The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

E-MODUL BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER GENAP UNTUK SMK

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dwi kadarsih, 2020-11-26 22:09:11

E-MODUL BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER GENAP

E-MODUL BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER GENAP UNTUK SMK

Keywords: 123456baki

BAB 1

SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

Kompetensi Dasar:
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Sinom
4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Sinom dan menulis, serta menyajikan syair

tembang Sinom dengan bahasa sendiri

Indikator:
1. Membaca contoh teks Serat Wedhatama pupuh Sinom
2. Mencermati uraian yang berkaitan dengan guru lagu, guru wilangan, guru gatra, Serat

Wedhatama pupuh Sinom
3. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun Serat Wedhatama pupuh Sinom
4. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks Serat Wedhatama pupuh Sinom
5. Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam Serat Wedhatama pupuh Sinom
6. Menulis syair tembang Sinom dengan bahasa sendiri
7. Menyunting kesalahan syair tembang Sinom tulisan teman
8. Menganalisis unsur-unsur pembangun
9. Menyajikan secara lisan atau tulisan tembang Sinom yang ditulis
10. Memberi tanggapan isi dengan bahasa sendiri Serat Wedhatama pupuh Sinom

MATERI AJAR

Wacanen pethilan ing ngisor iki!

Samangsane pasamuwan
memangun marta martani
sinambi ing saben mongsa
kala-kalaning asepi
lelana teki-teki
gayuh geyonganing kayun
kayungyun eninging tyas
sanityasa pinrihatin
pungguh-panggah cegah dhahar lawan nendra

BAHASA JAWA 1 1

Saben mendra saking wisma
Lelana laladan sepi
Ngingsep sepuhing sopana
Mrih pana pranaweng kapti
Tistising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidri
Sruning brata kataman wahyu dyatmika

(Wedhatama, Mangkunegara IV)

“Ing pasrawungan bebrayan agung, kudu bisa mangun sikep tepa slira. Rikala wektu
kang longgar, lan nalika lelana ngambara tapa brata, nggayuh kanugrahan, dumunung ing
papan sepi, kudu didhasari ati kang bening, ora duwe kekarepan ala, lan tansah njaga ati
kanggo prihatin kanthi nyuda mangan lan turu. Saben metu saka ngomah, tumuju ing papan
sepi adoh saka hawa nepsu, mersudi ngelmu luhur, supaya cetha kang dadi gegayuhaning
urip. Ati kudu duwe tekad tansah ngupadi kanthi tekun, marsudi akal pikiran lan ngendhaleni
rasa tresna asih, mapan ing tepining samodra ngajab entuk kanugrahan saka Gusti.”

Kanggo ngadepi jaman kang wis owah jluntrunge iki, wong Jawa kudu duwe lan
nindakake watak kang utama, berbudi bawa leksana, netepi pangandika, sarta dikantheni rasa
ikhlas, lila legawa, nindakake jumbuhing patrap lan pangucap.

Sejatine, umpama manungsa iku panguripane tansah netepi lan nggunakake unggah-
ungguh basa utawa tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama ing pangucape,
tartamtu bisa gawe urip guyup rukun, ora ana congkrah, lan pasulayan. Sikep manungsa kang
kalebu nggambarake paugeraning urip becik, yaiku kang bisa nuwuhake rasa lan pangrasa
sejatining urip, lan bisa nuduhake jati dhiri marang wong liya jumbuh karo kalungguhane.
Manungsa tansah mersudi lan tanggung jawab, urmat marang wong liya, sarta andhap asor.

Sikep adigang, adigung, adiguna aja nganti tansah digatekake lan diugemi. Aja nganti
rumangsa luwih kuwat, luwih kuwasa, luwih pinter, kepara kudu sing bisa rumangsa, lan aja
rumangsa bisa.

Menawa dirasakake, dadi wong aja nganti sakepenake dhewe, dupeh bisa ngomong
banjur ora mawas wektu lan panggonan, ora ngatekake karo sapa rembugan, kudu eling yen
ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah kepara, sejatine unen-unen aja dumeh iku bisa

BAHASA JAWA 1 2

digandhengake karo bab apa wae. Aja dumeh sugih banjur sumugih, aja dumeh pinter banjur
keminter, dumeh kuwasa banjur kumalungkung. Nulad saka pangerten sempalan tembang ing
Serat Wedhatama yasan KGPAA Mangkunegara IV kasebut, nyata lamun manungsa urip ing
ngalam donyo iki kudu bisa njaga guyub rukun lan katentreman ing bebrayan agung, tansah
gawe seneng marang wong liya. Mula tansah dadi pengeling-eling lan rasa syukur yen ing
papan dununge awake dhewe tansah urip rukun, ayem, tentrem karo tangga teparo.

Andharan minangka tuladha saka sakehing kasusastran Jawa kang rinakit dening para
pujangga-pujangga agung ing tlatah Nuswantara, mligine ing tanah Jawa. Kasusastran
kasebut awujud tembang macapat Sinom. Mula ing wulangan iki putra siswa bakal nyinau
babagan tembang sinom. Kang bakal disinau yaiku babagan pathokan tembang, watak
tembang, makna tembang, lan pungkasane iso ngonceki wos surasane tembang lan gawe
tembang sinom kanthi tema tinamtu. Saliyane iku, putra siswa uga dijaluk isa mangun rasa
syukur marang Gusti lan ora gawe kapitunaning bebrayan agung.
A. TEMBANG SINOM

1. Pangertene Tembang Sinom

Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan

sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng

Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan

panggonan.

2. Pathokan Tembang Sinom

SINOM

Guru Guru lagu Guru gatra

wilangan

8a

8i

8a

8i

7i 9

8u

7a

8i

12 a

BAHASA JAWA 1 3

3. Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang
sarwa lincah, nggambarake sipat kang cukat trengginas, lan sapiturute.

4. Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, watake golek
pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane
seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang
lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

5. Tuladha tembang Sinom
5 6 6 6 6 666
nu- la- dha la- ku- u- ta- ma
5 6 6 4 5 6 65 5
tu- mrap- e wong ta- nah Ja- wi
5 6 6 6 5 3 3 21

Wong A- gung ing Ngèk- si- gan- da
1 2 3 2 1 656
Pa- nêm- bah- an Se- na- pa- ti
1 2 2 2 2 1 23
ka- pa- ti a- mar- su- di
1 1 1 2 1 612
su- da- ning ha- wa lan- nêp- su
6 1 1 1 1 11
pi- nê- su ta- pa bra- ta
1 2 3 2 1 656
ta- na- pi ing si- yang ra- tri
6 1 2 3 2 2 2 2 3 21 6 12
a- mê- ma- ngun kar- ye- nak tyas- ing sa- sa- ma

BAHASA JAWA 1 4

6. Wos kang kamot ing tembang sinom (Wedhatama)
a. Serat Wedhatama aweh pangalembana marang wong kang seneng ing sikep luruh
(wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati
kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karana karoban ing sih).
b. Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran,rasionalitas utawa
intelektual. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu
lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan panemu) lan iku kabeh bisa
digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).
c. Babagan karakter lan prilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi
tuladha Panembahan Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa
nepsu (kapati amarsudi sudaning hawa lan nepsu) kang dilakoni kanthi tapa (pinesu
tapa brata). Piyambake ngupadi tansah gawe seneng atining liyan lan ing saben
pasamuan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara ngupadi nugraha (kala kalaninga
sepi lelana teki-teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh geyonganing kayun), kang
kesengsem tentreming ati (kayungyun enining tyas), tansah nglakoni prihatin, bisa
ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar lawan nendra). Saben
mendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu
kasampurnan lan cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus
budine (budya tulus) lan kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir
samodra piyambake mahami kekuwatane samodra kang kaya-kaya bisa digegem.
d. Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate
manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran. Yen manungsa ora duwe salah
sijine, mula ora ana gunane dadi manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane
dadi wong kabur kanginan/ora duwe papan dunung.
e. Serat Wedhatama ngajarake babagan telung perkara kang dadi cagaking
panguripan yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing
pandum pasrah sumarah mring Gusti.
f. Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka yaiku nesu kang tanpa alesan
nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho
lan tansah duwe pamrih.

BAHASA JAWA 1 5

g. Manungsa kang luhur bebudene iku seneng ing papan sepi, reresik jiwa, nanging
tansah nglakoni kuwajibane, asipat ruruh lan gawe seneng atining liyan.

LEMBAR KEGIATAN SISWA

Coba wacanen ukara-ukara ing perangan pratelan, banjur sebutna guru wilangan lan guru

lagune!

No Pratelan Guru wilangan lan

guru lagu

1 Kapari amarsudi

Tumrape wong tanah Jawi

Sudaning hawa lan nepsu

Panembahan Senapati

Nuladha laku utama

Wong agung ing Ngeksigonda

Pinesu tapa brata

Amemangun karyenak tyasing sasama

Tanapi ing siyang ratri

2 Mangayut ayat winasis

Kang wus waspada ing patrap
Melok tanpa aling-aling
Wusana wosing jiwangga
Wenganing rasa tumlawung
Kang ngalingi kalingking
Angalangut tanpa sepi
Keksi saliring jaman
Yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma

BAHASA JAWA 1 6

UJI KOMPETENSI

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi milih a,b,c,d,utawa e kang koanggep
bener!

1. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada
yaiku ….
a. guru sastra
b. guru basa
c. guru lagu
d. guru wilangan
e. guru gatra

2. Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra
yaiku ....
a. guru sastra
b. guru wilangan
c. guru basa
d. guru gatra
e. guru lagu

3. Pathokan cacahe wanda saben sagatra yaiku ....
a. guru sastra
b. guru basa
c. guru lagu
d. guru wilangan
e. guru gatra

4. Pathokan tembang Sinom yaiku …
a. gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, i,
b. gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a
c. gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u
d. gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
e. gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8,7,8,12 lagu :a, i, a, i, i,u, a, i, a

5. Tembang macapat kang asale saka tembung ateges anom, taruna, srinata, roning kamal,
pangrawit, weni, logondhang diarani ....

BAHASA JAWA 1 7

a. Dhandhanggula
b. Sinom
c. Gambuh
d. Maskumambang
e. Mijil

6. Nulada laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksigonda
Panembahan Senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama

Werdine Nulada laku utama yaiku ....
a. Tansah prihatin
b. Nyonto tumindak kang becik
c. Tansah gawe senenge wong liya
d. Urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
e. Kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
7. Tembung amarsudi iku tegese ....
a. Ngupadi
b. Prihatin
c. Seneng
d. Kawruh
e. Awan
8. Dene pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah sanajan awan
lan bengi yaiku ....
a. Nulada laku utama
b. Kapati amarsudi
c. Sudaning hawa lan nepsu

BAHASA JAWA 1 8

d. Tanapi ing siyang ratri
e. Amemangun karyenak tyasing sasama
9. Panulise tembung ing ngisor iki kang bener yaiku ....
a. Panandhang
b. Celatu
c. Pratanda
d. Patuladan
e. Patokan
10.Tembung suta tegese ....
a. Kewan
b. Pakaryan
c. Awak
d. Sedulur
e. Anak
11.Watake tembang sinom yaiku ....
a. Galak, nantang, nesu
b. Tresna asih, canthas, trengginas
c. Serem, kejem,nantang
d. Melas, getun, prihatin
e. Wani, waruh, rumaket
12.Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa,
yaiku wirya harta tri winasis. Tembung winasis ateges....
a. pangkat
b. banda
c. kapinteran
d. kekuwatan
e. kasugihan
13.Serat wedhatama ngajarake babagan perkara kang dadi cagaking panguripan, kajaba ....
a. lila yen kelangan
b. sabar nalika entuk pacoban
c. nrima ing pandum
d. pasrah sumarah mring gusti
e. adigang adigung adiguna

BAHASA JAWA 1 9

14.Amemangun karyenak tyasing sasama.
Guru wilangane pethilan tembang ing nduwur yaiku ....
a. 13
b. 12
c. 11
d. 10
e. 9

15. Tembung tyasing ing pethilan tembang nduwur tegese ....
a. awan
b. bengi
c. ati
d. sirah
e. sikil

16. Pratelan ing ngisor iki kang ora bener babagan tembang sinom yaiku ...
a. tembang sinom iku nduweni guru gatra cacahe 9 larik
b. guru wilangane tembang sinom saben gatrane nduweni swara kang beda-beda
c. gatra kapisan nduweni guru wilangan cacah 8 wanda
d. guru lagune saben gatrane nduweni swara kang pada
e. guru wilangane tembang sinom sing cacah 8 yaiku gatra kapisan, kapindo,
katelu,kapapat, kaenen, lan kawolu.

17.Guru wilangan paling akeh ana ing tembang sinom cacahe ....
a. 12
b. 11
c. 10
d. 9
e. 8

18. Tembang sinom paling sithik nduweni guru wilangan cacahe ....
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8
e. 9

19.Ana ing tembang sinom sing diarani Wong Agung Ngeksiganda yaiku ....

