Teks eksposisi
gamelan XII
MIPA 2
GAMELAN
Dening Adies Zulfah Naqiyah .S. (01)
Gamelan inggih punika salah satunggaling pirantos musik tabuh
tradisional Jawi ingkang ginanipun kangge ngiringi ringgit, kethoprak,
tari-tarian lan pementasan, saged ugi kangge upacara adat lan sarana
dakwah. Manfaatipun inggih punika kangge nglestantunaken budaya
Jawi.
Gamelan gadhah melodi ingkang magis utawi daya supranatural,
mila suwanten gamelan naminipun wirama perkusi ingkang magis.
Jinisipun laras wonten gamelan wonten 2 inggih punika laras pelog lan
laras slendra. Pirantos gamelan inggih punika wonten saron, demung,
saron barung (jinis saron ingkang panggenanipun wonten tengah-tengah
antawis peking lan demung), saron penerus (wonten laras slendra, saron
penerus dipunkinten peking), slenthem (suwantenipun gema), kendhang
(ginanipun kangge mimpin lan ngarahaken musik), gender, bonang,
suling (pirantos musik ingkang dipunsebul, ginanipun kangge nambah
suwanten wonten melodi), gambang, kethuk, kempyang, kenong (kenong
ukuranipun paling gede), kempul (bentukipun kados gong nanging
ukuranipun langkung alit), gong (limrahipun panggenanipun d wingking
piyambak, dipun-gantung lan suwantenipun ageng).
Sinau bab gamelan puniku ngremenaken sanget, amargi saged
praktek sinambi dolanan. Limrahipun gamelan ugi wonten sindenipun
ingkang nyekar. Wonten Indonesia budaya puniki sampun ajeng punah
malah ajeng dipunkuwaosi tiyang Jawi. Pramila kita betah
nglestantunaken budaya Jawi gamelan supados saged langkung
dipuntepang dening generasi penerus.
GINANIPUN LAN FUNGSI
GAMELAN
Dening Anggita Lailatun Ni’mah (02)
Gamelan inggih punika salah satunggaling pirantos musik tradisional indonesia
ingkang asalipun saking Jawi, Madura, Bali, lan Lombok. Gamelan inggih punika salah
setunggal tilaran budaya ingkang kedah dipunlestantunaken kawontenanipun supados
mboten kegerus dening modernisasi lan tetep dados tilaran dhateng generasi muda. Gamelan
nggadhahi nilai estetika kados nilai sosial, moral, lan spiritual. Kejawi puniku, gamelan ugi
nggadhahi ginanipun lan fungsi ingkang warni-warni.
Gamelan angsal nggadhahi fungsi dados sarana pendidikan, ngiringi tarian, yasa
kawontenan religius, sarana dakwah, lan saha nyambut dhayoh wigatos. Gamelan namung
dimainake ing kesempatan tertamtu kados upacara agami, upacara perayaan masyarakat
mligi , tetingalan ringgit, lan kangge keluwargi ingkang raja. Suwanten endah ingkang
dipunkasilaken dening gamelan dipunmanfaataken dening masyarakat Indonesia kangge
pinten-pinten macem acara. Kejawi puniku, fungsi saking musik gangsa piyambak
berkembang saking masa dhateng masa, awalipun gamelan nggadhahi fungsi dados
pengiring perang (dipuntepang kaliyan wastanan mardagga), pengiring upacara-upacara
pengetan kenegaraan. Lebeting perkembangan salajengipun, pirantos musik puniki lajeng
nggadhahi fungsi dados pengiring upacara-upacara adat kados nikahan, khitanan, pitu
wulanan, lan pengiring seni tetingalan kados ringgit tiyang, ringgit purwa, ludruk, tari lan
sanesipun.
Saben elemen pirantos musik gamelan tamtunipun nggadhahi fungsi piyambakan,
wonten pinten-pinten kategori cocog kaliyan ginanipun, inggih punika kendang utawi
gendang, nggadhahi fungsi dados pengatur irama, enggal utawi lambatipun tempo
dipunsebat ugi kaliyan komando. Pencon, madeg saking gong, kempul, kenong, kethuk,
nggadhahi fungsi kangge njagi kestabilan tempo. Balung ingkang madeg saking saron,
demung, slethem, peking nggadhahi fungsi dados ingkang mbekta melodi pokok sekar
instrumen pelengkap ingkang madeg saking gembang, cemplong, siter, rebab, lan suling.
Fungsi saking instrumen puniki inggih punika dados pelengkap sekar supados komposisi
sekar tetep harmonis.
Gamelan ingkang inggih punika kabudayan khas masyarakat Indonesia kedah kita
jagi lan sinauni amargi nggadhahi kathah ginanipun lan fungsinipun wonten lebet gesang
sadinten-dinten. Nepangaken ajeng seni lan budaya tradisional kedah dipunlampahaken
wiwit dini. Bab puniki kangge ngendhani punahipun seni lan budaya tradisional tilaran
leluhur ingkang sampun sisah payah mempertahankanipun. Generasi muda kedah enggal
bangkit lan nglestantunaken seni lan budaya tradisional. Sampun dumugi seni lan budaya
tradisional bangsa Indonesia direbut dening bangsa sanes.
ANEKA ANEKA GAMELAN
Dening Aqyiaksa Sindu Wicaksana (03)
Gamelan yaiku saking kata "gamel' ingkang gadah arti
ditabuh, gamelan asalipun saking tanah jawi, gamelan yaiku
serangkaian alat musik ingkang gadhah katah cara nguniknone
yaiku ditabuh, dipetik, ditutuk, disebul
Liyane iku gamelan duweni aneka aneka jenis yaiku ana
kendang, saron, demung, bonang, kenong, gong, kempul,
gambang, slenthem, siter, rebab, suling, kemanak, gendrum. Ing
aneka aneka gamelan gadah cara nguniknone beda beda
contohe ditabuh onten kendang, ditutuk onten saron, demung,
bonang, kenong, gong, kempul, gambang, slenthem, gendher,
ingkang dipetik onten sither, ingakn disebul onten suling
Ing gamelan nduweni jenis lan cara nguniknone beda
beda mula iku monggo rencang rencang sedaya ngelestarikake
gamela ingkang asli tanah jawa
KESELARASAN GAEMLAN
Dening Avenda Ayu Rofita (04)
Gamelan inggih punika alat tradisional saking pulau jawa. Gamelan
asalenipun saking tembung gamel kang nggadahi artos tabuh. Wonten
gamelannggadahi kalih rupi inggih punika laras pelog lan laras selendro.
Gamelan makaten saperangan piranti ingkang kamot wonten seni
karawitan. Karawitan saking tembung rawit ingkang anggadahi artos alus,
luwes, serta endah. Para sesepuh ingkang ngrakit gamelan mboten namung
sak kersane kiyambak namung gadah kajeng ingkang luhur. Para leluhur
ngrakit gamelan sesepuh sekeca diraosipun mila kantos midangetaken laras.
Imbanging laras wonten gamelan nuduhake saged ngatur imbanging
raos lan tumindak kang laras lan runtut. Saged ngreksa raos lan tumindak.
Sakabehing kersa kasebut saged ditingali saking tetabuhan gamelan.
Tuladhanipun natkala tetabuhan sinaos piranti ingkang ditabuh niku benten-
benten namung anggenipun nabuh mboten sak kersane kiyambak, miturut
ingkang ngatur irama, swasana gendhing lan nggatekake piranti gamelan
lintunipun. Niku nuduhake lamun gamelan natkala ditabuh mboten rumiyin-
rumiyinipun lan pengin mimpang kiyambak. Kantos makaten saking
tetabuhan gamelan saged minangka dhasar mujudnipun karakter bangsa.
