The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Lembar Kerja Peserta Didik Unggah ungguh Basa (Friska)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by zimraanzulma, 2023-10-03 07:34:44

Lembar Kerja Peserta Didik Unggah ungguh Basa (Friska)

Lembar Kerja Peserta Didik Unggah ungguh Basa (Friska)

Nama: Kelompok: Kelas : Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD) Unggah-ungguh Basa Jawa Kelas X


I D E N T I T A S N a m a S e k o l a h : S M K N 1 A d i w e r n a N a m a M a p e l : B a h a s a J a w a T a h u n P e l a j a r a n : 2 0 2 3 / 2 0 2 4 F a s e : E K a t a K u n c i : U n g g a h - u n g g u h B a s a J A W A Di akhir fase E, peserta didik dapat berbicara menggunakan bahasa jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan undha-usuk basa untuk berbagai tujuan TUJUAN PEMBELAJARAN Peserta didik dapat memahami penerapan unggah- ungguh bahasa jawa. Peserta didik dapat menentukan penerapan tingkat tuturbahasa jawa sesuai dengan unggah-ungguh. Peserta didik dapat berbicara dengan menerapkan unggah-ungguh basa Jawa


Pertemuan1 Setelah kegiatan pembelajaran model PBL, berdiskusi, dan berkolaborasi secara bertanggung jawab maka: 1.1 Peserta didik mampu menganalisis ragam unggah ungguh basa Jawa. (C4,HOTS) 1.2 Peserta didik membuat dialog percakapan yang menerapkan unggah ungguh basa Jawa. (P5, HOTS) Faktual : Komik unggah-ungguh basa Konseptual:Pengertian unggah-ungguh basa, ragam bahasa dalam unggah-ungguh basa Prosedural : Cara teks membuat percakapan yang menerapkan unggah-ungguh basa Metakognitif : Membuat teks percakapan yang menerapkan unggah-ungguh basa Materi Ajar Kamus bausastra online https://www.sastra.org/leksikon Bahan ajar undha-usuk basa flipbook https://anyflip.com/hfegg/clcb/ Komik unggah-ungguh basa https://online.anyflip.com/hfegg/mqxi/mobile/index.html Video percakapan menggunakan unggah-ungguh basa https://www.youtube.com/watch?v=semZwMMOnxw Harjawiyana, Haryana dan Th. Supriya. 2009. Kamus Unggahungguh basa Jawa.Yogyakarta: Penerbit Kanisius. Sukoyo, Joko. 2022. Unggah-ungguh Bahasa Jawa. Semarang: Unnes Press. Sumber Belajar


Para siswa kadhawuhan nyimak materi ingkang sampun sumadya wonten ing bahan ajar flipbook https://online.anyflip.com/hfegg/clcb/mobil e/index.html Sumangga para siswa ugi saged nyemak video tuladha pawicantenan mawi undhausuk basa ing link https://www.youtube.com/watch? v=semZwMMOnxw Siswa kasuwun maos adharaning LKPD punika kanthi premati. Dipungatekaken sedaya pakon ing LKPD! Wangsulana sedaya pitakonan kanthi patitis! Wangsulan saged dipunserat wonten LKPD utawi link ingkang kaserat. Bilih wonten ingkang dipunsuwunaken pirsa, saged matur ing dwija PitedahPasinaon 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.


Iza, kowe mau isuk wis sarapan durung? wis Bu Friska Sarapan karo apa Iza? Kula dhahar kalih ayam goreng Bu... AKTIVITAS PEMBELAJARAN Fase 1 : Stimulus Materi Faktual Ayoo, dijingglengi komik ing ngisor iki! Miturutmu pacelathon antarane Bu Friska lan Iza sampun jumbuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa napa dereng? tulis pamanggihmu ing ngisor iki! Wangsulan: Nama : ........................


UUB Teges UUB Jinis UUB Ngoko Krama Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Alus Krama Lugu Fase 2 : Mengorganisasikan peserta didik Materi Konseptual Peta Konsep Pangertosan Unggah-Ungguh Basa : Unggah-ungguh basa yaiku pranataning basa manut lungguhing tatakrama utawa subasita. Unggah-ungguh uga kaprah diarani undhausuk basa. Ing masyarakat Jawa kang njalari anane Unggah-Unggah basa yaiku bab pangkat, kalungguhan, enom lan tuwa.


