PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 BAWANG
Desa Jlamprang, Bawang, Kabupaten Batang Kode Pos 51274,
No Telp : 0285488282 Surat Elektronik : [email protected]
BAHAN AJAR BAHASA JAWA KELAS XII IPS
SMA NEGERI 1 BAWANG KABUPATEN BATANG
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
SMA NEGERI 1 BAWANG
LEMBAR PENGESAHAN
Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas XII IPS Semester 1 dan 2 Tahun Pelajaran 2020-2021 ini telah
diperiksa dan disahkan oleh Kepala Sekolah SMA N 1 Bawang Kabupaten Batang,
Bawang, 13 Juli 2020
Mengetahui
Kepala Sekolah Guru Bahasa Jawa
SMA N 1 Bawang SMA N 1 Bawang
Kabupaten Batang Kabupaten Batang
Sugito, S.Pd.M.Si Reni Anggraeni,S.Pd.
NIP. 19690104 199802 1 004 NIP.
BAHAN AJAR SEMESTER 1 KELAS XII IPS
A. GEGURITAN
Geguritan yaiku karya sastra kang kalebu ana ing puisi jawa tradisional.
a. Puisi Tembang:
- puisi tembang cilik (macapat)
- puisi tembang tengahan
- puisi tembang gedhe
b. Parikan
c. Guritan
d. Syingir
e. Lelagon bocah
2. Puisi jawa Modern
Geguritan (puisi Jawa gagrak anyar / puisi bebas)
Berbagai contoh teks geguritan tradisional dan modern.
DINGAPURA, BAPA
Dening Gunadi Aryo
Dingapura Bapa
Esuk iki manuke bapa da-culake
Mabur saparan-paran
Dhek wingi katon nglentruk tanpa daya
Arep matur Bapa wis ngantor
Ngendikane Ibu Bapa lembur
Aku wis turu nalika Bapa kondur
Bapa
Wingi ana kutilang lan trocokan
Ngoceh ing cedhak kurungan
Dheweke crita
Bab endahe nuswantara
Kang bakal tidhem amem tanpa ocehing kukila
Kummel kucem merga surya cidra
Bab garudha kang sengkleh swiwine
Pucet tanpa ludira
Merga manungsa kang srakah lan
Seneng ngumbar nistha
Atiku trenyuh
Weruh manuke bapa lemes
Nelangsa lan tanpa daya
Jroning kunjara
Dingapura Bapa
Esuk iki manuke bapa dak-culake
Mabur saparan-paran
Ing pangentha
Byar padhang gagat rahina
Manuke bapa bali ngoceh
Ngancani aku mapag srengenge
Ngipatake tindak nistha kang remeh
Eklasna
Eklasna aku lunga biyung
sanadyan ing ndhuwur langite katon mendhung
eklasna aku lunga bapa
lungaku sangu ati lapis waja
ora perlu panjenengan galih
ing paran aku ora bakal mati amarga ngelih
mumpung isih esuk
kanthi pangestu kang matumpuk-tumpuk
gunung lawu lan semeru mung katon sapunthuk
kabeh bakal taklangkahi
sanadyan kudu nasak bebondhotan eri
aku lunga perlu makarya
ora mung angon kebo ing ara-ara
sanadyan aku ngerti
golek gawean angel yen tanpa koneksi
lan kudu nganggo gambar Jendral Sudirman sakethi
sugeng enjing bapa biyungku
sugeng enjing desaku
kang tansah kinemulan langit biru
eklasna liya dina isih bisa ketemu
Materi Konsep:
• Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung
‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni
teges tembang utawa syair.
• Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’
kang nduweni teges tulisan.
• Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang
pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangane ora ajeg.
• Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair.
Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag
anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane
(kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair
kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu (guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagu).
Titikane geguritan yaiku:
• Ora kawengku ing pathokan
• Dudu basa padinan
• Migunakake tembung-tembung kang pinilih
• Cacahe larikan ora katemtokake
• Isine mentes
• Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
Unsur pembangun geguritan
Geguritan Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan
aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca.
Geguritankawujud saka tema kang diandharake dadi wujud geguritan. Sajroning
geguritan ngemot nilai-nilai utawa amanat kang katujokake marang pamaos.
Tembung kang dienggo ing geguritan migunakaken tembung kang pinilih,
kanthi sarana dasanama, purwakanthi, tembung garba, tembung saroja lan uga
lelawaning basa. Tembung-tembunge geguritan iku endah lan enak kawaca.
