The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Miftah Farid, 2024-02-26 20:18:00

Ringgit Bima Bungkus

2. BAHAN AJAR_PMM FArid

BAHAN AJAR CERITA WAYANG BIMA BUNGKUS BAHASA JAWA KELAS X Penyusun : Miftah Farid, S.Pd SMK NEGERI 3 PEKALONGAN TAHUN PELAJARAN 2023/2024


Nama Penyusun : Miftah Farid, S.Pd Institusi : SMK Negeri 3 Pekalongan Jenjang Sekolah : SMK Fase/ Kelas : E/ X Judul : Teks Sastra Pewayangan (Bima Bungkus) KOMPONEN INTI A. Capaian Pembelajaran. 1. Elemen Menyimak Peserta didik mampu menganalisis isi, unsur-unsur Intrinsik teks cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus) serta mengkaitkan nilai-nilai luhur dalam teks cariyos ringgit.(C4) 2. Elemen Berbicara Peserta didik mampu memberikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif berkaitan dengan hasil diskusi kelompok materi cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus)(C5). B. Tujuan Pembelajaran. Pertemuan 1 1. Peserta didik dengan kreatif dapat menganalisis unsur Intrinsik cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus).(C4) 2. Peserta didik dapat menentukan nilai-nilai luhur cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus). (C6) 3. Peserta didik dengan bernalar kritis, bergotong royong dan kreatif dapat membuat ringkasan (sinopsis) cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus) dengan bahasa sendiri(C6) Pertemuan 2 1. Peserta didik dengan bernalar kritis, bergotong royong dan kreatif dapat menyajikan cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus). (P5) 2. Peserta didik dengan bernalar kritis, bergotong royong dan kreatif dapat mengkritisi hasil analisis cariyos ringgit Mahabarata (Bima Bungkus).(P3)


A. BAHAN PEMBELAJARAN Pangerten Wayang Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan drama sing khas. Seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane kamot ana ing kesenian iki. Ana panganggep yen pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad 19 nganti saiki, wayang wis dikaji lan diteliti para ahli. Minangka kesenian rakyat utawa keraton, wayang akeh banget jenise. Ana wayang golek sing kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit sapi utawa lembu, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute. Cerita wayang Sumbere cerita saka Ramayana lan Mahabarata, cerita-cerita Menak, cerita-cerita Panji, utawa syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar sing nyritakake bab prastawa anyar. Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana wayang wong, sing dipragakake dening uwong. Wayang wong iki wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan sing apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong Cerita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur sing ana hubungane antara siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen sing kamot, pitutur (pesan moral) sing kakandhut sajroning cerita wayang Unsur Cerita Wayang Kaya karya sastra liyane, cerita wayang uga nduweni unsur-unsur pambangun. Unsur-unsur kasebut yaiku tema, latar/setting, paraga lan watak, alur, amanat, lan punjering cerita/sudut pandang. • Tema / underaning cerita Tema yaiku gagasan ide utawa underan pokok sing dibahas sajerone cerita wayang. Tema minangka dhasar lumakune cerita wayang. • Setting / latar Setting yaiku latar sing nyengkuyung lumakune cerita wayang. Setting ana 3, yaiku setting wayah, setting papan lan setting swasana. • Sudut pandang / punjering cerita / cara pamawas. Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita. Ing unsur iki, panulis bisa mapan ing 2 sudut pandang, yaiku: sudut pandang wong kapisan (pertama). Ciri saka sudut pandang iki yaiku nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku. sudut pandang wong katelu. Ciri utamane yaiku nggunakake tembung sesulih wong katelu yaiku dheweke / wonge lan sapanunggalane.