Kabeh tembung-tembunge nggunakake tembung ngoko Nggunakake ater-ater tripurusa ngoko (dak-, kok-, di-), panambang ngoko (- ku,-mu, - e, -ake) Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1) nggunakake tembung aku, sesulih kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 1) nggunakake tembung kowe, lan sesulih katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung dheweke. “Kowe mau budhal sekolah numpak apa, Ton?”(bocah marang bocah) Simbah lagi turu Bapak lunga ing Semarang Jinis-jinis Unggah-Ungguh Basa Unggah-ungguh Basa iku kaperang dadi 4, yaiku: 1. Ngoko Lugu Titikane basa ngoko alus yaiku: Tuladha: Nggunakake tembung-tembung ngoko kacampuran karma inggil Nggunakake ater-ater tri purusa ngoko ngoko (dak-, kok-, di-), panambang ngoko (-e, -ake) Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1) nggunakake tembung aku, sesulih kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 1) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung piyambak/panjenengane. 2. Ngoko Alus Titikane basa ngoko alus yaiku: “Bapak arep tindak jam pira menyang kantor?” (ibu marang bapak)\ “Daleme pak lurah adoh tenan ya, aku wis tau lunga mrana. Tekan kana, malah pak lurah tindak Kebumen.” Tuladha:


Kabeh tetembungane nggunakake tembung-tembung karma Ater-ater di- dadi dipun-, panambang-ake dadi –aken, panambang –a/-ne/- ane dadi ipun Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1)nggunakake tembung kula, sesulih kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 1) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung piyambakipun/panjenenganipun. Kabeh tetembungane nggunakake tembung-tembung krama kacampuran krama inggil Ater-ater di- dadi dipun-, panambang-ake dadi –aken, panambang –a/-ne/- ane dadi ipun Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang 1)nggunakake tembung kula, sesulih kapindho/madyama purusa (kata gantiorang 1) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung piyambakipun/panjenenganipun 3. Krama Lugu Titikan basa karma lugu yaiku: Tuladha: “Pak RT, wau wonten gethuk dipunsukani Pak Manto, mangga dipuntedha rumiyin mumpung taasih benter!” (warga luwih tuwa marang Pak RT kang luwih enom). 4. Krama Alus Titikan basa karma lugu yaiku: Tuladha: “Bapak Andi, panjenengan dipunaturi tindak dhateng acara pelepasan siswa!” (siswa marang guru) Andharan jangkep kapriksanana ing Bahan Ajar mawi flipbook


Gaweya Kelompok miturut karakteristik tipe belajar nggih mas/mbak Kudu aktif pirembagan ing saben kelompok ngenani undha-usuk basa supaya paham lan ora bingung maneh Gaweya mind mapping undhausuk basa adedasar komik kang dijlentrehake ing LKPD sakbanjure. Garapen kanthi seneng lan semangat! 1. 2. 3. 4. GLADHEN 1 Sasampunipun siswa nyinau materi ing link flipbook bab unggahungguh basa saha tuladha cak-cakinipun unggah-ungguh basa. Monggoh digatekake:


Gaweya mind map ciri-ciri / titenane basa ngoko lugu adhedasar komik ing ngisor iki! Semangat! Digunakake dening sapa Jenis Tembung Ater-ater lan panambang Tembung sesulih Kang kudu ana ing mind map: Aku sesuk sore dolan ning omahmu bar ashar ya Zak.. Iya, aku tulung digawake buku catetan MIPAS ya Bim, aku mau ketinggalan nek nyatet Oke, Ipul ora sida melu amarga dheweke arep ngrewangi Ibune Ngoko Lugu


Wangsulan : Jeneng Kelompok:


Gaweya mind map ciri-ciri / titenane basa ngoko alus adhedasar komik ing ngisor iki! Semangat! Digunakake dening sapa Jenis Tembung Ater-ater lan panambang Tembung sesulih Kang kudu ana ing mind map: Mbak Leha, sesuk bar ashar ning dalem ora? Aku arep mrunu nyilih kudunge sampeyan sing wernane ireng Iya Dek Mona, tak golekane sik kudunge ya. Mergane wingi bar diagem Bulik Nani. Ngoko Alus


Wangsulan : Jeneng Kelompok:


Digunakake dening sapa Jenis Tembung Ater-ater lan panambang Tembung sesulih Kang kudu ana ing mind map: Gaweya mind map ciri-ciri / titenane basa krama lugu adhedasar komik ing ngisor iki! Semangat! Kulanuwun... leres niki griyanipun Bu Cindy? Ohh nggih leres, kula Cindy, sampeyan badhe kintun paket napa Pak? Krama Lugu