Materi Prinsip:
• Karakteristik geguritan
Geguritan iku:
- Cekak yaiku ora awujud ukara kang nglandrah
- Mentes yaiku tembunge duwe makna kang jero
- Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa lumaksita
- Tetembungane pinilih.
Materi Prosedur:
• Langkah-langkah memparafrasekan geguritan
• Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges ngowahi
tembang utawi geguritan dadi gancaran (prosa). Dadi nggancarake padha karo
"memprosakan" utawa tembunge liya "memparafrase". Sadurunge gawe
gancaran kudu mangerteni cara-carane ngancarake.
• Carane ngagancarake mangkene:
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara kudu
diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung
Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.
3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi
tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi
ejaan kang bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,
lan sapanunggalane.
• Langkah-langkah menulis teks geguritan
Carane nulis geguritan yaiku:
1. Nemtokake tema,
2. Milih tetembungan kang mentes
3. Endah lan cekak,
4. Menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan
• Langkah-langkah membaca indah geguritan
Maca Geguritan
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh
piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining
geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang
ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase
geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud
gancaran utawa paragraf, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih
cetha lan gamblang.
Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa ngrungokake, satemah bisa:
1. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
2. Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
3. Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.
Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan yaiku:
1. Maca tulisan (naskah) kanthi setiti
2. Ngira-ira tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake
3. Njingglengi ten ana pasemin utawa pralambang sing dienggo
4. Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange
5. Ngupakar a (merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining
gancaran
Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca
geguritan, ing ngisor iki perangan-perangan sing kudu disemak lan
diugemi,yaiku:
1. Wirama (irama/lagu)
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha
utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane
semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu
kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
2. Wirasa (rasaning swasana ati)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli
anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku
susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.
3. Wiraga (obahing awak)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake
peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras
karo isining geguritan nanging aja banget-banget.
4. Wicara (pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.
B. PAKAIAN ADAT JAWA
1. Fakta
Menggah busana tatanan Keraton Surakarta Hadiningrat punika sakawit ing jaman
Juneneng Dalem Ingkang Sinoehoen Kanjeng Soesoehoenan Paku Buwana Kaping III
rikala hamarengaken Pangeran Mangkubumi (Bapa Paman piyambak ISKS PB III)
utawi rayi Dalem Ingkang Sinoehoen Kanjeng Seosoehoenan Pakoe Buwono Kaping II;
kagem hangrenggani Keraton Ngayojakarta (Perjanjian Giyanti warsa 1755)
Busana lami ingkang kalebet tetilaran saking Majapahit lan Demak Bintara
Kanjeng Pangeran Mangkubumi (HB I) kagem ing Ngayojakarta kados ingkang sami
dipun uningani ngantos dumugi, salajengipun lumampahipun pamarintah wonten ewah-
ewahan sawetawis ing jaman ISKS PB IX kalajengaken ewah-ewahan malih ing jaman
ISKS PB X tuwin PB XI. Dene ingkang badhe kaandharaken ing ngandhap punika
busana jawi ing jaman Ingkang Sinoehoen Paku Boewono Kaping XII sawargi ngantos
punika.
FILOSOFI BUSANA PRIA JAWA
Busana adat Jawa biasa disebut dengan busana kejawen mempunyai perlambang
tertentu bagi orang Jawa. Busana Jawa penuh dengan piwulang sinandhi (ajaran
tersamar) kaya akan ajaran Jawa.
Dalam busana Jawa ini tersembunyi ajaran untuk melakukan segala sesuatu di
dunia ini secaraharmoni yang berkaitan dengan aktivitas sehari-hari, baik dalam
hubungannya dengan sesama manusia, diri sendiri maupun Tuhan Yang Maha Kuasa
Pencipta segalanya.
