The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Diktat ini digunakan sebagai pendamping belajar Bahasa Jawa kelas VII MTs

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Nur Lanny Inggriyani, 2020-11-08 11:36:45

Diktat Pembelajaran Bahasa Jawa

Diktat ini digunakan sebagai pendamping belajar Bahasa Jawa kelas VII MTs

Keywords: Bahasa Jawa

1

DIKTAT PEMBELAJARAN
BAHASA JAWA KELAS VII

SEMESTER 1

Disusun Oleh
Nur Lanny Inggriyani, S.Pd.

MTS NEGERI 5 SLEMAN
Tahun 2020

i

LEMBAR PENGESAHAN

DIKTAT PEMBELAJARAN
BAHASA JAWA UNTUK SMP/MTs

KELAS VII SEMESTER 1

DISUSUN OLEH:
NUR LANNY INGGRIYANI, S. Pd.

Diktat ini disusun untuk memenuhi tugas pengembangan profesi guru
Mapel Bahasa Jawa dan digunakan untuk proses kegiatan belajar mengajar

mata pelajaran Bahasa Jawa kelas VII semester 1
Di MTs Negeri 5 Sleman

Disetujui oleh :
Kepala Madrasah

Hj. Etyk Nurhayati, S. Pd. I, M. Pd.
NIP. 19800930 200501 2 007

ii

KATA PENGANTAR

‫بسسن ا لله ا لر حمن ا لر حين‬
‫ا لسلا م عليكن و ر حمة ا لله و بر كا ته‬

Alhamdulillah, segala puji bagi Allah swt, Tuhan semesta alam yang telah
melimpahkan taufiq dan hidayah-Nya, sehingga DIKTAT Bahasa Jawa ini dapat saya
selesaikan penyusunannya. Diharapkan DIKTAT Bahasa Jawa ini dapat membantu guru dan
siswa di MTs N 5 Sleman, serta pembaca pada umumnya.

Model pembelajaran dan kurikulum Bahasa Jawa banyak mengalami perubahan.
Pembelajaran Bahasa Jawa menurut kurikulum terbaru lebih dititik beratkan pada kompetensi
penguasaan ilmu dan penerapan siswa berdasarkan kompetensi inti dan kompetensi dasarnya,
sehingga guru dituntut agar dapat mengetahui kompetensi Bahasa Jawa masing-masing
siswa. Oleh karena itu, DIKTAT ini kami buat sebagai panduan bagi kami sebagai guru
dalam mengajar, agar bisa mengarah pada pemetaan pelajaran yang telah direncanakan
sebelumnya.

Tersusunnya DIKTAT ini tidak terlepas dari berbagai pihak yang berkelindan dalam
penyusunan dan penyelesaiannya. Untuk itu, kami menghaturkan dan mengucapkan terima
kasih yang sebesarnya kepada;
1. Kepala MTs N 5 Sleman, Ibu Hj. Etyk Nurhayati, S. Pd. I, M. Pd., atas segala dukungan

dan bimbingan.
2. Kelompok kerja guru Bahasa Jawa dalam hal ini MGMP MTs Kab. Sleman, atas bantuan

materi ajar dan soal latihan.
3. Rekan sejawat di MTs N 5 Sleman atas segala saran dan kritik yang membangun.
4. Istri dan anak serta sanak keluarga atas keluangan waktu dan kesempatan yang diberikan.

Semoga DIKTAT yang kami susun ini dapat bermanfaat bagi kami sebagai guru.
Tentu saja DIKTAT ini masih jauh dari sempurna. Oleh karena itu, sumbangan saran dan
kritik dari pembaca akan kami terima dengan senang hati dan kami ucapkan terima kasih.

‫و ا لسلا م عليكن و ر حمة ا لله و بر كا ته‬

Penyusun

Nur Lanny Inggriyani, S. Pd.

iii

DAFTAR ISI

HALAMAN JUDUL .................................................................................................... i
LEMBAR PENGESAHAN ......................................................................................... ii
KATA PENGANTAR .................................................................................................. iii
DAFTAR ISI ................................................................................................................. iv
KOMPETENSI INTI DAN KOMPETENSI DASAR .............................................. 1
BAB I ............................................................................................................................. 3
3
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA .............................................................. 11
GLADHEN I ..................................................................................................... 15
BAB II ........................................................................................................................... 15
CRITA PENGALAMAN ................................................................................. 21
GLADHEN II ................................................................................................... 25
BAB III .......................................................................................................................... 25
CANGKRIMAN ............................................................................................... 29
GLADHEN III .................................................................................................. 32
BAB IV .......................................................................................................................... 32
PARIKAN ......................................................................................................... 36
GLADHEN IV .................................................................................................. 40
DAFTAR PUSTAKA ...................................................................................................

iv

Nama Sekolah KI & KD Kelas/Semester : VII / I
Mata Pelajaran Kurikulum 2013
: MTs N 5 Sleman
: Bahasa Jawa

Kompetensi Inti:

1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.

Kompetensi Dasar
1.1.Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugrah Tuhan

Yang Mahaesa sebagai ciri khas keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta
1.2.Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugrah Tuhan

Yang Mahaesa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis.
1.3.Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugrah Tuhan

Yang Mahaesa sebagai sarana menyampaikan informasi lisan dan tulis.
1.4.Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugrah Tuhan

Yang Mahaesa untuk mengajarkan pendidikan karakter, adat, sopan-santun
berbahasa serta bertingkah laku yang menjalin sistem tata hubungan masyarakat
Jawa.

Kompetensi Inti:
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli
(toleransi, gotong-royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara
efektif dengan lingkungan social dan alam dalam jangkauan pergaulan dan
keberadaannya.
Kompetensi Dasar
2.1 Menghargai dan menghayati kesantunan dalam berbahasa dan bertingkah laku
dalam melaksanakan komunikasi fungsional antar pribadi dengan teman, guru,
dan orang tua.
2.2. Memiliki perilaku percaya diri dan tanggungjawab dalam membuat tanggapan
pribadi atas karya budaya masyarakat Jawa yang penuh makna sebagai cirri
khas keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta.
2.3 Memiliki perilaku kreatif, tanggungjawab, dan santun sebagai cirri khas karakter
masyarakat Yogyakarta.

1

2.4. Memiliki perilaku percaya diri, peduli, dan santun dalam merespon suatu
Peristiwa

Kompetensi Inti:
3. Memahami pengetahuan (factual, konseptual, dan procedural) berdasarkan rasa
ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, tehnologi, seni, budaya terkait
fenomena dan kejadian tampak nyata.
Kompetensi Dasar
3.1. Memahami fungsi teks lisan sesuai dengan unggah- ungguh Jawa.
3.2. Memahami tujuan, fungsi menceritakan pengalaman.
3.3. Memahami cangkriman dan Parikan

Kompetensi Inti:
4. Mencoba, mengolah dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan,
mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang ) sesuai dengan yang
dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.
Kompetensi Dasar
4.1. Menyusun teks lisan sesuai unggah-ungguh Jawa untuk berbagai keperluan
sederhana.
4.2. Menyusun teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman
4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana

2

BAB I
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

Kompetensi Dasar:
3.1. Memahami fungsi teks lisan sesuai dengan unggah- ungguh Jawa.
4.1. Menyusun teks lisan sesuai unggah-ungguh Jawa untuk berbagai keperluan
sederhana.

Basa mujudake sarana kanggo medharake gagasa utawa rasa pangrasane manungsa.
Kanggo medharake gagasa utawa rasa pangrasa iku mau bisa diwujudake kanthi pocapan,
sarana tulisan, bisa uga sarana sasmita utawa isyarat mula banjur diarani basa lisan, basa
tulis, lan basa isyarat. Saka maneka warna basa kasebut cara kang paling cetha lan gampang
ditampa dening wong liya yaiku kanthi migunakake basa lisan.

Nalika medharake gagasan kang wigati tumrape wong kang nggunakake basa lisan
kanggo guneman yaiku kanthi migunakake basa kang bener lan becik. Basa kang bener
tegese bisa migunakake tetembungan kang pener lan ukara kang genep saengga gampang
dimangerteni karepe, dene basa kang becik yaiku bisa nglarasake tetembungane, bisa
ngetrepake ukarane cocok karo sapa anggone guneman lan ing swasana kang kepriye. Ana
tetembungan bisa empan papan kang tegese bisa ngetrepake marang kahanan lan swasana ing
sedhengah papan lan wektu. Kanthi mangkono bisa gawe sengsem lan ora nglarani atine
wong kang diajak guneman sarta bisa njaga ajining dhiri wong liya uga pribadhine dhewe.
Cekake wong micara kanthi unggah-ungguh tegese bisa guneman kanthi manut tatanan kang
lumaku ing bebrayan.