BAHASA JAWA 1 10

a. Mangkunegara IV
b. Pakubuwana X
c. Panembahan Senopati
d. Sunan Kalijaga
e. Haryo Penangsang
20. Wikan wengkoning samodra.
Tegese tembung wikan ana ing gatra ing nduwur yaiku ....
a. segara
b. dumadi
c. daerah
d. weruh
e. mabur

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi premati!
Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wusana wosing jiwangga
Melok tanpa aling-aling
Kang ngalingi kalingking
Wenganing rasa tumlawu
Keksi saliring jaman
Angalangut tanpa tepi
Yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma

1.Sebutna jinising tembang ing nduwur!
Wangsulan:

2.Sebutna guru lagu, guru wilangan, lan guru gatrane!
Wangsulan:

3. Jlentrehna wos surasane tembang ing dhuwur!
Wangsulan:

4. Pitutur apa kang kamot sajroning tembang ing nduwur!
Wangsulan:

5. Sebutna tembung garba ana ing nduwur (3)!
Wangsulan:

BAHASA JAWA 1 11

PERBAIKAN
1. Coba tembangna tembang sinom ana ing ngarep kelas!

Wangsulan:
2. Gawea tuladha tembang sinom kanthi paugeran guru lagu, guru gatra, lan guru

wilangan!
Wangsulan:
3. Golekana guru lagu lan guru wilangane tembang mau!
Wangsulan:
4. Apa tegese tembang sinom sing kogawe mau?
Wangsulan:
5. Pitutur opo kang bisa kapething lumantar tembang kasebut?
Wangsulan:

PENGAYAAN

Gawenen gancaran tembang ing ngisor iki!

Ing jaman mengko pan ora,

Arahe para turami,

Yen antuk tuduh kang nyata,

Nora pisan den lakoni,

Banjur njujurken kapti,

Kakekne arsa winuruk,

Ngandelke gurunira,

Pandhitane praja sidik,

Tur wus manggon pamucunge mring makrifat,

Gancaran:
......................................................................................................................................................

......................................................................................................................................................

BAHASA JAWA 1 12

BAB 2 CERITA WAYANG

Kompetensi Dasar:

3.2 Memahami isi teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus).
4.2 Menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya.

Indikator:
1. Membaca pethikan teks cerita wayang
2. Memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)
3. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun cerita wayang yang terdapat pada pethikan teks

cerita wayang
4. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan cerita wayang
5. Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam petikan teks cerita wayang
6. Menemukan unsur pembangun cerita wayang yang terdapat pada petikan teks cerita

wayang.
7. Menceritakan kembali isi pethikan teks cerita wayang dengan bahasa sendiri.
8. Menanggapi penceritaan kembali isi petikan teks crita wayang dengan bahasa sendiri
MATERI AJAR

A. CERITA WAYANG

Wayang iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939
nalika sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Rontal, banjur
katutugake Raden Panji ing Jenggala. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak
wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana
rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana. Sing akeh dimangerteni lan kerep diparagakake
jroning pentas pakeliran yaiku epos Mahabarata mligine thek kliwere Pandhawa lan Kurawa
kang isih kapernah sedulur.

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas.
Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni
tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep

BAHASA JAWA 1 13

menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane
wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan dideskripsekake
dening para ahli.

Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang
golek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe
saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita
saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan
utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.

Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong,
kang dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk
sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan
wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta
lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake
alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora
cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan
Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang
uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar
banyolan.

Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur
kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar,
lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang.

1. Jenis – jenis Wayang
Jenis wayang ing antarane:

a. Wayang wong, yaiku wayang kang paragane wong, dene critane padha karo wayang
purwa.

b. Wayang beber yaiku wayang kang ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari
banjur dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake
lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.

c. Wayang klithik utawa wayang krucil yaiku wayang kang dienggo ing kraton nyritakake
lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.

d. Wayang wasana, yaiku wayang sing digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake
lakon Damarwulan lan Minak Jingga.

BAHASA JAWA 1 14

e. Wayang madya, yaiku wayang sing njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka
crita babad Tanah Jawa.

f. Wayang gedhog, yaiku wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelakone Panji
Asmarabangun karo garwane Dewi Sekartaji utawa Candrakirana.

g. Wayang golek utawa Thengul, yaiku wayang kang wujude golekan. Nyritakake lakon
Amir Hambyah lan Umarmaya, babone njupuk saka layang Menak.

h. Wayang sadat, yaiku wayang kang nyritakake lakon agama Islam.
i. Wayang suluh, yaiku wayang anggitane Jawatan Penerangan RI kanggo menehi sesuluh

(penerangan) marang rakyat.
j. Wayang potehi, yaiku wayang kang nyritakake lelakon Cina.

2. Ubarampe/peralatan Pagelaran Wayang
a. Pluntur yaiku tali/tampar dianggo nggantung rericikaning gamelan.
b. Janget yaiku tali lulang kanggo nyencang kelir.
c. Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang
lulang/ kulit.
d. Blencong yaiku diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang.
e. Klanthe yaiku tali gong.
f. Jala-jala yaiku tali lulang dianggo mbedheng kelir.
g. Wayang
h. Debog
i. Cempala
j. Kothak
k. Keprak

3. Pralambang ing Pagelaran Wayang
Ubarampe kang digunakake ing pagelaran wayang nduweni perlambang dhewe-

dhewe. Dene perlambang mau, yaiku wayang mralambangake manungsa. Kelir
nglambangake langit. Debog nglambangake bumi. Blencong nglambangake srengenge,
bulan, lintang. Gamelan nglambangake kebutuhane manungsa (sandhang, pangan, papan).
Kothak nglambangake sangkan paran. Gunungan nglambangake urip. Cempala
nglambangake jantung. Kepyak nglambangake lakuning getih.

BAHASA JAWA 1 15

4.Urut-urutaning Pagelaran Wayang Kulit Sawengi Natas
1. Jejer
2. Kedhaton
3. Paseban Jaba
4. Bodholan
5. Jejer Sabrang
6. Perang gagal
7. Gara-gara
8. Perang Kembang
9. Perang Brubuh
10. Tancep Kayon

B. Unsur Crita Wayang
Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku

tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos
surasane crita, lan gawe ringkesan.
Tuladha crita wayang

BIMA BUNGKUS

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang
jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus.
Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa
nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.

Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken repat punakawan.