Gamelan jawa gadah unjuk-unjuk ingkang sampun pakem antawis kata
saking pinten-pinten rambahan, ugi wonten aturan enggal-rendhetipun lampah
ingkang sampun pakem, ugi wonten bates melodi sampun di atur wonten
bageyan-bageyan ingkang saben-saben ketata sekawan gatra. Pandangan
gesang jawa ingkang digambarake saklebete musik gamelan inggih punika
kaselarasan kaugesang jasmani lan rohani.
GAMELAN JAWA
Dening Bunga Febriana (05)
Gamelan yaiku kabudayan jawa kang kudu dilestarikake
khusune awake dhewe para nom-noman. tuladha saka gendhing :
rebab, kendang, peking, bonang, bonangpenerus, siter,
gambang,gong,gender,saron,demung, seruling, kenong lan
kethuk.
Gamelan digawe saka 3 jinis bahan yaiku : logam, kayu, lan
pring.Tembung gamelan dijupuk saka basa jawa yaiku "gamel"
kang artine "tabuh", lan ditumuti dening akhiran "an" kang
ndadekake tembung aran. Dadi gamelan artine yen didadekake siji
yaiku kesijen piranti music sing didolanke bareng.
Gamelan ana 2 jinis yaiku :Laras pelog Laras pelong ana 7
nada. Nadane yaiku : ji, ro, lu, pat, mo, nem, ji.Laras slendro Laras
slendro ana 5 nada. Nadane yaiku : ji, ro, lu, mo, nem.Kagunaan
gendhing dhewe yaiku kanggo ngiringi tembang ing siji adicara
utawa pementasan, tuladhane yaiku : wayang, kethoprak, tari-
tarian, lan sapanunggalane.
Pramila kabeh apa-apa kang magepokan karo gendhing kudu
awake dhewe mangerteni lan sinauni kanggo nglestarikake
kabudayan jawa.
GAMELAN
Dening Dimas Adji Nugraha (06)
Gamelan kalebu piranti musik tradhisional saka Jawa. Gamelan kasusun
saka maneka piranti musik. Kabeh piranti musik iku ora didolanake dhewe-
dhewe, nanging nganggo aturan kanggo gawe swara sing laras.Alunan swarane
gamelan iku nggambarake kekarepan kang luhur. Karepe yaiku supaya kepenak
dirasakake. Mulane anggone dolan nggatekake laras. Imbanging laras ing
gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras lan
runtut. Karep kasebut bisa ditonton saka tetabuhan gamelan. Tuladhane nalika
tetabuhan sanajan piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh
ora sakepenake dhewe, nanging karo nggatekake piranti gamelan liyane.
Instrumen/piranti musik gamelan ana maneka jinise. Ana sing ditabuh,
dipetik, digesek, lan disebul. Sing ditabuh tuladhane kaya kendhang, saron,
bonang, gender, slenthem, gong, kenong, gambang, lan kempul. Sing dipetik
tuladhane kaya siter lan rebab. Piranti musik rebab iki ana sing cara dolane
dipetik, nanging uga ana sing cara dolane digesek. Sing disebul tuladhane suling.
Piranti-piranti kuwi ana sing digawe saka logam kaya wesi, kuningan, utawa
perunggu.
Laras ing gamelan uga ana sing kasebut slendro lan pelog. Laras slendro
duwe 5 nada, yaiku 1, 2, 3, 5, lan 6. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7
(pitu). Yen laras pelog duwe 7 nada, yaiku 1, 2, 3, 4, 5, 6, lan 7. Cara macane
yaiku ji (1), ro (2), lu (3), pat (4), mo (5), nem (6), pi (7). Saben set gamelan
duwe instrumen kanggo laras slendro lan pelog.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan
lumrahe kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, joged,
uyon-uyon.
BUDAYA JAWA
GAMELAN
Dening Dwi Astutik (07)
Gamelan inggih punika gabungan saking sawetara piranti musik, kombinasi
puniki gadhah sistem swara ingkang sae nalika di puter kanthi harmoni. Tembung
gamelan piyambak asale saking basa Jawa inggih punika "gamel" kang tegesipun
nutuk utawa nabuh lan pungkasan "an" nuduhake tembang.
Ing Jawa gamelan biasane kangge musik pengiring pagelaran wayang, tari,
utawa ketoprak. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa
pamentasan. Gamelan uga saged digunakake kangge upacara adat.
Jinising laras ing gamelan wonten kaleh inggih punika laras pelog lan laras
selendro. Laras selendro wonten gangsal swara. Laras selendro bedo kaliyan laras
pelog. Ing selendro mboten wonten angka 4 lan 7. Laras selendro gadah gangsal
nada ing saben gambyang utawi oktaf inggih punika 1, 2, 3, 5, 6. Laras pelog
wonten angka 4 lan 7, dados laras pelog gadah Pitu swara inggih punika 1, 2, 3, 4,
5, 6, 7.
Gamelan kang biasane digunakake ing Jawa gadah katah jenis lan caranipun
nabuh inggih punika wonten kang swarane banter lan wonten kang swarane lembut.
Jenis gamelan wonten katah, wonten kan digunakake kangge pementasan lan
kangge upacara adat. Amarga kui kudu kedah di lestarekake budaya Jawa gamelan.
PERANIPUN MUDA MUDI
MARANG BUDAYA GAMELAN
Dening Fauziyah Salma Putri (08)
Ingkang Jawa menika gamelan niku uga piranti
ingkang digunaake kangge acara penting. Tuladhane uga
digunakake kanggenipun ketoprakkan utawi wayangan.
Gamelan niku pirantu tradisional ingkang sampun
dados ciri khas ing tanah Jawa. Gamelan niku Warisan
Nusantara ingkang kudune dilestariake. Tinyang ingkang
nabuh gamelan sak derengipun wajib ngelakoake rangkaian
adat-adat ingkang dados ciri khas ing Gamelan.
Ing jaman niki para muda mboten trsna marang
gamelan. Padahal niku gamelan saged nambahi devisa
negara lewat pertunjukkane. Tuladhane gamelan saged di
setel ing acara pariwisata kangge mamerake budaya
bangsa. Nanging uga mboten wonten muda-mudi kang
tresna marang bab gamelan. Gamelan saged ilang sangking
peradapan
Mulane muda-mudi niku wajib ngelestariake bab
gamelan supados bab gamelan utawi pirantj tradisional
mboten ilang kependem kalihan majune zaman.
GAMELAN
Dening Hanum Salsabila (09)
Gamelan inggih punika musik ansambel tradisional Jawi, Sunda, lan Bali
wonten Indonesia ingkang nggadahi tangga nada pentatonis lebeting sistem tangga
nada slendro lan pelog.
Gamelan punika dipundugi sampun wonten ing Jawi wiwiting morso 404
masehi, dipuntinggal sangking wontenipun penggambaran moso rumiyin wonten
relief Candi Borobudur lan Prambanan. Gamelan inggih punika seperangkat
instrumen ingkang dipun-ungelaken sangking pinten-pinten pirantos musik.
Gamelan madeg saking cacah pirantus musik. Limrahipun kados gendang,
gong, suling, gambang, rebab, siter, lan taksih kathah malih. Punika pinten-pinten
instrumen musik ingkang wonten ing gongso = gendang utawi kendang fungsinya
dados pengatur irama lan tempa ingkang dimainno.
