BAHAN AJAR BAHASA JAWA
KELAS XII
Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta
KI4.1 : Mengolah, KD:Praktik Indikator Pencapaian Kompetensi
menalar, menyaji, pemakaian dan 4.1.1 Mempresentasikan cara pemakaian
dan mencipta penggunaan
dalam ranah busana Jawa busana Jawa gagrag Ngayogyakarta.
konkret dan ranah gagrag
abstrak terkait Ngayogyakarta
dengan
pengembangan
dari yang
dipelajarinya di
sekolah secara
mandiri serta
bertindak secara
efektif dan kreatif,
dan mampu
menggunakan
metoda sesuai
kaidah keilmuan.
1
Ringkasan Materi
Purwaka Pasinaon
Para siswa materi sing disinau dina iki inggih menika carane ngangge busana Jawa
gagrag Ngayogyakarta. Sakderenge mlebet ing materi, ayo diwaca sik purwaka pasinaon iki,
supaya para siswa siap kanggo sinau. Sumangga
Arum kuncaraning bangsa dumunung aneng luhuring budaya sabda dalem Ingkang
Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kaping sedasa, sampun gamblang nyebataken
bilih arum sarta kuncaraning Bangsa lan Nagari menika gumantung wonten luhuring
budaya. Wewujudanipun wohing budaya jawi ing antawisipun: tatacara upacara, gendhing,
pedhalangan, ringgit purwa, macapat utawi tetembangan, subasita, tatakrama, joget,
tatabusana lan sanes-sanesipun. Kathah sanget ingkang sak menika sampun dipuntilar boten
dipungulang utawi sinau, tuladhanipun bab tata busana manawi menika dipunginakaken
inggih namung badhe hanetepi adat lupiya.
Pangertosan ageman utawi sandhangan miturut kajawen utawi budaya Jawi menika
wonten kalih perangan inggih menika sandhangan lahir saha sandhangan batin. Sandhangan
lahir tumrap manungsa sampun mastani ing unen unen “ajining raga ana busana” dados raga
saget dipunajeni utawi dipunaosi menawi manungsa menika tansah hanjagi wontene busana
ingkang kaangge, awit awone busana mahanani tiyang menika boten saget hanjagi
prajanipun (penampilannya). Resiking ageman ugi mahanani reseping pandulu sarta
pangganda. Dene sandhangan batos utawi sandhangan batin inggih menika kiyating raos
hanampi sadaya panandhanging gesang, kabingahan menapa dene kasisahan.
Nalika ningali busana Jawa gagrag Ngayogyakarta ampun ditingali saking
blegeripun kemawon, nanging kedah mangertosi caranipun ngagem busana ingkang leres.
Tuladhanipun caranipun ngagem keris wonten ingkang dumunung ing ngajeng lan wonten
ingkang dumunung ing wingking.
Tasih kathah makna lan karep ingkang dumunung ing saben perangan busana Jawa.
Ing wulangan menika siswa badhe nyinaoni babagan caranipun ngangge busana Jawa gagrag
Ngayogyakarta. Ancas ingkang katuju inggih menika supados siswa saged mraktekake
caranipun ngangge busana ingkang leres. Tundhonipun saged migunani tumrap dhiri
pribadi.
2
Pakaryan B
Kangge nambahi wawasan lan pangerten, ig ngandhap bakal diandharake panemu
kang wonten sesambungane kalian caranipun ngangge busana gagrag Ngayogyakarta. Ayo
diwaos sareng-sareng lan mangerteni caranipun ngangge busana gagrag Ngayogyakarta.
a) Caranipun Ngagem Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta Kangge Tiyang Jaler
Sakderenge ngangge busana kedah dipuncepakake parabot wujud wandaning busana
kakung, ing antawisipun : blangkon, surjan, jarik, selop, keris, bebed, stagen, kamus,
timang, lan sabuk. Caranipun ngagem sandangan kakung inggih menika:
1. Ngagem Sinjang
Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipundamel wironipun,
inggih punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/tumpal) dipunlempit
wolak-walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang. Wiyaripun saben lempitan wiron
manawi kagem kakung kirang langkung 7 cm (3 nyari putra). Dene wiron kagem
putri kirang langkung 3,5 cm (2 nyari putri). Seretipun kedah ketingal. Ngagem
busana Jawi kawiwitan saking nyamping. Bab inggil andhapipun nyamping sampun
ngantos ketingal polokipun. Nanging sampun ngantos ketebihin sangandhaping
polok. Menawa ngangge kain motif parang, motif lereke kedah singkuran kalian
pangageme keris. Ngangge sinjang kedah nutupi kemiren. Banjur disingseti ngangge
stagen/sabuk/ lonthong (kirang langkung wiyare 13,6 cm panjangipun 275 cm) lan
disingseti malih ngangge kamus lan timang (wiyare 5,3 cm).
