi ingkang ngrembag uyon-uyon dados salah satunggaling wujud kupiya ingkang dipuntindakaken kangge nglestantunaken uyon-uyon kasebut.
MATERI FAKTUAL 1. Menapa para peserta didik mangertos uyon-uyon? 2. Menapa para peserta didik nate mireng uyon-uyon? 3. Menawi nate, wonten ing adicara menapa? 4. Menapa generasi mudha samenika saged nembangaken lelagon uyon-uyon? 5. Kenging menapa generasi mudha boten remen kaliyan uyon-uyon? 6. Kadospundi cara nglestantunaken uyon-uyon ing jaman samenika? Wonten ing jaman samenika, generasi mudha kathah ingkang boten mangertos kaliyan uyon-uyon. Kaseninan Jawi mliginipun uyon-uyon samenika ugi langkung sisah dipunpanggihi ing media digital tinimbang kasenian utawi wujud lelagon sanesipun. Kamangka, kathah sanget piwulang ing salebeting lelagon uyon-uyon ingkang saged dipunsinau saha dipuntuladhani. Mila, wontenipun pasinaon Basa Jawi ingkang ngrembag uyon-uyon dados salah satunggaling wujud kupiya ingkang dipuntindakaken kangge nglestantunaken saha nuladhani piwulang ingkang wonten ing salebeting uyonuyon kasebut. Ing ngandhap menika tuladha video lelagon uyon-uyon. https://www.youtube.com/watch?v=BEB5_EAzNGM
https://www.youtube.com/watch?v=Yt0WQqMia9o https://www.youtube.com/watch?v=dVow4-lWsrk
MATERI KONSEPTUAL A. Pangertosan Uyon-Uyon Tembung uyon-uyon asalipun saking tembung “nguyu-uyu” tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939: 436). Wonten pamanggih sanes bilih uyonuyon dipuntegesi ungeling gangsa (swantening gamelan) ingkang boten kinanthenan joged utawi kagunan sanesipun. Pagelaran uyon-uyon boten saged uwal saking wontenipun karawitan. Nanging, karawitan kaliyan uyon-uyon menika boten saged dipunanggep sami. Karawitan => saged kangge ngiringi maneka warni pagelaran. Uyon-uyon => pagelaran karawitan ingkang madeg piyambak. B. Peranganing Uyon-Uyon 1. GAMELAN/GANGSA Gamelan utawi gangsa inggih menika namaning tetabuhan ingkang rericikanipun kathah sanget, kadosta saron, bonang, gender, lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 2939: 129). Miturut wujudipun, gamelan kabedakaken dados ing ngandhap menika. a. Wujud Tebokan/Kebukan Bedhug, kendhang, ketipung, tambur. Cara nabuh: dipunthuthuk (bedhug, tambur), saha dipunkebuk/keplak/tabok (kendhang) Kawruh Kendhang: • Dipundamel saking kajeng (klowongan/urung) saha wacucal
• Tebokan, wacucal ingkang nutup kiwa tengen bolongan klowongan/urung Janget, tali wacucal ingkang kangge nyeneng tebokan • Suh, karah saking wacucal kangge ngencengi utawi ngendhoni janget gayut suwanten kendhang • Plangkan: rancakan/piranti kangge nyelehaken kendhang • Jinis: Kendhang Ageng/Bem, Batangan/Gembyakan, Penunthung, Ketipung, Kosek, Jaipong • Minangka pamurba wirama (tempo) • Wenang nyuwuk/hangendheg lampahing gendhing b. Wujud Wilahan Gender, slenthem, gambang, demung, saron, peking. Cara nabuh: dipunthuthuk Kawruh Gender: • Gender menika perangkat gamelan Jawa ingkang kasusun ing papan kaya ayunan lajeng ing ngandhapipun wonten tabung/silinder ingkang fungsinipun kangge ngatur gema swantenipun. • Tabung/silinder menika limrahipun dipundamel saking pring saha wesi tipis. • Gender menika wujudipun meh sami kaliyan Slenthem. • Wujud wilahan, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing ngangge sindik, saben let 2 wilah dipunsangga ngange sanggabuwana • Pluntur dipunpantheng dhateng golekan • Sangandhaping wilah kaparingan bumbungan minangka resonator • Cacah wilahan padatan 14 wilah, saking laras 6 ageng - laras 3 alit • Wonten kalih jinis: Gender Barung lan Gender Penerus
