SERAT ULEM
BAHAN AJAR KELAS XI
DENING: SASANA WATI
SERAT ULEM
Nama Sekolah : SMK Negeri 1 Cangkringan Kelas / Semester : XI / Ganjil
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Tahun Pelajaran : 2021-2022
Materi Pokok : Serat Ulem Alokasi Waktu : 2x40 menit
Kompetensi Dasar : 3.8. Memahami Serat Ulem saha Serat Lelayu
Indikator
: 1. Menganalisis struktur serat ulem.(C4)
2. Menganalisis bahasa yang digunakan dalam serat ulem (C4)
FASE 1 IDENTIFIKASI MASALAH
Mangga para siswa dipuntiti serat ulem menika kangge nganalisis struktur saha bahasa ingkang
kaginakaken ing serat ulem!
Materi Faktual
Gambar 1
SERAT ULEM | [Pick the date]
https://nusagates.com/gambar/contoh-surat-undangan-resmi-dalam-bahasa-jawa/
1
FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK UNTUK BELAJAR SERAT ULEM | [Pick the date]
Para siswa nyinau bab seserepan ing ngandhap menika!
Materi konseptual
SERAT JAWA
Serat utawi nawala inggih punika basa ingkang dipunaturaken ngginakaken seratan utawi
salah setunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan utawi setunggaling sarana kanggé
sambet ginem/komunikasi ingkang wujud sinerat/ tinulis. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun,
serat saged kapérang dados sekawan, inggih punika :
1. Serat (serat) resmi,
2. Serat (serat) dinas,
3. Serat (serat) niaga,
4. Serat(serat) pribadi.
Serat resmi, dinas, lan dedagangan temtunipun ngginakaken paugeran ingkang gumathok
gegayutan kaliyan kedinasan. Béda kaliyan serat pribadi. Serat pribadi punika wujudipun
kadosdéné serat limrah. Ingkang dados pratandhanipun menawi serat punika kalebet serat pribadi
inggih punika pigunanipun. Tegesipun serat wau dipunginakaken pribadi dhateng pribadi saha
wosipun ngrembag prekawis pribadi utawi sanès prekawis kadinasan. Pramila saking punika
basa ingkang dipunginakaken ing serat pribadi langkung longgar. Basa ing serat pribadi boten
kaiket déning paugeran-paugeran ingkang baken nanging namung kaiket déning peprenahan
antawisipun ingkang ngintun serat saha ingkang dipunkintuni serat. Nanging basanipun serat
pribadi saged ngoko saged ugi krama gumantung kalenggahanipun tiyang ingkang dipunkintuni
serat. Menawi ingkang dipunkintuni serat punika kanca sapantaran utawi paprenahipun langkung
anèm, serat saged dipunserat ngginakaken basa ngoko. Ananging menawi ingkang nampi serat
peprenahipun langkung sepuh utawi inggil kalenggahanipun, prayoginipun serat kalawau
dipunserat ngginakaken basa krama.
Sanajan serat pribadi gadhah kalodhangan babagan basa saha prekawis ingkang
dipunrembag, serat pribadi boten kénging nilar subasita saha tata krama. Serat pribadi ugi kedah
kaserat kanthi cetha, gampil dipunmangertosi déning ingkang nampi serat. Kanthi makaten
seratwau boten ndadosaken bingung saha selingsurup, langkung-langkung kanggé ingkang
nampi serat.
2
SERAT ULEM | [Pick the date] WUJUDING SERAT JAWA
Wujuding Serat Jawa Wujud serat Jawa punika manéka warni antawisipun:
1. Serat Ulem (Undangan)
Serat ulem inggih punika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès, amargi
badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal
saha papan ingkang sampun katemtokaken.
Tuladha serat ulem inggih punika:
a. ambal warsa (ulang tahun)
b. tasyakuran supitan
c. serat ulem mantu, lsp.
2. Serat kitir Serat kitir
Inggih punika serat ingkang isinipun cekak aos, punapa perlunipun kémawon.