Cara ndolanaken pirantos musik puniki inggih menika nggebag saben
bilahipun kalian pirantos pemukul khusus. Lebet satunggaling sat gangso jangkep,
wonten tiga jenis gender ingkang dipunanggi, Inggih punika slendro, pelog pathet
nem lan gangsal, lan pelog pathet barang.
Menika menawi contohipun gamelan, asalipun gamelan, coro ndolanaken
gamelan, Lan jenis genderipun gamelan ingkang wonten 3 jinis.
JENIS LAN MANFAATIPUN
Dening Ika Intan Nur .M. (10)
Gamelan inggih punika alat musik kang asale saka Jawa. Gamelan inggih
punika alat musik kang di gunaake kangge ngiringi wayang wong, ketoprak, lan
saget ngiringi tari tradisional. Gamelan uga dibagi Dados kalih, inggih punika
pelog lan selendro.
Jenise gamelan wonten gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan
sekati biasane di mainke nalika pahargyan dene gamelan nunggang di mainke
nalika nyambut tamu Gedhe Utawa tamu kerajaan.
Ing jaman Saiki gamelan saget di gunaake kangge narik wisatawan asing
supados tertarik marang budaya khas bangsa lan saget ngenalake budaya kita
supados saget mendunia. Nanging akih muda mudi Podo ora seneng marang
budaya Jawa kayata gamelan, kang wis di anggep kuno.
Mulane supaya gamelan ora musnah kita saget ngadaake sanggar kangge
Sinau bab gamelan lan ndamel pameran supados muda mudi saget tertarik
kalihan gamelan.
CITRA BUDAYA BANGSA
Dening Ika Puji Lestari (11)
Gamelan, salah satunggaling budaya Jawi kang ngantos saniki sampun
mawon ical amargi mudha-mudhi ingkang luwih remen nyinaoni bab budaya
manca. Pramila, gamelan niki sanget diremeni tiyang manca ngantos ajeng
diakoni yen niku budayane.
Gamelan inggih menika tabuhan tradisional asli Indonesia. Gamelan niki
wonten maneka werna lan saged kepanggeh teng Jawa, Sunda, Madura, Bali, lan
Lombok. Sami nami gamelane, nanging mesti wae wonten pambeda ing
panunggalane. Tembung gamelan asale saking basa Jawi inggih menika "gamel"
kang artine 'tabuh', ingkanh diengge ngiringi tembang. Ing kebudayan Jawi,
gamelan saged diengge ngiringi wayang, emberg, ketoprak, lan liya-liya.
Ing Jawi, gamelan niku jenise wonten kalih, inggih menika laras pelog lan
stendro. Ing gamelan Jawi ugi kathah sanget perkusi, kayata demung, kendang,
saron, gong, bonang,kenong, lan sakpiturute.
Amargi majune jaman, globalisasi sampun ngerasuk ing jiwa-jiwa
masarakat. Bab opo wae, ora terkecuali bab budaya. Budaya niku gampil sanget
mlebet ing negeri kita saengga mboten kedik mudha-mudhi ngelalekake
budayane piyambak kang adiluhung. Kathah mudha-mudhi kang mikir yen
budaya jai kui wis kuna lan yen nyinauni niku berarti sampun mboten update
kalihan majune jaman. Niku pemikiran kang salah kaprah, kita diparingi budaya
kang adiluhung sanget niki saget damel pribadi masarakat katon endah lan guyup
rukun, amargi ting dalem budaya bangsa niku sampun disisipi pesen-pesen kang
kesiret ing bab budaya kuwi.
Saniki, mudha-mudhi luwih remen budaya bangsa kilen, kayata Amerika,
bangasa adidaya. Napa kang wonten teng mriku, kathah tiyang langsung diagem
mentahan, mboten disesuaken rumiyin kalihan jati diri bangsa.
Miturut kula, kui mboten masalah, kayate mudha-mudhi kan remen lan
nyinauni budaya manca, kayate K-POP, lan lagu-lagu Inggris liyane, asal mboten
ngelalekake budayane piyambak, mboten lali saking ngendi kita niki. Mula, kita
mudha mudhi bangsa kedhah nguri-uri budaya bangsa supaya mboten ical
kegerus jaman.
GAMELAN KENONG
Dening Inayatul Nisa’ (12)
Kenong iku salah siji perangkat gamelan Jawa
kang ditabuh. Kenong iku disokake ing enggon kang
fungsine koyo ayunan, jadi cara ngesok ake kembar
karo Bonang, kempyang lan kethk. Ing perangkat
gamelan kang coro ngesok ake diayun iki, kenong ndue
ukuran kang gedhe dhewe.
Kenong ditato ing pangkon awujud koyo atos
kang ditutupi tali, saenggo naliko ditaboh kenong ora
miring ananging bisa mumbul munggah lan mudhun
saengga ngasilake swara kang endah.
Wujudipun kenong ingkang Ageng punika
ngasilake swara ingkang andhap nanging banter kanthi
kayu ingkang khas. Neng gamelan wonten kenong ngisi
celah-celah kemul. Sajeroning netepake struktur
gendhing, kenong minangka piranti kang wigati nomer
loro sawise gong. Kenong mbagi gongan dadi loto
sawise gongan dadi loro utawa papat ukara
Kejaba nduweni fungsi kanggo nggarisake
struktur gendhing, not kenong uga ana gegayutane karo
tembang gendhing kang nadane padha karo nada
balungan. Sebanjure kanggo nuntun tembang gendhing
bisa nabuh kemyang kanthi nada balungan
nyekungkung rasa pathet pada kenong gaya cepet,
adayak, srepegan lan sampak. Kethukan kenong nuntun
irama gendhing-gendhing
GINANIPUN GAMELAN
Dening Ipung (13)
Gamelan kagungan fungsi utawi ginanipun kangge nyawisaken gending-
gending. Gamelan ugi dipunagem kangge iringan musik utawi genting wonten
salah sawijining upacara adat lan pementasan
seperangkat gamelan dipunperangaken dados kalih, inggih menika gangsa
pakurmatan lan gangsa ageng. Gangsa pakurmatan dipunmainaken kagem
ngiringi hajad dalem (upacara adat karaton), kagem acara jumenengan (upacara
penobatan raja utawi ratu), tingalan dalem (pengetan minggah takhta raja utawi
ratu), garebeg (upacara peristiwa wigatos), sekaten (upacara pengetan dinten
wedal Nabi Muhammad). Dene gangsa ageng dipunmainaken dados pengiring
pergelaran seni budaya, limrahipun dipunagem kangge ngiringi beksan (seni
tari), wayang (seni tetingalan), uyon-uyon (upacara adat/hajatan), lan sanes-
sanesipun.
Gamelan dipunagem kangge iringan musik utawi genting ing salah
sawijining upacara adat lan pementasan, pramila kula lan panjenengan sedaya
kedah ngertos ginanipun gamelan kangge nglestariake budaya jawi.
GAMELAN BUDAYA KITA
Dening Meta Amelia (14)
Gamelan yaiku alat tradisional kang asli saking Indonesia sing akeh
ditemuke tepate ing Jawa, lan Bali. Gamelan iku bahan asline saking
perunggu, kuningan, lan besi. Cara mainke gamelan yaiku ngangge cara
ditabuh/dituruk. Gamelan jawa gadah irama kang lembut lan umume
digunakaje ing wayah wonten pagelaran wayang lan pertunjukan tari.
Alat musik gamelan gadhah 2 Laras, yaiku Laras pelog, lan Laras
selendro.
