The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fdianika, 2023-03-20 23:47:28

Soal Bab 1 -3 SMT 2

Soal Bab 1 -3 SMT 2

Keywords: soal-soal,semeseter 2,kelas xi

A. Pilihen wangsulan kang kok anggep bener kanthi menehi tandha X (ping) ing aksara a, b, c, d utawa e. 1. Setitekna tembang gambuh ngisor iki. Samengko ingsun tutur, Sembah catur supaya lumuntur, Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki, Ing kono lamun tinemu, Tandha nugrahaning Manon. Piwulang kang ana ing tembang kasebut yaiku … a. Manungsa kudu teteg bebudene, sabar, tawakal, ikhlas, lila lan nerima b. Piwulang bab catur sembah yaiku raga, cipta, jiwa, lan rasa c. Piwulang supaya tindak-tanduk kang ditindakake semampune d. Ngadohi tumindak ala lan angkara murka e. Ngandhut panemu kang duweni sifat mistis Setitekna tembang ngisor iki kanggo soal nomer 2 tumeka 4. Sembah raga punika, Pakartine wong amagang laku, Sesucine asarana saking warih, Kang wus lumrah limang wektu, Wantu wataking wewaton. 2. Tembung kang kacithak kandel kasebut tegese …. a. Bulan b. Gunung c. Angin d. Banyu e. Lintang 3. Kang dimaksud saka kang wus lumrah limang wektu yaiku …. a. Wudhu b. Dzikir c. Dedonga d. Sholawat e. Shalat 4. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku … a. Manungsa kudu bisa olah jiwa, raga, lan rasa b. Tumindak kang becik yaiku menawa bisa sesuci diri c. Nindhakake kewajiban limang wektu miturut piwulang agama d. Ngresiki batin kanthi waspada lane ling e. Manungsa ora enthuk nalisir saka garising Gusti Tembang kanggo mangsuli soal nomer 4 – 6. Sapa sregep sinau Mesthi bakal entuk akeh ilmu Ilmu kang nuntun kanggo urip Aja mung bisane turu Bisane plonga-plongo 5. Tembang kasebut ngandhut tema …. a. Agama b. Pendidikan


c. Budaya d. Katresnan e. Kasetyaan 6. Tembung ilmu ing gatra kapindho bisa diganti nganggo tembung … a. Kawruh b. Mujur c. Jujur d. Patut e. Manut 7. Piwulang kang kakandhut ing tembang kasebut yaiku … a. Aja seneng plonga-plongo b. Sregepa nyambut gawe c. Sregepa ngangsu kawruh d. Sregepa nganggu banyu e. Aja seneng ngribeti kanca 8. Urutane tembang kang trep miturut paugerane yaiku …. a. IV b. I c. V d. III e. II 9. Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika ngrakit tembang, kajaba … a. Nggatekake wiraga, wirama, lan wirasane b. Nggatekake paugerane c. Saben tembung sing dipilih kudu sesambungan antarane siji lan sijine d. Ana sesambungan antarane cakepan siji karo sijine sapada e. Milih tembung-tembung sing mentes tur edi peni 10. Ngapurana awaku Menawa aku akeh keleru Ora lali ngaturna sugeng riyadi Uga ngucap maturnuwun Aku wis asring sembrono Tembang kasebut cocok diaturna ing wayah …. a. Dina pahlawan b. Perpisahan c. Tahun baru d. Pertemuan rutin e. Idul fitri I Uripku lagi mujur II Bijiku apik saka Pak Guru III Anggone ulangan Bahasa Inggris IV Matur nuwun duh Pak Guru V Bakal kula eling-eling kapan mawon


