The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

BUKU RENGGEPING WICARA.PERMADANI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by trias Kurniawan, 2023-10-12 23:23:58

Renggeping Wicara

BUKU RENGGEPING WICARA.PERMADANI

Keywords: pranatacara,permadani

A. PANGIRING ……………………………………………………………………… 1 B. RENGGEPING WICARA ………………………………………………………… 2 1. Tegesipun Tembung ………………………………………………………….. 2 2. Renggeping Wicara ing Pambiwara ………………………………………… 2 3. Sawetawis pangartosan ingkang prayogi dipun wuningani/mangertosi dening kadang panatacara / pambiwara …………………………………… 2 4. Renggeping Wicara kangge Ngrangkani Wedharing Pangandikan …….. 2 C. KAWRUH PAMBIWARA ………………………………………………………… 3 1. Sangunipun Pambiwara ……………………………………………………… 3 D. TULADHA MAMBIWARA ………………………………………………………… 4 E. KAWRUH MENDHAR SABDA ………………………………………………….. 4 WEWATON MENDHAR SABDA ………………………………………………... 4 a. Purwaka basa ………………………………………………………………... 4 b. Surasa basa ………………………………………………………………….. 4 c. Wusana basa ………………………………………………………………… 4 TULADHA WICARA ……………………………………………………………... 5 A. LAMPAH – LAMPAH TATACARA PANGGIH ……………………………... 5 B. TULADHA MAMBIWARA …………………………………………………… 6 1. PAMBUKA ……………………………………………………………….. 6 2. TEMANTEN PUTRI MIJIL ……………………………………………... 9 3. BEDHOL KEMBAR MAYANG …………………………………………. 11 4. PENGANTEN KAKUNG RAWUH …………………………………….. 14 5. PASRAH TINAMPI ……………………………………………………… 16 TULADHA TANGGAP SABDA PANAMPI PASRAH PENGANTEN .. 18 6. TATA CARA PANGGIH ………………………………………………… 20 7. SINDUR BINAYANG / KROBONGAN ……………………………….. 23 8. BESAN MERTUWI ……………………………………………………... 25 9. SUNGKEMAN …………………………………………………………... 27 10. ATUR PAMBAGYA HARJA …………………………………………….. 30 11. KIRAB KANARENDRAN ………………………………………………. 34 12. KIRAB KASATRIYAN …………………………………………………... 37 13. HASTUNGKARA PUJA (DO’A) ……………………………………….. 39 14. PANUTUP/BUBARAN ………………………………………………….. 39


RENGGEPING WICARA A. PANGIRING Gegaran baku Pawiyatan Permadani mila leres sanget kawicaksanan ingkang dipun amanataken dening MUBES PERMADANI warsa 2005, saha katetapaken ing Rakernas Permadani 2006. Rehning Departemen Pendidikan Nasional ugi netapaken bilih Piwulang Basa Daerah kelebet basa Jawi mlebet kurikulum ing tataran Sekolah Dasar (SD), Sekolah Lanjutan Pertama (SMP) sarta MI lan MTs, dumugi tataran SMA lan MAN. Minangka dampak positif saking program kalawau, tumprap Bapak saha ibunipun para siswa kalangan tiyang Jawi ingkang taksih tresna Basa Jawi, mapan sampun dados pepinginan amrih basa jawi tetepa lestari gesangipun. Kantrhi mekaten PERMADANI ugi cawe – cawe ndherek nginggahaken basa jawi baten winates ing jagading medhar sabda lan mranacara adat tatacara jawi, pramila parikedah nylarasaken programipun Pamarentah mbudi daya murih Basa Jawi dumugi seni kabudayanupun kajangkepana pasinaonipun para putra lan gengerasi mudha jawi, ing sekolahan ugi pinanggih ing bebrayan/masyarakat pandhemenipun basa jawi. GBPP Renggeping wicara ing Permadani kaperang dados 4 (Sekawan) bab wigatos inggih punika : - Mangertos tumprap tegesipun tembung ingkang dipun angge pirembagan. Saget ngendikan kathi pangucap ingkang leres lan sae, lagu pangandikan, pedhotan ukara lan unggah – ungguh basa. - Pambiwara ing pasamuan panganten - Mangertos dhumateng sangunipun pambiwara lan Mendhar sabda - Saget ngayahi mendhar sabda pasrah tampi, pambagya harja, lan sanes – sanesipun. GBPP Renggeping wicara ing pawiyatan Permadani baten sami kalian GBPP Ing pawiyatan pada siswa sarta mahasiswa ing pawiyata luhur, GBPP Permadani tinuntun ngener dhateng tatacara tumprap tiyang jawi ingkang wonten gegayutanipun kaliyan mantu. Saben tataran utawi tata cara tamtu migunakaken basa krama alus utawi krama inggil sarta basa rinengga. Inggih ing ngriki menika sedaya parikedah dipun ladosaken kanthi basa jawi rinengga ingkang jangkep tatanan basanipun, inggih tatanan RENGGEPIPUN BASA / WICARANIPUN KADANG PAMBIWARA sarta PAMEDHAR SABDA. 1