Ing tlatah Jawa, gamelan biasane katah digunakake ing wonten
acara ngantenan, tayub, ketoprak, lan acara gumedhe liane. Gamelan,
saged digunakake kanggi sarana pendidikan, sarana dakwah, lan nyambut
tamu penting, Nanging ing jaman sakniki gamelan jarang digunakake
amargi, mayoritas anak muda luweh seneng alat musik saking luar negeri
kang lueh moderen tinimbang gamelan. Mula iku, kita sebagai anak
muda, kudu ngerti apa iku budaya kita terutama alat musik budaya kita
dewe, apa iku gamelan, cara migunane pripun lan sak liane tentang alat
musik gamean, supados kita bisa ngelestarikake budaya kita, budaya
Jawa, ngangge cara yaiku, neruske ilmu sing kita ndueni marang anak
cucu kita, supados akhire budaya gamelan bisa maju lan ora bakal ilang.
GAMELAN
Dening Minhajirul Munir (15)
Gamelan inggih menika piranti musik kangge ngiringi Rembang
utawa tanpa tembang.gamalean Dewe nduweni arti yaiku teko Tembung
"gamel" kang artine tabuh ,lan "an" yaiku Tembung benda sing nyakup
sekabihane,gamelan niku asale saking Indonesia,Bali,Madura,lanLombok.
Gamelan nduweni fungsi kang kathah banget yaiku saget kangge
pendidikan murid murid utowo masyarakat,saget kangge ngiringi
ketoprak,tari,wayang,lan saget kangge nyambut tamu penting kanggo
ngeramekake,piranti musik gamelan ana macem macem cara kanggo
muter Wiwit saka di thutuk,dikeplak,lan dipetik ,macem macem piranti
nggih wonten kathah Wiwit teko kendang,gong,kempul,
Gambang,Bonang,siter,rebab,kenong,kemyang,kethuk,gender,slentem,sar
on,demung LAN clempung.
Sawise dijelentrehke apa iku gamelan,jinis jinis gamelan,lan fungsi
gamelan ing dhuwur,mula kita kudu ngelestarekke gamelan,supaya piranti
gamelan ora luntur saka budaya kulon LAN anak putu kita uga bisa
seneng LAN nabuh piranti gamelan nagntos langgeng.
NGLESTANTUNAKEN KESENIAN
KEBUDAYAAN JAWI GAMELAN
Dening Muhammad Arkahm Rizqy Farhan (16)
Gamelan puniku kelebet salah satunggaling kesenian kabudayan jawi.
Gamelan kelebet ing kesenian musik. Gamelan puniku alat musik ingkang cara
mainake kanthi cara dituthuk. Wonten ing jaman modern kados sapunika,
gamelan sampun mulai dipunsupekaken. Pramila kita kedah nglestantunaken
kesenian gamelan supados mboten dipunsupekaken masyarakat.
Nglestantunaken kesenian gamelan menika kedah dipunwiwiti saking
kesadaran masyarakat kangge nglestantunaken gamelan. Dipunbetahaken
kesadaran kangge njagi kabudayan ingkang wonten supados mboten luntur.
Lajeng mucalaken kesenian gamelan dhateng para muda ingkang bakal dados
penerus kangge nglestantunaken kesenian gamelan. Amargi para muda ingkang
saged nglajengaken kesenian gamelan dhateng generasi salajengipun. Kangge
nindakake hal kasebat , mila dipunbetahaken sengkuyungan saking pemerintah.
Kangge nglestantunaken kesenian gamelan supados saged mlebet wonten
kelompok para muda, mila betah sengkuyungan saking pamarintah, sae
ngengingi dana, papan, lan sakpiturutipun. Mila wonten tanggungjawab
pemerintah ing ndalem nglestantunaken budaya tradisional, salah setunggalipun
inggih menika kesenian gamelan.
Salah satunggaling bentuk upaya kangge nglestantunaken kesenian
gamelan inggih menika kados wonten ing SMAN 1 Lasem. Wonten SMAN 1
Lasem, gamelan dados salah setunggaling materi pasinaon kangge nepangaken
gamelan dhateng para siswa. Pasinaon dipundamel semenarik mungkin supados
para siswa saged tertarik lan purun nglestantunaken kesenian gamelan.
Gamelan ingkang kelebet salah satunggaling kesenian kebudayaan Jawi
kedah dipunlestantunaken. Amargi kabudayan tradisional menika dados salah
satunggaling kekayaan ingkang mboten ternilai reginipun. Mila kita Kedah
nglestantunaken kabudayan tradisional, inggih puniku kesenian gamelan kanthi
mucalake kesenian gamelan datheng para muda ingkang saged ngelajengaken lan
nglestantunaken kesenian gamelan datheng generasi selajengipun.
GAMELAN
Dening Muhammad Cahyo Saputra (17)
Gamelan yaiku klebu lepat sawijineng pirantos musik
saking laladan jawi. Gamelan dhewe yaiku pirantos musik
tradisional kang karep ditemoni ing menika tlatah ing indonesia,
bali, jawi, lan liya liya. istilah gamelan jawi umum nuduhake
gamelan ing jawi tengah. pirantos musik gamelan iki dianggep
wis ana ing jawi wiwit taun 404 masehi.
Gamelan kui asale kang basa jawi yakui gamel kang artine
tabuh. Gamelan kui seperangkat pirantos musik kang digunakake
kanggo ngiringi tembang. ing kabudayan jawi gamelan saged
dienggo pengiring musik wayang, ketoprak, lan liya liya. ing
gamelan ana kaleh jinis yaiku laras pelog lan laras slendro.
Gamelan kang lepat sawijineng kesenian sangkin jawi
kedah dilestarikake marang para nem-neman amarga kabudayan
tradisional kui iku sawijineng pirantos musik kang ora saged
wonten dinilai lan diregani. mula kita para nem-neman kedah
ngelestarikake kesenian gamelan kui supados para nem-neman
kui saged ngajari generasi sabanjure
GAMELAN JAWA DADI
PANDANGAN URIP
Dening Muhammad Faiz Hidayat (18)
Gamelan minangka saperangan instrumen/piranti kang
kamot ing seni karawitan. Karawitan kawitan saka tembung
rawit kang ateges tliti, alus, luwes, endah. Para pujangga kang
ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging
duwe karep kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya
kepenak dirasakake mula kanthi nggatekake laras. Imbanging
laras ing gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan
tumindak kang laras lan runtut. Bisa njaga cipta, rasa, karsa,
lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka
tetabuhan gamelan. Tuladhane nalika tetabuhan sanajan
piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh
ora sakepenake dhewe, manut kang ngatur irama, swasana
gendhing, sarta nulad, lan nggatekake piranti gamelan liyane.
Iku nuduhake lamun gamelan nalika ditabuh ora suk-esukan,
dhisik-dhisikan lan pengin menang dhewe. Kanthi mengkono
nulad saka tetabuhan gamelan bisa minangka dhasar
mujudake karakter bangsa
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem
antarane kata sakapirang-pirang rambahan lan pathet utawa
jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-
rendhete laku sing wispakem, uga ana bates abates angongan
lan melodine wis di atur ing bageyan-bageyan sing saben-
saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake
sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani
lan rohan.i
GAMELAN JAWA
Dening Murniawati (19)
Gamelan yaiku salah sawijining jenis alat kesenian tradisional asli
Indonesia, khususe ing pulau Jawa, Madura, Bali, lsp. Kata gamelan yaiku
asalipun saking Bahasa Jawa "gamel" yaiku kang duweni teges sing berarti
dituthuk utawi ditabuh. Gamelan duweni 2 notasi kang disebut laras pelog yaiku
1,2,3,4,5,6,7 (pi) lan laras selendro yaiku 1,2,3,4,5 utawi do,re,mi,ga,sol, la.