Unggah-ungguh basa bisa dadi sarana kanggo nggayuh katentreman amarga wong
kang bisa ngetrepake basa kanthi bener lan becik bakal kepenak anggone sesrawungan. Wong
kang bisa ngetrapake basa kanthi bener lan becik iki kang diarani ngerti migunakake unggah-
ungguh basa. Bisa migunakake unggah-ungguh basa ateges bisa ngajeni marang wong liya.
Bisa ngajeni liyan ateges bisa gawe kabecikan. Wong kang bisa gawe kabecikan ateges bisa

3

nggayuh katentreman. Unggah-ungguh Basa Jawa mujudake peranganing budaya Jawa kang
magepokan karo babagan nilai-nilai luhur kang kudu digladhi, dianggo ing saben dinane
supaya dadi pakulinan ing pasrawungan. Mula ajar unggah-ungguh basa iku perlu kanggo
dicakake ing pasrawungan saben dinane, supaya bisa urip ayem lan tentrem ing madyaning
bebrayan.

A. Tegese Unggah-Ungguh
Miturut W.J.S Poerwa Darminta (1939:443), unggah-ungguh yaiku tata pranataning

basa miturut lrnggahing tata krama. Wondene teges liyane ngandharake menawa unggah-
ungguh utawa undha-usuking basa yaiku paugeran basa miturut urut-urutane tata krama
anggone nggunakake basa Jawa. Wong kang ngecakake unggah-ungguh nalika srawung
karo wong liya, kudu nggatekake tata krama kang awujud solah bawa, tindak-tanduk.

B. Bab kang Kudu Digatekake Nalika Micara Marang Wong Liya
Nalika lagi micara utawa omong-omongan karo wong liya, ana mawarni-warni bab kang
kudu digatekake manut unggah-ungguh supaya bisa ngajeni wong sing diajak omongan.
Bab-bab kang kudu digatekake kuwi mau kaya ta ing ngisor iki:
1. Sinten ingkang micara.
2. Sinten ingkang diajak guneman.
3. Apa kang diomongke.
4. Wektu nalika guneman
5. Papan nalika guneman
6. Swasana nalika guneman.

C. Perangan Unggah-Ungguh Basa Jawa
Wernane unggah-ungguh basa jawa ing jaman saiki lumrahe bisa kaperang dadi

werna loro, yaiku:
1. Basa ngoko (ngoko lugu, ngoko alus)
2. Basa krama (krama lugu, krama inggil)
a) Ngoko Lugu

• Titikane basa ngoko lugu yaiku nggunakake tembung-tembung ngoko kabeh ing
sajroning ukara.

• Basa ngoko lugu bisa digunakake kanggo guneman antarane:
1) tiyang sepuh marang wong enom
2) marang sapadha-padha utawa kanca sepantaran

4

3) pimpinan karo bawahane
4) guru marang muride
5) yen pinuju ngudarasa
6) crita kang dhapur andharan upamane crita cekak
• Tuladha:

Guneman antarane kanca sepantaran kaya ta ing ngisor iki.
1) Bambang : Jok, kowe wingi sore arep lunga menyang ngendi ta? Kok

sajake kesusu tenan.
Joko: Weh, kowe weruh aku ta? Aku wingi ki arep methuk adhiku neng
sekolahan amarga ban pite bocor.
2) Sur, aku mengko tak mara dolan ing ngomahmu, ya!
3) Yen aku luwih sregep maneh anggone sinau, mesthine aku bakal bisa
mlebu ing sekolah favorit.
4) Wingi sore aku mlaku-mlaku ngliwati tegal lan kali kang ana ing lor
dhusunku.
b) Ngoko Alus
• Titikane basa ngoko alus yaiku tetembungan ngoko dicampur krama alus utawa
krama inggil ing sajroning ukara.
• Digunakake kanggo guneman antarane:
1) wong kang wis akrab nanging taksih nduwe rasa kurmat. Wong kang

sampun akrab kala wau kaya ta antarane kanca sekolah, kanca dolan, saha
kanca nyambut gawe.
2) Wong tuwa marang wong dewasa kang luwih dhuwur pangkate.
3) Pasrawungan wong dewasa utawa wong tuwa kang wis kulina banget.
• Tuladha:
Guneman antarane ibu-ibu PKK kaya ta ing ngisor iki.
1) Bu Endang : Panjenengan sida tindak Jakarta dina apa, Bu?
Bu Sari : Aku sidane dina Rebo, Bu. Lha panjenengan sida tindak

Semarang ora?
2) Panjenengan mau tindak peken jam pira, Bu?
3) Mau bengi apa sida mundhut sepatu ing Kota Baru, Mas?
c) Krama Lugu
• Titikane basa krama lugu yaiku nggunakake tembung krama kabeh, biyasane ana
kang dipuncekak, lan saperangan nggunakake tembung ngoko.

5

• Digunakake kanggo guneman antarane:

1) sesama kanca ananging durung akrab (kanggo ngurmati).

2) tiyang sepuh marang wong enom kang kudu kinurmatan lan nduwe

kalenggahan/kedudukan.

3) Bocah marang wong tuwa (kanggo awake dhewe).

4) Andharan, sarasehan, khotbah, lan sapanunggalane.
• Tuladha:

Guneman antarane Pak Lurah marang ketua karang taruna kaya ta ing ngisor iki.

1) Pak Lurah : Mas, wingi njenengan kok ora mangkat rapat ki ngapa?

Ketua KT : Kula boten kesah rapat amargi sakit.

2) Kula kala wau tumbas buku ing Toko Maju.

3) Kula tak adus riyin, nggih, Mbak!

4) Sampeyan wau kok ndhodhog kamar kula wonten napa, Tur?

d) Krama Inggil
• Titikane basa krama inggil yaiku nggunakake tembung krama kabeh ing

sajroning ukara dikantheni tembung krama inggil.
• Digunakake kanggo guneman antarane:

1) Anak marang wong tuwa.

2) Wong tuwa kang durung kulina.

3) Priyayi kang duwe pangkat utawa jabatan.

4) Murid marang guru

5) Wong kang durung kenal.

6) Wong enom marang tiyang sepuh lan marang wong kang nduwe

kalenggahan utawa kudu kinurmatan.
• Tuladha:

Guneman antarane putra dhateng tiyang sepuh kaya ta ing ngisor iki

1) Anak : Pak, menapa panjenengan sampun dhahar? Menawi dereng

mangga dhahar sesarengan.

Bapak : Uwis kok, Le. Aku mau wis mangan.

2) Kala wau enjang simbah tindak dhateng sabin kangge panen pantun.

3) Pak Bambang ngasta pelajaran matematika wonten ing kelas VII A.

4) Budhe Sri dipunaturi dening Bu Dukuh supados rawuh wonten ing

adicara peresmian gedung PKK.

6

5) Panjenengan menapa kersa mundhut wos menika? Reginipun namung
mirah kemawon, Yu!

Wacanen tuladha teks kang ngemot unggah-ungguh ing gesang padinan ing ngisor iki!

Pak Guru Riyanta Crita
Pinuju wulangan Basa Jawa. Sinambi mbaleni wulangan PKK, Bapak Guru Riyanta crita
bab tata krama mangkene: Tembung tata lan krama iku amor misah utawa nunggal misah.
Karepe tegese padha utawa meh padha. Dadi tata iku ya krama, krama iku ya tata. Tembung
tata tegese cara, pranatan, adat, aturan. Tembung krama tegese cara, langkah, tindak,
kelakuan, sopan-santun. Tata krama iku tumuju marang kabecikan, katentreman, karaharjan,
kabagyan. Tata krama iku tinemu ing ngendi wae, biyen, saiki lan sesuk. Tata krama iku
sambung rapete karo kasusilan. Kasusilan sambung rapete karo kapribaden. Mernawa
awake dhewe dielokke wong ra duwe tata krama, bocah kok ora ngerti unggah-ungguh
mesthi wae oara kepenak. Mula kudu duwe tata krama.

1. Memperkenalkan diri,

Tetepungan

Lumrahe yen ana wong lagi ketemu banjur padha tepungan utawa kenalan. Semono uga

siswa kelas VII sing anyar, mesthi wae akeh sing padha durung tepung, kajaba para siswa

sing sadurunge sa SD. Bisa uga malah wis tepung amarga padha asale, umpamane padha-

padha sadesa.

Tumrap kang durung tepung, lumrahe para siswa banjur padha tepungan. Tetepungan iki

penting banget amarga (1) bisa nambah kanca anyar, (2) nambah rumaket dadi kancane, (3)

bisa diajak rembugan utawa sinau bareng, (4) bisa kanggo kerukunan, lan liyan-liyane.

Akeh cara lan wicara kanggo tetepungan iki. Ing ngisor iki ana conto tetepungan.

Hendarti : “Eh, kowe rak siswa anyar ta. Jenengmu sapa ?”

Riyanti : “Aku Riyanti. Kowe sapa lan kelas VII apa ?”

Hendarti : “Aku Hendarti, aku ing kelas VII B.”

Riyanti : “Lho, padha yen ngono. Kowe saka SD ngendi ?”

