UKARA HAGNYA LAN UKARA SAMBAWA
Titikane: - Migunakake tembung sambawa yaiku tembung lingga oleh panambang –a, -na, -el, lan –ana. - Ngemu surasa prentah. - Ing pungkasane ukara ana tandha pakon/penthung/panyeru (!) - Yen sajrone iklan tujuwane kango ngajak. UKARA HAGNYA
1. Tutupna lawang kuwi! Tutupna = Tutup + -na 2. Busaken tulisan ing papan! Busaken = Busak + -en 3. Tukua ing kene! Tukua = Tuku + -a Tuladha Ukara Hagnya
Titikane: - Migunakake tembung sambawa yaiku tembung lingga oleh panambang –a, -na, -el, lan –ana. - Surasane dudu prentah. - Tegese bisa sanajan, umpama, pangareparep, utawa mokal. UKARA SAMBAWA
UKARA SAMBAWA ATEGES SANAJAN Sinaua nganti kesel yen karo dolanan game tanpa guna. Tembung sambawa : sinaua = sinau + -a Ukara lumrah : Sanajan sinau nganti kesel yen karo dolanan game tanpa guna “meskipun belajar sampai lelah jika dengan bermain game tidak akan berguna.”
UKARA SAMBAWA ATEGES UMPAMA Mangana isuk mau, aku ora lemes ngene iki. Tembung sambawa : mangana = mangan + -a Ukara lumrah : Umpama mangan isuk mau, aku ora lemes ngene iki. “seandainya tadi pagi makan, aku tidak akan lemas seperti ini.”
UKARA SAMBAWA ATEGES MUGA-MUGA Udana sing deres, hawane dadi seger. Tembung sambawa : udana = udan + -a Ukara lumrah : Muga-muga udan, (supaya) hawane dadi seger. “Semoga hujan, (agar) hawanya menjadi segar.”
UKARA SAMBAWA ATEGES MOKAL/MUSTAHIL Surabaya maneh Udana, Malang wae ora udan. Tembung sambawa : udana = udan + -a Ukara lumrah : Surabaya ora mungkin udan, Malang wae ora udan. “Surabaya tidak mungkin hujan, Malang saja tidak hujan.”
1. Ngajia sing sregep mumpung isih enom! 2. Turua wingi sore saiki ora kerinan. 3. Garapen tugasmu! 4. Kowe maneh dicritanana, aku wae sing bestiene ora dicritani. 5. Ngeluku ndang maria, aku bisa fokus nggarap tugas maneh. Ukara ing ngisor iki kira-kira kalebu ukara apa ya??