Gamelan yaiku seperangkat alat musik kang terdiri saking; kendang,
bonang, bonang penerus, demung, saron, peking, kenong, kethuk, slenthem,
gender, gong, gambang, lsp. Masing-masing alat kasebut duweni fungsi
piyambak-piyambak.
Komponen utawi bahan utama kangge ndamel alat gamelan yaiku wesi,
perunggu, kuninganan, logam, lan kayu.
Gamelan Jawa kang iramane lembut umume dingge kangge ngiringake
pergelaran Jawa kaya wayang lan pertunjukan tari.
Ing perkembanganipun sak Niki, gamelan Jawa terus berkembang kang
dingge pertunjukan musik lengkap kalih penyanyi kang disebut sinden. Gamelan
Jawa uga saget dingge alunan musik penggiring penganten.
LUNTURIPUN GAMELAN
Dening Nabila Luthfin Nisa (20)
Gamelan inggih punika salah satunggaling seni musik tetabuhan
tradisional saking Jawi. Gamelan puniki gunanipun kangge pangiring musik
utawi gending ing sawijining pementasan kayata wayang, seni tari, lan
kethoprak. Nanging, gamelan punika peminate namung sekedhik.
Lare enem jaman sak puniki kathah ingkang mboten remen gamelan.
Lunturipun gamelan puniku amargi mboten wonten ingkang nepangaken,
mboten wonten ingkang micalaken, lan mboten sedaya sekolah puniku
nyengkuyung lare ngenal seni gamelan. Lare jaman sak puniki langkung remen
alat musik ingkang modern kados drum, gitar, lan piano tinimbang gamelan.
Padahal gamelan punika sampun misuwur ing luar negeri. Malah sekolah-
sekolah ing luar negeri nepangaken seni gamelan minangka salah satunggaling
musik pilihan ingkang dipunsinauni dening siswa lan peminate kathah.
Ing negara kita, budaya gamelan wiwit luntur lan peminate namung
sekedhik. Padahal ing luar negeri gamelan sampun misuwur. Prakawis puniki
wonten macem-macem penyebabipun. Mila, kita kedah nglestantunaken seni
gamelan supados budaya punika mboten ical lan mboten dipunakeni dening
negara sanes.
JINISIPUN GAMELAN
Dening Nabilla Ratna Sari (21)
Gamelan inggih menika piranti kangge tetabuhan tradisional
ingkang asalipun saking tanah Jawi ingkang jenis lan kegunaanipun
katah lan macem macem.Gamelan ing jaman menika badhe luntur
budayanipun amargi kependem jaman ingkang tambah maju,
gamelan menika gadahi ciri khas suwanten ingkang bedho kalih
sanes sanesipun, gamelan ugi benten benten saben jenisipun
Gamelan gadahi rupi kang macem macem wontenipun ingkang
dipun gunakake saben acara Utawa pamentasan jenisipun gamelan
menika katah wonten Bonang,Bonang penerus,Balungan,gong lan
sanes sanesipun rupine ugi benten-benten saben jenisipun,ing
gamelan gadahi kalih jenisipun kaping setunggal wonten pelog ugi
kaping Kalih wonten selendro,ingkang Kulo agem ing gamelan
yaiku balungan ingkang rupiipun sami kaya balung ingkan dowo-
dowo ugi gadahi suwanten ingkang kepenak didhangetak
Gamelan ing jaman sakniki aja ngasi luntur adatipun kaya
jaman biyen amargi gamelan niki piranti musik ingkang tasih
tradisional mula aja ngasi kependem jaman sakniki ugi gamelan
punika mboten kalah saene kaya musik sakniki
RUPA RUPA GAMELAN
Dening Nafissah (22)
Ing kelas 12 menika kula diwulang basa jawa bab gamelan.
Gamelan puniku piranti kangge ngiringi tembang utawi pagelaran
wayang, ketoprak, kalih ugi saget kangge ngiringi tarian adat. Sinau bab
gamelan niku nyenengake. Kula saget mangertos bab gamelan, saget
mainake gamelan, mangertos nami-nami gamelan utawi rupa gamelan.
Rupa-rupa gamelan punika wonten kendang,saron,bonang
barong,bonong penerus,gong, kempul,
kenong,kethuk,suling,siter,rebab,demung,lan sak piturute. Piranti
gamelan kang ditabuh punika kethuk,kempyang,
kenong,kempul,bonang,saron, demung, lan kendang. Siter lan rebab
dimainkan ngangge cara dipetik. Izin suling dimainke ngangge cara
disebul.
Rupa-rupa gamelan cara main ke gamelan katah. Gamelan gadhah
katah rupa utawi nami. Gamelan saget disinauni supados mboten luntur
utawi ical saking tlatah jawa.
GONG
Dening Naola Qurrotun Niswah (23)
Gamelan menika salah setunggalipun seni tradisional jawi. Gamelan
asalipun saking tembung gamel ingkang gadhah artos tabuh. Macem-
macem gamelan inggih menika wonten bonang barung, bonang penerus,
kenong, kethuk, kempul, saron, demung, gambang, selenthem, rebab,
suter, kendang lan ingkang paling ageng inggih punika gong.
Gong inggih menika salah setunggalipun gangsa jawi ingkang
wonten tabuh, dipundamel saking kuningan utawi perunggu. Gong
limrahipun panggenanipun wonten wingking piyambak, dipun-gantung
wonten palang ingkang dipundamel saking kajeng ukuran ageng. Gong
gadhah 2 jinising inggih punika gong ageng lan gong suwuk. Saben laras
slendro lan pelog nggadhahi telung set gong. Gong ageng ingkang
jumlahipun kalih lan setunggal gong suwukan.
Gong didelehake kaliyan nggantung amargi wujudipun gong
ingkang ageng. Kegunaanipun gong inggih punika kangge maringi tanda
pungkasaning gatra lan uga kangge menehi tanda ing wiwitan lan
pungkasaning gendhing. Gong nggadhahi bentuk paling ageng mila
nggadhahi suwanten paling andhap ing antawisipun pirantos gamelan
sanesipun . Gong puniku pirantos ingkang paling dipunaosi saking
sadayaning perangkat gamelan amargi dipunanggep ingkang dados nyawa
gamelan.
SARON
Dening Naylah Andini Az Zahra (24)
Saron yaiku salah sawijining piranti gamelan kang
kalebu kaluarga balungan. Bentuke saron kaya lempengan
emas kang disusun ing kayu. Saben lempengan nduweni nada
kang beda.
Ana 3 jenis saron, yaiku saron panerus, saron barung, lan
saron demung. Saron panerus yaiku jenis saron kang paling
cilik. Ana 2 jenis saron panerus yaiku pelog panerus lan
slendro panerus. Saron panerus ndueni swara luwuh dhuwur
sak oktaf dibandingkan saron barung. Saron barung iku jenis
saron tengah-tengah. Ana 2 jenis yaiku pelog barung lan
slendro barung. Saron barung ndueni swara luwih dhuwur sak
oktaf dibanding saron demung. Saron demung iku jenis saron
kang paling gedhe ukurane. Ana 2 jenis yaiku pelog demung
lan slendro demung. Saron demung ndueni swara paling rendah
ing kelompok saron.
Carane nabuh saron, yaiku tangan tengen nabuh lan
tangan kiwo mencet lempengan kang ditabuh kanggo
ngilangake dengungan. Teknik iki diparani mitet. Dolanan
saron kui seru banget, kula sampun ngrasakake nabuh saron
nalika pelajaran seni budaya. Dolanan saron mboten kalah seru
kalih dolanan alat musik modern
LARAS GAMELAN
Dening Nazwa Saidah K.h (25)
Negara Indonesia nggadahi maneka warna kabudayan, salah sawijining
inggih punika budaya gamelan Jawa. Gamelan Jawa punika digunakake kangge
ngiringi lagu - lagu Jawa tradisional utawi modern.