Hendarti : “Aku saka SD Kanoman. Yen kowe?”

Riyanti : “Aku saka MI Keputran.”

Hendarti : “MI, apa kuwi MI?”

Riyanti : “MI iku Madrasah Ibtida’iyah. Ya padha karo SD lah.”

Hendarti : “ E... wis bel, ayo melu Upacara Pambukaan Masa Orientasi Siswa, yuk !”

7

Riyanti : “Ayo !”

2. Menyapa

Melu Wulangan

Jam setengah pitu esuk Briantara wis mangkat sekolah. Ing dalan Briantara kepethuk

kanca-kancane kayata Banu, Joko, Gunawan lan liyaliyane banjur padha salam-salaman.

Bocah-bocah iku padha mlaku bebarengan karo kancane urut pinggir. Senajan akeh kancane

nanging anggone mlaku tetep waspada lan ngati-ati.

Tekan sekolahan swasanane durung pati rame amarga lagi jam pitu kurang seprapat.

Mlebu regol sekolahan dheweke nuli salaman marang ibu kepala sekolah kang jumeneng
ing ngarep regol kanthi matur, “Sugeng enjang Bu”.

3. Berpamitan,
Garin Telat

Jam 06.15 WIB Garin wis rampung adus lan nganggo sragam sekolah kang wis disetlika
mlithit. Garin banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing jnenge Dika. Sawise
rampung sarapan grin lan Dika njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibu. Garin ngajak
salaman bapake. Astane bapake diaras sinambi matur “Pak, kula nyuwun pamit bidhal
sekoalah, kula nyuwun pangestu! "Semono uga marang ibune. Adhine si Dika uga melu-
melu kaya kakangne.

Bocah loro banjur cengkrak pite dhewe-dhewe. Ing tengahing dalan Garin krasa menawa
lakune pit gliyar-gliyer. Garin banjur ngendheg lakune pit lan mudhun. Tangane menyet ban
pit. Pranyata ban pite nggembos. Dika melu mandheg lan nyeraki kakangne. “Ana apa,
Mas?” pitakone Dika.
“Bane nggembos! Wis kana kowe mangkata dhisik, aku takgolek silihan kompa!”
wangsulane Garin.
“Trus pite kepriye, Mas ?” piakone Dika. Garin mangsuli sinambi nuntun pit. “Tak tuntun
alon-alon. Wis kana gek mangkat dhisik mundhak telat!”
Dika banjur nggenjot pite tumuju menyang sekolahe. Dika mlaku sinambi nuntun pit. Kira-
kira 200 m Garin oleh silihan kompa.
Jam 07.10 WIB Garin tekan sekolah. Sawise nyelehke pit banjur mlayu tumuju menyang
kelas VII A.
Garin ndhodhog lawang lan uluk salam. Garin weruh menawa bu Retna mangsuli salame
lan manthuk mula Garin mlebu nyeraki Bu Guru. Garin ngadeg jejeg tangane

8

ngapurancang, awake rada mbungkuk “Nyuwun pangapunten Bu kula telat jalaran ban
sepedha kula wau nggembos. Menawi kepareng kula badhe ndherek wulangan!” ature
Garin.
“Ya wis kana enggal lungguh!” ngendikane bu Retna.
“Matur nuwun, Bu !” ature garin. Garin banjur lungguh ing kursine.
Menawa sliramu arep lelungan kudu pamit marang wong tuwa. Arep mengkat menyang
sekolah utawa arep dolan pokoke menyang ngendi wae kudu pamit, supaya wong tuwa ora
bingung anggone nggoleki.
Sliramu telat mlebu kelas uga kudu nyuwun idin marang guru kang lagi ngasta ing kelas
iku. Semono uga nalika wulangan sliramu arep metu menyang pakiwan uga kudu nyuwun
idin marang guru.
Dene patrape awak nalika matur yaiku:
1. Awake ngadeg jejeg.
2. Polatan sumeh.
3. Tangan ngapurancang.
4. Nalika matur awake rada dibungkukake sethithik.
5. Matur migunake unggah-ungguh kang bener

4. Njaluk Pangapura

Wong kang njaluk pangapura marang wong liya, iku minangka pratandha yen dheweke
ngrumangani luput. Wong sing bisa ngrumangsani lupute iku wong sing luhur bebudene
jalaran manungsa iku ora sampurna. Sawise ngrumangsani luput, banjur njaluk pangapura.
Wong sing menehi pangapura iku luwih utama tinimbang wong kang njaluk pangapura
jalaran aweh pangapura iku luwih abot tinimbang njaluk pangapura. Wong kang aweh
pangapura wis ngrasakake lara ati jalaran saka pokale wong kang njaluk apangapura mau.

Njaluk pangapura ora mbedakake antarane enom, tuwa, pangkat, drajat, sugih, mlarat,
bodho utawa pinter. Nanging sapa wae kang luput wajibe njaluk pangapura, sanajan wong
sing dijaluki pangapura mau luwih enom, luwih mlarat, luwih asor, luwih bodho utawa
liyane.
Tuladha ukrara njaluk pangapura :

1. “Aku njaluk pangapuramarang kowe! Aku pancen luput!”
2. “Ya wis , aku njaluk njaluk ngapura ya…!”
3. “Apuranen luputku, aku ora bakal mbaleni maneh luputku!”

9

4. “Manawi wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten!”
5. “Mbok bilih kathah kalepatan atur kula, kula nyuwun pangapunten”
6. “Kabeh luputku apuranen ya!”
7. “Kupat janure tuwa, yen lepat njaluk pangapura!”
8. “Kupat mawi santen, wonten lepat nyuwun pangapunten!”
9. “Jenang sela, wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula!”

5. Getun utawa keduwung
Wong kang getun / keduwung, iku amarga ngrumangsani yen sing wis ditindakake iku

kleru. Ana unen-unen ”getun tiba mburi”. Wong getun lumrahe sawise kelakon. Apamaneh
yen klerune iku ndadekake kapitunae wong liya. Mula saka iku sadurunge tumindak kudu
dipikir luwih dhisik ala lan becike, tuna lan bathine supaya ora nuwuhake getun burine.
Tuladhane wong getun:
1. “Wah…. Getun aku!, Amarga saka tingkahku , akeh wong kang cilaka!”
2. “Getun aku. Aku kleru. Sing gedhe pangapuramu ya.”
3. “Saestu, kula boten badhe ngambali malih, saestu, kula nyuwun pangapunten.”
4. “Getun aku, kenapa mau bengi aku ora sinau malah nonton tv!”

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi pratitis, banjur wangsulana pitakonane!
Mangkat Sekolah Bebarengan

Sakwise pamitan marang bapak lan ibune Renita nuli age-age snjangkahake sikile
mecaki dalan tumuju sekolahane. Sekolahane Renita ora adoh saka omahe, mung udakara
setengah kilo meteran. Mula saben dina dheweke cukup mlaku anggone sekolah. Angger wis
metu saka gapura perumahan mesthi banjur kepethuk kanca-kanca kang uga padha arep
menyang sekolah. Ana kang mlaku, ana kang numpak pit, ana uga kang diterke wong tuwane
kanthi numpak montor. Dalan tumuju sekolahane tansaya awan tansaya rame, saka ramene
bocah sekolah uga para pegawe pabrik kang ora adoh saka pawiyatan kasebut. SMP 45
Bantul papane pancen adoh saka kutha nanging swasanane saben dina katon regeng lan maju.

Tekan ing dalan Renita kepethuk kanca-kancane kang aran Yesy, Firman, Odi, lan
liya-liyane. Bocah-bocah mau anggne mlaku gliyak-gliyak ora kesusu lan padha ngati-ati.
Anggone maku padha jejer loro-loro. Senajan sinambi karo guneman nanging tetep waspada
ora nganti gojegan apa maneh jorog-jorogan.

Lakune bocah-bocah iku ngliwati daleme Pak Lurah kang penere ana saklore
sekolahan. Esuk iku Pak Lurah pinuju nyirami tanduran ing ngarep pendhapa mula bocah-

10

bocah iku banjur padha ndhingklukake sirahe kanthi polatan sumeh sarwa matur, “Nuwun
sewu ndherek langkung, Pak”. Pak Lurah mangsuli, “Mangga….”.

Ora let suwe lakune bocah-bocah iku tekan papan kang dituju. Ing ngarep regol
seklahan wis katon jumeneng ibu kepala sekolah lan ing sandhinge jumeneng bu Ranti Guru
Basa Jawa ing sekolahan iku. Bocah-bocah banjur nyerak lan nyalami ibu-ibu kanthi matur,
“Sugeng enjang, Bu”.

Wangsulana pitakonan-pitakonan iki manut wacan ing ndhuwur!
1. Geneya Renita anggone sekolah mung mlaku?
2. Renita kepethuk sapa wae?
3. Kepriye anggone mlaku bocah-bocah iku?
4. Apa kang ditindakake Renita sak kancane nalika liwat ngarep daleme Pak Lurah?
5. Apa kang ditindakake Renita sawise tekan sekolahan?

