RANGKUMAN BASA JAWA
Kelas V
Wulangan 1
A. Dolanan Tradhisional
1) Yaiku dolanan kang nggunakake tata aturan manut adat istiadat lan
wis ana kanthi cara turun-temurun.
2) Manfaat dolanan tradhisional:
sinau ajen-ingajenan
kekancan kang becik
guyub rukun karo kanca
tulung-tinulung
migunani tumprap kesasaran
3) Contone dolanan tradhisional:
egrang
gobak sodor
engkle
dhakon
betengan
B. Ngucapake Wacan
1) Lafal yaiku pangucape kudu teteh/ fasih, bener, lan becik.
2) Pangucape kudu cetha lan resik, ora kena mangu-mangu
3) Contone:
C. Teks Narasi
1) yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean
kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis
2) wong kang maca teks narasi kaya-kaya ngalami dhewe kedadean kang
diandharake.
3) Struktur teks narasi yaiku
a. alur
b. paraga lan watake
c. latar (latar wektu lan latar panggonan)
Contoh
Telat Sekolah
Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun
karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere
lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak
saking senenge ngrongokane swarane musik band. Ora krasa wis jam
rolas bengi. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas.
Nanging iki wis telat sak jam.
Tekan ngomah, Ibuku nesu lan nyeneni aku. Aku mung bisa meneng ora
bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah.
Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap. Mlebu
kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise
rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran
matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi.
Dhog...dhog...dhog….
Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek.
Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku,
ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh….Wis jam 7 esuk.
Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah.
Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.
D. Teks Deskripsi
1) yaiku tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara
nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean kanthi njlimet/ rinci
2) wong kang maca teks deskripsi kaya-kaya ngalami dhewe kedadean
kang diandharake.
3) Struktur teks deskripsi yaiku:
a. identifikasi
b. klasifikasi
c. Deskripsi bagean
Contoh:
Kali Amazon
Kali Amazon dumunung ing bawana Amérika Kidul. Kali
Amazon minangka kali paling dawa nomer loro ing kali sawise Nil
(Afrika). Nanging, yen dideleng saka jumlah aliran banyu sekunder,
Kali Amazon minangka kali sing mili aliran sing paling gedhe.
Aliran banyu Kali Kali Amazon menyang segara minangka siji
kaping lima saka jumlah banyu seger sing mlebu segara ing
saindenging jagad. Banyu segara ing sacedhake kali duwe kandungan
uyah sing sithik.
Dawane kali yaiku 6,400 km. Kali Amazon utama udakara 1
nganti 6 mil. Amarga suwene, kali kasebut nyabrang 7 negara.
Dheweke yaiku Guyana, Ekuador, Venezuela, Bolivia, Brazil,
Kolombia, lan Peru.
Wulangan 2
1. Pawarta yaiku andharan marang liyan ngenani
kedadean kang nyata.
2. Kita bisa oleh pawarta saka:
ngrungokake utawa maca saka sumber kang
tanggungjawab
maca
ngrungokake
3. Jenise pawarta:
a. pawarta dinan
yaiku pawarta kang wektu lan panggonan
kedadeyane wis dimangerteni sadurunge.
contone: Bu Guru ngandani yen ono ulangan, Pak
RT ngandani yen ono kerjabakti
b.pawarta dadakan
pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane ora
kena dipesthekake.
contone: nandhang lara, berita lelayu, kobongan,
kebanjiran
c. pawarta crita
pawarta kang ora diwatesi dening wektu lan
panggonan.
contone: nyritakake pengalaman
4. Perangan pawarta:
a. sesirah
b.ringkesan/ angle
c. isi pawarta
d.gambar
e. sumber
5. Unsur pawarta ana lima, kang dikenal 5 W 1 H yaiku:
Apa, njlentrehake babagan kang ana ing pawarta
Sapa, jlentrehake babagan sapa utawa tokoh kang ana
ing pawarta
Kapan, unsur kang njlentrehake wektune prastawa
pawarta
Ing ngendi, jlentrehake babagan panggonan
kedadeyan prastawa pawarta
Geneya, nuduhake sebab-musabab geneya prastawa
iku kedadeyan
Kepriye, jlentrehake babagan kepriye prastawa iku
kedadeyan
6. Sipate pawarta:
a. adhedhasar kasunyatan
b.kasunyatan mau kudu nyata-nyata kedaden
c. kasunyatan ing pawarta kudu kapisah karo panemu
d.pawarta kudu imbang, ora kena mehak sapa wae
7. Perangane pawarta:
a. irah-irahan
b.alinea pambuka
c. awak pawarta
d.panutupe pawarta
8. Carane golek pawarta:
a. wawan rembug (wawancara)
b.deleng, ngrekam, moto, nyathet kabeh prastawa ing
papan kedadeyan
c. ngunduh pawarta saka kantor berita, internet, radio,
lan liyane
d.panaliten
9. Pola ukara yaiku:
Jejer = pelaku/ sing nindakake pakaryan
Contone: Ibu, Bapak, Lani, Uun
Wasesa = tembung kriya/ kata kerja
Contone: bal, tempe, kembang, meja, kursi
Lesan = tembung aran/ kata benda
Contone: mangan, nandur, nyiram, adus, ngombe
Katrangan = wektu utawa panggonan
Contone Katrangan Wektu: esuk, sore, wengi
Contone Katrangan Panggonan: kamar, sekolah, latar
10. Ngudhal ukara manut pola kalimat:
a. Bapak maos koran.
Bapak = Jejer (J)
maos = Wasesa (W)
koran = Lesan (L)
b.Ibu nitih sepeda.
Ibu = Jejer
nitih = Wasesa
sepeda = Lesan
c. Bima mangan roti ing kamar.
Bima = Jejer
mangan = Wasesa
roti = Lesan
ing kamar = Katrangan panggonan
11. Jenis paragrap:
a. Paragrap induktif, paragrap kang idhe pokoke
manggon ing plekasan/ wiwitan paragrap
b.Paragrap deduktif, paragrap kang idhe pokoke
manggon ing pungkasan paragrap