• Pakaian adat yang dikenakan pada bagian kepala adalah, seperti iket, udheng
• Dibagian tubuh ada rasukan (baju): jarik sabuk, epek, timang
• Dibagian belakang tubuh yakni keris
• Dikenakan dibagian bawah atau bagian kaki yaitu canela. busana pria jawa
2. Konsep
Busana kejawen ing Surakarta sakpunika, kados wonten ing Keraton Surakarta tumrap
kakung wonten kalih inggih punika:
Busana Jawi Jangkep (Ageman warni Cemeng)
Busana Jawi Jangkep Padintenan (Saugeran boten Cemeng)
3. Prinsip
BUSANA ADAT JAWA
pecahe keraton Mataram dadi Ngayogyakarta Hadiningrat lan Surakarta Hadiningrat
ndadekake pecahing penguasa lan sakabehing adat ing sajroning kalebu kabudayaan, salah
sijine unsur kabudayaan uga bedha yaiku babagan busana (ageman). Kamangka ana ing
materi iki dibahas mbaka siji busana Khas Surakarta Hadiningrat uga Ngayogyakarta
Hadiningrat.
1. Busana Adat Gagrag Surakarta Hadiningrat
Busana adat gagrag Surakarta Hadiningrat iku akeh jinise, kayata busana
dodotan, busana beskap,lan busana kebayak. Busana adat gagrag Surakarta
Hadiningrat kaperang dadi loro, yaiku:
a. Busana Jangkep Kakung (jaler/lanang)
Busana kang diengga nalika sesrawungan, busana kui nduweni makna utawa
pralambang. pralambang iku bisa didelok saka benik ing beskap sisih kiwa lan
tengan. tegese, menawa wong jawa iku nalikane tumindhak kudu diniknik (saka
tembung benik) dietung temenanan, bab endi seing bener utawa sing kleru
nalikane tumindhak. dadi wong jawa iku ora sembrana sakpenake dhewe utawa
angger nalikane tumindhak. Tumindhak nik-nik iku nduweni tujuan kabeh
tumindhak/tindhakan kui saja nganti nyenggol utawa ngenani batire lan bisa njaga
wadine (aib) dhewe lan wong liya.
jenise busana jangkep kakung iku antarane:
Asmane Gambare Keterangan
Busana Atelah Benike ana ing tengah,
saka gulu tekan ngisor.
ing gulu ana kenope
utawa cantelane
wernane ireng yen ora
putih.
Busana Beskap tangkeban sisih kiwa lan
tengene.
benike kasusun miring
benik dhuwur ana ing
sisih kiwa.
Busana kaya beskap
Langenharjan ngarepe ana benike
Busana Jangkep solo dodotan Busana Jangkep solo basahan
Busana Jangkep yogya dodotan Busana Jangkep yogya basahan
Busana Jawi saking Nginggil mangandhap antawisipun :
a. Udheng (Blangkon, dhestar)
b. Kulambi (Rasukan krowok wingking)
c. Setagen (paningset)
d. Sabuk (paningset)
e. Epek - Timang - Lerep
f. Sinjang (nyamping)
g. Keris ( Dhuwung, Wangkingan)
h. Cenela utawi selop (namung kagem sanjawining Keraton)
Nama Gambar Fungsi& maknane
Blangkon Supaya manungsa duweni
pikiran kang kuwat lan ora
gamoang diapusi dening wong
liya.
Keris Keris dienggo ana sisih buri.
Stagen Stagen gunane kanggo naleni
busanane putra lan putri.
o kanggo putri ubede
ubede menengen.
Epek Yen arep olih pegaweyan kang
becik kudu epek
(golek/luru/epek), kudu gelem
golek elmu kang migunani.
Timang Kagawe saka logam, maknane:
menawa yen wes olih elmu
kudu isa mahami kanthi jelas
lan gamblang.
Selop Selop kanggo alasing sikil,
selop kang uga diarani canela
nduweni makna canthelanaing
jroning nala/ cantelaning ati.
Sorjan Ageman tiang jawa kang jaler ,
padhatane kanggo busana saben
dinan.
Rasukan : mnagsa ngrasuk
utawa nganut salahsijining
dalan utawa agama.
Gelung/kondhe Gelung/konde/ukel papane ana
sirah sisih mburi. gelungan
kaanggo migunakake tusuk
kondhe.
Jarik/sinjang Kain kanggo nutupi badan saka
bangkekan nganti kemiri sikil.
jarik nduweni makna saja
gampang serik. jarik iku kudu
diwiru, ksnggo putri cacahe
9,11 utawa 13.
Semekan/kemben Semekan/ kemben/ angking
fungsine kanggo nutupi bagian
dada/ payudara.
Kebaya Busana khas wong jawa kang
estri.