GLADHEN I

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih pilihan jawaban A, B, C, utawi D
ingkang paling bener lan trep!

Wacanen pacelathon ing ngisor iki (kanggo soal nomer1-2)!
Roni : “Eh, kowe rak ya siswa kelas VII B, …….?”
Dewi : “Aku Dewi, kowe sapa lan kelas pira?”
Roni : “Aku Roni, kelas VII C. Ana prelu apa kok mara ing kelasku?”
Dewi : “Aku didhawuhi Pak Agus nyaosake wara-wara kegiatan pengajian kanggo

kelasmu.”
Roni : “Walah pengumuman bab iku ta. Ya, matur nuwun, mengko tak umumke

marang kanca liyane.”
1. Supaya ceceg-ceceg ing ndhuwur bisa pas, kudune diisi karo…

A. Sapa jenengmu?
B. Ngendi omahmu?
C. Putrane sapa?
D. Ana perlu apa?
2. Pacelathone Roni lan Dewi ing ndhuwur mau nggunakake basa apa?
A. Ngoko alus
B. Ngoko lugu

11

C. Krama alus
D. Krama lugu
3. Pak Jarot anggone menyang kantor numpak sepedha.
Ukara ing ndhuwur yen sing omongan bocah marang bocah kudune….
A. Pak Jarot anggone menyang kantor nitih sepedha.
B. Pak Jarot anggenipun tindak sekolah numpak sepedha.
C. Pak Jarot anggenipun tindak sekolah nitih sepedha.
D. Pak Jarot anggone tindak sekolah numpak sepedha.
4. Johan anggone menyang sekolah diterake ibune.
Ukara mau yen sing omongan bocah marang wong tuwa kudune…
A. Johan anggone mlempah sekolah diterake ibune.
B. Johan anggene tindak sekolah didugekake ibune.
C. Johan anggenipun tindak sekolah diteraken ibunipun.
D. Johan anggenipun mlampah sekolah dipunteraken ibunipun.
5. Kanca kula ingkang boten mlampah naminipun Ajeng.
Ukara ing ndhuwur yen sing omongan bocah marang bocah kudune…
A. Kancaku sing ora menyang jenenge Ajeng.
B. Kanca kula ingkang ora mlampah asmane Ajeng.
C. Kancaku sing boten menyang jenenge Ajeng.
D. Kancaku sing ora tindak namine Ajeng.
6. “Mbah, nuwun sewu kula ngrumiyini nggih!”
Ukara ing nhuwur diucapake menawa arep…
A. Sowan ing daleme simbah
B. Pamit mulih saka mertamu
C. Nglancangi wong sing luwih tuwa
D. Liwat ing ngarepe wong kang lagi lungguh.
7. Kowe mlaku menyang sekolah, tekan latar sekolaha kowe ketemu pak gurumu sing
jumeneng ing latar. Apa sing kudune kok tindakake?
A. Marani banjur ngejak tos.
B. Nggolek dalan liya supaya ora usah aruh-aruh.
C. Nyalip cepet-cepet lan ethok-ethok ora weruh.
D. Ngajak salaman lan matur “Sugeng enjang, Pak!”.

12

Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 8-10!

Esuk-esuk kaya padatane Bambang lan Slamet mangkat sekolah bebarengan.

Kang dirembug sadalan-dalan warna-warna, ing antarane ulangan kang bakal

diparingake dening Bu Sekar. Awit dina iku mbeneri dina Jum;at. Kamangka saben

dina Jum;at jam sepisan iku wulangan Basa Jawa.

Rumangsa akeh sing durung dimangerteni, Bambang anggone mlaku disambi

karo maca buku paket Kartika Basa. Sedhela-sedhela dheweke takon marang Slamet.

Amarga ora ngawasake dalan anggone mlaku tekan ngarep mushola sekolahan.

Dumadakan brug gedebug, Bambang tiba amarga kejeglong got dalan banyu. Tujune

wae ora lara. Nanging kathoke Bambang dadi suwek ing dhengkule, bukune sumebar

ana ing got dadi teles kabeh. Sidane Bambang ora sida sekolah amarga ora duwe

buku.
8. Intisari saka paragrap ing ndhuwur iki yaiku….

A. Bambang mlaku sinambi maca buku
B. Bambang lan kancane mlaku ing sekolahan.
C. Bambang mlaku ing dalan gedhe bareng kancane
D. Bambang anggone mlaku ketungkul maca mula dadi apese.
9. Bambang tiba anggone mlaku amarga apa?
A. Disambi karo maca buku
B. Durung sinau
C. Takon-takon karo kancane
D. Mlaku sinambi gojekan
10. Kaya padatan Bambang lan Slamet mangkat sekolah bebarengan.
Tembung padatan nduweni teges padha karo…
A. Kulina
B. Biyasane
C. Wingi
D. Biyen
11. Yen kowe mlaku bebarengan karo kanca-kancamu prayogane kepriye?
A. Mlaku karo disambi ngemil
B. Mlaku bebarengan tengah dalan.
C. Mlaku jejer loro-loro karo rangkulan.
D. Mlaku siji-siji supaya ora ngganggu wong liya sing arep mlaku.
12. Ing ngisor iki tata kramane wong mlaku ing dalan yaiku…
A. Mlaku sinambi maca
B. Mlaku ora karo geguyon
C. Mlaku diseret sendhal utawa sepatune
D. Mlaku sinambi mangan lan ngombe
13. Kowe arep numpak bis bebarengan adhimu sing isih umur limang tahun. Nalika
mlebu ing bis becike kepriye?

13

A. Kula munggah bareng adhik
B. Adhik kula unggahaken rumiyin
C. Kula munggah dhisik, adhik keri ing mburi
D. Kula munggah sambi nggendhong adhik
14. Kowe mulih saka sekolah banjur kepethuk simbah sing arep tindak sawah. Kepriye
becike anggonmu matur?
A. Badhe tindak sabin punapa, Mbah?
B. Saking tindak sabin punapa, Mbah?
C. Arep menyang ngalas napa, Mbah?
D. Arep tindak sawah napa, Mbah?
15. Kepriye tata kramane wong lungguh nalika mertamu?
A. Lungguh sila ing ndhuwur kursi
B. Lungguh kanthi sopan sawise dimanggakake
C. Lungguh selonjoran dianggep kaya omahe dhewe
D. Sakpenake wae amarga wis dimanggakake dening sing nduwe omah

B. Kawangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan pener!
1. Coba andharna apa kang diarani unggah-ungguh basa Jawa!
2. Basa krama inggil bisa digunakake kanggo omongan antarane sapa wae? Sebutna 3
wae!
3. Sliramu arep menyang sekolah, banjur pamitan marang bapak lan ibu. Tulisna ukara
pamitan kang trep manut unggah-ungguh basa Jawa!
4. Nalika lagi mlaku-mlaku bebarengan karo kancamu, ing dalan ketemu bapak-bapak
kang lagi lenggah ing pos rondha banjur ngliwati ing sangarepe. Kepriye ukara aruh-
aruh kang trep manut unggah-ungguh basa Jawa?
5. Bu Karni mangan sega gudheg banjur ngombe banyu putih.
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa krama inggil dadi kepriye?

14

BAB II
CRITA PENGALAMAN

Kompetensi Dasar:
3.2. Memahami tujuan, fungsi menceritakan pengalaman
4.2. Menyusun teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman

Saben pawongan duweni pengalaman kang uga diarani pengalaman pribadhi.
Anggone nyritakake pengalaman bakune menawa wong kang diajak guneman mudheng
marang apa kang dicritakake, tuladhane nalika kang dicritakake babagan crita kang trenyuh,
wong kang ngrungokake uga bisa melu trenyuh. Ngrungokake crita pengalaman, munfangat
lan pigunane yaiku bisa nambahi ilmu lan pengetahuan, senajan awake dhewe durung nate
ngalami apa kang dicritakake ing sajroning pengalaman.
A. Crita Pengalaman

Nyritakake pengalaman pribadhi iku ora beda karo nyritakake bab apa wae. Crita kudu
urut wiwit saka pambuka, isi, lan panutup. Crita bab pengalama pribadi ya kaya crita-crita
liyane, ya nganggo judhul utawa irah-irahan lan katrangan utawa ilustrasi kang dialami
dening sapa, sarta kadadeyane kepriye lan ana ngendi. Pesan moral kang bisa dijupuk kanggo
wong kang padha ngrungokake uga kudu diaturake/ditulis.
1. Pigunane Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya bisa pengalaman
pribadine dhewe, uga bisa pengalaman kang diduweni wong liya. Dene pigunane crita
pengalaman yaiku:

a. Minangka sarana ngudhar reruweting pikir
b. Nambahi kawruh
c. Minangka piwulang/guru kang utama/experience is the best teacher
d. Minangka panglipur

15

2. Wujude Crita Pengalaman
Crita mujudake pagaweyan kang katone gampang, nanging akeh uga pawongan kang

angel nalika arep nyritakake apa kang dadi uneg-uneg lan pengalaman kang wis tau dialami.
Nyritakake ngenani pengalaman pancen kalamangsa bisa gawe wong kang ngrungokake
melu seneng, sedhih, utawa ngguyu. Wujud-wujude crita pengalaman iku werna-werna, kaya
ta ing ngisor iki.

a. Crita pengalaman seneng, yaiku pengalaman kang gawe bungah atine wong kang
ngalami.

b. Crita pengalaman lucu, yaiku pengalaman kang gawe guyu tumrap wong kang
ngalami.

c. Crita pengalaman susah, yaiku pengalaman kang gawe susahing ati tumrap wong
kang ngalami.

d. Crita pengalaman medeni, yaiku crita pengalaman kang gawe wedi/mrindinge tumrap
wong kang ngalami.