11. Setitekna tembung ngisor iki! (1) Ingong (2) Taruna (3) Yoga (4) Putra (5) Dhiri (6) Manira (7) Siwi Tembung kang kalebu dasa namane anak yaiku … a. (1), (4), (7) b. (3), (5), (6) c. (3), (4), (7) d. (4), (5), (6) e. (2), (3), (5) 12. Pamoting ujar iku, Kudu santosa ing budi teguh, Sarta sabar tawekal legaweng ati, Trima lila ambeg sadu, Weruh wekasing dumados. Gatra ing dhuwur ana tembung legaweng. Legaweng dumadi saka tembung … a. Le + gawaning b. Lega + weng c. Legawa + ing d. Lega + waing e. Legawa +aing Setitikna pethilan crita rakyat ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 13 – 15. Amarga para prajurit Bupati Semarang isih nguber dheweke. Kentiri isih mlayu terus lan dhelik ing tlatah Blora. Kanggo nyambung uripe, ing papan pangidane ik u dheweke nyolong. Nanging dheweke mung nyolong duweke wong -wong sugih. Asil antuke nyolong kasebut ora digunakake dhewe, nanging uga diwenehake marang wong - wong mlarat kang mbutuhake, mligine wong -wong mlarat kang urip ing desa. Wiwit saka iku, dheweke diarani maling kentiri utawa maling gentiri. Amarga pakulinane Kentiri kang seneng nenulung wong -wong mlarat kang lagi nandhang kasusahan, mula warga desa uga padha ngasihi maling Kentiri. Dheweke ora dianggep minangka won gala, nanging dianggep minangka ratu adil kang teka ing bumi. Minangka dewa kang jilma dadi manungsa kanggo nylametake wong-wong desa kang mlarat sengsara, wong-wong desa kang ditindhes para prajurit kadipaten. Maling Kentiri kerep didhelikake dening pendhudhuk desa saka uberane prajurit kadipaten kang arep nangkep dheweke. 13. Unsur intrinsik kang paling katon sajrone wacan ing dhuwur yaiku…. a. Wewatek b. Amanat c. Paraga d. Alur e. Latar kahanan 14. Paribasan kang trep kanggo kentiri yaiku …. a. Keplok ora tombok b. Jalukan ora wewehan c. Ana catur mungkur d. Kadya mangan simalakama e. Kadang konang 15. Ukara ing ngisor iki kang ora trep karo wacan ing dhuwur yaiku….


a. Kentiri aslring dauber prajurit b. Asil colongane didumake wong mlarat c. Sasarane mailing kentiri yaiku wong sugih d. Kentiri omahe ana semarang e. Tumindhake Kentiri ditindakake dhewe 16. “Durung Pakdhe, lha….. cepet-cepet ana apa ta, Pak dhe?” Saking Pakdhe Darsono wis anyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora mangsuli pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok dheweke dikongkon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing thenguk - thenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan. Miturut pethilan crita rakyat kasebut kang ora kalebu watake Joko Bodho yaiku…. a. Tindak-tanduke ora trep marang wong tuwa b. Sageleme dhewe c. Ora duwe unggah-ungguh marang wong kang luwih tuwa d. Eman papan ana ngendi wae e. Ora bisa ngurmati wong kang luwih tuwa 17. Dewi Ontrowulan enggal nyusul Pangeran Samodra neng Duk uh Barong. Atine Dewi Ontrowulan remuk banget nalika tekan panggona sing dituju, pangeran Samodra wes seda, lagi arep dikubur neng gunung anakan Kemukus. Swasana kang kagambar sajroning pethilan crita yaiku …. a. Kaget b. Sedhih c. Nesu d. Bungah e. Medeni 18. Desa Dhadhapan ngalami mangsa ketiga kang dawa. Akeh para warga kang uripe ketula - tula. Kaya dene Mbok Randha Dadhapan, pawongan wadon tuwa sing ora nduwe dulur, sing saben dinane luru krowodan ing alas kewan. Kahanan kaya mangkono d heweke ora tau ngresula. Kepara saya nyedhakake marang Gusti kang Mahakuasa. Nilai-nilai kang kakandhut ing pethilan crita kasebut yaiku …. a. Nilai religi b. Nilai pendidikan c. Nilai budaya d. Nilai moral e. Nilai sosial 19. Jaka Tingkir Raden Sahid dadi gemeter krungu pituture wong tuwa mau. “Kowe ora bakal bisa ngowahi nasibe manungsa iku mau srana aweh pangan lan dhuwit saka anggonmu begal iku. Akeh dalan sing bisa katindakake menawa kowe pengin mbiyabtu lan aweh pitulungan marang wong li ya. Kowe bisa ngelingake tumindak para panguwasa sing lali supaya bisa ngowahi cara nglakokake paprentahan kanthi ora sawenang-wenang. Kowe iya bisa ndandani uripe kang nandhang kasengsaran kanthi nyurung krentege supaya luwih sregep anggone nyambut gawe.” Amanat kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur yaiku menawa arep ….. a. Tetulung kudu eklas tanpa pamrih supaya entuk wales