C. GAMELAN
Tuladha wacana eksposisi bab gamelan:
Gamelan Jawa iku sawijining utawa corak gamelan sing urip ing tlatah Yogyakarta
uga Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge ngiringgi mawarni-
warni Kesenian Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak,
Jathilan lan kesenian tradisional liyanipun. Musik Gamelan Jawa iki beda karo musik
gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa lumrahenduwe nada luwih lembut,
lembut lan nganggo laya luwih alon, beda karo musik Gamelan Bali ingkang layane
luwih cepet, uga musik gamelan sundha ingkang rasa musikke “nglaras” banget
(mendayu-dayu) lan didominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku ndue nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku nduweni 2 laras
yaiku: Laras Slendro lan Laras pelog, Laras Slendro nduweni urutan nada-nada 123567,
menawi Laras Pelog nduweni nada-nada 1234567.
Gamelan Jawa ndue aturan-aturang ingkang wis pakem, antarane katata saka pirang-
pirang rambahan utawa puteran utawa pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan
sampek utawa cepet rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan Gongan lan
melodine wis diatur nig bageyang-bageyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra).
Saben-saben piranti ndue fungsi dewe-dewe sing nuntun swara yaiku rebab, sing nunutn
irama diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku diarani pengrawit,
panayagan utawa nayagautama wiyogo, sing nembang priya diarani wira-swara, sing
wanita arane pesinden utawa swarawati.
Wonten ing jaman modern iki, Gamelan menika kadang kala mboten dados
remenipun para mudha. Kathah para mudha ingkang mboten mangertos babagan
gamelan amargi para mudha wonten ing kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel
alat musik modern kayata Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun,
tinimbang nyekel utawa main alat musik Gamelan. Para mudha mboten gumyak pengen
bisa maen Gamelan, mbokmenawi Gamelan ing pikiran paramudha yaiku alat musik
ingkang ndadekke deweke katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya iku kleru
Gaemlan iku salah setunggal alat musik ingkang kedhah diremeni uga dimangerteni
tumrap sedaya tiyang, Gamelan iku alat musik khas Jawa uga warisan budaya Indonesia.
Konsep:
Gamelan lan gunane
Gamelan, basa kramane gangsa lan basa kawine pradangga. Gangsa satemene
tembung camboran-wancahan, wutuhe murni tembaga + raja + sa. Tembaga lan rajasa iku
arane pelican logam, dicampir lan diluluh digawe gamelan.
Gunane seperangkat racikan gamelan
1. Kendhang, gunane kanggo pamurba irama
2. Kethuk, kenong, kepyak,gong, gunane kanggo pamangku irama
3. Barung, boning gedhe, gunane kanggo pamurba lagu
4. Demung, slenthem, gunane kanggo pamangku lagu
5. Gender,gambang,cemplung, gunane kanggo pamangku yatmaka
6. Rebab, gunane kango pambuka pathet
7. Suling,siter,keprak,kecer, gunane kanggo murih gayenge swasana.
Laras lan Pathet
1. Laras, yaiku swara gamelan kang tumata kanthi gumathok. Gumathok kanthi
mungguhing rikating kedhere ing dalem wektu kang tertemtu, gumathok mungguhing
dhuwure. (Nada Dasar)
Laras Pelog : 1234567İ
Laras Slendro : 12356İ
2. Pathet, yaiku ukuran endhek-dhuwuring gndhing. Ya pathet iku sing nemtokake
mapane gendhing ln matesi munggah-mudhuning panabuhe gamelan.
Prinsip:
Bentuk (Racikan) Gamelan
1. Wilahan, yaiku gambang, gender, demung, barung, peking, lan slenthem
2. Pencon, yaiku gong, kempul, kethuk, kenong, bonag, lsp
3. Kebukan, yaiku kendhang
4. Sebulan, yaiku suling, terompet
5. Saka kawat, yaiku rebab, cemplung, siter
Titi Laras Gamelan
1. Titi laras gamelan slendro
1 = laras barang
2 = laras gulu
3 = laras dhadha
5 = laras lima
6 = laras nem
2. Titi laras ing gamelan pelog
1 = laras panunggul (laras ben)
2 = laras gulu
3 = laras dhadha
4 = laras pelog
5 = laras lima
6 = laras nem
7 = laras barang
Katrangan :
Laras pelog lan laras slendro kang werna-werna iki bisa kagolongake dadi 3 golongan :
1. Laras cilik, yaiku wiwit saka laras gulune gender-penerus ing oeragan tengah,
sapandhuwur , iku padha karo larase saron-barung.