16

3. Bab Wigati Nalika Nulis Crita Pengalaman
Babagan kang kudu digatekake nalika ngandharake crita pengalaman pribadhi ing

antarane kaya mangkene:
a. Irah-irahan kudu jumbuh karo isining crita pengalaman
b. Pamilihing tembung kudu nggatekake tembung-tembung sing baku
c. Pamilihing tembung sing trep, ing kene menawa ana luwih saka siji tembung sing
padha utawa meh padha tegese dipilih sing trep lan ora ndadekake salah panampa.
d. Critane urut saka wiwitan nganti pungkasan
e. Ukara sing digunakake becike sing padet utawa efektif supaya pengalaman sing
ditulis luwih cetha lan ora ndadekake seling suruping sing maca.
f. Paragrap sing wutuh lan rumaket kanggo ngasilake tulisan sing becik
g. Intonasine kudu bener
h. Pakecapane tembung-tembung kudu cetha

4. Ngengrengan Crita
Supaya crita kang bakal diandharake bisa runtut wiwitan tumeka pungkasan, sadurunge

crita bisa gawe ngengrengan crita. Kang diarani ngengrengan crita yaiku rangka utawa
pokok-pokok kadadeyan saka crita. Gawe ngengrengan kuwi duweni ancas supaya
nggampangake anggonmu nulis crita utawa nyritakake sawijining crita kanthi langsung.
Anggone gawe ngengrengan kudu nggatekake alur utawa runtute crita. Gawe ngengrengan
uga kudu nggatekake perangan-perangan crita kayata paraga, watake paraga, latar, alur,
amanat lan sudut pandang ing crita kuwi.
a. Tema

Saben karya sastra mesthi nduweni tema. Tema yaiku bab kang dadi dhasare naskah
drama digawe. Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.
b. Alur
Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan
nganti babak terakhir. Alur diperangake kaya ing ngisor iki.
1) Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndadekake masalah-masalah

kang dilakoni paraga-paragane.
2) Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
3) Masalah utawa konflik, yaiku kedadeyan kang isine ngenani masalah kang wiwit

diadhepi paraga-paraga ing crita kasebut.

17

4) Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing angel kang diadhepi paraga-parage ing
crita, yaiku kedadeyan kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning
crita drama.

c. Pacelathon
Miturut jinise, pacelathon diperangake dadi loro, miturut panggonan (prolog lan epilog)
lan miturut cacahing paraga (monolog lan dialog).
1) Miturut panggonan
Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong-omongan).
Epilog : pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog
lan epilog diarani narator.
2) Miturut cacahing paraga
Dialog : pacelathon kang diucapake sambung-sinambung antarane salah sawijining
paraga kalawan paraga liyane.
Monolog : pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.

d. Latar utawa setting
Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar
swasana.
1) Latar wektu yaiku wektu kang digambarake nalika paraga ngalami kedadeyan-
kedadeyan ing panggung.
2) Latar panggonan yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
3) Latar swasana, diperangake dadi loro yaiku kaya mangkene:
a. Swasana alam, kedadean ing sakupenge paraga, tuladhane: udan grimis, swara
jangkrik lagi ngerik (bengi), lan liya-liyane.
b. Swasana ati, apa wae kang dirasakake paraga, tuladhane: murka, nesu, seneng,
was-was, lan sapiturute.

B. Nulis Crita Pengalaman
Nulis pengalaman pribadhi luwih gampang tinimbang karangan fiktif, amarga

pengalaman pribadhi nyritakake lelakone dhewe kang wis tau klakon utawa wis dilakoni
mbiyen. Luwih gampang maneh menawa pengalaman iku nandhes jero ing ati utawa ora bisa
dilalekake. Padhatan pengalaman kang ora bisa dilalekake iku pengalaman kang banget
nyenengake, nyusahake, mangkelake, lucu, rekasa, lan sapanunggalane.

1. Carane Nulis Crita Pengalaman

18

Sadurunge nulis karangan becike gawe cengkorongan utawa kerangka karangan luwih
dhisik. Cengkorongan iku awujud ukara baku (kalimat utama), cengkorongan mau banjur
diandharake dadi paragrap.

a. Pituduh cara nulis pengalaman pribadhi yaiku kaya mangkene.
1) Nemtokake topik utawa tema crita.
2) Gawe cengkororngan.
3) Cengkorongan kang wis digawe banjur dikembangake.
4) Crita digawe kang runtut.
5) Nggunakake basa, tembung, lan ukara kang bener lan trep.

b. Isine cengkorongan yaiku kaya mangkene.
1) Kapan lan ing ngendi kedadeyane.
2) Sapa wae kang ngalami.
3) Sebab kedadeyane.
4) Kedadeyan kang dumadi.
5) Akibat saka kedadeyan kang dumadi.
6) Kang ndadekake ora bisa dilalekake.

2. Kohesi lan Koherensi
Karangan iku dumadi saka sawetara paragrap. Dene paragrap iku dumadi saka kumpulan

ukara-ukara kang nduweni siji ide pokok ln ditambah anane ukara-ukara panjlentreh. Sarat
paragrap bisa diarani apik menawa kaya mangkene.

a. Nduweni kohesi (nyambung babagan ujude)
Paragrap kang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka wujude.
Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton sak ukaraukara kang migunakake:
1) Tembung panuduh kayata: iki, iku, kuwe, kae, lan sapanunggalane.
2) Tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani kata ganti orang).
3) Ngambali tembung kang dadi undering idhe pokok.

b. Koherensi, paragrap dianggep nyawiji manawa kabeh ukara kompak padha
nyengkuyung topik.
Manut mapane pokoke ukara paragrap kaperang dadi lima yaiku paragrap deduktip,
paragrap induktip, paragrap deduktip-induktip, paragrap ineratip, lan paragrap
deskriptip/naratip. Nanging kang dibahas ana ing kompetensi iki mung loro wae
yaiku paragrap deduktip lan paragrap induktip.
1) Paragrap deduktip

19

Paragrap deduktip yaiku paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep
paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh. Pokoke ukara (kalimat utama)
ora kudu manggon ana ing ukara pisanan, bisa manggon ana ing ukara kapindho
jalaran ana paragrap kang ukara pisanan awujud ukara transisi (perekat).
Tuladha paragrap deduktip:
Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing
kepengin nemu kedadeyan sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka.
Yen bisa nemoni kedadeyan sing nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni
kedadeyan ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.
2) Paragrap induktip
Paragrap induktip yaku paragrap kang ukara utamane manggon ana ing sisih buri
paragrap. Adate ukara utama ana paragrap induktip nggunakake konjungsi
penyimpul klawan ukara kayadene: dadi, mula, lan sapanunggalane, nanging iku
ora mutlak, jalaran akeh uga ukara utama kang ora kudu diwiwiti nganggo
konjungsi kasebut.
Tuladha paragrap induktip:
Prabeya kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega-rega barang
kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saengga rakyat cilik ora kuwat
tetuku kanggo nyukupi kabutuhaning urip. Kauripane rakyat cilik saya mundhak
susah. Iku mau jalaran saka mundhake rega BBM wiwit minggu-minggu iki
nglunjak banget regane.

Tuladha crita pengalaman
Dhateng Pelabuhan Semarang

Pinuju dinten libur kula sakanca dipunirid Bapak Guru karya wisata dhateng
pelabuhan Semarang, seneng-seneng ngiras pados indhaking seserepan. Kanca kula klas pitu
sedaya wonten lare kawan dasa. Dados, cekap ngangge bis satunggal, dipunirid Bapak Guru
saha Bapak Kepala Sekolah.

Jam pitu enjing kula sakanca bidhal saking Ponorogo. Lampahipun bis ingkang kula
tumpaki bablas tanpa mawi kendel-kendel. Pamrihipun supados dumuginipun ing pelabuhan
dereng benter sanget. Ing samargi-margi kula sakanca sakalangkung seneng nyawang
endahing sesawangan ing sakiwa tengening margi. Dumugi ing Tuntang, kitha alit ing
saelering kitha Salatiga, ing sisih kiwaning margi ketingal Rawa Pening, toyanipun lerab-
lerab katut ing sumiliring angin, ketingal nengsemaken.

