MODUL PASINAON
CRITA
LEGENDHA
Kanggo SMP/MTS Sederajat
Kelas VII
ISNANI RAHMAWATI
2610121124
BAB CRITA LEGENDA
Kompetensi Inti
Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah
konkret (menggunakan, mengurai, memodifikasi,
dan membuat) dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung menggambar, dan
mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di
sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut
pandang atau teori.
Kompetensi Dasar
Menulis cerita legenda
Indikator
1. Membaca dan memahami tentang legenda
2. Mengetahui struktur legenda
3. Mengetahui unsur legenda
4. Memahami cerita legenda
5. Mengetahui tata cara penulisan cerita legenda
6. Menulis cerita legenda
Tujuan Pembelajaran
Setelah peserta didik membaca,
mengidentifikasi, berdiskusi, dan menuliskan
cerita legenda yang disediakan dalam modul
pembelajaran. Peserta didik mampu menuliskan
cerita legenda dengan baik dan bersungguh-
sungguh.
Petunjuk pembelajaran
1. Berdoa sebelum memulai pembelajaran
2. Siswa mendengarkan dan mempelajari teks
sandiwara
3. Setelah siswa mengerti mengenai teks
sandiwara, lalu menjawab pertanyaan yang ada
4. Jika ada materi yang belum dipahami bisa
ditanyakan kepada guru
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Pangerten cerita legenda
Legenda saka basa latin (legere) kalebu cerita
prosa rakyat kang dianggeo duweni crita
minangka sawijining kedadeyan kang ana. Mula
kuwi legenda asring dianggep minangka sejarah
kolektif utawa folk history. Saliyane kuwi,
amarga ora duweni catetan kang asipat objektif,
crita kasebut kalakon distori, saengga ora jarang
critane kuwi beda karo crita asline. Mula kuwi,
sadurunge para ahli gunakake crita kuwi kanggo
rekonstruksi sejarah, para ahli bedakake saka hal
– hal kang ngenani folklore. Miturut Buku Sari
Kata Bahasa Indonesi, Legenda yaiku crita rakyat
jaman biyen kang ana gegayutan kanthi
sawijining kedadeyan, lan mula bukane
panggonan.
Tuladhane yaiku : Sangkuriang, Batu Menangis,
lan Danau Toba.
Legenda miturut para ahli yaiku :
-Sajroning KBBI, legenda yaiku crita rakyat
jaman biyen kang ana gegayutane karo peristiwa
sejarah
-Miturut Emeis, legenda yaiku crita kuna kang
saperangan miturut sejarah lan saperangan
maneh miturut angen – angen.
-Miturut Pudentia, Legenda yaiku crita utawa
hikayat kang dipercayai tumrap para masarakat
dhaerah kang uwis kedaden, nanging ora
dianggep suci lan ora dipdhakake karo Mite
-Miturut Hooykaas, legenda yaiku dongeng
ngenani saperangan hal miturut crita kang
ngemu mitologi.
Saka pangerten – pangerten ing dhuwur isa
dijupuk yen legenda yaiku sawijining crita rakyat
kang ngemu ngenani mula bukane kedadeyan
sawijining panggonan.
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Titikane Legenda
1.Crita legenda dianggep kang bener kedaden
2.Duweni sipat kadonyan, kedadeyan ing jaman
biyen, panggonane ana ing panggonan kang
wis dikenal.
3.Paraga utamane yaiku manunga
4.Kalebu kelompok crita ngenani tokoh utawa
kedadeyan tartamtu
5.Critane kang pindhah – pindhah saengga
dikenal nganti negara manca
Struktur Legenda
a. Orientasi, yaiku bageyan wiwitan saka crita.
Orientasi ngemu pangenalan paraga, gambaran,
wektu lan latar panggonan saka ngendi crita
kuwi.
b. Komplikasi, yaiku klimaks saka crita. Ngemu
puncak masalah kang dilakoni paraga sajroning
crita
c. Resolusi, yaiku ngamu solusi masalah crita
d. Koda, yaiku bageyan pungkasan saka crita.
Biyasane ngemu pesen kang kasimpen sajroning
legenda kuwi.
Unsur Legenda
1) Unsur instrinsik
Unsur – unsur kang kasusun ana ing sajrone
sandiwara.