“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng
Ibu Kunti…”

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi
lakon.

“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut
wahyu jati…”

BAHASA JAWA 1 16

Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi
Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.

Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana
arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan
kuku Pancanaka.

Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon
kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah.
Roh lan daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho
ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira
kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang
Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta
lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang
Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

DEWA RUCI

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe,
Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge
karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa
wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu
Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak
tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan
kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus
bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa
dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.

Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi
Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu
Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake

BAHASA JAWA 1 17

congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya
keprabon Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue
Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane
Pandawa.

Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana,
Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni
nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake
Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para
Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima.
Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket.
Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur disusul
dening Kurawa liyane.

Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-
sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan,
Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake
Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan
Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana
dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu
Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke
Duryudana.

Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi
alesan kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra
menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.

Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung
Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe
nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta
mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana
ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe
kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi
Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka.
Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge

BAHASA JAWA 1 18

Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene
Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan.

Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu
karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan
Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek,
Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan
Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali
menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra.
Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali
menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.

Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima
ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu
karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing
gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke
ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima.
Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake
panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep
tumuju menyang segara kidul.

Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan
Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung
Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang
Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu
kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi
Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima
supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen
barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima.
Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora
bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone
Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang
Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.

Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi.
Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi,

BAHASA JAWA 1 19

nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare
samodra.

Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane
Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake
dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci
nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare
samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti
niyat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang
sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna
marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu
kasampurnan, ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi,
lan tataraning dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan
sedulure, amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake.

Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh
karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire
samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura.
Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan
Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa
nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna,
lan Yamawidura bali menyang Astina.

Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane,
Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake
pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining
panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang
abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang
Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-
He.

BAHASA JAWA 1 20

LEMBAR KEGIATAN SISWA Andharan
1. Andharna wos surasa crita ing nduwur!
2. Golekana unsur-unsur instrinsike kayata:

Unsur-unsur cerita wayang
Tema

Latar/setting

Penokohan

Alur

Pesen/amanat

3. Gaweya pitakon kang jumbuh karo crita wayang ing ndhuwur!

C. Nilai kang kamot sajroning cerita wayang

a. Tanggap ing sasmita/empati
Tegese saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang

pepadhane,marang pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep
empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan
wong liya lan supaya mangun urip kang tentrem lan ayem. Bab iki kawujud akeh gugon
tuhon kang ndadekake sawijining papan utawa tetuwuhan iku dadi sakral. Upamane ora
entuk mbebuwang regedan ing sangisore wit ringin, mengko bisa marai meriang. Jan-
jane piyayi kuna biyen aweh piweling supaya ora ngregeti tetanduran supaya ora
nuwuhake rereget lan penyakit.
b. Jujur

Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi.
Kala mangsane jujur iku gampang diucapke nanging angel dilakoni “gedhang wohing
pakel, ngomong gampang nglakoni angel”. Ana wae sikep ora jujur iku dumunung ing

BAHASA JAWA 1 21

ati sanubarine manungsa, sanajan akeh becike nanging uga mesthi ana alane. Iki
nuduhake dene manungsa iku titah kang ora sampurna. Iki kawujud ing paraga
Yudhistira kang kondhang getih putih amarga saking duwe sipat jujur kang luwih saka
titah liyane.

c. Mad sinamadan/ saling menghargai
Panguripan iki bakal krasa tentrem yen titanem rasa mad sinamadan, kang enom

ngajeni piyayi sepuh lan kosok balene. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing
masarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula
lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita
Durna maju ing Bharatayuda, ora ana Pandhawa kang wani ngadepi, amarga ngurmati
yen piyambake iku gurune Pandhawa.
d. Tanggung jawab

Ing babagan iki ateges yen manungsa iku urip ing ngalam donya duwe tanggung
jawab kang gedhe. Nalika nglakoni tanggung jawab kasebut aja nganti nyenggol
marang titah liyane. Kanthi sikep bisa njaga tanggung jawab iki, manungsaora bakal
wedi nalika sesrawungan. Wong kang duwe tanggung jawab orabakal tumindak kang
sakarepe dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenan. Saliyane iku wong
kang tanggung jawab bakal bisa ngrampungake pagaweyane kanthi tenan. Bab iki
kawujud saka lelakone Bima nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin kang
tundhone ora cetha papan dununge. Nanging amarga rasa tanggung jawab apa kang
dumadi bakal dilakoni.
e. Keadilan

Ngrembug babagan keadilan, ing wayang akeh banget kang diandharake. Adil iku
kaya dene jantraning geni ing Hastha Brata. Sikep kasebut bakal mbrastha apa wae
kang dadi pepalange lan mbela kang bener sanajan kang diadhepi iku ana sesambungan
sedulur utawa waris utawa wong kang duwe pangkat.
f. Ngabdi mring negara/Loyal pada Negara

Awake dhewe kudu duwe sikep kang loyal marang negara amarga kanthi
mangkono bisa mangun lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglastarekake alam
sakiwa tengene. Amarga sapa kang tumindak migunani marang liyan iku bakal gawe
kabecikan tumrap dhiri pribadi lan lingkungane. Ing crita wayang ana sawijining crita
kang nuduhake sikep loyal marang negarane, yaiku critane Raden Kumbakarna kang
gugur mbelani negara lan ora mbelani sedulure.

BAHASA JAWA 1 22

UJI KOMPETENSI

1. Pilihen salah siji wangsulan a,b,c,d, utawa e kang koanggep paling bener !
1. Wayang iku sejatine mujudake gegambaran ....

a. Watak wantu sawijining kewan
b. Watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya
c. Kedadeyan sing wis kedadean ing wektu kepungkur
d. Pengalamane sawijiing wong
e. Dumadine panggonan
2. Wayang kang dienggo ing kraton lan nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji
Kudalaleyan diarani ....
a. Wayang wong
b. Wayang beber
c. Wayang krucil
d. Wayang kulit
e. Wayang suket
3. Wayang gedhog yaiku wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelakone ....
a. Rama lan Shinta
b. Sri Gatayu lan Panji Kudalaleyan
c. Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji
d. Damar wulan lan Minakjingga
e. Panji Asmarabangun karo Dewi Sekartaji utawa Candrakirana
4. Wayang anggitane Jawatan Penerangan RI kanggo menehi sesuluh (penerangan)
marang rakyat diarani ....
a. Wayang potehi
b. Wayang suluh
c. Wayang thengul
d. Wayang sadat
e. Wayang wong
5. Lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang lulang/ kulit
diarani ....
a. Blencong
b. Pluntur
c. Debog

