SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH
A. PUPUH GAMBUH
B. UNSUR PANDHAPUK TEMBANG
C. NGGANCARAKE TEMBANG
D. PIWULANG LUHUR
E. GAWE TEMBANG
A. PUPUH GAMBUH
Tembang iku padha karo tulisan sing pinathok sarta pamacane kudu kanthi cara dilagokake. Tembang gambuh iku kalebu
perangane tembang macapat, amarga kawengku dening paugeran, yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saha
sasmita lan watek.
▪ Sasmitane tembang gambuh yaiku embuh, tambuh, sembuh, imbuh, kambuh, wimbuh, lsp.
▪ Watake tembang gambuh yaitu sumanak, sumadulur, prayoga kanggo aweh pitutur lan tansah
menehi pangerten. u
▪ Tembang gambuh digunakake kanggo menehi ngelmu kang kang kukuh/bakuh (tegas/galak).
▪ Tembang gambuh iku nggambarake manungsa kang ngancik diwasa utawa sansaya diwasa, mula
bisa bisa njumbhake kebutuhan lair lan batin, kulawarga, lan masyarakat, pribadhi karo Gusti.
B. UNSUR PANDHAPUK TEMBANG
1. Diksi yaiku pamilihane tembung kang trep sajrone ukara.
Diksi duweni perangan kaya ing ngisor iki:
a. Tembung Lingga
Tembung kang isih wutuh, kang durung anthuk imbuhan apa-apa utawa isih asli.
b. Tembung Andhahan
Ater-ater : imbuhan kang mapan ana sangarepe tembung lingga.
Seselan : tambahan kang kapapanake ana satengahing tembung.
Panambang : imbuhan kang mapan lan dumunung ana saburine tembung.
Kajaba tembung lingga lan andhahan, ing tembang gambuh ana uga nggunake tembung garba lan tembung lingga.
Tembung garba: tembung loro kang dirangkep dadi siji nanging nganggo ngurangi cacahing wanda.
Tembung rangkep : kedadeyan saka tembung andhahan kang dirangkep.
c. Dasanama
Tembung pirang-pirang lan duwe teges siji utawa padha.
2. Purwakanthi
C. NGGANCARAKE TEMBANG
Gancaran ing Bahasa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges mgowahi tembang nganggo basane dhewe supaya
bisa dadi gancaran. Sadurunge gawe gancaran kudu mangerteni carane nggancarake
Ukura-ukarane tembang kang mawa tembung baliswara (tembung kang anggone negesi
kanthi diwalik) kudu diudhari.
Menawa ana tembung Kawi kudu diowahi dadi tembung jawa anyar kang lumrah
dienggo.
Menawa ana tembung garba(tembung sandi) kudu diudhari.
Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi tembung
saperlune. Mangkono uga tumrap ater-ater lan panambang.
Pada/ bait diowahi dadi paragraph kanthi bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, lan
tandha prentah.
D. PIWULANG LUHUR
Piwulang luhur yaiku nilai kabecikan sing bisa dijupuk jroning tembang. Piwulang iki ana gegayutane karo kahanan ing urip
padinan.
• Piwulang luhur sing ana gegayutane karo keyakinan lan
Nilai Religius agama.
• Piwulang luhur sing ana gegayutane karo paugeran-
Nilai Sosial paugeran urip ing masyarakat.
• Piwulang luhur sing ana gegayutane karo adat istiadat lan
Nilai kabudayan kang dilakoni masyarakat tartamtu.
Kabudayan
• Piwulang luhur sing ana gegayutane karo budi pakarti ing
Nilai moral masyarakat.
E. GAWE TEMBANG
Gawe tembang kudu jumbuh karo paugeran kang wis gumathok. Babagan kang wigati iku guru gatra, guru
wilangan lan guru lagu, ora kena diowahi sakarepe dhewe.
Menawa arep ngarang tembang Nemtokake
Gambuh, kudu nggatekake tema
paugerane tembang Gambuh.
Watake tembang Gambuh sumanak Nyocogake ukara Mangerteni
lan sumadulur karo paugeran paugeran lan
kang gumathok.
Tembang gambuh iki cocok kanggo watake
menehi piwulang utawa pitutur.
Nyusun ukara Milih tembung
Tembung-tembung sing dienggo mawa tembung- kang rinengga
becike tembung kang edi
peni/endah saengga tembung kang tembung sing
kogawe katon becik. wis dipilih