2. Laras madya, yaiku wiwit saka laras neme gender-penerus ing perangan tengah,
sapangisor. Iku padha karo larase saron-demung.
3. Laras gedhe, yaiku wiwit saka laras neme gendher gedhe ing perangan tengah
sapengisor. Iku padha karo laras slenthem.
Prosedural:
Langkah-langkah menyusun teks eksposisi.
Wacana Eksposisi
Wacana Eksposisi nduweni teges wacana sing isine ide, pendapat, buah pikiran,
informasi, utawa pengetahuan sing ditulis tujuane kanggo njembarake kawruh
(memperluas wawasan) sing maca. Isine wacana eksposisi yaiku kanggo njlentrehake
bab marang sing maca lan ora meksa sing maca supaya percaya utawa melu apa sing
dikarepake saka isi karangan mau.
Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake
pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi:
• Arupa wacan informasi.
• Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
• Wasananing wacan ana penjelasan.
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten,
cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa
bab.
Tuladha Wacan Eksposisi:
Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, dll.
Jenis Wacan eksposisi:
1. Wacan sing nuduhake proses.
2. Wacan sing nuduhake tuladha.
3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.
Carane nulis wacan eksposisi:
1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
2. Nemtokake tujuwan.
3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
Jenis Paragraf eksposisi:
1. Eksposisi Definisi
2. Eksposisi Klasifikasi
3. Eksposisi Klasifikasi
4. Eksposisi ilustrasi
5. Eksposisi Perbandingan
6. Eksposisi Laporan
BAHAN AJAR SEMESTER 2 KELAS XII IPS
A. SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDANGGULA
Serat wedhatama minangka serat karang KGPAA mangkunegara IV ingkang
isinipun wonten setunggal pupuh ingkang wonten pitung pada.
• Berbagai contoh tembang dhandhanggula dalam serat tri pama
• Dhandhanggula
1.
Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anulada,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lalabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purunne kang denantepi,
Nuhoni trah utama,
• 2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
Guna bisa saniskareng karya,
Binudi dadi unggule,
Kaya sayektinipun,
Duk bantu prang Manggada nagri,
Amboyong putri dhomas,
Katur ratunipun,
Purunne sampun tetela,
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
• 3.
Wonten malih tuladan prayogi,
Satriya gung nagari Ngalengka,
Sang Kumbakarna namane,
Tur iku warna diyu,
Suprandene nggayuh utami,
Duk awit prang Ngalengka,
Dennya darbe atur,
Mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
De mung mungsuh wanara.
• 4.
• Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang rak sira tan lenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labih nagari,
Lan nolih yayahrena,
Myang luluhuripun,
Wus mukti aneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kali,
Punagi mati ngrana.
• 5.
Wonten malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
Lan Pandhawa tur kadange,
Len yayah tunggil ibu,
Suwita mring Sri Kurupati,
Aneng nagri Ngastina,
Kinarya gul-agul,
Manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
Ngalaga ing Korawa.
• 6.
Minungsuhken kadange pribadi,
Aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
Dene sira pikantuk,
Marga dennya arsa males-sih,
Ira sang Duryudana,
Marmanta kalangkung,
Dennya ngetog kasudiran,
Aprang rame Karna mati jinemparing,
Sumbaga wirotama.
• 7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
Pantes lamun sagung pra prawira,
Amirita sakadare,
Ing lalabuhanipun,
Aja kongsi mbuwang palupi,
Manawa tibeng nistha,
Ina esthinipun,
Sanadyan tekading buta,
Tan prabeda budi panduming dumadi,
Marsudi ing kotaman.
Konsep:
• Ciri-ciri, makna, watak tembang dhandhnggula
Temabang minangka tembang macapat kangkjadadean saka sepuluh gatra. Kang guru
wilangane 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12,7, Guru Lagune = i, a, e, u, i, a, u, a, i, a lan Guru
Gatrane = 10.
Watake tembang dhandhanggula yaiku luwesan lan sarwa mathuk. Gunane tembang
dhandhanggula biasane dinggo kanggo pambuka, sesorah, panutup crita, medhar rasa
sedhih, lsp.