• Alur / plot / lumakuning Cerita Alur yaiku rerangken kedadean sing dumadi sajerone cerita wayang. Alur diperang dadi 3 yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran. Alur maju yaiku alur sing nuduhake laku progresif (maju). Alur mundur nyritakake peristiwa flashback, dene alur campuran nyuguhke persitiwa acak, kadang maju lan kadang mundur. • Tokoh penokohan / Paraga lan Watak Paraga lan watak iku unsur sing ora bisa dipisahke. Paraga yaiku tokoh pelaku sajeroning cerita wayang, dene watak yaiku sifat sing diduweni paraga. Paraga ana 3, yaiku protagonis (tokoh apikan) tokoh antagonis (tokoh penentang protagonis) lan tokoh netral (tritagonis). • Gaya Bahasa / Lelewaning Basa Lelewaning Basa yaiku gaya cerita panulis. Lelewaning basa iki bisa arupa majas lan purwakanthi. Majas sing umum digunakake ing cerita wayang yaiku majas sarkasme (basa kasar) lan eufisme (basa alus) ing basa krama alus. Saliane majas kasebut, ana uga majas majas hiperbola, metafora lan sapanunggalane. • Amanat/ Piwulang/ Pitutur Amanat yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita wayang. Amanat iki ora kudu padha saben pawongan sing maca cerita. Bisa wae amanat sing ditampa pamaca siji lan liyane beda. Nilai-nilai Sajeroning Cerita wayang 1. Tanggap ing sasmita/empati/peduli Saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang pepadhane, marang pepadhane manungsa, tandhuran, lan kewan. 2. Jujur Jujur iku gampang diucapake, angel anggone nglakoni. Jujur iku dumunung ing ati sanubarine manungsa sanajan takerane ora padha. 3. Mad sinamadan/saling menghargai Panguripan bakal karasa tentrem yen tinanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni piyayi sepuh, lan kosok balene. Sikep iki ndadekake panguripan ing masyarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa. 4. Tanggung Jawab Wong kang nduwe tanggung jawab ora bakal tumindak kang sakarepe dhewe. Anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenanan. 5. Keadilan Ora mban cindhe mban siladan tegese ora pilih kasih 6. Ngabdi marang Negara Sapa kang tumindak migunani marang liyan bakal gawe kabecikan tumrap dhiri pribadhi lan lingkungane


SINOPSIS Sinopsis inggih menika ringkesan sawijining crita. Ringkesan inggih menika salah sawijining wujud nyekakake cerita kanthi tetep migatekake unsur- unsur intrinsik crita menika. Lumrahe sinopsis kurang saka 300 tembung. Carane gawe sinopsis : 1. Maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utamane 2. Nyatet gagasan utama kang penting 3. Ngrantam ( nyusun ) manehgagasan utama dadi paragraf 4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane 5. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli Ngringkes Cerita Wayang Ngringkes utawa sinopsis yaiku proses ngringkes tulisan sing dawa supaya dadi luwih cekak, nanging ora ngurangi isine tulisan mau. Ancas gawe ringkesan yaiku supaya informasi saka tulisan luwih cepet ditampa dening pamaca. Cara gawe sinopsis yaiku Bolan-baleni maca tulisan sing ameh diringkes. Tujuan saka cara iki yaiku supaya panulis ringkesan bisa ngerteni lan gambling bab apa sing bakal diringkes. Saliyane iku, panulis uga bisa nggawe cengkorongan ngenani wos/ isi saka wacan kasebut. Nulis saben prastawa penting saka wacan kasebut. Ing dhuwur wis diaturake yen tujuan nulis sinopsi yaiku ngaturake informasi penting maran pamaca. Mula kudu prastawa penting sing ditulis. Yen ana pacelathon (teks omongan), usahakna dikurangi. Cara iki minangka cara sing paling gampang ngringkes. Pacelathon ora perlu ditulis maneh. Cukup ditulis isine. Yen gawe ringkesan, usahakna basane komunikatif. Cara iki dadi cara sing ora kalah penting. Sebab, kadhangkala para pamaca ora mengerteni tembung ukara saka cerita wayang. Mula, panulis ringkesan, kudu bisa nulis kanthi komunikatif.


Teks Crita Wayang Bima Bungkus Wacanen Cariyos Wayang ing ngisor iki ! https://riverspace.org/cerita-wayang-bima-bungkus-bahasa-jawa/ Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti”. Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati”. Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat. Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka. Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?” “Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger”. Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan


B. Link Youtube Crita Wayang Bima Bungkus https://www.youtube.com/watch?v=hFFb7142ykQ C. GLOSARIUM 1. Wayang : Asale saka 5 tembung “ayang” kang tegese ayang-ayang. Maksude pertunjukan iki ditindakake karo nonton para pemain ing mburi kelir kanthi wujud bayangan. 2. Duhkitaning : Sedhihe 3. Ponang : Anak lanang 4. Tumama : Tedhas 5. Lelamisan : Mung ing lambe/apus-apus 6. Wisiking : Pituduh 7. Bucal : Mbuwang 8. Wukir : Gunung 9. Warsa : Taun 10. Suralaya : Kahyangan/langit 11. Kinen : Supaya 12. Purna : Rampung 13. Sumping : Rerengganing kuping Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu


14. Manjing : Mlebu/nyawiji 15. Sira : Kuwe/Dhewekw 16. Angga : Awak/badan D. DAFTAR PUSTAKA Gandung Widaryatmo, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X. Jakarta: Erlangga https://www.youtube.com/watch?v=hFFb7142ykQ https://www.sastra.org/leksikon https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/cerita-mahabarata https://brainofayn.blogspot.com/2016/02/sinopsis-bahasa-jawa-materi.html


Click to View FlipBook Version