·Tema : Uderaning prakara kang arupa ide dhasar
crita, tema kang dinggo ana ing legenda dumadi
saka bab – bab kerep diprangguli ana bebrayan.
·Paraga lan Watak
Paraga utama : paraga kang paling akeh
gegayutane karo paraga liya
Paraga pambiyantu : paraga kang biyantu paraga
utama.
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Watak : ciri – ciri karakter paraga
Antagonis : watak ala
Protagonist : watak becik
Tritagonis : penengah
·Alur : urut – urutan lakune crita utawa dalaning
crita
Alur maju
Alur mundur
Alur campuran
·Amanat : yaiku pesen moral kang ana ing sajrone
crita kang bisa kajupuk dening pamaca.
·Gaya basa : yaiku tata cara panganggone basa
kang bisa awujud dhialek, tata ukara lan majas
·Latar
Latar wektu
Latar panggonan
Latar swasana
2) Unsur ekstrinsik
Yaiku unsur kang ana ing sakjabane crita
ananging unsur kuwi duweni pengaruh ing sistem
crita. Kayata pendhidhikan, panggawean, lan
sosiyal ekonomi.
Tata carane nulis legenda
Tata cara nulis legenda yaiku :
1.Nemtokake dhaerah sumber crita rakyat.
Amarga saben dhaerah duweni ciri khas dhewe
– dhewe, mula kuwi perlu nemtokake dhaerah
sumber crita.
2. Pilih salah sawijining crita kang unik
Nemtokake crita kang miturute unik lan cocok
kanggo diangkat dadi karya.
3.Gawe gambaran paraga, latar lan alur. Gawe
ngembangake para, latar lan alur saka crita
kasebut supaya krasa luwih nyata.
4.
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
4. Nemtokake orientasi lan koda supaya pamaca
isa kegawa marang alur crita jaman biyen.
Informasi Panyengkuyung
https://youtu.be/fOrK1QiDwiU
Latiyan – Latiyan
Gladhen 1
1. Apa kang diarani legenda?
2. Apa wae titikane legenda?
3. Apa wae struktur legenda?
4. Apa kang diarani resolusi?
5. Apa wae tuladhane legenda?
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Gladhen 2
Wacanen Legenda basa Jawa ing Ngisor iki!
KEONG MAS
Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa
Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula,
akeh lelara lan dadi larang pangan.
Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa
dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung
uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas
kewan sabendinane. Kewan kali kang nyisa ing
sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya
mangono nanging dheweke ora nggresula. Malah
saya nyaketake marang Gusti. “Duh Gusthi
paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi
inggal kalis saking prahara punika.”
Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan
ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh
cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang
asat. “Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?”,
ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha
nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki
jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing
antara watu-watu kali. Keong banjur digawa
mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Mbok Randha menyang alas kaya biyasane,
nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan
nganti meh surup, dheweke banjur mulih
ngelanthung ora entuk opo-opo. Sawise leyeh-
leyeh ing emperan dheweke menyang pawon
menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel
weteng kang luwe. Mbok Randha kami tenggengen
amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone.
Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone
mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono
iku kedadeyan ing saben dina. Sawijining dina
kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho
wong kang mlebu ing pawone.
Keong Mas mau metu saka genthong lan malih
dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget ora
kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha,
Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha
banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi
"Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti
kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas?”
“Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala,Raja
Inukerta, aranku Candrakirana”
“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa
tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe
kepiye tho cah ayu ?”
Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa
ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang
kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah,
ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi
Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur
diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang
kali. Tujuane supaya ora bisa ketemu karo
garwane Candrakirana, Raja Inukerta. Anehing
kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan
Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat.
Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas
nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas.
Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok
Randha Dhadapan.
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Sawise maca crita Keong Mas ing dhuwur,
wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
1. Apa irah – irahan saka legenda ing dhuwur?
2. Bageyan ndi kang diarani Koda?
3. Kepriye critane mbok randha dhadhapan bisa
nemu keong mas?
4. Kepriye prasane mbok randha dhadhapan
nalika weruh yen keong mas kuwi Candrakirana?
5. Pesen apa kang bisa kapethik saka crita keong
mas ing dhuwur?
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
SRI TANJUNG
Jaman biyen ing negara Sindureja, kang
jumeneng ratu asma Prabu Sila Hadikrama.
Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem
kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang,
pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila
Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang
Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-
dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe
kang asma Raden Sidapaksa nggolekake obat
kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa sowan
eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing
padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang
Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih turun
Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus,
gagah prakosa, uga sekti mandraguna.Orientasi
Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan
sing ayune banget, solah bawane alus manuhara,
lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau
asmane Dewi Sritanjung. Sritanjung pancen beda
karo prawan-prawan liyane amarga sejatine
Sritanjung lahir saka ibu widodari. Patih
Sidapaksa kepencut marang Sritanjung, kaya
tumbu oleh tutup, semono uga Sritanjung.
Kekarone banjur nambut silaning akrami.
Sarampunge palakrama, Sritanjung kaboyong
menyang kraton Sindureja lerem ing dalem
kepatihan.
Prabu Sila Hadikarma bareng pirsa Sritanjung
kesengsem, kayungyun mring kasulityane
Sritanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapakasa.
Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye
bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake
Prabu Sila Hadikrama kerasukan watak julig
culika.
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
” Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging
panuwun, sliramu wis bisa minangkani
kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya
wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan
sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake
nawala menyang swargaloka, katur para dewa
bukti suka panarimaku marang kabeh kang
kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane
Prabu Sila Hadikrama ing pasewakan
agung.Komplikasi
” Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya
dhawuh paduka, mugi saged angayahi jejibahan
punika”. Patih Sidapaksa nyanggemi kabeh
dhawuhe Sang Nata, tanpa ngaweruhi niat
satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing
kepingin nyingkirake Patih Sidapaksa, amarga
kepingin nggonjak Dewi Sritanjung. Sejatine
nawala kang kudu diaturake kagem para dewa
mau isine
”Sapa sing nggawa nawala iki arep mbalela
maranga para dewa.”
” Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng,
amarga kudu ngayahi jejibahan kang mokal
kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah
ketiga, cebol nggayuh lintang, apa sliramu kersa
paring pambiyantu?” Pangandikane Patih
Sidapaksa sarawuhe ing dalem kepatihan.
” Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah kodheng
panggalih panjenengan, kula sabiyantu
panjenengan angayahi jejibahan punika. Kula
nggadhah slendhang mustika paringanipun Bapa
Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken
panjenengan sowan dhateng para dewa wonten
ing swargaloka.”
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Dewi Sritanjung enggal nyamektakake slendang
mustika, minangka srana tindake Patih Sidapeksa
tumuju Swargaloka sowan para dewa. Cekaking
crita satekane ing Swargaloka, nalika nawala
diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa
diajar lan dipilara amarga dianggep arep
mbalela. Patih Sidapaksa lagi weruh yen isine
nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake
piyambake. Amarga saka ora kuwawa nadhahi
panandhange, Patih Sidapaksa sambat nyebut
para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa
yen ta kabeh mung salah paham amarga saka
trekahe Prabu Sila Hadikrama, mula banjur
dikeparengake kondur menyang Sidureja lan
kaparingan kanugrahan.
” Aduh yayi Dewi Sritanjung wong ayu, leganana
brantaningwang, sapanjalukmu dakturuti” Lali
purwa duksina, tanpa suba sita, murang tata
Prabu Sila Hadikrama nyoba ngungrum,
kayungyun gandrung-gandrung kapirangu marang
Dewi Sritanjung.
” Pangaputen Sang Prabu, mangga kula aturi
enget, kula punika garwanipun Patih Sidapaksa,
kula punika sampun kawengku priya...” Dewi
Sritanjung atetawang tangis nyuwun kawelasan,
ananging Prabu Sila Hadikrama wis kepancingan
setan ora maelu tangise Dewi Sritanjung. malah
kepara ndadi. Sritanjung bisa karuket wani,
Sritanjung bangga, jelih-jelih njaluk tulung.
” Oh dadi ngono ya patrapmu, rupa ayu mung
samudana, kanggo nutupi tumindak dursilamu,
kendho tapihmu, ditinggal kakung ngleboke
kakung liya.”
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Ora kanyana Patih Sidapaksa wis rawuh ing
taman sari kepatihan, pasuryane abang mbranang
kebak kamurkan. Kagyat sang Prabu Sila
Hadikrama, dasar wis kepanjingan watak julig
culika, mula kanggo nutupi tumindake malah
mitenah Dewi Sritanjung.