Wangsulan : Jeneng Kelompok:


Digunakake dening sapa Jenis Tembung Ater-ater lan panambang Tembung sesulih Kang kudu ana ing mind map: Gaweya mind map ciri-ciri / titenane basa krama alus adhedasar komik ing ngisor iki! Semangat! Bu Guru, badhe nyuwun pirsa. Tugas ingkang kalawingi dipunandharaken panjenengan punika dipunkempalaken dumugi bab pinten nggih? Tekan bab telu Sarefa. nyuwun tulung kancakancamu dikandani ya Fa.. Krama Alus


Wangsulan : Jeneng Kelompok:


FASE 3: Membimbing Penyelidikan Netepaken topik utawi perkawis ingkang badhe dipunrembag ing teks pawicantenan kasebut. Nemtokaken paraga-paraga ingkang kalebet ing teks pawicantenan. Nemtokaken undha-usuk basa ingkang trep kaliyan paraga-paraga ingkang sampun dipuntemtokaken. Netepaken latar utawi setting saking teks pawicantenan kasebut. Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan unggah-ungguh basa ingkang sampun dipuntemtokaken. Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara ing teks pawicantenan mawi unggah-ungguh basa. Materi Prosedural Langkah-langkahipun damel teks pawicantenan mawi unggah-ungguh ingkang trep kados ing ngandhap menika:


Netepaken topik utawi perkawis Nemtokaken paraga Nemtokaken unggah-ungguh ingkang badhe dipunangge Nemtokaken latar utawi setting pawicantenan Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan unggahungguh basa supados tembung-tembungipun trep kaliyan unggahungguh, pramila lajeng saged madosi tembung dhateng kamus online https://www.sastra.org/leksikon utawi https://budiarto.id/bausastra/ Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara.Menawi siswa sampun manggihaken sedaya tetembungan ingkang dipunbetahaken utawi tetembungang ingkang dereng dipunmangretosi, langkah salajengipun inggih menika siswa ndamel ukara pawicantenan ingkang ngewrat topik, undha-usuk, saha paraga ingkang sampun dipuntemtokaken. Materi Metakognitif Langkah-langkahipun kangge damel teks teks sasampunipun maos saha mangretosi caranipun damel teks pawicantenan mawi unggahungguh basa, sumangga pawicantenan mawi unggah-ungguh basa. Kanthi njumbuhaken kaliyan indikator pasinaon, pramila lajeng netepaken topik-ipun Kangge paraganipun dipuntetepaken guru kaliyan murid. Amargi pawicatenan ingkang badhe dipundamel menika antawisipun guru saha murid, pramila lajeng netepaken undha-usuk krama alus. Setting utawi latar pawicantenanipun dipuntetepaken wonten ing teras ruang guru. Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya


GLADHEN 2 Gaweya rantaman pacelathon singkat kang ngemot 4 tataran unggah-ungguh basa Jawa banjur praktekake kanthi metode role playing ing ngarep kelas! Wangsulan


Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Siswa kanthi dipunbimbing dening guru mendhet dudutansaking pasinaon bab unggah-ungguh ingkang sampunkalampahan. Salajengipun kangge ngukur asil pasinaonipunsiswa, siswa dipunsuwun gatekake performa kelompok liyane,banjur aweh pambiji lumantar scan barcode ing ngisor iki! https://forms.gle/n9C4ZEdX6ErYWD3w9 QR-QODE