Tuladhanipun telegram, memo, lsp.
3. Serat lelayu Serat lelayu inggih punika serat ingkang isinipun kabar sédanipun tiyang.
4. Serat iber-iber Serat iber-iber inggih punika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang
dipunandharaken saged punapa kémawon.
PERANGANIPUN SERAT JAWI
Serat Jawi ingkang jangkep gadhah pérangan-pérangan kados ing andhap punika:
1. Satata Basa, (serat katujokaken) alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa
ing inggil.
2. Adangiyah, tembung pamuji rahayu upaminipun: a. Taklim (ingkang taklim), sedhèrèk sepuh,
utawi dhateng sasami ingkang perlu dipunaosi. b. Salam taklim, dhateng sedhèrèk anèm,
utawi dhateng sapantaran. c. Ingkang salam, dhateng sedhèrèk anèm ingkang perlu dipunaosi,
amargi pangkatipun langkung inggil. d. Ingkang pandonga, saking tiyang sepuh dhateng
tiyang anèm ingkang dipunaosi. e. Ingkang pandonga, saking tiyang sepuh dhateng putra
wayah utawi ingkang karengkuh kados putra piyambak. f. Ingkang sembah, saking tiyang alit
dhateng para luhur, nadyan pangkatipun sami. g. Ingkang sembah sungkem, saking tiyang
enem dhateng sesepuh (simbah) utawi para luhur. h. Ingkang sembah pangabekti, saking
tiyang anèm dhateng tiyang sepuhipun piyambak, umpaminipun: Bapak, Ibu, tiyang èstri
dhateng kakungipun. i. Ingkang pangabekti, dhateng tiyang sepuh ingkang dipunaosi
(dipunbektèni), umpaminipun: dhateng ipénipun ingkang kaprenah sepuh. j. Sembah sujud,
saking kawula dhateng Gustinipun, umpaminipun karengga sagunging pakurmatan, karengga
sagunging pahargyan, kairing ing sagunging pakurmatan, lan sapiturutipun. Sedaya punika,
3
sejatosipun namung éwah-éwahan saking ingkang kasebat ing inggil wau. Amargi wonten SERAT ULEM | [Pick the date]
pakèwuhipun anggènipun badhé nandukaken unggahungguh.
3. Purwaka, nélakaken pawarta kawilujengan ingkang ngintun serat saha pangajeng-ajeng
supados ingkang dipunkintuni serat ugi wilujeng.
4. Surasa basa, wosipun serat, kekajenganipun serat.
5. Wasana basa, pungkasaning serat, tuladhanipun: cukup seméné dhisik liya wektu disambung
manèh.
6. Titi mangsa, nélakaken wekdal Anggènipun nyerat. Parakan, 21 Agustus 20015
7. Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha: Saking ingkang putra Bapakmu ing omah
Adhimu saka paran, lsp
8. Tapak asma/ Tandha Asma, tapak asma ingkang damel serat.
9. Nama terang, nama terang ingkang damel serat. Serat ulem (undangan) Inggih punika serat
ingkang wosipun atur dhumateng tiyang sanès supados rawuh ing papan lan wekdal ingkang
sampun katemtokaken, sebab badhé kagungan kersa. Tuladhanipun: serat ulem mantu,
syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang taun)
BAB-BAB INGKANG KEDAH KAMOT ING SERAT ULEM
Bab-bab ingkang kedah kamot ing serat ulem:
a. Papan saha tanggal anggènipun damel serat
b. Nama saha papan ingkang tinuju
c. Pambuka
d. Isi:
Puji syukur
Maksud utawi tujuan
Dinten, tanggal, tabuh, saha papan
Adicara
e. Panutup
atur panuwun,
salam panutup
Nama ingkang paring serat
Serat lelayu Inggih punika serat ingkang wosipun paring kabar lelayu, sédanipun
setunggaling piyantun Bab-bab ingkang kedah kamot ing serat pawartos lelayu: a. Irah-irahan
(judul) b. Nama saha papan ingkang tinuju c. Pambuka (salam kaliyan waosan Innalilahi Wainna
Ilahi Rojiun…….) d. Isi: 1. Ingkang sampun tilar donya (nama saha yuswa) 2. Tilar donya
(dinten, tanggal, tabuh, papan) 3. Pemakaman (jenazah badhé kapetak…..dinten, tanggal, tabuh,
papan/sasanalaya) e. Panutup (atur panuwun lan salam panutup) (Saking pinten-pinten sumber
kanthi éwah-éwahan sawetawis.