20

Watawis pukul sanga bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing pelabuhan
Semarang. Ing ngriku kula sumerep kapal alit kathah sanget, sami momot kajeng. Baita
punika sami labuh ing sungapaning lepen. Kapal ingkang ageng boten saged labuh wonten
ing ngriku, jalaran ing ngriku toyanipun cethek saha papanipun rupeg sanget. Kapal ingkang
ageng sami labuh wonten ing papan sanes, tebih saking gisiking seganten, ing panggenan
ingkang toyanipun lebet. Saking panggenan labuhipun baita-baita ageng ngantos dumugi ing
gisiking seganten wonten margi panjang, wiyaripun watawis kalih meter. Kejawi baita
barang, ing sakiwa tengenipun margi punika ugi kathah baita alit sami kendel. Baita punika
dipunsewakaken dhateng umum ingkang kepengin badhe praon. Saking ngriku ugi ketingal
wonten baita layar alit pating krampul wonten ing satengahing seganten. Baita menika
baitanipun para juru misaya mina, ingkang sami badhe wangsung ndharat.

Pukul tiga siyang kula tata-tata badhe wangsul. Kangge angsal-angsal bapak, ibu, saha
adhik-adhik ing griya, kula tumbas ulam seganten lan rempeyek urang.

(kapethik saka: ithinkeducation.blogspot.com)

GLADHEN II

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih pilihan jawaban A, B, C, utawi D
ingkang paling bener lan trep!

1. Wingi sore Bayu lunga pit-pitan menyang bale dhusun karo kanca-kancane. Ing
tengahing dalan Bayu banjur tiba saka pite amarga dalane lunyu. Dhengkul lan sikute
Bayu babak bundhas, metu getihe. Pengalamane Bayu kuwi banjur dicritakake lan
ditulis. Crita kuwi mau bisa diarani….

A. crita rakyat C. crita pengalaman

B. crita cekak D. crita sambung

2. Yen nate ngalami prastawa sing ora nyenengake amarga saka tumindake dhewe, becike
pengalaman iku didum critane marang wong liya supaya….

A. Padha melu-melu
B. Dimesakake
C. Kondhang
D. Dadi pepeling
3. Ing ngisor iki kang ora kalebu pigunane crita pengalaman yaiku….
A. Minangka sarana srawung
B. Minangka pieulang utawa guru utama

21

C. Minangka sarana ngudhar reruweting pikir
D. Kanggo panglipur
4. Langkah-langkah anggone nyerat crita pengalaman kang paling dhisik dhewe yaiku…
A. njabarake cengkorongan
B. nemtokake jinise crita pengalaman
C. gawe cengkorongan
D. nemtokake irah-irahan
5. Panggonan kang peteng lan suara nggereng iku kahnan kang ana gegayutane karo…
A. Pengalaman seneng
B. Pengalaman susah
C. Pengalaman lucu
D. Pengalaman medeni
6. Irah-irahane crita ing ngisor iki kang kalebu crita pengalaman nyenengake yaiku…
A. Kelangan Dhompet Biru
B. Nalika Simbah Tilar Donya
C. Omahku Kemalingan
D. Menang Lomba Sepak Takraw
7.

Tlaga Sarangan

Dhek dina Minggu kapungkur, Atun lan kulawargane wisata menyang Tlaga
Sarangan. Jam pitu esuk rombongan kuwi mau wis padha budhal sarana numpak bis.
Paklik Slamet lan Bulik Romlah uga ndherek plesir.

Ing Tlaga Sarangan hawane seger banget. Angine semilir ora sepira adheme. Ing
sakiwa tengene tlaga akeh wit-witan kang katon ijo. Banyune biru maya-maya nambahi
asri lan endahe sesawangan. Pinggir tlaga akeh kekembangan maneka warna. Yen
kepengin seneng-seneng ing tlaga uga disedhiyani prau sewan. Atun diajak karo
bapakne numpak jaran mubengi sapinggire tlaga.

Watara jam papat sore, rombongane Atun banjur padha bali. Sadurunge bali bapak
lan ibu mundhut oleh-oleh kanggo sing ana ing ngomah. Atun dipundhutake ibu boneka
saka kayu. Udakara jam enem sore, kabeh wis padha tekan omah. Lunga menyang Tlaga
Sarangan pancene dadi pengalaman kang ora bisa dilalekake dening Atun lan
kulawargane.

Jam pitu esuk Atun lan kulawargane wis padha budhal sarana numpak bis.
Tembung budhal nduweni teges padha karo…
a. tekan
b. mangkat
c. dugi

22

d. nganti
8. Paraga/lakon saka crita ing ndhuwur mau yaiku…

A. Bulik Romlah, Paklik Slamet, Atun, Bapak, Ibu, Simbah, Adhik
B. Simbah, Paklik Slamet, Bapak, Ibu, Atun
C. Atun, Bulik Romlah, Paklik Slamet, Bapak, Ibu
D. Bapak, Ibu, Atun, Pakdhe Joko, Simbah
9. Kepriye hawa kang dirasakne nalika ana ing Tlaga Sarangan?
A. adhem, angine kenceng
B. sumuk, kadhang kala ana angin
C. seger, angin semilir ora sepira adhem
D. panas, angin ora banter
10.

Kadhung Klakon
Sawijining dina, Tio diajak Mas Budi lunga menyang Pasar Piyungan. Tio seneng
banget amarga dina iku dina Minggu, pratandha yen Mas Budi lagi bae bar oleh opah
anggone nyambut gawe. Mula uwis mesthi yen Mas Budi bakalan blanjakke Tio.
Sawise tekan Pasar Piyungsn, Tio langsung milih-milih katok lan kepilih sing regane Rp
100.000,00. Nalika iku Mas Budi akon Tio supaya nganggo dhuwite dhisik. Banjur Tio
lan Mas Budi menyen bengkel, arep nyervisake montor. Tio lan Mas Budi ngenteni rada
suwe amarga antrene akeh. Udakara jam 11, montore Mas Budi lekas digarap. Sawise
rampung, Mas Budi menyang kasir arep bayar opah servis. Nanging Mas Budi jaluk
dhuwit Tio dhisik, jarene arep diijoli sawise ana ing ngomah. Saking percayane Tio
marang Mas Budi, dheweke langsung maringake dhuwite marang Mas Budi tanpa
dipikir-pikir maneh. Sawise tekan ngomah, Tio nagih dhuwite marang Mas Budi.
Nanging Mas Budi ngomong mangkene, “Lha dhuwit uwis kanggo ya ora kena dijaluk
maneh!”. Waduh-waduh, saknalika iku Tio ngelus dhadha, amarga ora diblanjakake
Mas Budi nanging malah bayar opah bengkel montore Mas Budi barang.

Tio diajak Mas Budi lunga menyang….
A. Waduk Gajah Mungkur
B. Pasar Piyungan
C. Grojogan Sewu
D. Tlaga Sarangan
11. Tio lan Mas Budi lunga dina apa?
A. Setu
B. Minggu
C. Senin

23

D. Selasa
12. Sing gawe Tio bungah banget yaiku…

A. Diajak Mas Budi lunga
B. Mas Budi bakal blanjakake Tio
C. Diajak lunga dina Minggu
D. Diajak dolan ing Pasar Piyungan
13. Wong sing pinter crita iku antarane nggunakake….
A. Crita kang ora urut
B. Basa sing pas
C. Rasa kang grusa-grusu
D. Tetembungan kang angel dimangerteni
14. Sing dudu perkara wigati kang kudu digatekake nalika nulis pengalaman yaiku…
A. Paragrape sing longgar
B. Anggatekake tembung sing baku
C. Migunakake ukara sing efektif
D. Irah-irahan jumbuh karo isining crita
15. Langkah-langkah nulis crita pengalaman kang bisa ditindakake ing pungkasan yaiku…
A. Gawe cengkorongan
B. Nemtokake irah-irahan
C. Nemtokake jinise pengalaman
D. Njabarake cengkorongan

B. Kawangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan pener!
1. Apa kang diarani crita pengalaman?
2. Apa wae pigunane crita pengalaman iku?
3. Coba gawea 1 wae tuladha irah-irahan crita pengalaman kang:
a. seneng
b. susah
4. Coba sebutna cara-carane nulis crita pengalaman!

24

BAB III
CANGKRIMAN

Kompetensi Dasar:
3.3. Memahami cangkriman dan Parikan
4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana

A. Tegese Cangkriman

Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa
dibedhek lan digoleki wangsulane. Cangkriman iki lumrahe digunakake kanggo hiburan
nalika wektu lodhang.