Asesmen Sumatif 1. Gatekna pacelathon iki! Ninda: "Hei, Sidik." Sidik: "Hei, Ninda." Ninda: "Kowe lagi ngapa, Dik?" Sidik: "Aku lagi nandur kembang ki, Nda. Aku njaluk tulung gawakna pot kembang sing neng kana kae isa ora, Nda?" Ninda: "Oh, iya, Dik, ( Ninda nggawa pot kembange)...Dik, iki pot kembange." Sidik: "Maturnuwun ya, Nda." Unggah-ungguh basa kang digunakake ana ing pacelthon kasebut yaiku …. A.ngoko lugu B.ngoko alus C.krama lugu D.karma alus E.karma madya 2. Ukara kang nggunakake unggah-ungguh basa ragam karma alus yaiku …. A. Dhi, tulung kuwi klambimu dilebokake sing rapi lan atribut seragam dijangkepi, wis wiwit dina Senin Bu Guru nggatekake seragammu ora rapi. B. Ngendikanipun simbah, tiyang gesang menika kedah ambeg utama, andhap asor, tegesipun dados pribadi ingkang wasis ananging mboten kumalungkung. C. Dek Dewi, didhawuhi Ibu kon nggawake tas werna ijo, arep diagem panjenengane sesuk ing pahargyan D. Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka, aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman. E. Ngendikane Bu Guru, wong kui aja lambe satumang kari samerang, dikandani makapingkaping tapi ora nate dirungokake. 3. Gatekake pacelathon kang ora ganep iki! Ninda: "Kembang-kembang iki apik tenan ya. Apa iki kabeh duwekmu, Dik?" Sidik: "Iya. Bapakku ………………. kembang-kembang iki kabeh kanggo aku, Nda." Tembung kang pas kanggo ngisi ceceg-ceceg ing pacelathon kasebut yaiku …. A. numbasake B. nukokake C. mundhutake D. njupukake E. nggolekake 4. Gatekna pacelathon kang durung jangkep iki! Suga : "Sugeng enjang, Bu Delta." Bu Delta : "Sugeng enjang. Enek apa, Nang?" Suga : "…………………………………………………………..” Bu Delta : "Iya, Nang, mengko ditumpuk ing mejane ibu ing ruang guru ya Nang.” Ukara kang pas kango njangkepi andharan Suga marang Bu Delta ing pacelathon kasebut yaiku …. A. Tugas matematika menika menapa siyos ditumpuk dinten niki? B. Tugas matematika apa kudu ditumpuk dina iki Bu? C. Tugas matematika awrat sanget Bu, kula boten saged nggarap. D. Tugas matematika ditumpuk seminggu meneh ya Bu, angel banget. E. Ulangan matematika menika menapa siyos dinten niki, Bu?


5. Gatekna pacelathon iki! Tino: "Mbah, badhe nyuwun priksa!" Embah: "Arep takon apa to, Le?" Tino: "Ringgit, mbah!" Embah: "Apa ana sekolahan kowe diwulang wayang?" Tino: "Inggih, mbah. Kula remen sanget cariyos ringgit, kok." Embah: "Apa arep kepengin dadi dhalang to, le?" Tino: "Pangestunipun, Mbah. Kula gadhah gegayuhan kados Gathot putranipun guru kula. Saweg kelas sekawan sampun pinter ndhalang." Unggah-ungguh kang digunakake Tino marang Embah yaiku ragam …. A. ngoko lugu B. ngoko alus C. krama lugu D. karma alus E. karma madya 6. Gatekake pacelathon iki! 1. Jimin : “Bu Guru, sampeyan mangkeh siyos badhe mbagi ulangan napa boten?” Bu Guru : “Nggih Min, nyuwun tulung disanjangke kanca-kanca ya Le.” 2.Jserome : “Dy, sesuk sida arep gawe tugas kelompok ing omahmu ora?” Maudy : “Sida ra, sesuk ya jam 8 ya. Aja sore-sore.” 3.Bapak : “Le, tulung jupukake kopyahe bapak ing lemari jejer TV.” Anak manang : “Iyo Pak sediluk, isih war iki lho.” 4. Muklay : “Ma, Alhamdulillah kula nembe mawon kolaborasi desain kalih Uniqlo. Nyuwun pandonganipun tahun ngajeng insyaallah badhe kolaborasi kalih klub bola saking Perancis. Mama Muklay: “Alhamdulillah Mama Bangga karo kowe Le. Iyo Le, muga-muga lancer lakumu, lancer karirmu.” Pacelathon kang bener miturut unggah-ungguh basa Jawa yaiku nomer …. A. 1 lan 2 B. 2 lan 3 C. 2 lan 4 D. 1 lan 4 E. 3 lan 4 7. Gatekake pacelathon iki! Ibu : “Soo, tulung tukokne gula lan teh menyang warunge Bu Dhini!” Ji Soo : “Nggih, Ibu.”. Ibu : “Tuku gulane sak kilo wae, ya? Iki takgawani duwit rong puluh ewu”. Ji Soo : “Nggih, Ibu! Lajeng tehipun tumbas pinten?” Basa kang digunakake Ibu marang Ji Soo yaiku …. A. krama madya B. krama alus C. krama lugu D. ngoko alus E. ngoko lugu Asesmen Sumatif