Prinsip:
• Karakteristik tembang kinanthi lama
• PATHOKAN TEMBANG DHANDHANGGULA
GURU GURU GURU
WILANGAN LAGU GATRA
10 I
10 A
8 E
7 U
10
9 I
7 A
6 U
8 A
12 I
7 A
Prosedur:
• Langkah-langkah memroduksi syair tembang dhandhanggula
Menawa arep gawe cakepan tembang pangkur kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:
a. Temtakna temane
Tema minangka punjeraning rembug, tuladhane kang dadi tema yaiku agama,
karesikan, ekonomi, budi pakarti lsp
b. Kudu nnggatekake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune
c. Pilihane tembung (diksi) milih tembung kang endah lan mentes
• Langkah-langkah menyajikan tembang dhandhanggula.
Anggone nembangake tembang pangkur kudu jumbuh karo titi larase
B. WEWALER
WEWALER
dening
Yusro Edy Nugroho
• Aja nedya katempelan, ing wawatek kang tan pantes ing budi, watek rusuh nora
urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon
dadi tuladha, tinuta ing wuri-wuri.
• Aja lonyo lemer genjah, angrong-pasanakan nyumur gumuling, ambuntut-arit
puniku, watekan tan raharja, pan wong !onyo nora kena dipunetut, monyar-
manyirtan antepan, dene !emeran puniki.
• Para-penginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong-pasanak
liripun, remen olah miruda, mring rabine sadulur miwah ing batur, mring
sanak myang pasanakan, sok senenga denramuhi.
• Nyumur gumuling tegesnya, ambelawah datan duwe wewadi, nora kena
rubung-rubung, wewadine kang wutah, mbuntutarit punika pracekanipun,
abener ing pangarepan, nanging nggarethel ing wuri.
(Wulangreh, Pangkur: 13-16)
Wewaler (larangan) utawa pepecuh lumrah uga diarani pepali. Tembung
wewaler utawa pepali iku tegese ora kena dilakoni, ora ilok, kalebu barang kang ora
becik. Unen-unen kang wujud wewaler wis misuwur wiwit jaman kuna-kuni, jamane
para biksu lan biksuni, jamane para ratu kawi lan uga para wali. Wewaler lumrahe ngemu
samubarang kawruh becik kang kudu diwarisake sarana tembung rinengga, kang endah
lan filosofis. Para sesepuh ing tanah Jawa tansah ngugemi lan ngelingake marang sapa
wae bab anane wewaler kang tansah diaji-aji, kudu ditampa lan dilakoni, sanajana tanpa
pratelan utawa katrangan kawruh kang jumbuh karo anane pamikir utawa nalar.
Anane wewaler ing bebrayan Jawa, jumbuh karo kawruh filsafat kuno ing
babagan ethic lan moralitas, kang lumrahe dadi tanggung jawab kolektif masyarakat
komunal. Samubarang gawe kudu jumbuh karo bener kang lumrah, kanggo mbedakake
antarane mahluk individu apadene lembaga kolektif, antarane sing pantes lan sing bener.
Mula bukane ana wewaler ing urip bebrayan iki, awit saka gedhene rasa
tanggung jawab kang diemben dening para sepuh kanggo ngreksa lumakune urip
bebrayan kang becik, kang ora ninggal jejege moralitas apadene etika, tata aturan,
wewaton, norma-norma, lan hukum yang diugemi kanggo urip bebarengan. Minangka
kelompok individu komunal, masyarakat Jawa anggone njejegake etika lan moralitas
kawengku kanthi srana unen-unen tadisional yang lumrah diarani gugon tuhon kuwi mau.
Ing jagading kabudayan Jawa ana telung perangan kang diarani wewaler kang
dadi gugon tuhon, saka tembung digugu satuhu. yaiku: (1)wewaler kang salugu;
(2)wewaler kang awujud wasita rinonce; lan (3) wewaler kang wujude mitos.
A. Wewaler kang salugu/Padinan
Wewaler kang salugu utawa wewaler padinan iku padatane dimangerteni dening
masyarakat minangka tata aturaning urip. Urip kang becik ora kena nerak welaler, lumrahe
diarani ora ilok. Wong kang nerak wewaler padinan iku lumrahe ora ana prekara gedhe kang
malati utawa dadi sesiku. Lumrahe wong kang nerak wewaler padinan diarani wong kang ora
ngerti subasita utawa tata krama.