• Miturut titi laras: Gender Slendro, Gender Pelog Bem, Gender Pelog Barang • Tabuh gender sinebat bendha Kawruh Slenthem • Slenthem menika kagolong gamelan wujud balungan ingkang ngasilaken swanten alus katimbang balungan sanesipun (saron). • Wujud slenthem menika meh sami kaliyan gender. • Ugi sinebat gender penembung / gender gantung • Wujud wilahan, dipunrenteng mawi pluntur ingkang dipunpantheng dhateng golekan, dipunkancing ngangge sindik, saben let wilah dipunsangga ngangge sanggabuwana • Sangandhapipun wilah kaparingan bumbungan minangka resonator • Miturut titi laras: Slenthem Slendro lan Slenthem Pelog • Cacah wilah Slenthem Pelog 7 wilah, Slendro 6 wilah, nanging pangrembakan 3 ugi dados 7 wilah • Tabuh Slenthem ugi sinebat bendha Kawruh Gambang • Wujud gambang menika meh sami kaliyan saron nanging langkung ageng saha panjang lan wilahanipun dipundamel saking kayu. • Jaman rumiyin wonten gambang ingkang wilahanipun dipundamel saking tosan utawa logam, nanging samenika sampun boten wonten malih. • Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. • Wilah ingkang langkung ageng menika swantenipun langkung andhap lan sadaya cacahipun wilahan gambang wonten 19 dugi 20 wilah.
• Dene tabuh gambang menika langkung panjang tinimbang tabuh sanesipun inggih menika kinten-kinten 35 cm. • Wilahan padatan dipundamel saking kajeng berlian utawi kajeng lengki, rancakan ngiras resonator • Sarancak padatan isi 21 wilah, wiwit laras 5 andhap ngantos laras 5 inggil • Miturut titilaras: Gambang Slendro, Pelog Bem, Pelog Barang. Supados ringkes, Gambang Pelog lajeng mawi sorogan wilah laras 1 lan 7 • Tabuh gambang ugi sinebat bendha Kawruh Demung • Saron menika prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. • Wonten 3 jinis saron inggih menika: Saron Demung, Saron Barung/ Ricik, lan Saron Penerus/Peking). • Saron Demung menika jinis saron ingkang paling ageng ukuranipun. • Wilah saron demung menika paling ageng ing kelompok saron (balungan) inggih menika ukuranipun kinten-kinten 35,5 cm panjangipun lan ambanipun 9 cm. • Ing kelompok saron/ balungan, saron demung menika ngasilaken swanten paling cendhek. • Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngangge bantalan tawonan, dipunkancing ngangge paku, rancakan ngiras resonator
• Ricikan balungan ingkang ukuranipun ageng piyambak - Demung Pelog sarancak 7 wilah: 1,2,3,4,5,6,7 - Demung Slendro sarancak 6 wilah 1,2,3,5,6,1 nanging ugi wonten ingkang 7 wilah: 6,1,2,3,5,6,1 • Tabuhipun sinebat gandhen Kawruh Saron • Saron barung utawi saron Ricik menika prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika antawisipun peking kaliyan demung. • Wilah saron barung menika langkung ageng tinimbang saron penerus nanging langkung alit tinimbang saron demung. • Wilah ingkang langkung inggil swantenipun, ukuranipun langkung alit. Saron inggil satunggal oktaf barung ngasilaken swanten tinimbang saron demung. • Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngangge bantalan tawonan, dipunkancing ngangge paku, rancakan giras resonator • Kalebet ricikan balungan, wangunipun memper Demung namungukuranipun langkung alit • Tabuhipun sinebat gandhen Kawruh Peking • Saron panerus (Peking) menika jinis saron ingkang paling alit. • Wilah saron panerus menika langkung alit tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahanipun langkung kandel. • Wilah ingkang langkung inggil swantenipun, ukuranipun langkung alit.