8. Gatekake pacelathon iki! Maudy : “Bapak sampun (1) …………… napa dereng? Menawi dereng badhe pun siapaken kaliyan ibu.” Bapak : “Wis mau Dy ning kantor. Lha Sinok wis (2) ………………. durung?” Maudy : “Dereng Pak, mangkeh mawon sareng Ibu.” Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku …. A. (1) mangan (2) dhahar B. (1) dhahar (2) nedha C. (1) nedha (2) dhahar D. (1) nedha (2) mangan E. (1) dhahar (2) mangan 9. Gatekake pacelathon iki! Ibu : “Di, tukoke benang ning warunge Mbak Indah Di! Meh dingo ndondomi agemane bapakmu. Werna putih ya Di!” Andi : “Nggih Buk.” (mlaku ing warunge Mbak Indah) Andi : “Mbak, meh tumbas benang werna putih siji Mbak.” Mbak Indah : “Dengaren Di, meh gawe apa?” Andi : Meh gawe ndondomi agemane bapak, Mbak.” ……………….. Unggah-ungguh basa kang digunakake Adi marang Mbak Indah yaiku …. A. ngoko lugu B. ngoko alus C. krama lugu D. karma alus E. karma madya 10. Gatekna pratelan pacelathon iki! “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... A. mundhut, tuku B. tumbas, tumbas C. tumbas, mundhut D. mundhut, tumbas E. mundhut, mundhut Asesmen Sumatif


NO Kriteria Skor 1 Peserta didik dapat menganalisis kata yang tidak tepat sebanyak lebih dari 11 kata 40 2 Peserta didik dapat menganalisis kata yang tidak tepat sebanyak lebih dari 7-10 kata 30 3 Peserta didik dapat menganalisis kata yang tidak tepat sebanyak lebih dari 4-6 kata 20 4 Peserta didik dapat menganalisis kata yang tidak tepat sebanyak lebih dari 1-3 kata 10 Nilai Akhir 100 PANDOMAN PAMBIJI PENGETAHUAN (DISKUSI) PANDOMAN PAMBIJI KETERAMPILAN Pitakon: Kadamela satunggal teks pawicantenan kanthi topik ingkang sampun dipuntemtokaken! NO Kriteria Skor 1 Peserta didik dapat membuat pawicantenan unggah-ungguh basa sesuai dengan tema dan dengan memperhatikan 5 kriteria penilaian (diksi, ragam bahasa yang digunakan, struktur kalimat, kreatifitas, dan kontekstual). 40 2 Peserta didik dapat membuat pawicantenan unggah-ungguh basa sesuai dengan tema dan dengan memperhatikan 4 kriteria penilaian (diksi, ragam bahasa yang digunakan, struktur kalimat, kreatifitas, dan kontekstual). 30 3 Peserta didik dapat membuat pawicantenan unggah-ungguh basa sesuai dengan tema dan dengan memperhatikan 3 kriteria penilaian (diksi, ragam bahasa yang digunakan, struktur kalimat, kreatifitas, dan kontekstual). 20 4 Peserta didik dapat membuat pawicantenan unggah-ungguh basa sesuai dengan tema dan dengan memperhatikan 2 kriteria penilaian (diksi, ragam bahasa yang digunakan, struktur kalimat, kreatifitas, dan kontekstual). 10 Nilai Akhir 100


Nama Kelompok Aspek yang dinilai Skor Lafal Undha usuk Intonasi 1 2 3 4 5 6 PANDOMAN PAMBIJI ROLE PLAYING Katrangan skor 1 = kurang 2 = cukup 3 = baik 4 = sangat baik Skor yang diperoleh ………………………… x 100 Skor maksimal


Kadamela satunggal teks pacelathon mawi tema nyuwun priksa, setting-ipun ing lingkungan sekolah, konteks-ipun antawis siswa dhateng gurunipun! REMIDIAL DAN PENGAYAAN Ketentuan: 1. Remedial :Apabila peserta didik mendapatkan nilai di bawah KKM (75). 2. Pengayaan : Apabila peserta didik mendapatkan nilai sama dengan atau di atas KKM (75). Soal Remidi Wangsulana pitakenan menika kanthi ngginakaken basa krama! Soal Pengayaan Sumangga dipunsatitekaken short film ngengingi unggahungguh menika!


Click to View FlipBook Version