B. Wujud-Wujude Cangkriman

Wujud-wujude cangkriman iku cacahe ana lima. Dene andharane wujud-wujud

cangkriman mau kaya ta ing ngisor iki:

1. Cangkriman kang awujud wancahan tembung utawa akronim

Cangkriman awujud wancahan tembung (akronim) yaiku cangkriman kang awujud

cekakan saka tembung-tembung.

Tuladha:

a. Gerbong tulis iku apa?

Batangane : pager kobong watu mendhelis.

b. Lut maendhut, yu maerong iku tegese apa?

Batangane : welut omahe nglendhut, yuyu omahe ngerong.

c. Biru supayane wungu dikapakake?

Batangane : digebug amarga biru iku babi turu dene wungu tegese tangi.

d. Pak bomba, pak lawa, pak piyut

Batangane : tlipak kebo amba, tlipak ula dawa, tlipak sapi ciyut

e. Tongyong rengreng

Batangane : gotong royong bareng-bareng

Pitutur : gotong royong

f. Burnaskopen

Bedhekane : bubur panas kokopen

Pitutur : sareh, ora kesusu

25

g. Wiwawi teles badhonge

Bedhekane : uwi dawa wite, tales amba godhonge

Pitutur : kawruh bab tanduran

2. Cangkriman kang awujud irib-iriban

Cangkriman awujud irib-iriban yaiku cangkriman kang bedhekane ngemu surasa

irib-iriban utawa emper-emperan.

Tuladha

a. Sega sakepel dirubung tinggi

Bedhekane : salak

Pitutur : panglipur

b. Pitik wlik saba meja

Bedhekane : sulak

Pitutur : panglipur

c. Pitik walik saba ngamben iku apa?

Bedhekane : kelut

d. Duwe rambut ora duwe endhas

Bedhekane : jagung

e. Bosok malah enak

Bedhekane : tape

f. Dipijet wudele mripate mendelik

Bedhekane : senter

3. Cangkriman kang awujud blenderan utawa plesedan

Cangkriman blenderan utawa plesedan yaiku cangkriman kang awujud pitakonan

dene jawabane gumantung sing takon, dadi sapa wae sing njawab mesthine ora

pener.

a. Bakule krambil dikepruki

Bedhekane : sing dikepruki krambile

Pitutur : panglipur

b. Tulisan Arab macane saka ngendi?

Bedhekane : alas

Pitutur : panglipur

c. Ana gajah numpak pit ketok apane?

Bedhekane : ketok ndobose

26

d. Ana kapal disawat watu klelem, kira-kira gedhe apane?

Bedhekane : gedhe omongane

e. Wong adol tempe ditaleni

Bedhekane : sing ditaleni tempene dudu sing adol

f. Yen ana mobil menggok ngiwa, ban ngendi sing ora mubeng?

Bedhekane : ban serep

4. Cangkriman kang awujud ukara wantah

Cangkriman awujud ukara yaiku cangkriman kang dumadi saka ukara-ukara lan

kudu dibatang apa jawabane utawa wangsulane.

Tuladhane:

a. Sing cendhek dikedhuk, sing dhuwur diurugi

Bedhekane : timbangan

Pitutur : panglipur

b. Anake diidak-idak, mbokne dielus-elus

Bedhekane : andha

Pitutur : panglipur

c. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh

Bedhekane : geni

d. Ora dagang ora layar, sandhangane murup mubyar

Bedhekane : kunang-kunang

e. Sawahe rong kedhok, galengane mung sithok

Bedhekane : godhong gedhang

5. Cangkriman kang awujud tembang

Cangkriman awujud tembang yaiku cangkriman kang ana ing sajroning tembang,

biyasane tembang macapat utawa tembang dolanan.

Tembang macapat

a. Pocung

Bapak pocung yen enom klambine gadhung

Yen wis rada tuwa

Si pocung klambine kuning

Tuwa pisan si pocung klambine abang

Bedhekane : mlinjo

Pitutur : panglipur

27

Bapak pocung dudu watu dudu gunung

Dawa kaya ula

Ancik-ancik wesi miring

Lunga teka si pocung ngumbar suwara

Bedhekane : sepur

Pitutur : panglipur

Bapak pocung cangkemu marep mandhuwur

Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering

Prapteng wisma si pocung muntah guwaya

Bedhekane : klenthing, kendhi

Pitutur : panglipur

Bapak pocung dudu watu dudu gunng

Sabamu ing Plembang

Ngon-ingone sang bupati

Yen lumampah si pocung lambeyan grana

Bedhekane : gajah

Pitutur : panglipur

b. Gambuh

Kulite sungsun-sungsun

Jroning kulit wonten rambutipun

Jroning rambut wonten untu padha baris

Jroning untu iku balung

Jroning balung iku kopong

Bedhekane : jagung

Pitutur : panglipur

Tembang dolanan
a. Nyata kowe wasis, sis

Batangen sing gelis, lis, lis, lis…
Cangkriman telu iki..
Jangkrik sungut selawe, batangane apa,

28

Manuk ndhase telu, batangane apa,
Bapak demang, mang klambi abang, bang, bang, bang
Disuduk manthuk-manthuk..
Batangane : sungute sakgedhene lawe, manuk endhase kebuntel wulu,
tuntut.

GLADHEN III

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih pilihan jawaban A, B, C, utawi D
ingkang paling bener lan trep!
1. Kanggo ngisi waktu lodhang lumrahe padha dolanan tetembungan kang ana
bedhekane, kang diarani….

A. Cangkriman C. Parikan

B. Wangsalan D. Bebasan

2. Cangkriman iki awujud pitakonan dene jawabane awujud barang kang memper utawa

meh padha. Cangkriman mau diarani apa?

A. Cangkriman irib-iriban

B. Cangkriman wancahan

C. Cangkriman tembang

D. Cangkriman plesedan

3. Cangkriman iki awujud pitakonan sing wangsulane gumantung sapa sing takon, dadi
sapa sing njawab ora pener. Cangkriman kuwi diarani….

A. Cangkriman wancahan
B. Cangkriman plesedan/blenderan
C. Cangkriman irib-iriban
D. Cangkriman tembang
4. Waton empuk pijetane.
Karepe ukara cangkriman ing ndhuwur yaiku…
A. Anggere pijetan empuk
B. Lingir amben empuk yen dipijet
C. Sing empuk iku pijetan (who-wohan memper dhuku)
D. Sing empuk iku waton (lingir) amben
5. Ana adhine, ana kakangne, nanging ora ana bapak lan simboke.
Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku…

29

A. Salak
B. Watu
C. Andha
D. Wit pring
6. Dikethok dadi dawa, disambung dadi cendhak. Unen-unen unen kuwi mau batangane
apa?
A. Kebaya
B. Sarung
C. Clana
D. Klambi
7. Guntur : Tengah-tengahe kebon ana apane, Ris?
Aris : Ana….
Wangsulane saka cangkriman kang ditakokake Guntur yaiku…
A. b
B. wit gedhang
C. omahe
D. kali
8. Gatekna tembang ing ngisor iki!
Bapak pocung, tanpa balung bisa ngacung
Mapan jero guwa
Srana kanggo ngudhal wartilamun slenco bisa ndadekake memala.
Jawabane cangkriman tembang ana ing ndhuwur kuwi yaiku…
A. Driji
B. Ilat
C. Tangan
D. Irung
9. Wacanen cangkriman tembang ing ngisor iki!

Nyata kowe wasis, sis
Batangen sing gelis, lis, lis, lis…
Cangkriman telu iki..
Jangkrik sungut selawe, batangane apa,
Manuk ndhase telu, batangane apa,
Bapak demang, mang klambi abang, bang, bang, bang
Disuduk manthuk-manthuk..

30

Cangkriman kang ana ing tembang ndhuwur mau, kaserat ana ing gatra ke-….

A. 1, 2, 3 C. 3, 4, 5

B. 2, 3, 4 D. 2, 4, 5

10. Jangkrik sungut selawe batangane apa?
Ukara ing ndhuwur iki mau kalebu ing cangkriman…

A. Irib-iriban

B. Plesedan/blenderan

C. Tembang

D. Wancahan

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan pener!
1. Terangna apa kang diarani cangkriman irib-iriban iku?
2. Sebutna tuladhane cangkriman plesedan lan batangane telu wae!
3. Cilik kuciran, gedhe nganggo klambi, nanging bareng wis gedhe malah wuda.
Apa batangane cangkriman ing ndhuwur kuwi?
4. Kewan apa sing mung ana lanang kabeh?
Wangsulane cangkriman ing ndhuwur yaiku….
5. Coba golekana batangane cangkriman tembang ing ngisor iki!
Bapak pocung, dudu tampar dudu dhadhung
Dawa kaya ula
Ancik-ancik wesi miring
Yen lumampah si posung ngumbar suwara

31

BAB IV
PARIKAN

Kompetensi Dasar:
3.3. Memahami cangkriman dan Parikan
4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana

A. Tegese Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara kang
migunakake purwakanthi guru swara.

B. Pathokane Parikan
1. Menawa kedadeyan saka rong ukara, ukara kapisan diarani purwaka, ukara kapindho
diarani isi.
2. Menawa kedadeyan saka rong gatra, tibaning swara larik siji lan larik loro kudu
padha.
3. Menawa kedadeyan saka patang gatra, larik kapisan lan kapindho diarani purwaka,
larik ketelu lan kepapat diarani isi.
4. Menawa kedadeyan saka patang gatra, tibaning swara gatra kapisan padha karo larik
katelu, dene tibane swara larik kapindho padha karo larik kepapat.