• Wilah saron panerus ingkang paling alit panjangipun watawis 18 cm lan amba 4 cm. • Saron panerus ngasilaken swanten langkung inggil satunggal oktaf tinimbang saron barung. • Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan nganggo bantalan tawonan, dipunkancing nganggo paku, rancakan giras resonator • Ricikan balungan ingkang ukuranipun alit piyambak • Ugi sinebat Saron Penerus utawi Thithi Padatan gandhen dipundamel saking singat/sung mahesa, dipunangkah atosipun. c. Wujud Pencon Bonang, kenong, kethuk, kempyang, kempul, suwukan, gong Cara nabuh: dipunthuthuk, jagur Kawruh Bonang • Bonang menika salah satunggaling perangkat gamelan ingkang wujudipun arupi pencon. • Bonang menika dipuntata dados kalih baris, saben satunggal baris gamelan slendro wonten 5 pencon lan ugi wonten ingkang 6 pencon, dados cacahipun sedaya wonten 10 utawi 12. • Dene saben satunggal baris gamelan pelog wonten 7 pencon lan cacahipun sedaya wonten 14. • Wujudipun bonang wonten 3, inggih menika: - bonang panembung ingkang wujudipun paling ageng. - bonang barung ingkang wujudipun langkung alit tinimbang bonang panembung, - bonang penerus minangka bonang ingkang paling alit. • Ageng alitipun wujud pencon bonang mratandhani asiling swanten/karakter bonang satunggal lan sanesipun.
• Bonang ingkang asring kangge mbukani gendhing inggih menika bonang barung. • Wujud pencon, dipuntata larik 2 sab, tumumpang pluntur kang dipunpantheng ing rancakan. • Sab nginggil (tebih saking niyaga) sinebat brunjung, sab ngandhap (caket niyaga) sinebat dhempok. • Bonang Laras Slendro saben rancak padatan isi 10 pencu. • Bonang Laras Pelog saben rancak padatan isi 14 pencu. • Tabuh bonang sinebat bindi, cara nabuhipun dipunthuthuk. Kawruh Kethuk lan Kempyang • Kethuk Ian kempyang menika perangkat gamelan wujud pencon ingkang kasusun ing papan kadosta ayunan, dados cara natanipun meh sami kaliyan kenong lan bonang. • Rancakan kethuk-kempyang menika langkung andhap tinimbang kenong. • Kethuk wujud pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng • Kempyang mawi laras 1 inggil utawi 7 • Pigunanipun kangge tandha ajeging wirama (pamengku wirama) saha nedahaken jinising gending (Lancaran, Ladrang, Ketawang Isp) • Tabuhipun sinebat bindi Kawruh Kenong • Kenong menika perangkat gamelan wujud pencon ingkang kasusun ing papan kadosta ayunan, dados cara natanipun meh sami kaliyan bonang, kempyang, lan kethuk. • Ing kelompok perangkat gamelan ingkang dipunayun menika, kenong gadhah ukuran ingkang paling ageng.
• Wujud pencon, langkung ageng lan inggil tinimbang bonang • Tumrap saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon : 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 7p, 1p, 2p, 3p, 5p. Kawimbuhan kenong Japan laras 5 ageng • Tabuhipun sinebat bindi Kawruh Kempul • Kempul menika limrahipun dipungantung kados limrahipun perangkat gong. • Kempul menika cacahipun gumantung jinis pagelaranipun, dados oten mesthi. • Bentukipun kados gong nanging langkung alit lan diameter umum kinten-kinten 45 cm. • Kempul ngasilaken swanten ingkang langkung inggil tinimbang gong, kempul ingkang ukuranipun langkung alit swantenipun langkung inggil malih. • Wujud pencon, dipungantung ing gayor ngangge pluntur • Peranganipun: pencu, praen, widhangan/ bahu, gegesan lunglungan • Gayor Ngayogjan padatan dipunsukani canthelan, rinengga cundhuk • Tabuhipun sinebat gembel + Gayor Surakartan padatan boten mawi canthelan, rinengga cundhuk nagan • Saprangkat gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10, yaiku laras: 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p, 2p, 3р, 5p, 7р Kawruh Gong • Gong menika piranti gamelan Jawa ingkang dipuntabuh, dipundamel saking tosan, lan gadhah ukuran ingkang paling ageng.