BAHASA JAWA 1 23

d. Janget
e. Jala-jala
6. Diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang diarani ...
a. Kelir
b. Cempala
c. Blencong
d. Keprak
e. Pluntur
7. Ubarampe kang digunakake ing pagelaran wayang nduweni perlambang dhewe-dhewe.
Dene perlambang kang nglambangake bumi yaiku ....
a. Wayang
b. Kothak
c. Kelir
d. Blencong
e. Gunungan
8. Gamelan nglambangake....
a. Manungsa
b. Urip
c. Lakuning getih
d. Papan,sandhang,pangan
e. Srengenge
9. Urut-urutaning pagelaran wayang kulit sawengi natas diwiwiti saka ....
a. Jejer
b. Kedhaton
c. Bodholan
d. Paseban
e. Sabrang
10. Sing diarani perang Kembang yaiku perange ....
a. Pandhawa lan Kurawa
b. Satriyo lan Buta
c. Rama lan Dasamuka
d. Arjuna lan Karna
e. Gatutkaca lan Duryudana

BAHASA JAWA 1 24

11. Ing pewayangan paraga (tokoh) kang cacahe sedulur lima yaiku ...
a. Limbuk Cangkrik
b. Punakawan
c. Pandhawa
d. Kurawa
e. Togog

12. Bima iku putrane Prabu Pandu Dewanata kalawan ...
a. Dewi Kunthi
b. Dewi Madrim
c. Dewi Shinta
d. Dewi Maerah
e. Dewi Sukesi

13. Manut cerita Bima laire ora kaya bayi salumrahe jalaran awujud ...
a. Bungkus
b. Ari-ari
c. Kawah
d. Raseksa
e. Banyu

14. Bima duwe sadulur cacah papat sing kaprenah mbarep asmane ....
a. Nakula
b. Sadewa
c. Rahwana
d. Janaka
e. Puntadewa

15. Amarga Bima iku anak nomer loro mula oleh sebutan putra ....
a. Pambarep
b. Pembayun
c. Panenggak
d. Pandhadha
e. Wuragil

16. Widadari sing kajibah nggulawentah si jabang Bungkus yaiku ....
a. Dewi Irim-irim
b. Dewi Tunjung Biru

BAHASA JAWA 1 25

c. Dewi Gagar Mayang
d. Dewi Saraswati
e. Dewi Umayi
17. Nalika isih wujud Bungkus, Bima dibuwang ana ing satengahing alas ....
a. Wanamarta
b. Krendhawahana
c. Kurusetra Gandamayit
d. Mentaok
e. Eri bebondhotan

18. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi
kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku
pamireng isa ngreteni babagan ....

a. Paraga
b. Watak paraga
c. Latar
d. Alur
e. Pesen/amanat
19. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut
pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku
mapan ana ing crita kang diarani ....
a. Paraga
b. Watak paraga
c. Latar
d. Alur
e. Pesen

20.Kang sinebut satriya iku nduweni watak kaya ing ngisor iki, yaiku ....

a. Jirih ngadepi musuh
b. Ing mburi anjegali
c. Sepi ing pamrih rame ing gawe
d. Adigang adigung adiguna
e. Rumangsa bisa

BAHASA JAWA 1 26

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa kang diarani cerita wayang iku?

Wangsulan:
2. Sebutna jenise wayang 5 wae!

Wangsulan:
3. Sapa wae kang diarani Pandhawa iku?

Wangsulan:
4. Apa kang diarani perang brubuh iku?

Wangsulan:
5. Sebutna peralatan kanggo pagelaran wayang!

Wangsulan:

PERBAIKAN
Coba critakna maneh crita wayang ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!

Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb
Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan
Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal mbacutake
keprabone dharah Kuru.Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu

BAHASA JAWA 1 27

prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan olah weliding
pedhang lan sanjata.

Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat
netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih.Saka sarasehan agung netepake kang
dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga
dheweke nglenggana duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng Jagad.
Miturut pemanggihe, nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake swasana
kang ora becik.

Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala
(Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu krama
karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu
Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis
kagungan putra kang arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri
Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan
Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra
kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
1. Paraga utama ing crita kasebut yaiku ....

a. Prabu Pandu
b. Prabu Matswapati
c. Prabu Dhestarasta
d. Prabu Salya
e. Widura
2. Latar crita iku yaiku ....
a. Mandaraka
b. Gandara
c. Suwala
d. Dewaka
e. Hastinapura
3. Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....
a. Kurawa
b. Pandawa
c. Sunjaya lan Wiyansampana
d. Yudhistira, Bima, lan Arjuna

BAHASA JAWA 1 28

e. Nakula lan Sadewa
4. Undherane crita kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....

a. Prabu Pandu
b. Prabu Matswapati
c. Prabu Dhestarasta
d. Prabu Salya
e. Widura
5. Saka crita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton kang gumanti nata kudune putra
jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga
ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku ....
a. aja rebutan panguwasa
b. nglengana marang kekurangane
c. negara kang adiluhung
d. ngalah dhuwur wekasane
e. nandur bakal ngundhuh

PENGAYAAN
Wacanen crita wayang ing ngisor iki!

PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNA

Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa, sabanjure meguru
marang Begawan Durna, ipenipun Krepa. Caritane mangkene.Begawan Durna iku putrane
Resi Baratwaja.Sawijining wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju
menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki jumeneng nata
ing Pancala.Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih Gandamana nganti
rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal nemoni ipene Krepa
Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa lan Kurawa kang lagi dolanan yen
jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing dingo dolanan kecegur sumur, lan ora ana kang wani
njupuk. Kanthi pitulange Durna, bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang. Para

BAHASA JAWA 1 29

Pandawa lan Kurawa padha kaget lan ngalembana kasektene Durna. Bab iku diaturake
marang Bisma. Miring atur iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi golek guru kang
linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa supaya
mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.

Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wisp inter ora kena
nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung Arjuna
dhewe kang nyaguhi.

Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa wae,
semono uga bab kang sinandi. Bima lan Duryudana pinter . Bima lan Duryudana prigel
ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira prigel perang
kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan), Arjuna prigel
jemparing.Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo Duryudana,
semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha digdayane.

Sawijining dina Durna kepengin males lara atine marang Drupada kang rikala
semana gawe serik atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada minangka
tandha bektine marang Guru.Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa dikalahake.Genti
para Pandawa kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip dening Arjuna, kang
sabanjure dipasrahake marang Durna.Gandheng Drupada kalah, Nagara Pancala separo sisih
lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.

Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura.
Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira kang awatak adil lan utama, mula
bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sebutna paraga-paraga ing crita wayang iku!

Wangsulan:
2. Jlentrehna watak-watake para paraga ing crita iku!

Wangsulan:
3. Andharna wosing crita wayang ing ndhuwur!

Wangsulan:
4. Wedharna pitutur luhur apa kang bisa kapethik saka crita wayang iku!

Wangsulan:
5. Apa kang diarani sinopsis iku?

Wangsulan:

BAHASA JAWA 1 30

ULANGAN HARIAN 1

1. Pilihen salah siji wangsulan a,b,c,d, utawa e kang koanggep paling bener !
1. Tembang Macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duweni paugeran ing

ngisor iki, kajaba ...
a. Pupuh
b. Guru gatra
c. Guru wilangan
d. Guru lagu
e. Guru basa
2. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapadha
yaiku ....
a. Guru sastra
b. Guru basa
c. Gurur lagu
d. Guru wilangan
e. Guru Gatra
3. Dene kang ngemot pathokan tibaningswara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra
yaiku ...
a. Guru sastra
b. Guru basa
c. Guru lagu
d. Guru wilangan
e. Guru Gatra
4. Pathokan tembang megatruh yaiku....
a. Gatra:6,wilangan: 8,8,8,8,8,8,lagu: u,i,a,i,a,i
b. Gatra:4,wilangan:12,6,8,8, lagu: i,a,i,a
c. Gatra:7,wilangan:8,8,8,8,7,8,8, lagu: i,a,e,a,a,a,u
d. Gatra 5,wilangan:12,8,8,8,8,lagu: u,i,u,i,o
e. Gatra 6,wilangan:10,6,10,10,6,6,lagu: i,o,e,i,i,u
5. Tembang Macapat kang duweni watak sedhih kanggo medharake rasa memelas, getun,
lan prihatin yaiku ....
a. Mijil
b. Pocung

BAHASA JAWA 1 31

c. Megatruh
d. Durma
e. Gambuh
6. Tetembungan kang dienggo ing tembang yaiku ....
a. Cakepan
b. Cengkok
c. Laras
d. Titi laras
e. Pathet
7. Slendro lan pelog iku ing tembang diarani ....
a. Cakepan
b. Cengkok
c. Laras
d. Titilaras
e. Pathet
8. Wayang yaiku sawijining wujud tontonan kang awujud ... khas kang ngemot seni swara,
seni sastra, seni musik, seni tutur, lan seni lukis.
a. Tarian
b. Drama
c. Lagu
d. Dongeng
e. Gambar
9. Wayang kang digawe saka kayu diarani wayang ....
a. Kulit
b. Golek
c. Beber
d. Suket
e. Kertas
10. Ing pagelaran wayang iku ana gamelan kayata demung, saron, kendhang, gong, lsp.
Gamelan iku minangka wujud ....
a. Seni swara
b. Seni sastra
c. Seni musik

BAHASA JAWA 1 32

d. Seni tutur
e. Seni lukis
11. Ing pagelaran wayang uga ana kang diarani waranggana/swarawati/sindhen
langerong/wiraswara. Kalorone kalebu ing ....
a. Seni swara
b. Seni sastra
c. Seni musik
d. Seni tutur
e. Seni lukis
12. Ing ngisor iki kang ora kalebu sumber cerita wayang yaiku ....
a. Ramayana lan Mahabharata
b. Crita-crita Menak
c. Crita-crita Panji
d. Crita rakyat
e. Crita kreasi anyar
13. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi
kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng
bisa ngreteni ... latar.
a. Paraga
b. Wataking paraga
c. Alur
d. Latar
e. Amanat
14. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut
pamireng ngreti yen karepesaka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku
mapan ana ing crita kang diarani ....
a. Paraga
b. Wataking paraga
c. Latar
d. Alur
e. Amanat

BAHASA JAWA 1 33

15. Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate
mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama.
Kabeh mau kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Punakawan sing
jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhahe unsur crita wayang sing
diarani ....
a. Paraga
b. Wataking paraga
c. Latar
d. Alur
e. Gaya bahasa

16. Bima ing negara Amarta nindakake jejeging pengadilan kanthi adhedhasar ....
a. Angkara murka
b. Sapa salah bakal seleh
c. Adigang adigung adiguna
d. Mban cinde mban ciladan
e. Adil, jujur, lan wicaksana

17. Ing ngisor iki jenenge Arjuna, kajaba ....
a. Permadi
b. Palguna
c. Janaka
d. Indratanaya
e. Arya Sena

18. Wrekudara, Jodhipati, Jayalaga, Kusumayuda, Kusumadilaga iku arane ....
a. Nakula
b. Sadewa
c. Yudhistira
d. Bima
e. Janaka

19. Dewi Arimbi iku garwane Bratasena kang bisa nurunake satriya kang aran ....
a. Antasena
b. Antareja
c. Abimanyu
d. Wisanggeni

BAHASA JAWA 1 34

e. Gatutkaca
20. Aji-ajine Bratasena manawa diwateg mlakune kaya angin yaiku ....

a. Blabag Pangantol-antol
b. Wungkal Bener
c. Bandung Bandawasa
d. Kuku Pancanaka
e. Gada Rujak Polo
II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Sebutna jenise tembang (3) lan tuladhane!
Wangsulan:
2. Sebutna guru lagu, guru wilangane tembang Sinom!
Wangsulan:
3. Sebutna watake tembang Sinom!
Wangsulan:
4. Aranana piranthi kang ana ing pagelaran wayang (5)!
Wangsulan:
5. Sebutna paraga-paraga ana ing cerita Mahabharata!
Wangsulan:
PERBAIKAN
Goleka cerita wayang ana ing internet banjur jlentrehna nilai-nilai kang kaamot ana ing
sajroning crita!
PENGAYAAN
Tuduhna andharan ing crita nduwur kang nuduhake sikep adil,tanggung jawab lan mad
silamadan!

BAHASA JAWA 1 35

BAB 3

PRANATACARA

Kompetensi Dasar:
3.3 Menelaah teks panatacara
4.3 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Sinom dan menulis serta menyajikan syair

tembang Sinom dengan bahasa sendiri.
Indikator:
1. Membaca contoh tewks panatacara
2. Mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan kaidah panatacara
3. Mempertanyakan kawruh kagunan basa: yogyaswara, tembung entar, rurabasa,

panyandra, atau pepindhan
4. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks panatacara
5. Menemukan pokok-pokok isi yang terkandung di dalam panatacara
6. Menganalisis struktur dan kaidah
7. Mendiskusikan penggunaan kawruh kagunan basa: yogyaswara, tembung entar, rurabasa,

panyandra, atau pepindhan
8. Membacakan teks panatacara sesuai dengan kaidah

MATERI AJAR

1. Pangertene Pranatacara
Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minanga panatacara

pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of
Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi
tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan
nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal,
pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan
sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah
nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya
mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan

BAHASA JAWA 1 36

lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru
panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean
(kuburan).

2. Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara

parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks
pranata cara, yaikut:

a. Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah
wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

b. Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat
salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad

c. Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone
sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing
pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.

d. Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani
(dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang
ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing
duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana
ing bebrayan (masyarakat) kono.

e. Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh
acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak

f. Salam penutup.
3. Unsur-unsur Pranatacara

Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1)
dijlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo

kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora

ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d. Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu,

siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa
kagn diucapake.

BAHASA JAWA 1 37

e. Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya.
Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu

f. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana.
Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba
tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa

g. Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata
cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara
kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka
rantaman

4. Teknik Maca Pranatacara
Sajroning macakake pranatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa

rumangsa seneng lan pranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya
andharan iki.
1) Nggunakake pangucap kang trep
2) Pamedhote ukara kang trep
3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5) Swara kang cetha
6) Ngatur alon lan cepete pamaca
7) Ngolah treping mlebu wetuning napas
8) Mahami wacan
9) Percaya marang dhiri pribadi
5. Tuladha Teks Pranatacara

PAHARGYAN PENGANTEN

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah

kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkat dahat kinabekten. Para

pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung
miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.

BAHASA JAWA 1 38

Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken
lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.

Dene wigatosing sedya, Bapak…….sekaliyan kersa mahargya putra penganten
sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha nakmas…………,
putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan
nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara,
ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

a. Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b. Adicara ingkang kaping kalih, inggih menika atur pambagya saking keluwarga.
c. Ndhungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika paring sabda saking

keluwarga penganten kakung.
d. Kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikan

saking keluwarga pengantin putri.
e. Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f. Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan
menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang
ngrasuk agama sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga
kula dherekaken.

Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony (MC), pambiwara, pranata
adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inggih punika
paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih
punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan
upacara ingkang sampun rinantam.

Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi
regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel
jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan
lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi
dereng wonten atur saking pranatacara.

BAHASA JAWA 1 39

Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat /
angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi
ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat.
Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.

Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah
sanget pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa
ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening
saksintena ingkang sami midhangetaken.

Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged
ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :

1. Swara

Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten,
pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten
ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing (menawi
wonten ).

Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah
(dipun damel-damel). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah
wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan), langkung-langkung beda-beda mingsad-
mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.

Wirama (lagu) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados
pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi
sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan
ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha
pamedhar sabda.

2. Busana (ageman)

Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi
saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi

BAHASA JAWA 1 40

sae.Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacara
punapa ingkang badhe dipun ayahi.

Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi karengga
swanten, raga lan busana ingkang pantes.Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi
utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan
papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.

Wonten ing babagan mangagem busana (ageman) punika, saestu sae sabda pangandikan
kanjeng suhunan Pakowboewana IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan
sabdaaken dhumateng para sentana saha karabat keratin kasunanan Surakarta Hadiningrat,
inggih punika :

“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane
pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing
badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”

( Menggunakan Pakaian itu harus jadi sarana membangun pribadi seseorang lahir dan bathin,
jadi harus sesuaikanlah pakianmu, serasikan dengan keadaan, sesuaikan dengan bentuk badan
waran pakaian, pilihlah yang sesuai dengan postur tubuh serta warna kulit )

Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening
pranatacara saha pamedhar sabda, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi
kagem para pranatacara saha pamedhar sabda ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados
pranatacara saha pamedhar sabda, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan
panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun.

3. Subasita (Trapsila)

Trapsila (tata krami) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, saged
ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda.Solah bawa sampun ngantos
kadamel-damel (katingal dening ing sanes utawi mboten) langkung sae bilih solah bawanipun
prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ).

Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken
isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing

BAHASA JAWA 1 41

pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika
ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.

Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi
punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe
nandang duka sungkawa.
4. Basa lan Sastra

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang
nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken
kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun
ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi
pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged
ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.
Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana
trep kaliyan kawontenan saha swasana.
Leres : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep
kaliyan parasastranipun.

Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saged lumebet ing pawiyatan utawi
saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

Ancer-ancer pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda
Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae, kedah kagungan pathokan-pathokan

kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika.
Pathokan-pathokan wau inggih punika :

BAHASA JAWA 1 42

1. Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging
gampil katampi dening para tamu ( ingkang midangetaken ) sarta sekeca kapiarsa.

2. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.
3. Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah

tanggap ing kawontenan.
4. Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak

imbuhanipun.
5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken

gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lelampahaning adicara.
6. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan ( ketua panitia ) supados enggal

mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.

Tuladha Teks Pranatacara Tasyakuran Temanten

Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-
bapak, ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Allah SWT, ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang arupi kasarasan.
Sahengga, ngantos wekdal menika panjenengan sedaya saged ngrawuhi anggenipun gadhah
damel tasyakuran penganten menika.

Para rawuh ingkang kinabekten, Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken
reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadang kaluarga, inggih menika:
1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.
2. Dene, adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.
3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.
4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.
6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.
7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.

BAHASA JAWA 1 43

Bapak/Ibu,tamu undangan ingkang kinurmatan,
Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika.
Saderengipun, mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang ngrasuk
agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga
kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran saking
Retnasih. Dhumateng sedherek Retnasih kula sumanggaken.

———————————————————

Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.
Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul. Dhumateng Bapak
petugas ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.

———————————————————

Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi
gancar. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
Dhumateng Ibu perias wekdal saha papan kula aturaken.

———————————————————

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.
Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking Bapak Agus.
Dhumateng Bapak Agus, kula sumanggaaken.

———————————————————

Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur
pambagya. Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup campursari
“Bagas Waras”, kula sumanggaaken.

———————————————————

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara
menika.Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos

BAHASA JAWA 1 44

hamdallah sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan
sami nglantaraken reroncening adicara pawiwahan menika wiwit kanthi panutup. Kathah
babagan ingkang kirang ing trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula
nyuwun agunging pangaksami.
Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

2. PRANATACARA KESRIPAHAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Innalillahi wa innaillaihi roji’un 3x.

Wonten pangarsanipun para sesepuh dalah pinisepuh ingkang tansah kawula
hormati. Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang tansah sinudarsana
saha pangersa wilayah dusun Sido Maju ingkang tansah kawula hormati, khususipun kunjuk
dhumateng ngersa Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha kanikmatan dhumateng
kula lan panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal manunggal
wonten ing papan menika.