b. Tumindak kudu ngati-ati aja grusa-grusu c. Tumindak aja nganti nuwuhake rasa kemerening liyan d. Tetulung srana pangan lan dhuwit kang halal e. Tumindak lan tetulung sing ora bebayani awake dhewe 20. Raja Inukerta ora pethuk karo garwane sawise Dewi Candrakirana disabda dadi Keong Mas. Kali sing diuncal Keong Mas dadi asat. Keong Mas temangsang ing watu. Begjane Keong Mas ditemu karo Mbok Randha Dhadhapan. Dheweke diopeni karo Mbok Randha Dhadhapan. Keong Mas didadekake anak Mbok Randha lan diwenehi jeneng Limaran. Pratelan wacan ing duwur, njlentrehake yen watake Mbok Randha kuwi apik marang wong liyan, seneng tulung tinulung. Watake Mbok Randha nduweni nilai kang bisa dadi patuladhan para siswa, nilai kasebut yaiku.... a. Budaya/kultur b. Moral/etika c. Sosial d. Religi e. Pendhidhikan Gatekna pethilan wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 8 lan 9. Jaka Kendhil Nalika iku para putri kerajaan padha dolanan ing sendhang. Wayah arep mulih salah siji putrine yaiku Putri Widowati kelangan kalunge, nanging malah ditinggal marang sedulure. "Sapa wae wong sing bisa nemokake kalungku, yen wadon arep didadekake sedulur, yen lanang bakal didadekake sesandhingan/bojo," kandhane Widowati. Jaka Kendhil ngrasa seneng banget. Dheweke sing njupuk kalunge Putri Widowati, banjur nyedhaki Putri Widowati Jaka Kendhil nyedhaki Putri Widowati karo nggawa kalung. Kalung kasebut dipasrahe Putri Widowati. Jaka Kendhil nagih janji sing nate dipocapake Putri Widowati yaiku yen sing nemokake kalung wong lanang bakal didadekake sesandhingane (bojo). Jaka Kendhil banjur matur marang biyunge, menawa deweke njaluk rabi karo salah sawijine putri ing kerajaan. Jaka Kendhil, biyung, lan paklike menyang kerajaan saperlu nglamar salah sawijine putri ing kana. Biyunge Jaka Kendhil matur menyang raja apa kang dadi panjaluke putrane. Banjur sang raja nakoni putrine apa Jaka Kendhil iku bagus? Para putri njawab menawa Jaka Kendhil kuwi ala Putn Widowati tetep gelem didadekake bojone Jaka Kandil Widowati njawab amarga dheweke janji nalika kalunge ilang yen sing bisa nemokake wanita bakal didadekake sedulur, yen sing nemokake priya bakal dinuwitani Banjur Putri Widowati diwengku garwa marang Jaka Kendhil. Putri Widowati ngajak Jaka Kendhil nonton tontonan neng lapangan. Jaka Kendhil ngongkon Dewi Widowati supaya menyang lapangan kanggo nonton tontonan kasebut lan Jaka Kendhil bakal nyusul mengkone Jaka Kendhil tapa lan malih rupa dadi satriyo kang bagus lan sekti mandraguna. Ing kerajaan iku dianakake sayembara kanggo nggolek senapati sing anyar. Sayembara iku dimenangake Cahyo Purnama alias Jaka Kendhil. Sak wise dadi senapati, dheweke digawe rebutan marang sedulure Widowati sing ora weruh yen Cahya Purnama iku Jaka Kendhil. Jaka Kendhil mulih menyang istana saperlu nemoni Widowati lan kandha menawa dheweke kuwi bojone, Jaka Kendhil Cahya Purnama malih rupa dadi Jaka Kendhil maneh kanggo nakyinake Putri Widowati. Sejatine Cahya Purnama yaiku Jaka Kendhil Putri Widowati nembe pracaya yen Cahya Purnama iku Jaka Kendhil, bojone. Putri Widowati lan Cahya Purnama urip kanhi seneng lan ati kang tentrem. 21. Saka crita "Jaka Kendhil", para siswa bisa njupuk pitutur becik supaya bisa dadi wong kang becik ing urip bebrayan. Ana ing paragrap telu nilai kang bisa kajupuk yaiku …. a. Yen sesandhingan tansah nimbang bobot, bibit, lan bebet