• Piranti menika limrahipun dipunpapanaken ing wingking piyambak, dipungantung ing gayor ngangge peluntur (gayor limrah dipundamel saking kayu ukuran ageng) • Wonten kalih jinis gong inggih menika: gong ageng lan gong suwuk. • Wujudipun bunder, permukaanipun rata nanging wonten tonjolan ing tengah-tengah. • Gong gadhah swanten ingkang ageng piyambak lan nadhanipun paling andhap tinimbang nadha piranti gamelan sanesipun. • Gong dipuntabuh kangge aringi tekanan ing bagéyan tinamtu (imrahipun akhir) iringan musik gamelan Jawa, dados awis sanget dipuntabuh (boten terus-terusan) nanging dipuntabuh ing selang wekdal tinamtu. • Prangkat musik tradhisional menika ugi gadhah fungsi sanes inggih menika kangge tandha paresmian utawi pambuka acara. o Gong Ageng • Wujud pencon, ukuranipun ageng piyambak, garis tengah langkung saking 90 cm, dipungantung wonten gayor ngginakaken pluntur • Saprangkat gangsa ageng, padatan wonten 2 gong ageng laras 3 ageng lan 5 ageng • Tabuhanipun sinebat gembel • Gong ageng nadanipun paling andhap tinimbang swanten piranti gamelan sanesipun lan dipuntabuh kangge tandha pungkasaning gendhing ingkang umum dipunwastani gongan Wanuh Gamelan o Gong Suwukan • Wujud pencon, ukuranipun langkung ageng tinimbang kempul, langkung alit sekedhik tinimbang gong ageng
(diameter 50 nganti 60 cm) , dipungantung wonten gayor ngginakaken pluntur • Ugi sinebat Gong Suwukan • Saprangkat mbetahaken 6 Suwukan, i.p laras ageng: 1s, 2s, 6s, 1p, 2р, 7р • Tabuhanipun sinebat gembel • Gong Suwukan utawi siyem nadanipun langkung inggil tinimbang gong ageng. d. Wujud Wilahan Pencon Slentho, gong kemodhong, kecer Cara nabuh: dipunthuthuk Kawruh Kecer • Kecer menika perangkat gamelan ingkang dipuntangkubaken ing pasanganipun. • Kecer menika limrahipun dipuntabuh kangge ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan. • Wujudipun kados piringan sambal nanging ukuranipun alit. • Sarancak isinipun kalih tangkep. • Cara nabuh dipunaben wilah e. Wujud Kawatan Rebab, siter, clempung,. Cara nabuh: rebab dipungesek, dene siter saha clempung dipunpethik/dipuncuwik. Kawruh Rebab • Rebab menika ginanipun kangge murba lagu, damel variasi lagu, ugi kangge mbukani gendhing. • Dipundamel saking kajeng utawi gadhing, membran, saha kawat.