Para bapak, para ibu Mauziah Mauziin ingkang minulya, keparenga minangkani
pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen hangaturaken rerantamaning acara
pametahing layon ing karenggan menika. Rehne handungkap titi wanci, tumunten badhe kula
aturaken menggah laksitaning acara pakurmatan layon.
1. Acara ingkang sepisan inggih menika pambuka

2. Atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah

3. Atur bela sungkawa saking wakil para pelayat

4. Atur bela sungkawa saking mitra makarya

5. Atur panglipur

BAHASA JAWA 1 45

6. Kalajengaken pambidhaling layon kanthi adat idiwilana ingkang sampun lumampah ing
padesan saha katutup donga pambidhaling layon saking Bapak Sabdo.

Mekaten menggah reroncening acara pametahing layon wonten ing wekdal menika.
Sumangga kula lan panjenengan sedaya miwiti acara menika kanthi waosan
bassmallah sesarengan kawula dherekaken.

Matur nuwun, acara ingkang sepisan sampun kalampah. Dungkap acara ingkang
angka kalih inggih menika atur panuwun saking kaluwarga panandang musibah. Dhumateng
Ibu Hening sumangga.

…………..

Matur nuwun. Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika atur bela sungkawa
saking sesulihipun para pelayat. Wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Ibu Monic.
Dhumateng Ibu Monic sumangga.

…………….

Matur nuwun. Menggah acara salajengipun inggih menika atur bela sungkawa saking
mitra makarya. Ingkang sepisan kawula suwuaken saking Ibu Anggun. Dhumateng Ibu
Anggun sumangga.

……..

Matur nuwun. Kalajengaken atur bela sungkawa ingkang angka kalih, wonten ing
ngriki kawula suwunaken saking Ibu Anis. Dhumateng Ibu Annis, sumangga.

………..

Cetha terwaca atur pambela sungkawa mugi dadosna kasobaran kaluwarga karana
Allah. Acara salajengipun inggih menika atur panglipur. Wonten ing ngriki badhe dipun
salirani dening Ibu Janti. Dhumateng Ibu Janti sumangga.

BAHASA JAWA 1 46

Matur nuwun dhumateng Ibu Janti ingkang sampun paring atur panglipur.
Kalajengaken pamberangkating layon tumujweng sasana laya. Dhumateng para kadang dipun
mapanaken.

Mekaten menggah mauziah mauziin sedaya. Kula minangkani handerekaken
lumampahing acara pametahing layon wonten tumpang sih anggenipun kawula matur,
nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wasana kawula akhiri,
Wassalamu’alaikum Wr.W b
Nuwun.

LEMBAR KERJA SISWA
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
1. Punapa ingkang dipun wastani pranatacara menika?

Wangsulan:
2. Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged

ngrengkuh sarat sarana punapa kemawon?
Wangsulan:
3. Punapa kemawon ancer-ancer pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda menika?
Wangsulan:
4. Punapa ingkang dipun wastani laras wonten pranatacara menika?
Wangsulan:
5. Punapa ingkang dipun wastani leres wonten pranatacara menika?
Wangsulan:

BAHASA JAWA 1 47

UJI KOMPETENSI

I. Pilihen salah siji wangsulan a,b,c,d, utawa e kang koanggep paling bener !

1. Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….
a. wara-wara
b. pranatacara
c. pambagyaharja
d. pamiyarsa
e. narasumber

2. Nalika ngrungokake pasrah penganten ana pratelan :
Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
a. pambuka
b. surasa
c. basa
d. panutup
e. ringkesan
3. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
a. penganten putri
b. panata cara
c. penganten lanang
d. pambyawara
e. sesulih kang duwe gawe
4. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan
dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
a. salam pambuka
b. panutup
c. pambuka
d. salam panutup
e. surasa
5. Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap
wacana kang diarani ….
a. salam pambuka

BAHASA JAWA 1 48

b. surasa
c. salam panutup
d. pambuka
e. panutup
6. Pranatacara uga diarani ing ngisor iki, kajaba ...
a. Master of Ceremony
b. Pambiwara
c. Pranata adicara
d. Pambyawara
e. Pamiyarsa
7. Bab-bab kang digatekake nalika dadi pranatacara, kajaba ....
a. Swara
b. Busana
c. Trapsila
d. Penonton
e. Basa lan Sastra

8. Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-
bapak, ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.

Pethikan ing dhuwur kalebu ....

a. Salam
b. Pambuka
c. Isi
d. Panutup
e. Salam panutup
9. Ngucapake puji syukur kalebu perangane ....
a. Salam
b. Pambuka
c. Surasa
d. Panutup
e. Salam panutup

BAHASA JAWA 1 49

10. Ing ngisor iki perangane pambuka, kajaba ....
a. Salam pambuka
b. Mbagekake para tamu
c. Ngucapake syukur
d. Ngaturake panuwun
e. Nyebutake masalah pribadine

11. Ngaturake pangarep-arep, mungkasi kanthi ngaturake dudutan/kesimpulan, ngaturake
kaluputan anggone matur, lan menehi salam kalebu perangane ....
a. Salam
b. Pambuka
c. Surasa
d. Isi
e. Panutup

12. Perangane pambagyaharja kang diandharake nalika mbuka pangandikan yaiku ....
a. Pangarep-arep
b. Ngaturake panuwun
c. Mungkasi kanthi ngaturake kesimpulan
d. Ngaturake kaluputan anggone matur
e. Salam panutup

13. Ing pahargyan apa wae, wong kang duwe gawe mesthi ora bisa tumandhang dhewe, mula
nalika pambagyaharja kang becik diandharake yaiku ....
a. Ngaturake panuwun
b. Pangarep-arep
c. Ngaturke kawilujengan
d. Mbagekake
e. Ngucapke syukur

14. Ngandarake pambagyaharja iku becike nggantekake tamu kang rawuh. Sebab status lan
kalungguhan tamu iku uga nyebabake pamilihe tembung lan basa. Perangan iki bab-bab
wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ....
a. Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana
b. Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake
c. Ngreti jenis tanggap wacana lan tema acara
d. Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake
e. Busana kang jumbuh karo swasana

BAHASA JAWA 1 50


Click to View FlipBook Version