The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by shinusapriliana, 2022-09-05 02:49:25

GEGURITAN

Geguritan

A. TEKS SASTRA NON TEMBANG (GEGURITAN)
1. Pangerten Geguritan
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu.
Cacahe larik, cacahe wanda,cacahe pada, tembung - tembung kang dipilih, lan
surasane kabeh merdika utawa bebas. Ananging apike ukara kudu cocog karo
isine, pilihane tembung kudu mantesi lan mentes, uga kudu nggunakake wirama
lan basa (purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan sapenunggale)

2. Ciri-cirine geguritan :
a. Nggawe tembung-tembung kang apik lan pilihan.
b. Cacahe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ditentokake utawa ora
kaiket
c. Sajake bebas
d. Isine apik, lan becik
e. Isine sindiran, kritik, pitutur, piweling, pamundhut, lan sapanunggale
f. Sok kala mangsa nggunakake basa purwakanthi, swara, lan sastra
g. Tembung Kawi

3. Unsur Geguritan
a. Unsur fisik
1) Diksi, yaiku Pilihan Tembung. Nggatekake lan menehi tekanan basa,
utamane babagan tembung-tembung utama ing geguritan. Ing perangan iki
bisa awujud irama lan rima.
2) Citraan, yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
3) Majas, yaiku ujud ukara kang bisa narik kawigaten.
4) Tipografi, yaiku bentuk Geguritan

b. Unsur Batin Geguritan
1) Tema, yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar
geguritane. Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema
ketuhanan (religius) tema kamanungsan,tresna, patriotisme, perjuangan,
urip kang gagal, alam, kritik sosial, keadilan, demokrasi, lan tema
kekadangan (persahabatan).

2) Perasaan/rasa pangrasa, yaiku rasa pangrasa kang kepingin diandharake
dening pangripta nentokake nolak, nyarujuki ,apa nyengkuyung tumrap
rasa iku.

3) Nada/irama, yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada
njlentrehake sikap pangripta marang marang riptane.

4) Amanat/Pitutur. Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake
pesen kang bakal dijlentrehake.

4. Geguritan klasik
Titikan geguritan klasik/ kuna yaiku:
a. Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit
b. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih.
c. Cacahing wanda saben gatrane padha.
d. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi.

5. Jinis geguritan
a. Ode. Geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya,
negara apadene kang dianggep luhur.
b. Himne. Geguritan pangalembana marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
c. Elegi. Geguritan kang surasane panalangsa.
d. Epigram. Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai
idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes.
e. Satire. Geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang
landhep/ sinis tumrap sawijining bab kanh ora adil kang ana ing madyaning
bebrayan.
f. Romansa. Geguritan kang surasane babagan katresnan.
g. Balada. Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa
mung lamunane pujangga

6. Trap-trapan panulise geguritan
a. Nemtokake ide/tema, ditindakake kanthi nglumpukake informasi lumantar
maca, krungu, nonton, maca kahanan uga saka pengalaman.

b. Nyaring, milih utawa nyaring informasi (prastawa, tema, ide, gagasan) kang
narik kawigaten saka tema kang dianggo.

c. Ngripta geguritan, minangka proses kang kudu ditindakake kanthi tliti, awit
penulise mbutuhake kreativitas, intiusi, lan imajinasi sarta pengalaman lan
kaprigelan.

7. Trap-trapan lan cara kanggo mahami lan ngudhari surasa geguritan
a. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan. Pakaryan iki isa
nemokake gegambaran kanthi global utawa proses penafsiran kawitan.
b. Nggoleki materi-materi kang penting, kayata: 1) Irah-irahan; 2) Tembung
kunci; 3) Gaya basa (majas); 4) Simbol-simbol; lan sapanunggalane.
c. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan.
d. Nggancarake nggunakake basane dewe.

8. Gawe pitakonan sing ana gegayutane klawan isi geguritan.
Gawe pitakonan kang ana gegayutane klawan isi geguritan yaiku:
a. Wacanen bola-bali geguritan kasebut kanthi dibolan-baleni
b. Anggone menehi pitakonan kudu cetha lan santun
c. Banjur golekana bab-bab sing durung kok ngerteni utawa bab sing isih ganjel
mbuh kuwi babagan tembung, srtuktur lsp.

9. Gawe parafrase geguritan
Parafrase yaiku cara ngandarake gagasan utawa konsep kanthi basa liyane

sing relavan, tanpa ngelongi lan nambahi konten asline.
Dene carane yaiku:
a. Kudu mudeng konsep dasare teks geguritan
b. Akehana maca lan ngrungokne supaya akeh referensi tembung-tembung basa

Jawa
Bisa nyimpulake nilai-nilai sing ana sajroning geguritan lan relevansi

klawan kahanan masyarakat saiki carane yaiku kanthi cara maca dibolan-baleni
lan sawise mangerteni isi pokoke disimpulake nilai-nilai saha digayutake klawan
kahanan masyarakat saiki.

10.Bisa nulis geguritan
Sajroning nulis geguritan kudu nggatekake bab struktur, unsur lsp kang materine
wis tak dumke ana ing KD pengetahuan. Carane maca geguritan kang becik lan
endah sakurang - kurange ana 4, yaiku Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.
Penjelasane yaiku :
a. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu,
pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.
b. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune
intonasi kudu dilarasake karo isine sesorah.
c. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe
(prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).
d. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa
kudu luwes ora kaku ora ketok digawe - gawe.


Click to View FlipBook Version