https://alunalunkamera.files.wordpress.com/2018/04/memakai-
jarik.jpg?resize=446%2C297
2. Masang wiron ndleder inggih menika lipatan wiron 7-13 blebedan ing ngajenge,
sered kedah katingal. Wiron diperang dados kalih:
3
1. Wiron limrah, wiron limrah inggih punika wiron ingkang kadamel lajeran
seretipun jarit limrah. (Afif:7)
2. Wiron éngkol, wiron ingkang kadamel ngeluk / ngéngkol, adatipun wiron
punika kaginakaken déning para abdidalem manawi pinuju sowan wonten
kraton, utawi wiron padintenan salebete kraton. Caranipun damel wiron
engkol inggih menika dipunpendhet tigang wiron ditarik mangandhap lan
tumpalipun didamel zigzag (Afif: 7)
3. Ngangge Sabuk
Stagen/sabuk/ lonthong (kirang langkung wiyare 13,6 cm panjangipun 275 cm) lan
disingseti malih ngangge kamus lan timang (wiyare 5,3 cm). Menawi sinjang
sampun dipunsingseti, lajeng dipunsingseti malih mawi sabuk cindhe, supados
stagen boten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun
ugi badhe dipunangge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene
ageman rasukan ing wingking krowok. Pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi
stagenipun nanging sabuk cindhe. Sabuk kangge nyengkelitaken dhuwung.
Patrapipun ngagem kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil, ubedipun
mangiwa. Ubedipun ingkang angka kalih kapernahaken kirang langkung kalih nyari
sangandhapipun. Semanten ugi ubedan ingkang angka tiga kapernahaken kirang
langkung kalih nyari sangandhapipun ubedan angka kalih, makaten sapiturutipun
ngantos sap gangsal utawi nem. Telas pungkasaning sabuk cindhe kedah wonten
ngajeng lajeng dipunpeniteni supados boten udhar. Prelu dipuntaliti supados sinjang
punapa dene stagen boten ketingal. Kajawi punika ugi diimut-imut, anggenipun
miwiti ubedan sabuk cindhe punika benten kaliyan ubedipun stagen. Manawi
4
ubedipun stagen punika kawiwitan saking ngandhap minggah supados
kenceng. Dene manawi sabuk cindhe ubedipun kawiwitan saking nginggil lajeng
mangandhap supados mangkenipun saget kangge nyengkelit dhuwung.
foto saking: https://alunalunkamera.files.wordpress.com
4. Ngangge Epek, Timang, lan Lerep
Caranipun hangagem epek punika kaubedaken wonten sabuk cindhe, ubedipun
mangiwa, tegesipun timang kaprenahaken sisih kiwa. Anggenipun ngubedaken
epek, kaangkah wiyaripun antawisipun epek ngandhap kaliyan sabuk sisih ngandhap
kirang langkung 2,5 nyari. Dene timangipun kapernahaken wonten ngajeng trep
tengah-tengah. Wonten ing pabrayan umum jinis epek ingkang dipunagem
warninipun merdika boten wonten awisanipun. Namung manawi nuju layatan,
prayogi hangagem warni cemeng.
foto saking: https://alunalunkamera.files.wordpress.com
5. Ngangge surjan.
Ngagem surjan ingkang ngajeng kedah simetris, lajeng benik dikancingake sedaya.
5
6. Ngangge Dhuwung.
Caranipun ngangge dhuwung disengkelitaken ing antawise sabuk cindhe. Dhuwung
wonten kalih macem inggih menika dhuwung branggah lan dhuwung gayaman.