b. Manungsa tansah ngugemi janji lam ora kena mblenjani c. Tresna ora nyawang rupa lan bandha tresna kudu diusahake nganti mati d. Wong kang elek rupane ananging apik sikape e. Wong kang elek rupane ananging apik sikape 22. Saka crita ing dhuwur watake para paraga kang trep yaiku … a. b. c. d. e. 23. Crita rakyat Jaka Kendhil yen kok gayutake marang urip kekencan yaiku.... a. kekancan ing jaman saiki kudu ngerteni teknologi supaya ora kalah karo nagara liyane b. kekancan ing jaman saiki kudu nguri- uri kabudayan Jawa supaya tansah urip ngrembaka c. kekancan ora nyawang elek apike rupa, nanging nyawang elek apike tumindak supaya bisa dadi majune pribadhi d. kekancan ora nyawang bandha lan rupa, ananging nyawang sangune pira supaya bisa akeh ngerteni panganan kang manekawarna e. kekancan kuwi sing dicekel omongane utawa janjine, supaya bisa tresna mring kanca lan mbangun bale wisma Paraga Watak 1. Jaka Kendhil Nduweni niat ala 2. Dewi Widodari Sabar lan Njalukan 3. Raja Gumedhe lan Kemaki 4. Para Putri Raja Licik lan Ora nrimaan Paraga Watak 1. Jaka Kendhil Wibawa lan temen 2. Dewi Widodari Sabar lan njalukan 3. Raja Sabar lan nrima 4. Para Putri Raja Nduweni niat ala Paraga Watak 1. Jaka Kendhil Gumedhe lan kemaki 2. Dewi Widodari Nduweni niat ala 3. Raja Sabar lan wibawa 4. Para Putri Raja Nyawang wong kanthi nyawang rupane Paraga Watak 1. Jaka Kendhil Gumedhe lan kemaki 2. Dewi Widodari Sabar lan nrima 3. Raja Sabar ngrumat putri-putrine 4. Para Putri Raja Licik lan ora nrimaan Paraga Watak 1. Jaka Kendhil Sabar lan temen 2. Dewi Widodari Sabar lan nrima 3. Raja Manut marang sing dikarepake putrine 4. Para Putri Raja Ngremehake wong