• Peranganipun inggih menika popor ngisor, cakilan, bathokan, membran, watangan, kupingan, cundhuk, jendra, srenten, bremara. • Cara ngungelaken dipunkosok/gesek mawi senggreng. • Senggreng dipundamel saking kajeng lan bubat (rambut jaran). Kawruh Clempung • Celempung menika piranti gamelan ingkang cara nabuhipun dipunpetik sami kaliyan siter, cacah senaripun wonten ingkang 11 lan 13 pasang. • Celempung menika sesarengan kaliyan siter dados piranti utami ing gamelan. • Ing pagelaran gamelan, piranti menika kalebet kelompok penerusan saha gadhah tempo ingkang sami kaliyan gambang inggih punika tempo cepet. • Ukuran celempung panjangipun kinten-kinten 90 cm, gadhah 4 penyangga. Dados tinimbang siter, celempung menika kinten-kinten tikel tiga langkung panjang. • Celempung dipunsetel pasangan ing laras pelog lan slendro. • Nada celempung menika satunggal oktaf ing ngandhap siter. • Dipundamel saking kajeng saha kawat • Rancakan ngiras resonator • Amrih ringkes, dipundamel wolak walik laras slendro pelog • Cara ngungelaken dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta • Saben titi laras dumados saking 2 kawat, caranipun nglaras dipunpanthe • Senggreng dipundamel saking kajeng saha bubat (rambut jaran) Kawruh Siter • Sami kados dene siter nanging langkung ageng
• Tumrap gangsa ageng/jangkep dipuncawisaken Clempung cacah 3, inggih punika laras Slendro, Pelog Bem saha Pelog Barang f. Wujud Pipa Suling Cara ngunekaken: dipunsebul/dipundamu Kawruh Suling • Suling menika kalebet piranti musik ingkang dipunsebul, fungsinipun kangge variasi melodi. • Ing musik gamelan, suling menika dipundamel saking bahan pring, panjangipun kinten-kinten setengah meter. • Swanten suling dipunasilaken saking rongga angin dipungeteraken mawi sebulan angin. • Frekuensi gelombangipun gumantung kaliyan ukuran dawa rongga angin ingkang dipungeteraken • Dipundamel saking deling/pring • Padatan dipuncawisaken kalih, suling laras slendro lan pelog GAMBAR GAMELAN GAMELAN WUJUD TEBOKAN Kendhang Tambur
GAMELAN WUJUD WILAHAN Gender Slenthem Gambang Demung Saron Peking GAMELAN WUJUD PENCON Bonang Kethuk lan Kempyang Kenong Kempul Gong GAMELAN WUJUD WILAHAN PENCON Kecer Slentho Gong Kemodhong
GAMELAN WUJUD KAWATAN Rebab Celempung Siter GAMELAN WUJUD PIPA Suling 2. WIYAGA/NIYAGA Wiyaga utawi niyaga inggih punika tukang nabuh gamelan (Poerwadarminta, 1939: 344). Setunggalipun dhalang kondhang saking Surakarta Ki Anom Surata ngendikakaken bilih wiyaga punika saking tembung yoga ingkang tegesipun semèdi utawi ngeningaken cipta. Pramila tiyang ingkang nabuh gamelan punika kados déné tiyang ingkang nembé nglampahi semèdi kanthi manunggalaken cipta rasa lan karsa kanggé mujudaken wiramaning gendhing ingkang saé. 3. LELAGON/GENDHING Lelagon/gendhing Wujuding lelagon/gegendhingan/tabuhan: a. gangsaran, b. lancaran, c. ketawang,
d. ladrang, e. gendhing, f. slepeg/playon, g. kemuda, h. sampak, i. ayak-ayak, sarta j. palaran. 4. PASINDHEN (SWARAWATI & WIRASWARA) Tiyang ingkang pedamelanipun nyekar nyarengi gamelan (Poerwadarminta, 1939: 563). Menawi pasindhen punika pawèstri kasebat swarawati, déné menawi jaler kasebat wiraswara. Ananging ing jaman sapunika pasindhèn kaprah namung kanggé nyebut pawèstri, déné ingkang kakung kasebat wiraswara utawi panggérong. C. Istilah terkait Uyon-Uyon • Cakepan inggih menika syair, tetembungan ingkang dipunginakaken ing tembang. • Cengkok inggih menika lak-luking swanten kangge nembangaken tembang. • Gendhing inggih menika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan. • Gamelan inggih menika piranti karawitan kangge ngiringi tembang, kadosta; bonang, kendhang, gong kempil, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, Isp. • Laras inggih menika raos thinthinganipun swanten andhap ngantos swanten inggil. Slendro : 1-2-3-5-6-1-2-3 Pelog : 1-2-3-4-5-6-7-1-2-3
• Titi laras inggih menika angka minangka gantinipun laras (wanten andhap ngantos swanten inggil). • Pathet inggih menika ukuran andhap lan inggilipun swanten kangge nembangaken tembang. • Pedhotan inggih menika pamedhoting swanten ing tengahing tembang ing saben larik. • Senggakan inggih menika unen-unen mawi lagu ing satengahing tembang ingkang binarung swantening gendhing pradangga. • Swarawati inggih menika waranggana, pesindhen, penyanyi putri. • Wiraswara inggih menika penyanyi kakung. • Gerong inggih menika tembang ingkang dipuntembagaken sareng kaliyan gamelan kangge nyarengi gendhing, dene ingkang gerong para wiraswara/ pradangga. • Sindhenan inggih menika tetembangan ingkang dipuntembangaken dening waranggana utawi pesindhen binarung swantening gamelan/ lelagoning gendhing. • Irama inggih menika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan. • Bawa inggih menika tembang kangge mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan. • Buka inggih menika tetabuhan utawi swanten ingkang kangge mbukani gendhing. • Blimbingan inggih menika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron lan peking ingkang tengahipun ngangge lingiran (penampang trapesium). • Niyaga inggih menika paraga ingkang ngayahi nabuh gangsa/gamelan.