Wewaler padinan iku wujude reroncen basa lumrah, wujud basa padinan ngembug
perkara kang wantah, apa anane. Tetembungan kang ditata dadi ukara, lumrahe gampang
dimangerteni awit ngrembug prekara padinan. Ananging yen runut antarane hukum sebab lan
akibat, asring banget wewaler iki, ora jumbuh antarane apa kang dilakoni karo pikoleh kang
bakal tinampa, Antarane sebab karo akibat ora bisa sambung, (Jaka sembung naik taksi =
ora nyabung) karepe ora gampang dinalar.
1. Aja mangan koredan, mundhak guneme mencla-mencle ‘jangan makan sisa makanan
yang tertinggal pada pinggan, nanti apa yang dicakapkan selalu berubah-rubah atau
tidak mempunyai ketetapan hati’.
2. Aja mangan brutu, mundhak guneme mencla-mencle ‘jangan makan ekur ayam, nanti
apa yang dicakapkan selalu berubah-rubah atau tidak mempunyai ketetapan hati’.
3. Aja mangan tlampik, mundhak ditampik dening wanita (tumprap wanita mundhak
ditampik dening priya) ‘jangan makan sayap ayam di bahagian hujung, supaya jika
lelaki tidak ditolak perempuan, dan jika perempuan tidak ditolak lelaki’.
4. Aja mangan gedhang dhempet, mundhak ing tembe darbe anak kembar utawa dhampit
‘jangan makan pisang dempet, supaya pada masa depan nanti tidak mempunyai anak
kembar siam’
5. Aja lungguh ing ngarep lawang, mundhak wong sing nglamar mbalik ‘jangan duduk di
depan pintu, agar orang yang ingin melamar tidak pergi’.
6. Aja lungguh ana ing bantal, mundhak wudunen ‘jangan duduk di atas bantal,
menyebabkan bisulan’. Orang yang duduk di atas bantal, selain terlihat tidak senonoh,
juga membuat bantal yang diduduki itu kotor.
7. Aja ngidoni sumur, mundhak lambe suwing ‘jangan membuang ludah ke dalam perigi,
dapat membuat bibir menjadi sumbing’. Kenyataannya ialah ludah yang jatuh ke dalam
perigi itu akan menyebabkan kualiti air di dalamnya menjadi tidak baik, apalagi jika
orang yang meludah itu mempunyai penyakit berjangkit yang dapat menjangkiti orang
lain melalui air ludah.
8. Aja kudungan kukusan, mundhak dicaplok baya ‘jangan berkerudung kukusan [alat
yang dipakai untuk menanak beras, diperbuat daripada anyaman bambu yang dibentuk
seperti corong - pencatat penterjemah], jika melanggarnya akan dimakan buaya’.
Kenyataannya ialah kukusan adalah barang yang mudah rosak, jika dipakai sebagai
kerudung dapat kotor dan rosak, selain itu jika berkerudung kukusan, sewaktu-waktu
dapat jatuh kerana mata tertutup oleh kukusan.
9. Aja nglungguhi sapu, mundhak dicakot lintah ‘jangan duduk di atas penyapu, dapat
digigit lintah’. Kenyataannya ialah penyapu adalah alat untuk membersihkan sampah,
jadi pasti kotor. Boleh juga penyapu itu menjadi tempat berkumpulnya kuman dan
serangga halus yang menjadi punca penyakit. Jika ada orang duduk di atasnya, bukan
sahaja pakaiannya menjadi kotor, tetapi juga badannya dirayapi serangga halus atau
terkena penyakit akibat kuman yang menempel pada penyapu itu.
10. Ujarmu (kaulmu, nadarmu) kudu tumuli koluwari, mundhak kowe dicakot ula ‘jika
bernadzar, mesti segera dilaksanakan; jika tidak, akan digigit ular’. Kenyataannya ialah
orang yang mempunyai nadzar mesti segera dilaksanakan, apalagi jika hal ehwal itu
sudah kedengaran orang ramai. Jika tidak segera dilaksanakan, dia tidak akan
dipercayai orang lain, maka dia mendapat malu akhirnya. Jika tidak sanggup
melaksanakannya, lebih baik tidak perlu mengucap nadzar.