24. Pethikan crita ing dhuwur kalebu struktur.... a. orientasi b. resolusi c. komplikasi d. konflik e. koda Pethikan crita kanggo pitakonan nomer 25-27 Nalika awan, Badi Thosari kangelan golek banyu amarga ing panggonane mau kabeh awujud alas. Badi Thosari banjur gejug lemah nganggo sikile. Lemah sing bar digejug mau bisa ngasilake banyu. Sumber banyu iku suwe-suwe bisa ngasilake banyu sing akeh. Panggonan iku sangsaya suwe klelep amarga sumber banyu mau terus ngasilake banyu. Badi Thosari banjur nableg sumber banyu mau nggunakake gamelan gong. Sawise ditableg nganggo gong, banyune mandheg mancur. Panggonan kasebut akire dadi rawa cilik lan dhaerah ing sakiwatengene banjur dijenengi "Sarawa". 25. Unsur intrinsik ing pethikan crita kasebut yaiku.... a. latar b. tema c. amanat d. paraga e. alur 26. Tembung "nableg" tegese.... a. nunggu b. nutup c. ngawasi d. menehi e. ngringkesi 27. Sarawa iku jeneng …. a. Kali b. Panggonan c. Omahe Badi Thosari d. Rawa cilik e. Lemah Crita kanggo pitakonan nomer 28-34. Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi peni, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sethithik tangga teparo padha mara menyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi sarira. "Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak," turene Kancil marang Merak. "Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagat. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah," wangsulane Merak kanthi sareh. "Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa sukurku marang Gusti" bacute tanpa linandhesan rasa umuk "Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?" pitakone Kancil Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebon timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo katon seger, Kancil dadi luwe.


Tangeh lamun, Cill Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu ditampa kanthi ati segara," wangsulane Merak. "Karo maneh kabeh sing tememplek ana badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku durung mesthi ana ing kowe, semana uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrap awakmu!" Nanging Kancil sajak nyawang ka- endahan wulune Merak. "Piguna apa?" sawise unjal napas sawetara banjur nggrundel, "Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!" "Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cill" kandhane Merak, "Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wuluwulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!" Sanajan Merak anggone ngandhani akeh, nanging ora bisa mbendhung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. "Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!" kandhane Kancil setengah meksa. Kapethik saka: http://h-e-t-u.blogspot.com/2012/01 dongeng-bahasa-jawa-kancil-dan-merak.htm 28. Miturut paragane, jinising crita.... a. Legendha b. epos c. mitos d. fabel e. dheskriptif 29. Ing ngisor iki watake Merak yaiku. a. Umuk b. Seneng menehi pitutur c. Seneng karo kaendahane awake d. Drengki, srei karo kewan liyane e. Culika marang kewan liyane 30. Pesen kang bisa dijupuk saka crita kasebut yaiku.... a. kabeh makluk ciptaane Gusti wis ginaris nasibe dhewe-dhewe b. Gusti iku ora sare saengga bisa mangreteni marang kahanane makluke c. nalika nduweni gegayuhan kudu nganggo pangurbanan lan tawekal d. wong kang nduweni kewasisan ora kena umuk e. kekancan iku ora kena amarga bandha 31. Setting saka crita kasebut ana ing .. a. Pinggir kali b. Sawah c. Tegalan d. Pinggir segara e. Ngalas 32. Pangripta anggone nyritakake paraga jroning crita migunakake alur… a. Maju b. mundur c. campuran d. maju mundur e. kabeh wangsulan bener


33. asenengane Merak yaiku.... a. Mangsak b. Macak c. Nari d. Dolan e. Nembang 34. Ing ngisor iki pituture Merak kanggo Kancil yaiku... a. "Sebab saben kewan ginaris dhewe- dhewe." b. "Sakarepmu anggonmu kandha, Rak!" c. "Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu." d. "Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagat." e. "Aku-kowe ki mung saderma nglakoni." 35. Ancase pacelathon pariwara ing dhuwur yaiku supaya…. a. Turu ing kursi b. Padha dolanan COC c. Tuku meuble Rose d. Nakoki kegiyatane Vita e. Iklan kursi gratis 36. Kaunggulane prodhuk sing ditawakake ing pariwara kasebut, kajaba…. a. Bisa kanggo nyante b. Bisa diotong-otong c. Nyaman kanggo ngegame d. Bisa nyambi nonton Tv e. empuk 37. Piwulang kang bis dijupuk saka gambar ing dhuwur yaiku … a. Wong sing tanpa narkoba bakal lara b. Wong sing tanpa narkoba bakal sihat Setitikna teks rekaman pariwara ngisor iki kanggo soal nomer 35 lan 36. Salsa : “Vin.. Vin.. Vin.. lagi apa tah? Vina : “Iki lagi dolanan COC karo ngrungokake lagu.” Salsa : “Ndeleng lah ya Vin!!” (kabeh paraga jagongan ing kursi kang dilungguhi wau) Elsa : “Lah meubel apa iki? Empuk tenan.” Ayu : “Iya bisa kanggo turonan iki, hehehe” Vina : “Iya lah.. iki meubel Rose empuk banget bisa kanggo nyante-nyante, nyaman kanggo dolanan game, nonton TV, uga turonan wis meh padha kaya kasur.” Wening : “Oalah iya…!! Gawa bali yuh!!” Elsa, Ayu, Salsa : “Ayuh!!”