4
SERAT ULEM | [Pick the date] FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural
A. Tata cara nganalisis struktur serat ulem inggih menika:
1. Kedah mangertosi perangan-perangan serat ulem
2. Kedah mangertosi ginanipun perangan-perangan serat ulem menika
B. Tata cara nganalisis basa ingkang kaginakaken ing serat ulem :
1. Kedah mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken ing serat ulem
kasebat.
2. Tembung-tembung ingkang dereng dipunmangertosi saged dipunpadosi saking
https://www.sastra.org/leksikon
Gambar tuladha madosi tembung-tembung ing https://www.sastra.org/leksikon
3. Kedah mangertosi anggenipun ngginakaken tembung-tembung menika sampun trep
menapa dereng.
5
FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA SERAT ULEM | [Pick the date]
Materi Metakognitif
Para siswa, sasampunipun mahami materi ingkang sampun kaandharaken, mangga samenika
ngrembag babagan nganalisis struktur saha basa ingkang kaginakaken ing serat ulem menika!
FASE 5 MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI
Saking serat ulem kasebat saged dipunanalisis perangan utawi struktur serat ulem inggih
menika:
1. Salam pambuka
2. Adangiyah
3. Surasa basa (adicara)
4. Wasana basa
5. Salam panutup
6. Peprenahan
7. Nama terang
6
SERAT ULEM | [Pick the date] Adhedhasar serat ulem kasebat, taksih wonten perangan utawi struktur serang ingkang
dereng wonten, inggih menika:
1. Satata basa
2. Titi mangsa
Sasampunipun para siswa saged nganalisis struktur serat ulem, cobi kagatosna basa ingkang
kaginakaken ing serat ulem kasebat! Sampun trep menapa dereng?
Saking serat ulem kasebat, ingkang saged dipunanalisis basanipun inggih menika:
1. Pamilihan tembungipun sampun trep, ngaosi ingkang dipunkintuni serat.
2. Menawi dipungatosaken wonten tata cara nyerat tembung ingkang klentu, inggih menika
tembung:
a. Rinenggo, kedahipun dipunserat rinengga.
b. Suryo, kedahipun dipunserat surya
c. Griyo, kedahipun dipunserat griya.
Dudutan:
1. Serat ulem inggih punika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang
sanès, amargi badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman
supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun
katemtokaken
2. Bab-bab ingkang kedah kamot ing serat ulem:
a. Papan saha tanggal anggènipun damel serat
b. Nama saha papan ingkang tinuju
c. Pambuka
d. Isi:
Puji syukur
Maksud utawi tujuan
Dinten, tanggal, tabuh, saha papan
Adicara
e. Panutup
atur panuwun,
salam panutup
Nama ingkang paring serat
7
DAFTAR PUSTAKA: SERAT ULEM | [Pick the date]
Nugroho, Slamet dan Abdul Afif Rosyidi. 2015.Wibawa Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta : Dinas
Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta
https://kitabelajar.github.io/mudah/post/contoh-layang-ulem-resmi-bahasa-jawa/
https://www.sastra.org/leksikon
https://www.youtube.com/watch?v=1wSONs2DEgU
http://modelrumahminimalis2.blogspot.com/2019/07/120-contoh-desain-surat-ulem-undangan-
pernikahan-hits-kekinian.html
https://nusagates.com/gambar/contoh-surat-undangan-resmi-dalam-bahasa-jawa/
8