The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar_Pranatacara_Dani fix_compressed

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dani Habsari, 2023-06-10 10:12:35

Bahan Ajar_Pranatacara_Dani fix_compressed

Bahan Ajar_Pranatacara_Dani fix_compressed

BAHAN AJAR PRANATACARA Dani Kartika Hapsari, S.Pd 22100860020 PPG Basa Jawa UNY.2023 SMKN 1 MAGELANG


Identitas Sekolah : SMKN 1 MAGELANG Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Fase : XI/ F Nama Penyusun: Dani Kartika Hapsari, S.Pd Capaian Pembelajaran Elemen : Membaca Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan ataupesan yang akurat melaui teks nonsastra dalam bentuk pranatacara. PRANATACARA Ancasipun Pasinaonan Melalui model pembelajaran problem based learning dengan pendekatan TPACK selama dansetelah proses pembelajaran, peserta didik dapat : 1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, diskusi, tanya jawab, presentasi peserta didik dengan bernalar kritis mampu menganalisis teks pranatacara . (HOTS, C4) 2. Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, diskusi, tanya jawab, presentasi peserta didik dengan bernalar kritis mampu mengkritisi hasil analisis teks pranatacara secara mandiri maupun gotong royong. (HOTS, C5) 3. Peserta didik mampu menyajikan teks Pranatacara. (HOTS, C6)


Pranatacara Peta Konsep Tegesipun Cengkorongan Jinisipun Miturut Sipatipun Isi lan Pranatacara Basa


Para siswa, dinten menika badhe sinau babagan pranatacara. Sinten ingkang mangertosi tegesipun pranatacara menika? Menapa kemawon jinisipun lan sipat-sipatipun saking pranatacara menika? Kados pundi cengkorongan saking pranatacara menika? Sumangga para siswa saged maos materi lan nyimak video pranatacara wonten ngandhap menika! Saged dipuntingali wonten http://gg.gg/materiPranatacara FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH Materi Faktual


A. Pangertosan Pranatacara Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang Pranatacara, ananging beda jejibahan. B. Jinisipun Pranatacara 1. Pranatacara kanthi cara apalan Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar. 2. Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates. 3. Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan. 4. Pranatacara kanthi cara ekstemporan Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan. C. Sipat-sipatipun Pranatacara miturut Ancasipun 1. Pranatacara pambagyaharja 2. Pranatacara mamitaken jenazah 3. Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan 4. Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.) 5. Pranatacara pamedhar sabda 6. Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.) D. Sipat-sipatipun Pranatacara miturut Isi lan Basa 1. Pranatacara ringkes lan prasaja 2. Pranatacara rowa lan rinengga 3. Pranatacara populer 4. Pranatacara ilmiah 5. Pranatacara mligi/umum E. Cengkorongan Pranatacara 1. Salam pambuka 2. Atur puji syukur dhateng Gusti Allah 3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun 4. Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara) 5. Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa) 6. Panutuping atur/ salam FASE 2: MENGORGANISASI PESERTA DIDIK Materi Konseptual


Materi Metakognitif Caranipun ndamel cengkorongan teks pranatacara inggih menika : 1. Nemtoaken tema acara ingkang badhe dipunlumantaraken. 2. Nemtoaken isi lan basa ingkang badhe dipunginakaken 3. Ngucap salam pambuka 4. Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah 5. Ngaturaken kasugengan 6. Wedharing gati 7. Atur nyuwun pangapunten 8. Panutuping atur/salam Saged dipuntingali wonten https://online.flippingbook.com/view/689377804/ FASE 4: MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA Kagiyatan 1 Sumangga para siswa kanthi kelompok, dhiskusi babagan pangertosan, jinisipun lan sipat-sipating pranatacara kanthi basa piyambak wonten LKPD menika. Kagiyatan 2 Caranipun damel cengkorongan teks pranatacara inggih menika: 1. Para siswa dipundawuhi nyimak video https://youtu.be/nxEAqtptjd4 kangge madosi cengkorongan teks pranatacara 2. Para siswa kasuwun damel cengkorongan teks pranatacara adhedasar tema saking link https://online.flippingbook.com/view/689377804/ 3. Cengkorongan teks pranatacara saged kaserat wonten LKPD kanthi wosipun babagan pendhidhik saking link https://online.flippingbook.com/view/689089378/ Materi Prosedural FASE 3: MEMBIMBING PENYELIDIK


Sumangga para siswa saged nyerat menapa kemawon ingkang sampun dimangertosi wonten ing piwulangan dinten menika Rubrik Evaluasi Diri Samenika para siswa kasuwun milih wangsulan ingkang trep kaliyan kawontenan siswa piyambak kanthi tandha centhang (√) No Pitakenan Sampun dereng 1 Punapa siswa sampun mangretosi tegesipun pranatacara? 2 Punapa siswa sampun mangretosi sipatsipatipun saha jinising pranatacara? 3 Para siswa sampun saged damel cengkorongan teks pranatacara? Fase 5 : Menganalisis dan mengevaluasi Pemecahan Masalah


KAPUSTAKAN Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Putri, Rilita Damameita, Slamet Mulyana. 2015. Trampil Basa. Surakarta: Mediatama Sai, Dewi Pangestu. 2022. Sastra Klasil lan Modern. Jakarta: Kememntrian Pendidikan, Kabudayaan, Riset dan Teknologi http://materipranatacara.blogspot.com/2015/10/pranatacara-a.html https://vinaretna.wordpress.com/2018/11/05/pranata-adicara- pranatacara-mc-kelas-xi-semester-1/ https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/58349/Penerapan-Model-Problem-Based-Learning-dengan-MediaVideo-untuk-Meningkatkan-Kemampuan-Menelaah-Isi-Teks-Pranatacara-Siswa-Kelas-X-IPS-1- SMA-Negeri-1-Sukoharjo-Tahun-Ajaran-20172018 https://lppm.undiksha.ac.id/senadimas2022/prosiding/file/245.pdf


Click to View FlipBook Version