c. Wong sing ngganggo narkoba bakal sihat d. Wong sing ngombe banyu putih bakal sihat e. Wong sing ora ngombe banyu putih bakal layu Pariwara kanggo soal nomer 38 lan 39. 38. Piwulang luhur saka iklan ing kasebut yaiku … a. Wijik sedurunge maem b. Reresik dhiri supaya ora kena penyakit c. Jaga dhiri lan wong liya saka covid-19 d. Manut ajaran pamarentah kanthi jaga jarak e. Luwih becik nyegah tinimbang ngobati 39. Pariwara kasebut dhuweni ancas kanggo …. a. Pangajab b. Pangajak c. Reminder d. Promosi e. Andharan 40. Ragam basa kang digunakake ing pariwara kasebut yaiku basa … a. Ngoko alus b. Ngoko kasar c. Ngoko lugu d. Krama lugu e. Krama alus


41. Informasi sing ora kadhapuk saka pariwara kasebut yaiku …. a. Diproduksi dening PT. Mlabas Jaya b. Gulane legi banget c. Nganggo gula aren d. Barang kang ditawakake yaiku madu e. Gulane legi banget 42. Piwulang saka gambar ing dhuwur yaiku ngajak supaya … a. Wegah maca buku amarga semrawute donya. b. Wegah maca buku amarga jendhelane donya. c. Gelem maca buku amarga jendhelane donya. d. Gelem maca buku amarga marakake mala. e. Gelem mbuwang maca buku amarga jendhelane donya. 43. Tema pariwara kasebut yaiku …. a. Karesikan b. Gotong royong c. Kulawarga d. Adat istiadat e. Lingkungan


Pariwara Kanggo Soal nomer 44 lan 45. 44. Informasi sing trep sajrone pariwara, yaiku …. a. Rega saben klambine Rp 6.000 b. Jeneng tokone yaiku “Resik, Wangi, Apik.” c. Uga nglayani setlika kiloan d. Dikumbah nganggo mesin lan tangan e. Nglayani umbahan ijen lan kiloan 45. Jinis usaha saka pariwara kasebut yaiku ing bidang … a. Setlika keliling b. Laundry c. Money charger d. Olshop e. Servis mesin cuci B. Wangsulana pitakonan kasebut miturut petunjuke. Crita kanggo soal nomer 46 lan 47. Jaka Tingkir Raden Sahid dadi gemeter krungu pituture wong tuwa mau. “Kowe ora bakal bisa ngowahi nasibe manungsa iku mau srana aweh pangan lan dhuwit saka anggonmu begal iku. Akeh dalan sing bisa katindakake menawa kowe pengin mbiyabtu lan aweh pitulungan marang wong liya. Kowe bisa ngelingake tumindak para panguwasa sing lali supaya bisa ngowahi cara nglakokake paprentahan kanthi ora sawenang -wenang. Kowe iya bisa ndandani uripe kang nandhang kasengsaran kanthi nyurung krentege supaya luwih sregep anggone nyambut gawe.” 46. Tulisen amanat kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur. 47. Terangna kabecikan kang bisa kajupuk saka crita r a k y a t ing dhuwur.


Pariwara kanggo soal nomer 48 lan 49. v 48.Apa isine pariwara ing dhuwur? Jlentrehna nganggo basamu dhewe. 49.Golekana piwulang saka pariwara ing dhuwur. 50.Gawea pariwara adhedhasar gambar ing ngisor iki.


Click to View FlipBook Version