Miturut jenisipun, gamelan jawa punika dibedakake dados kalih titi laras,
inggih punika laras pelog lan laras slendro.
Gamelan Jawa ingkang migunakake laras selindro nduweni yuswa
ingkang langkung dangu tinimbang gamelan Jawa ingkang migunakake laras
pelog. Laras slendro nduweni gangsal nada saben oktaf kang nduweni interval
cilik kayata 1 2 3 4 5 utawi C- D E+ G A dene laras pelog nduweni pitung nada
saben oktaf kang nduweni interval ageng kayata 1 2 3 4 5 6 7 utawi C+ D E- F#
G# A B.
Gamelan Jawa nduweni kalih titi laras inggih punika laras pelog lan laras
slendro. Titi laras punika digunakake kangge karawitan.
Saking laras gamelan Jawa punika nyiptakake musik karawitan kang
nduweni makna arupa gendhing kanggo ngungkapaken rasa syukur panyuwunan
keslametan lan sakpiturute. Mergo kuwi kula lan panjenengan kudu
ngelestariake budaya Jawa salah sijine yaiku gamelan.
GAMELAN
Dening Norma Afriyana (26)
Gamelan yaiku piranti musik tradisional sing asale saka Jawa, kang
nduweni nilai budaya lan sejarah e. Tembung Gamelan asale saka basa jawa
yaiku "gamel" Kang nduweni teges yaiku tabuh. Gamelan kuwi akih jenise , Ono
sing di tutuk, ugo ono sing di sebul .
Gamelan sing di Tutuk iku jenise kayata ,bonang, gong, kempul, kenong
lan liya-liyane . gamelan sing di sebul kayata suling.Ing gamelan ana rong jenis
yaiku laras pelog lan laras slendro. Gamelan ono cara nabuh e yaiku ana sing
volume banter lan volume sing elon.
Bonang Ono rong jenis yaiku Bonang Barung lan penerus.Gamelan iku
bisa dinggo kanggo pengiring wayang, ketoprak embeg, lan liya-liyane. Main
gamelan kui ora mung nembang, nanging ana tata cara lan notasi -notasi kang
kudu di gatekake.Tapi yen di pelajari Kanti temenan,gamelan iso ditembangake
kanthi gampang Lan penak di peragakake.
Mula Gamelan salah sawijining warisan budaya luhur Jawa kang kudu
dilestarikake , supaya ora luntur kanggo generasi muda jaman saiki.
GAMELAN
Dening Octavia Adinda Permatasari (27)
Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka
Indonesia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.Tembung
gamelan dhwe iku asale saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwe
makna "tabuh".Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo
ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka
klenengan.Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing
saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti
Amerika, eropah lan tlatah liyane] Jinis musik tradhisional liya kang
memper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname
Gamelan duwe melodhi kang magis utawa nduwe daya
supranaturalsupranatural, mula swarane gamelan diarani melodi utawa
wirama perkusi kang magis.Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani
orkestra gamelan Jawa.[butuh sitiran] Ing buku kang irah-irahane Music
of Java, Jaap Kunst nerangake yen gamelan iku kaya
komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iline banyu, misterius
kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan
lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit,
joged, uyon-uyonJinise laras ing gamelan ana loro yaiku laras pelog lan
laras slendro.Saben set gamelan duwé instrumén kanggo laras peog lan
slendro
Musik gamelan duwe sajarah kang tuwa saumuran karo kasebare
budaya Hindhu lan Buda ing Nusantara. Mligine nalika kawangune
karajan-karajan gedhe kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki
piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil
saka budaya Hindhu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang.[butuh
sitiran] Kagunan perkembangane musik Jawa iki kira-kira ana pas anané
kentongan, rebab, tepukan tutuk saka anane gesekan ana tali utawa pring
tipis nganti nuju prakembangane piranti musik saka bahan logam.
GAMELAN JAWI
Dening Octavia Nur Choidah (28)
Gamelan Jawi inggih menika pirantos music tradisoinal ingkang
asalipun saking Jawi. Sareng kalih mlampahipun wekdal, seni music
gamelan wiwit luntur. Generasi enem jaman sapunika malah mboten
ngremani musik tradisional gamelan
Penerus kangge nglestentunaken pirantos music gamelan wiwit
nedhak. Kathah- kathah ingkang taksih bertahan inggih punika para tiyang
sepuh. Lare enem ketingal mboten tertarik gamelan amargi mboten
wonten ingkang nepangaken, kejawi puniku mboten wonten ingkang
mucalaken.
Kangge generasi enem, gamelan sisah dipunminati menawi dipun
ungelaken kados kala rumiyin ing era tiyang sepuh utawi embah kakung
lan embah putri piyambakipun sedaya. Lare enem sapunika langkung
cenderung ngremeni pirantos musik ingkang langkung moderen.
Supados seni pirantos musik gamelan mboten luntur lan generasi
enem tertarik kalih musik gamelan utawi musik tradisional, kedahipun
wonten kawruh ngengingi musik gamelan wiwit dini lan nukulaken
keingintahuan ngengingi musik gamelan saking pinten-pinten media
media sosial.
BUDAYA GAMELAN
Dening Rizka Aulia Ramdani (29)
Gamelan punika warisan budaya saking nenek moyang
bangsa Indonesia. Ugi sampun berkembang ing Indonesia lan luar
negeri. Gamelan menika yaiku kuningan kang maneka bentuk lan
sampun mendarang daging ing masyarakat. Mula kita kedhah
bangga lan banggakake budaya bangsa. Ing jaman saiki gamelan
mulai luntur peminate, diganti kalihan musik-musik modern.
Nanging siswa-siswi ing SMA Negeri 1 Lasem anggadahi
pelajarang kangge nyinauni bab gamelan, supados tetap jaga
budaya kita. Gamelan puniku kathah perangane ugi kathah
manfaate.
Manfaat sinau gamelan ingkang saged kita pundhut inggih
menika saget ngelestarikake budaya. Kita saged nglatih
konsentrasi, kangge media terapi, lan peka ing rasa. Ugi saged
ndadikake suasana ati seneng, ayem, lan tentrem. Bisa anggawe
kepercayaan diri tambah.
Gamelan punika kathah perangane. Inggih menika bonang,
bonang penerus, kendang, gambang, gong, rebab, siter, kempul,
suling, lan balungan. Inkang kasebut balungan inggih menika
demung, saron, peking, slentehem. Cara main gamelan inggih
menika wonten ingkang di tutuk, di pitet, di sebul, lan di keplak.
Mula iku kita generasi penerus bangsa kedhah ngerti lan
ngembangake budaya Indonesia utamane budaya gamelan. Ayo
bareng-bareng jaga budaya gamelan supaya mboten diakoni kalihan
bangsa liyane. Budaya kita, milik kita, lan kangge kita.
FAKTA GAMELAN
Dening Silvia Fitrianita (30)
Indonesia minongko negoro kang sugih alat musik
tradisional. Salah sijine yoiku gamelan. Tembung gamelan
soko tembung "gamel" kang artine nabuh. Gamelan diwiwiti
saking kasebare budaya Hindu lan Budha ing
nuswantara.Utamane naliko anane kerajaan-kerajaan gedhe
kayata kerajaan majapahit. Mula-mula gamelan iku saka
budaya Hindu kang dipun owahi dening Sunan Bonang.