C. Tuladha Parikan
1. Sawo kecik ditandur ing tengah latar
Luwih becik kudu ulah ati sabar
Isine parikan: ngandharake menawa awake
dhewe kudu tansah tumindak kanthi sabar.
Piwulang budi pekerti: pitutur luhur
2. Sawo kecik diwadhahi lodhong
Luwih becik padha gotong royong
Isine parikan: ngandharake marang awake
dhewe supaya gotong royong.
Piwulang budi pekerti: pitutur luhur babagan sosial
3. Ana brambang sasen lima
Ayo berjuwang labuh negara

32

Isine parikan: ngandharake marang awake
dhewe supaya gelem berjuwang mbela negara.
Piwulang budi pekerti: pitutur luhur babagan
nasionalisme
4. Yen kembang kembange lamtara
Dudu kembang wora-wari
Mumpung sira isih mudha
Sing taberi lan ngati-ati
Isine parikan: ngandharake supaya sregep lan
tansah ngati-ati ing tumindak.
Piwulang budi pekerti: pitutur luhur

Tuladha cangkriman miturut cacahe wanda:
1. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x2

a. Pitik blorok, manak siji
Jare kapok, malah ndadi

b. Wajik klethik, gula Jawa
Luwih becik, sing prasaja

2. Parikan (4 wanda + 6 wanda) x2
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi murid, sing sregep sinau

3. Parikan (3 wanda + 5 wanda) x2
Bayeme, wis kuning-kuning
Ayeme, yen wis nyandhing

4. Parikan (4 wanda + 8 wanda) x2
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit
Isih murid aja seneng keceh dhuwit

5. Parikan (8 wanda + 8 wanda) x2
Gawe cao nangka sabrang
Kurang sirup luwih bayu
Aja awatak gumampang
Den sengkud gumregut sinau

Tuladha Parikan kang ana ing Tembang

33

1. Turi-turi Putih

Turi-turi putih ditandur neng kebon agung
Clerret tiba nyemplung kepundhung kembange apa
Mbok ira mbok ira mbok ira kembange apa
Kembang-kembang menur
Sing dakpilih kembange menur
Ayo kanca padha syukur kanggo sangu neng alam kubur
Mbok ira, mbok ira, mbok ira kembange apa

Kembang-kembang mlathi
Sing dakpilih kembange mlathi
Ayo kanca padha bekti
Sungkem marang ibu pertiwi
Mbok ira, mbok ira, mbok ira kembange apa

Kembang-kembang tebu
Sing dakpilih kembange tebuayo kanca sregep sinau
Yen kepingin urip rahayu
Mbok ira, mbok ira, mbok ira kembange apa

2. Jangkrik Genggong (mawa owah-owahan)

Kendal kelinge wungu, ajar kenal karo aku
Lelene mati dithuthuk
Thuthuk nganggo walesane
Aja seneng umuk
Becik padha rujuk
Rujuk karo keluwargane

E ya e, ya e, e ya e… yae yae yae
Jangkrik genggong, jangkrik genggong
Luwih becik gotong royong

34

Semarang kaline banjir, jok semelang ora dipikir
Jangkrik upa saba ning tangga
Melumpat ning tengah jogan
Ayo para kanca
Sing sregep makarya
Murih urip kecukupan
E..ya..e..ya..e..
E..ya..e..yae yae yae
Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Aja seneng ngina uwong

Yen ngetan bali ngulon
Sapa temen mesthi kelakon
Yen ngrujak rujaka nanas
Aja ditambahi kweni

3. Kecik-kecik

Kecik-kecik ditumpakna sepur
Sawo kecik ya dironce-ronce
Sapa pengin urip subur makmur

Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe
Oing numpak andhong sakdhokare
Oing gotong royong ro kancane

4. Lagu Koes Ploes : Wong Urip
Irah-irahan lagu : Tony Koeswoyo
Penyanyi

Bong kuburan cina
Wong nek sombong bakal cilaka
Bong kuburan mayit

35

Wong nek sombong bakal kecepit
Pring isine arak
Nek wise ling mbok sing semanak
Pring isine banyu
Nek wise ling mbok sing lugu

Reff:
Wong urip kaya rodha
Nek dhong mumbul aja sembrana
Sing padha elinga
Jaman malik ra eling-eling

GLADHEN IV

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih pilihan jawaban A, B, C, utawi D
ingkang paling bener lan trep!

1. Ngasah arit kudu landhep
…….

Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…

A. Dadi murid nganti tuwa C. dadi murid kudu sregep

B. Dadi murid kudu pinter D. Dadi murid kudu bekti
2. ……

Ayo padha gotong royong
Larik purwaka kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…

A. Menyang kutha numpak andhong

B. Menyang kutha tuku klambi

C. Menyang kutha karo kanca

D. Menyang kutha tuku bakal

3. Gawe cao nangka sabrang

Kurang sirup luwih banyu

Aja awatak gumampang
…..

Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…

36

A. Den sengkud kerja bakti
B. Den sengkud anggone maca
C. Den sengkud gumregut sinau
D. Den sengkud gumregut makarya
4. Jangan kacang winor kara
Kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra siswa
…..
Larik kang trep kanggo parikan ing ndhuwur yaiku…
A. Aja wedi ing rekasa
B. Aja wedi ing bebendu
C. Aja wedi ing kuwajiban
D. Aja wedi ing tanggungjawab
5. Kayu urip ora ngepang
Ijo-ijo godhong jati
Uwong urip ora gampang
…..
Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…
A. Mula padha sakarepe dhewe
B. Mula padha ngatos-atos
C. Mula padha ngati-ati
D. Mula padha waspada
6. Tawon madu ngisep sari kembang jambu
…..
Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…
A. Aja nesu, yen dituduhake kekurangane
B. Aja nesu, yen dituduhake kaluwihane
C. Aja nesu, yen dituduhake luputmu
D. Aja nesu. Yen dituduhake kesalahane
7. Klapa sawit wite dhuwur wohe alit
Isih murid aja seneng keceh dhuwit
Parikan ing dhuwur isine ngandharake bab…
A. Pitutur
B. Panglipur

37

C. Pepenget
D. Pengeling-eling
8. Kembang menur sinebar den awur-awur
…..
Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku…
a. Yen wis makmur, aja lali mring guru
b. Yen wis makmur aja lali mring kanca
c. Yen wis makmur aja lali mring sedulur
d. Yen wis makmur aja lali mring wong tuwa
9. Parikan-parikan ing ngisor iki kang isine ngandharake bab sosial yaiku…
a. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.

Isih murid aja seneng keceh dhuwit
b. Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu

Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau
c. Jangan kacang winor kara, kladuk uyah kurang gula

Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa
d. Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong

Yen wis condhong, tindakna gotong royong
10. Wangsulan kang trep kanggo parikan ing ngisor iki yaiku…

Ling kolang kaling isi lima
Sing klambi kuning jenenge sapa?
a. Ling kolang kaling isine telu

Sing klambi kuning jenenge Ayu
b. Ling kolang kaling isine telu

Sing klambi kuning jenenge Sinta
c. Ling kolang kaling isine telu

Sing klambi kuning jenenge Dewi
d. Ling kolang kaling isine telu

Sing klambi kuning jenenge Yasmin

B. Kawangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan pener!
1. Terangna apa tegese parikan!
2. Gawea parikan kang dumadi saka rong gatra!
3. Terangna apa isine parikan-parikan ing ngisor iki!

38

a. Iwak yuyu, iwak wader
Ayo sinau, murih pinter

b. Gunung merapi, gunung merbabu
Gunung kelud, wetan prenahe
Mangga sami, greget sinau
Ngangsu kawruh, akeh gunane

c. Orong-orong, ngisor kedhondhong
Nyanthel bethek, jero tegalan
Dadi uwong, aja sombong-sombong
Yen kepepet, ndhak kewirangan

39

DAFTAR PUSTAKA
Suyati dan Sri Winarti. 2002. Kartika Basa Kelas VII. Yogyakarta: Media Karya Putra
Tri Agustina, Yunika. 2019. Buku Pengayaan Bahasa Jawa. Surakarta: Putra Nugraha
Tim Penyusun. 2019. Pendamping Siswa Canggih Kelas VII Bahasa Jawa. Klaten: CV.

Gema Nusa
Tim Penyusun. 2019. Sembada. Klaten: UD. Kurniawan Jaya Mandiri

40


Click to View FlipBook Version