B. Wewaler Wasita Rinonce
Wewaler iki lumrahe ditulis dening para pujangga ing jagading kasusastran Jawa
kanggo mulang muruk putra wayah sentana kraton. Sawetara wewaler ana kang rinonce ing
tembang, sinerat ing serat-serat piwulang, sarta ana uga kang awujud tembung-tembung
sesanti.
Wewaler wasita rinonce karacik saka tembung-tembung endah, awujud basa sastra
kanthi nggatekake anane purwakanthi lan endahing swara. Lumrahe wewaler wasita rinonce
ngemu surasa becik kang jumbuh antarane tembung lan isine (nyambung)
1. datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan
[jangan gampang sakit hati manakala musibah menimpa diri, jangan sedih
manakala kehilangan sesuatu]
2. aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman
[jangan mudah terheran-heran, jangan mudah menyesal, jangan mudah terkejut dgn
sesuatu, jangan kolokan atau manja]
3. aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman
[janganlah terobsesi atau terkungkung dengan kedudukan, materi dan kepuasan
duniawi]
4. aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka
[jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah, jangan suka berbuat curang agar
tidak celaka]
5. aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendho
[jangan tergiur oleh hal2 yg tampak mewah, cantik, indah dan jangan berfikir
gamang/plin-plan agar tidak kendor niat dan kendor semangat]
6. aja adigang, adigung, adiguna
[jangan sok kuasa, sok besar/kaya, sok sakti].
C. Wewaler Mitos
Wewaler mitos kuwi gegayutan karo crita salah sawijining tokoh utawa kadadeyan
dumadine papan panggonan. Ana wewaler Ki Ageng Sela, Wewaler Arya Penangsang,
Wewaler Adipati Wirasaba, lan sakpanunggalane. Saperangan wewaler ing masyarakat Jawa:
▪ Putra Wayahe Panembahan Senapati yen perang ora kena nunggang jaran batilan
▪ Wong Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Pahing
▪ Wong Bagelan ora kena nganggo iket gadhung mlathi.
▪ Wong Kudus ora kena mangan lembu.
Weweler Adipati Wirasaba:
// anak putu aja ana kang met mantu/ wong ing Toyareka benjing/ lan aja nganggo ing
besuk/ jaran wulu dhawuk abrit/ poma ing wawekas ingong/lawan aja nganggo bale bapang
besuk /lan aja ana kang mangan/ iwak banyak wekas ingsun/aja lungan dina pahing/ poma iku
wekas ingong//
Pepali Ki Ageng Sela:
Pepali-ku ajinen mbrekati/ Tur slamet sarta kuwarasan/ Pepali iku mangkene:/ Aja gawe
angkuh/ Aja ladak lan aja jail/ Aja ati serakah/ Lan aja celimut/ Lan aja mburu aleman/ Aja
ladak, wong ladak pan gelis mati/ Lan aja ati ngiwa//
Syiir Pepali Ki Ageng Selo
Allahumma sholli 'ala sayyidina muhammadin tibbil qulubi wadawaiha. Wa'afiyatil
abdani wa syifa'iha wa nuuril abshoori alaa alihi washohbihi wasallim
Pepali ki ageng, selo amberkahi aja gawe angkuh, aja ladak lan aja jahil aja ati serakah
lan aja celimut,aja guru aleman lan aja ladak wong ladak pan gelis mati, lan aja ati ngiwa
Niruha wong mulya, habaib ulamaniyat hormat golek tsawab ujar berkah kang minulya
aja sampe mada, ora kena nyelaluwih becik derek tindak lampah pinuji minulyatembung alus
ati ati, lungguhe aja sembrana
Sapa nandur bagus, bakal panen ugaseneng ayem bahagia, anak putu sak kluwargalamun
dadi penggede, printah anak buaheaja nganti keras kaku, sak seneng karepe dewedadiya sira
pelindung, printah kelawan kira kira
Eling lan waspada, dawuh kang utamasenengna jiwamu lan atimu, aja salah tampapitutur
kang luhur, printahe agamaaja simpang siur, tindak ngawur ndadekna sengsaradadiya wong
agung kang minulya, tumindak sempurna
Nindaki kewajiban, kanti dasar imanakhlaq bagus tumus, sabar alus nata ati mapanta'at
lan ngabekti, perintahe gustinindakna ngibadah, netepi printah amal kang pinujinyadong ridlo
rahmat lan syafa'at saking kanjeng nabi.
D. AKSARA JAWA
➢
➢
☺
☺
☺
☺