The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Materi ajar Pariwara

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fdianika, 2023-02-27 20:52:03

Pariwara

Materi ajar Pariwara

Pariwara Kelas Bahasa Jawa


Pangerten Pariwara tegese ajak-ajak kang katindhakake kanthi bola bali. lumrahe dibiwarakake mawa medhia kayata radhio, tipi, pilem, ariwarti, kalawarti, Lsp. Ancase pariwara yaiku mbujuk konsumen supaya gelem tuku barang utawa nggunakake jasa sing ditawakake


Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara Ukarane cekak lan aos Bahasane prasaja, gampang dingerteni Tulisan lan gambare narik kawigaten


Unsur-unsur Pariwara Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake Alamat produsen Kahanan barang/jasa kang ditawakake


Pariwara tinulis Supaya bisa narik kawigaten wong kang maca, produsen nganggo gaya retoris tartamtu. Tegese migunakake tetembungan kang bisa ngyakinake lan milut kang nyimak/maca. basa kang digunakake ing pariwara yaiku ukara fakta lan opini(panemu). Fakta tegese ukara kang nyata utawa apa anane, lan opini tegese panemu kanggo narik kawigatene konsumen.


Kang perlu digatekake nalika gawe pariwara tinulis (cetak) Tampilan (layout) kang prasaja (sederhana) Desain warna kang pas Headline lan isi utama desain Gaya tulis (italic, Aksara kapital, Aksara cilik) 1. 2. 3. 4.


Pariwara Radhio 1.Pariwara ing radhio dhuwe cakrik(karakteristik). Teather of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen tumrap pariwara kang dirungokake. Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane. 2. Pariwara radhio iki lumrahe mung diwartakake satleraman. 3. Pariwara radhio iku gunakake swara manungsa, musik, jingle, efek swara.


Tata cara panulisane teks pariwara radhio Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. tembung sing digunakake yaiku tembung lan ukara kang gampang ditampa. amarga kang dituju iku pangringone. Nulis minangka wujud komunikasi langsung, mula kudu fokus marang pamiyarsane. Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane, mula kudu nuwuhake rasa keakraban komunikasi personal. 1. 2. 3.


Nyingkiri nulis sesorah Swara tulisan kudu mujudake swasana informal Naskahe kudu Komunikatif, satema, saukara, cekak lan aos. Nulis kanthi ancas langsung dipahami. mula aja kedawanen ukarane tembung ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung - tembung kang meh padha pangucapane Cara nuwuhake rasa keakraban komunikasi personal sajrone nulis teks pariwara radhio


Cakrik pariwara Tv Piranti ing pariwara Tv luwih genep tinimbang pariwara radhio. Pariwara Tv Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak. mula ora mung ing babagan tulisan/naskah, nanging tampilan kang narik kawigaten iku kang disenengi.


Tuladha pariwara tinulis/cetak


TULADHA IKLAN ING RADIO iklan “Tolak Angin Komplit” Bapak : “ aduh bune awakku kok padha pegel kabeh” ibu : “punapa tho pakne?” Bapak : “ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masuk angin” Ibu : “oalah bapakne masuk angin tho” Bapak : “iya bu awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang dagangan” Ibu : “niku pakne mesthi supe ngunjuk obat” Bapak : “iya bune, ben cepet mari diapakna ya, dipijeti wae piye bune? Ibu : “oalah gampil yen soal pijet, niki tak dhamelke unjukan riyin, supados ical pegel-pegelipun” Bapak : “apa iku bune?” Ibu : “ niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal kangge masuk angin, mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake tenggorokan, njaga kasarasan awak sarta apik diunjuk nalika perjalanan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didhamel saka bahan alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe lan madu. Ayo pakne diunjuk saniki supados enggal waras.” Bapak : “wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae.” Ibu : “bener tho omongku, awak dadi seger buger amarga ngunjuk TOLAK ANGIN KOMPLIT.” Tuladha pariwara radhio


Maturnuwun


Click to View FlipBook Version