Caranipun ngangge dijumbuhake kalian sipat-sipat ingkang ngagem.
a. Warangka Gayaman
foto sakinng: bahan ajar Wibawa kaca 6
b. Warangka Branggah utawi Ladrangan
foto sakinng: bahan ajar Wibawa kaca 6
7. Ngangge Blangkon.
Blangkon diagem wonten mustaka. Kathah motif blangkon, wonten modhang,
kumitir, blumbangan, celeng kewengen, lan wulung. Anggenipun milih motif kedah
diselarasake kalian ageman sanesipun.
foto saking: https://i2.wp.com/indonesianbatik.id
6
8. Ingkang Pungkasan Ngangge Selop utawa Canela.
foto saking: https://images.app.goo.gl/aP6G2XpSGvn6Qqhd9
Ngangge selop langkung sae diwiwiti saking samparan sisih tengen nembe samparah
sisih kering lajeng limrahipun boten ngangge kaos kaki.
b. Caranipun Ngagem Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta Kangge Tiyang Estri
a) Ngangge Sanggul
Sanggul ingkang diagem inggih menika sanggul tekuk kanthi lungsen lan
sanggul konde. Dene aksesoris kangge rikma inggih menika cunduk tlesepan lan
cunduk konde. Padatanipun ngangge sanggul:
1. Rikma dipunsasak rumiyin,
2. Subal dipunpasang,
3. Rikma sasakan dipuntata, tiba ngandhap ngantos githok,
4. Rikma lajeng disemprot hairspray,
5. Sanggul tekuk dipunpasang lan direkatake ngangge cepet sanggul,
6. Menawi sampun tumata dipuntutup ngangge jarring-jaring,
7. Jaring-jaring dipuntata lajeng saged dipuntambahi aksesoris.
foto saking: https://images.app.goo.gl/KnYhvJUeDAi5nri19
2. Ngangge Sinjang
Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipundamel wironipun,
inggih punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/tumpal) dipunlempit wolak-
walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang. Wiron kagem putri kirang langkung 3,5 cm (2
7
nyari putri). Seretipun kedah ketingal. Ngagem busana Jawi kawiwitan saking
nyamping, bab inggil andhapipun nyamping sampun ngantos ketingal polokipun,
nanging ugi sampun ngantos ketebihin sangandhaping polok.
foto saking: https://images.app.goo.gl/WDs2u92rMpnYTjmr7
3. Ngangge Stagen, Streples, lan Kamisol.
Patrapipun ngagem stagen kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil,
ubedipun manengen. Ubedipun diwiwiti saking puser ngantos dumugi ulung ati.
Ngangge kamisol kangge nutupi streples.
Sakmenika sampun kathah wujud streples mawi lilitan tali ingkang
sagedcdipunkencengaken utawi dipunkendhokaken jumbuh kaliyan badan ingkang
ngangge. Menawi streples sampun kenceng kalajengake ngangge kamisol.
foto saking stagen: Foto saking streples: Foto saking kamisol:
https://id.carousell.com
https://indonesianbatik.id https://images.app.goo.gl/
4. Ngangge Kebaya.
Kebaya tangkepan (Kartini) ngangge bros utawa peniti renteng.
8
foto saking: http://lms.jogjabelajar.jogjaprov.go.id
5. Ingkang Pungkasan Ngangge Selop.
foto saking: http://webmatic2.sitekno.com
Pakaryan C
Para siswa, sasampunipun maos bahan ajar, sumangga nyimak video saking Bu Guru.
Daftar Pustaka
9
a. Afif Abdul. 2012.Wibawa Bahan Ajar Kanggo SMA. CV Sinar Harapan
b. Mulyana. 2014. Bahasa Jawa Kreatif Panduan Lengkap Menulis dalam Bahasa
Jawa. Yogyakarta: Tiara Wacana.
c. Saputro Sutarto.2018. Asprasi Basa Jawa Kanggo SMA/MA/SMK.Sukoharjo: Graha
Printama Selaras
d. Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas
XII .Jakarta: Erlangga
e. Yatmana, Sudi dkk.2016.Kabeh Bisa Basa Jawa Kelas XII
SMK/SMA/MA.Jakarta:Yudhistira
f. Internet:
https://alunalunkamera.files.wordpress.com diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://alunalunkamera.files.wordpress.com diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https:// timang gesper_ikat_pinggang_pakian_jawa_.jpg diunduh tanggal 15
Agustus 2019
https://i2.wp.com/indonesianbatik.id diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/aP6G2XpSGvn6Qqhd9 diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/KnYhvJUeDAi5nri19 diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/WDs2u92rMpnYTjmr7 diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://id.carousell.com diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://indonesianbatik.id diunduh tanggal 15 Agustus 2019
https://images.app.goo.gl/ diunduh tanggal 15 Agustus 2019
http://lms.jogjabelajar.jogjaprov.go.id diunduh tanggal 15 Agustus 2019
http://webmatic2.sitekno.com diunduh tanggal 15 Agustus 2019
10