• Paniti inggih menika paraga ingkang kajibah manata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa. • Karawitan inggih menika gumelaring gangsa saprabotipun, saged awujud pagelaran mandhiri utawi kangge ngiringi pagelaran sanesipun (ringgit, kethoprak, ludrug Isp). • Waranggana inggih menika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan/ sindhenan. • Saprangkat inggih menika gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog • Sapangkon inggih menika namung laras Slendro utawi Pelog wae. • Cokekan inggih menika pagelaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong kemodhong.
MATERI PROSEDURAL https://www.youtube.com/watch?v=BEB5_EAzNGM
MATERI METAKOGNITIF A. ISI UYON-UYON “GUGUR GUNUNG” Isi lelagon uyon-uyon Gugur Gunung antawisipun inggih menika bab: - gotong royong - karukunan - sengkut nindakaken padamelan B. PIWULANG UYON-UYON “GUGUR GUNUNG” Piwulang ing lelagon uyon-uyon Gugur Gunung inggih menika: - Padamelan ingkang awrat badhe langkung entheng manawi dipuntindakaken kanthi gotong royong. - Gotong royong ndadosaken padamelanipun enggal rampung. Cakepan Lelagon Uyon-Uyon “Gugur Gunung” Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyane praja Kene kene kene kene gugur gunung tandang gawe Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane Lila lan legawa kanggo mulyaning negara Siji loro telu papat maju papat-papat Diulang-ulungake mesthi enggal rampunge Holobis kuntul baris holobis kuntul baris Holobis kuntul baris holobis kuntul baris
- Gotong royong saged dados sarana ngrumaketaken pasedherekan. Mila, dudutan piwulang ingkang saged kapendhet inggih menika kita kedah sengkut gumregut gotong royong sesarengan supados padamelan enggal rampung lan saged kangge sarana ngrumaketaken pasedherekan.
LKPD (Terlampir) A. LKPD 1 (Gamelan) Tujuan Pembelajaran: Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) peranganing uyon-uyon dengan tepat. Indikator: Disajikan gambar gamelan, peserta didik dapat menganalisis nama gamelan dengan tepat. Disajikan gambar gamelan, peserta didik dapat menganalisis wujud gamelan dengan tepat. Disajikan gambar gamelan, peserta didik dapat membuat deskripsi terkait gamelan tersebut dengan tepat. B. LKPD 2 (Mbiji Klompok Sanes Nembang “Gugur Gunung”) Tujuan Pembelajaran Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat melagukan (P3) lelagon uyonuyon “Gugur Gunung” sesuai titi laras. C. LKPD 3 (Negesi Tembung, Wos, Piwulang ing Cakepan “Gugur Gunung”) Tujuan Pembelajaran: Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis (C4) arti kata sukar dalam cakepan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” dengan tepat. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menyimpulkan (C4) isi dalam cakepan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” dengan tepat. Setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat menyimpulkan (C4) piwulang moral dalam cakepan lelagon uyon-uyon “Gugur Gunung” dengan tepat.
KAPUSTAKAN Kamus Bahasa Jawa/Baoesastra online https://www.sastra.org/leksikon dan https://budiarto.id/bausastra/ Nugroho, Slamet dan Abdul Afif Rosyidi. 2020. Wibawa: Wiyata Basa Jawa. Yogyakarta: Perpustakaan Nasional RI-Katalog dalam Terbitan (KDT) Suryanti, Heppy, dkk. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Klaten: Sinar Pengetahuan.