Miturute wong jawa gamelan kaanggeo salah salah
sijine instrumen ang sakral.k gamelan nduweni fakta-fakta
ang fakta kambing pisan yoiku gamelan salah sijine alat
musik paling tua, masyarakat Jawa mengenali gamelan Wiwit
abad ke-8 Masehi. dibuktino Soko penemuan relief gamelan
ing tembok Candi Borobudur Lan Candi Prambanan. Fakta
kaping pindo yoiku gamelan iso ngendaliake emosi, gamelan
dipercoyo iso ngendalikake emosi waktu nganggo
gamelan,dheweke kabeh sinau nahan emosi lan kerjo bareng-
bareng penabuh liyane kanggo ngentokake nada sing di
karepake. akta kaping telu yoiku gamelan kalebu ing proyek
NASA,F ing tahun 1977 gamelan mlebu Jero proyek voyager
duwene NASA, di elokake ing The Golden record Kang
dikirim menyang Jobo angkasa.Isine The Golden record yoiku
115 gambar jroning analog lan uni alam, banjur nambahake
musik Soko kabeh Budoyo salah sijine gamelan.
Ikulah fakta-fakta menarik gamelan kang bisa awak
dhewe dadekake kawruh, kayata gamelan alat musik paling
tua, gamelan bisa ngendalikake emosi, sampek gamelan mlebu
ing proyek NASA. Iseh wakih banget fakta-fakta kang durung
katulis. Tapi iki cukup kanggo motivasi awak dhewe kanggo
sinau lan ngelestariake gamelan.
GAMELAN
Dening Siti Amaliyah K.N
gamelan minangka saperangan instrumen atau piranti kang kamot ing seni
karawitan.para pujangga kang raket gamelan ora mong sapenake anggone gawe
nanging duwe karep kang luhur. tuladhane nalika tetabuhan sanajan piranti kang
ditabuh iku beda-beda nanging anggone naboh ora sak penakke dewe manut
kang ngatur iram,a suasana, gending lan gatekake piranti gamelan liyane.
piranti gamelan Jawa akih wujude yaiku demung,kendang, saron, Bonang
(Bonang barung lan Bonang penerus, selentem ketuk lan kenong, gender
gambang, rebab, siter, suling.
Gamelan Jawa duwe aturan-aturan sing wis pakem antarane kata saka
pirang-pirang rambahan lan pathet,uga ono aturan sepet rendete laku sing wis
pakem.
BUDAYA GAMELAN JAWA
Dening Tria Sri Rezeki (32)
gamelan yaitu salah jeniseng seni musik karawitan ing tanah Jawa biasane
kangge ngiringi iringan manten, tari-tarian, ketoprak, lan lia-liane. Gamelan sing
biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku
ana sing volume keras lan ono sing lembut.
Jenis-jenising gamelan wonten kathah saka piranti apa bae sing kang
ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh. piranti gamelan yaiku kendang,
demung, saron, peking, gong, bonang, slentem, ketuk lan kenong, gender,
gambang, lan sak piturute.
cara migunakake gamelan kudu runtut kalian aturan kang wes digawe
misale lancaran Jawi mboten pareng sak penak e dhewe. ing zaman sakniki
gamelan sampun kegeser kalian budaya asing kathah lare nom luweh seneng
lelagon k-pop utawi musik barat liane tinimbang budayane dhewe.
mula kui kita dados muda-mudi Indonesia luih becik yen bisa
nglestarikake budaya jawi serta ngembangake budayane, syukur-syukur yen bisa
ngenalake nganti mancanegara. yen mboten kita, lajeng sinten maleh?.
GAMELAN
Dening Wahyu Aulia Nur Zahara (33)
Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonesia mligi ing pulo Jawa,
Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhewe iku asale saka basa Jawa yaiku "gamel" kang
duwe makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang,
utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo
ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amerika, Eropah lan tlatah
liyane
Ricikan balungan instrumen gamelan , yaiku; 1.Saron 2.Demung 3.Saron barung 4.Saron
panerus 5.Slenthem 6.Bonang panembungnerjemahake liwat vokabuler-vokabuler (konvensi)
garapan.Ricikan/instrumen kang kalebu ing golongan mau, yaiku : 1.Rebab 2.Kendang 3.Gender
barung 4.Gender penerus 5.Bonang 6.Bonang panerus 7.Siter 8.Suling 9.Gambang 10.Sindhen
11.Gerong
struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawe raketing dolanan kanthi minangka struktur
dhedhasar (nentukake) wujud gendhing. Ricikan utawa instrumen kang kalebu ing golongan mau,
yaiku ; 1.Kethuk 2.Kempyang 3.Engkuk 4.Kenong 5.Kempul 6.Gong 7.Kecer 8.Kemanak 9.Keplok alok
10.Kendhang
Ing jaman Saiki gamelan wes ora populer koyata zaman Majapahit sek dadi awal mula
ksebare gamelan ing nusantara ,gamelan ugi duweni nilai" spiritual lan pendidikan,biasane gameln
kui di maikno ing acoro" tertentu Utawa penting. Ing zaman Saiki muka kita kang dadi generasi
muda kudu ngelestarikno Budoyo ik supoyo ora ilanag Karo cepete kemajuan zaman ,kayata Nang
sekolah SMA N 1 LASEM ik wonten pelajaran lan extra gamelan kang bisa gawe murid " seneng lan
tertarik kaleh budaya gamelan
GAMELAN
Dening Wulandari (34)
Gamelan iku salah sijine seni musik tetabuhan tradisional Kang
asale saka Indonesia utamane ing Jawa ,Madura, Bali Lan Lombok.
Tembung gamelan dhewe iku asale saka bahasa Jawa yaiku "gamel" kang
duwe makna "tabuh". isi gamelan iku sak perangkat piranti musik sing
dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka
klenengan.
Gamelan nduweni melodi di kang magis utawa supranatural mula
suarane gamelan diarani melodi utawa wirama perkusi kang magis.
gamelan kalebu perangan ing kebudayaan Jawa. Ing Jawa gamelan
biasane kanggo musik pengiring wayang kulit utawa ringgit, wayang
wong, tari, lan liya liyane.
Jenise laras ing gamelan ana loro yaiku laras pelog lan laras slendro.
Saben set gamelan nduweni instrumen kanggo laras pelog lan laras
slendro. Richikan utawa instrumen gamelan sajroning karawitan secara
fungsional musikal yaiku ana saron barung, saron penerus, demung,
gendang, gender, bonang barung, bonang penerus, suling, siter, gambang,
kethuk, kempyang, kempul, rebab, lan gong.
Wong sing bis mainke gamelan uga wong sing sampun mangerteni
gamelan, yaiku diarani niyaga. Gamelan sing biasane digunakake ing
tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku ana sing volume
banter lan ana sing volume lembut.
Saka kabeh jenising gamelan ana piranti apa bae sing kang ditabuh
lan piranti sing diutamakake ditabuh. Ana gamelan kangge pementasan
lan kangge upacara adat. Mergo kuwi kulo lan panjenengan kudu ngerti
jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan kanggo
ngelestarikake budaya Jawa.
Salah sawijining cara kangge ngelestarikake musik gamelan yaiku
KHATAH PARA SISWA INGKANG ANTUSISAS
NABUH GAMELAN
Dening Yelli Arfinda (35)
Kathah para siswa ingkang kapingin Sinau
gamelan .para siswa sami semngat kesah ruang musik
.kathah ingkang kapingin nabuh Kanti prigel .