” Pangapuramu Patih, pancen garwamu
Sritanjung kuwi murang tata, dudu wanita
utama.” Ngono pangandikane Prabu Sila
Hadikrama.
” He..., Sritanjung ora pantes sliramu urip ing
ngalam donya, delahan panggonanmu”. Sora
pangandikane Patih Sidapaksa. Klimak
” Aduh kakangmas Sidapaksa, nyuwun agunging
pangaksami, punika boten kados ingkang
panjenengan pirsani, kula boten nggadhahi
tumindak ingkang nerak kasusilan”. Dewi
Sritanjung nyoba atur pambela diri. Ananging
ora dipaelu dening Patih Sidapaksa.
” Inggih sampun Kakangmas, menawi panjenengan
sampun boten kersa mirengaken atur kawula,
kula pasrah jiwa raga, ananging perlu
kawuningan lan mangga sineksenan bumi langit
saisinipun, mbokbilih sanjata panjenengan
tumawa ing raga kula, ingkang muncrat rah
ateges kula ingkang lepat, menawi ingkang
muncrat toya angganda arum, punika paring
tenger bilih kula boten lepat lan boten
anggadhahi tumidak dursila.” Tanpa ngenteni,
sanjata keris tumacep ing dadane, saking
tumamcep sanjata keris medhal toya angganda
arum, Sang Dewi Sritanjung pralaya ing astane
Patih Sidapaksa. Resolusi
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Patih Sidapaksa nglumpruk tanpa daya pindha
kalolosan otot bebayune, amarga getun ora kersa
nggugu ature garwane. Kawetu pangandikan ,”
Besuk yen ana rejane jaman panggonan sedane
Sritanjung iki karan Banyuwangi, amarga kasiram
banyu angganda wangi saka anggane yayi
Sritanjung, ya iki arane sapa becik kethithik,
sapa ala ketara.Koda
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Uji Kompetensi
A.Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi
cara milih jawaban kang paling bener!
1. Wacanen pethikan teks ing ngisor iki!
Ing sawijining desa ana para kawula kang
wis akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah
loro kuwi seneng banget nggawe ulah. Nganti
kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek
amarga mesthi digarai. Nalika kuwi sawise
sekolah Sardi ngampiri Jono.
Teks ing dhuwur kalebu bageyan…
a.Sinopsis c. Narasi
b.Dhialog d. Orientasi
2.Legenda kalebu sastra apa…
a.Geguritan c. Parikan
b.Prosa d. Dhialog
3.Apa kang dimaksud legenda?
a.Crita rakyat kang nyritakake ngenani dewa
dewi, utawa jinis crita rakyat kang asifat sakral.
b.Crita rakyat kang ngenani mula bukane
panggonan
c.Crita rakyat kang nyritakake ngenani sejarah
d.Crita rakyat kang nyritakake ngenani pahlawan
4.Kang dudu kalebu unsur instrinsik teks
sandiwara yaiku…
a.Tema
b.Paraga lan watak
c.Pangripta
d.Amanat
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
5.Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
a)Nemtokake dhaerah sumber
b)Nemtokake panggonan nulis
c)Gawe gambaran paraga, latar lan alur
d)Nemtokake pangripta
e)Nemtokake orientasi lan koda
Kang kalebu babagan kang kudu digatekake
nalika nulis legenda yaiku…
a.a, b, c
b.c, d, e
c.a, c, e
d.a, c, d
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA
Respon Balik
Coba gawea cerita legenda ing dhaerah mu utawa
crita mula bukane dhaerahmu!
Daftar Pustaka
https://saintif.com/legenda-adalah/
https://toriqa.com/legenda-bahasa-jawa/
https://www.kompasiana.com/ali.muakhir/5599de1f
579773b507f680f2/10-cara-mudah-nulis-cerita-
rakyat?page=all#section2
https://msr313.blogspot.com/2018/09/legenda-
keong-mas-bahasa-jawa.html
Buku Siswa Kirtya Basa Kanggo SMP/MTS Kelas Vii
Adhedhasar Pergub Jatim No. 19 Taun 2014 Muatan
Lokal Bahasa Daerah Provinsi Jawa Timur lan KTSP
2013
MODUL MENULIS CERITA LEGENDA