Para siswa sampun bosen menawi ngerungokake musik
modern para siswa kapingin ngerteninmusik kang jarang
onten lan diwarahake ing sekolah sekolah .ing sekolah
katentu mawon fasilitas gamelan onten
Para siswa Kanti bungah Yen bab gamelan
kathah kang kapingin bisa sajiwi wijine
Onten Bonang , Peking , kenong Lan kathah Sedaya
Bonang Ono 2 jenise yaiku penerus Lan barong .
Yen kening kui ciri khas e batuke ingkang nonong onten
2 jenis Laras gamelan yakiku pelog Lan selendra .
Para siswa paling bungah Yen entuk balungan amerga
Yen di praktekake gampang prigel .
Para siswa kang hobi bisa ngapalake notasi kang
onten .
Ngembangake kiyambak dados lagu sederhana .
Kathah banget kaistemewaan gamelan .mboten heran
Yen para siswa antusias Sinau bab gamelan .
Click To
Add Title
[Grab your reader’s attention with a great
quote from the document or use this space
to emphasize a key point. To place this text
box anywhere on the page, just drag it.]
[Grab your reader’s attention with a great
quote from the document or use this space
to emphasize a key point. To place this text
box anywhere on the page, just drag it.]
[Grab your reader’s attention with a great
quote from the document or use this space
to emphasize a key point. To place this text
box anywhere on the page, just drag it.]
[Grab your reader’s
Click To Add Titleattention with a great quote
CClliCicclkikcTkToToAo dAAddddSduTbiTttliiettlleesspp[[aaGGccrreeaabbttooyyeeoommuurrpphhrreeaaaassdw[epddiiGzzmloeeiaeetcrrrpcha’’uaaehssbmakkaaatseeeytthittnyyozgeeistennurppeottrootiiaerooaiitrxnnnneutttqas..kwwduebTTeiieooyttootrthhhx’eppsiaapsddllafaaorraggnrsccaaitorrpyneetggeemeawtaatt.nciihhtttthet..iiiqqte]]Tssohtruunooeettooeefktbjttxxhureeeottoisyxffstmbbrroodopasxxrmmonptahiyaaagnettcwnnhhtie.yyteehd.Tww]eoddtorohhcooeeeupccrremuuoleeammmnecoopneeetnnhhtnntaethtthohsiooesirepzrratppeuuuegaasssxeggaeeet,eett,,hhjjiiuusssstt
TITLE 01on the page, just d[[GGrargabit.y]our reader’s attention with a
great quote from the document or
Click 0T1o[Grab your[Grraebadyeor’usrusreeatdheisr’sspaatcteenttioonemwpithhasaizgereaatkey
attenti[oGnrawbiqtyhuoouatre grferoeaamdteprot’hisneta.dtotecTnuotmioennptlwaocirtehusatehigtshreisattesxpqtaucoebteoxfrom the
Add Title[Grabquoytoeudrocurfmeraotedomneterm’ospr hutahsseiaznethyaiwskheseypraepcooenintttoh. eTepomapglheaa,csjeuizsteht idsartaekgxetiyt.]point. To
attentidooncuwmpietlhnatceaotbhrgoirsxuetsaeaetxntytbwhoihsxeraenyown htheerepoagnet,hjeusptadgrea,gjuist.t]drag it.]
quotespacefrotom emphthaesize a
02 TITLE 02[atqdkseGptoeutxayecortcanutttkdspeebhetmpbeoioxeaoyoceittcnnuxponpeytmabt.ottkogehawoeefieTutexnneoxrmonyiro,otyttrtp.hjpmpwapuaebThoun[eafolsgmhroaaarGoistmnyereenoxscepaywd,rrpitmephdagez.wrjulhauabeaerattTstnhehehagsrscoehtq[bor’aysteiiioetGnaeezsssuoiihtrwodtzpeeoxttr.eeurehh]lahotmaaoraeiibengasscnanprdeftqb[eyyihrtooGtkuoahwoota.ch]dexooeresmuuhiayietmnrszmpaeebretnra’prpheefsegyyhraoneaewoooaaitdk,nsmudnthetijetroezue.rtyochne’trsrrhsTuetetepaiemadooooapdkrunidnteanateepsongegtrtweyl.cnteh’aa[siu,GtTieicptotitttmj.eohhoortearp]uhanniteasunpittaabttngsehstila[w.nodteaeiggGts,ctnrTtirroiestatryeeejohhoraptungs[aqdaaoenwibtGaspttuttuoshupxaiittcatosiecorirltwq.etsdsaceannu]tghupecerbbitmtrtaotaieweoehhrogtctayxeaxoteitineoonshtttaaiyhtudgi.ossw]rgerefpaueorrtrmaire’oaegtrcsxhtapmrettehuraraaseetseaaiqdgzdueerettoehrrh’a’tiaeessst
the page, just drag it.] quotefromkfertyohmepodinotc.uTtmhoeenptlaocer tuhsies
[Grab your arunesyaedwethhre’issrq[esGuapootrantatecebtnehtfyei[qtrooGooupnmuoraeragtmewbterhp,eifyetharjhuoodadsmuseotiarzc’dtesurrhgeameaargetdedtkaineottern.tdstkcy]’etpsouqeoixoparymucatcnououtepeitmtbsnneoewtpkteohetnteiaet.inxxiotnygtofsitthThrtoe.rttoiaeho,nsebTspaumnxopemjooosupytrawxgpeippslwcnparatitbaheuhtettclghadochha.aaseeneeerxsictet,sraoyiaeTezgjwsauoettgephhnihsomrtaiity.eenassp]cwdrpaleetrahhacaeogesrnieiztt.eth]ohineas
document or
this text box
[Grabtoyeomurprhteoaasdeizmeerp’sahaakstetiyezneptaiooiknnetw.ythTipetohopipanaltga.ecT,eojtuhpsitlsadctreeaxgthiits.]text
TITLE 03 03greatbqouxoatenybfworoxhmearnetyhowenhtdehroeecpuoamngetehn,etjuposatrgder,ajgusit.]drag it.]
use this space to emphasize a key
t[qkdtasheGpteuob[qt[txeoaGGyecoroutcanuptoxrrepeebtmaaabtmioaebbgooeintpennxofnyyyh,yrtt.woooajotkdqas[owauefsTmhuuGuphtnuneoorsmitiirrroaozeytyecotrsrhcearpmttnuwdtrphheteebehtmreualeephiraaaoaaxosepaoeetgdkscnetndoapnorniiyeeendgeozbiayittroytnheterwgcoett’.wfu.theh]srteurmooexhp.ir’aoiih,mtnraesssoptaapThmaeptg[p[ijattehnrhnouGGuTttrarlgeneeaayeaisetsgosrre.nntstacweoaaae,ipttdeTgtnoszbb,diihjleroopteuo[btqrarjpteehqtoGrunnahatsouhcrla’uiuyyhpctsgaaeeessxoeretsoooitlewwcadtmsaeptuuaeedbreciitnarraprttotetfhhagghyyherfgetitwoorrexarihsheeaa,omtsmutihii.ajitmss]rsuz.edggpp]betsrterrhrahoeeteeetraactexhxaa’adeosestettdxkrindzaeteaoegdartynch’toysiautttdaq[skebptceehGpwtm.ueooountxa]pekayecorxhitmttteaecannutpitiengyepoeoebttmeabr.nteionnengoop,tTeiotteinnxoojnoor,yuwwotiton.njosunpawuiiretfTtuttsnlo.rwsmhhdiaerootuytrtTcrihhpmswdtatpeoehaaehhrgulhraiataaseshegaisceatriie.ssdgezi]gpteertt.trtaehh]ereohc’aiixanaesssettt
it.]