2 B. RENGGEPING WICARA 1. Tegesipun Tembung Tegesipun Renggep : JANGHKEP . Renggeping wicara utawi renggipipun pangandikan, basanipun wujud ngoko alus, ngoko krama utawi krama alus (krama inggil), katata mawi tatan basa (parama sastra), pamilihing tetembungan maton lan pas pedhotan ukaranipun, lagu mbat mentul manut tegesing ukara, tuwin unggah ungguhing basa. Basa jawi renggep, asipat luwes maksudipun tetembungan baten mligi tembung – tembung jawi kepawon, ananging saget dipun campuri tembung – tembung sanjawining basa jawi, uger baten ngirangi lungitipun basa jawi punika piyambak. 2. Renggeping Wicara ing Pambiwara Basa jawi ingkang sesangkutan raket kaliyan raos pangraosing manah, handayani saget dhateng kabetahanipun paraga mranatacara sarta medhar sabda. Basa jawi ngoko, krama alus ingkang renggep, badhe kuwawi adamel sengsem tumprap tiyang ingkang kaajak rembagan punapa dene tiyang ingkang mirengaken. Pramila Basa Jawi asaring dipun sebat basa ingkang lungit, maksudipun basa ingkang sae lan alus garapanipun. Kadang Pranatacara langkung prayagi migunakaken Basa Jawi Krama Inggil, utawi Basa Rinengga, nanging kaudiya baten saget-sanget ndakikndakik utawi mubat mubet namun kepengin nedahaken menawi pribadinipun kuwawi muginakaken basa lungit. Nanging adamel baten mangertosipun para tamu ingkang midangetaken, satemah ngecap Basa Angel. 3. Sawetawis pangartosan ingkang prayogi dipun wuningani/mangertosi dening kadang panatacara / pambiwara : a. Ricikan tembung runtut, pamilihing tembung jumbuh kaliyan tujuanipun b. Basanipun gampil tinampi ingkang mirengaken c. Pedhotan ukara kanthi linambaran lagu ingkang ruruh d. Pangandikan tansah asikep anoraga nengenaken tatakrami e. Tidak tanduk maraga sarwa porajasa, pasuryan sumringah, baten keladuk gegojegan f. Wasis sarawung tanpa medak – mbedakaken sinten lan menapa kalenggahanipun tiyang. 4. Renggeping Wicara kangge Ngrangkani Wedharing Pangandikan Adat ingkang sampun lumampah, pangandikan abasa jawi ngoko punapa krama, saben wilayah ing tanah jawi temtu beda cak-cakanipun lagu pangadikanipun. Bilih cak-cakanipun basa sami.


3 Kadosta ing tlatah jawi kilen tanah pasundan, Cirebon. Dene Jawi Tengah ing Tegal, Banyumas, Semarang, Ngayogyakarta, Surakarta, Pati, Blora, lsp. Jawi Wetan ing Madiun, Malang, Kediri, Surabaya, Banyuwangi, lsp. Pramila kangge wilayah Jawi Tengah lan Jawi Wetan raket sanget teteh tegesipun pangucap ngemperi, maksudipun lagu lan wirama pamedhoting ukara baten wonten gesehipun. Basa Jawi repnggep kangge pasamuan resmi, prayogi kangge wewaton saben ngayahi jejibahan salebetipun kaperluan mangu gati mantu. Ing diktat Renggeping Wicara dipun serat tuladha – tuladha ngendika wiwit pasamuan ndhodhog kori, ngantos dumugi titi gati mantu. (Ananging) Tuladha punika baten kedah dipun ugemi kados ing diktat, punika namung kagem ancer – ancer kemawon. C. KAWRUH PAMBIWARA Pambiwara utawi pambyawara saking tembung byawara utawi biwara ateges kabar. Pikantuk ater – ater pa, pambiwara utawi pambyawara ateges tiyang ingkang ayahanipun mbyawarakaken lampahing tatacara. Utawih kaprah sinebat protokol utawi master of ceemony (MC). 1. Sangunipun Pambiwara Supados ayahan pambiwara saged murakapi saha damel rancag lan endahing pasamuan, pambiwara kedah nggadahi sangu ingkang antawisipun : a. Basa ingkang laras tuwin luwes, laras liripun saget sekeca lan endah dipun mirengaken para tamu. Leres liripun jumbuh parama sastranipun lan trep pamilihing tembung. b. Wijang wijiling pangandikan, sadaya ingkang dipun ngendikkaaken gampil dipun tampi piyantun sanes lan cetha pikajengipun. c. Saget ngungak swasana, liripun swasana punapa, saha kaliyan sinten ngendikan, baten keladuk ngandhar-andhar. d. Jangkep sangu babagan kwruh tatacara upacara. Tatacara punika urutan adicara igkang trep. Upacara inggih punika kalebet ubarampe ingkang dipun ginakaken ing tatacara. e. Titen dhumateng gendhing pangiring, gendhing-gendhing baku pinangka pangiring tatacara kedah pirsa, temah baten tumpang suh pangetrapipun. f. Andhap asor anoraga, liripun kedah tepang rembag kaliyan sedaya piyantun utawi kadang kridha darma ingkang hanyengkuyung lampahing tatacara


4 g. Jumbuh panggegeming busana. Busana ingkang kaagem kajumbuhaken kaliyan lampahing tatacara adat pundi ingkang katemben dipun ayahi. D. TULADHA MAMBIWARA Tuladha mambiwara ing tatacara manton, wiwit murwakani, nyandra, ngantos mungkasi adicara kasumanggakaken dhumateng para Dwija. E. KAWRUH MENDHAR SABDA Pamedhar sabda inggih punika piyantun ingkang mahyakaken estining sedya diri pribadi utawi piyantun sanes. Ingkang kalebet medhar sabda : a. Sesorah (sambutan Ind,), tuladhanipun sesorah pangarsa Permadani ing upacara wisudha purna wiyata. b. Atur pambagyaharja ing tatacara manton utawi saesipun. c. Mendharsabda pasrah penignset, psrah penganten badhe panggih lss. d. Tanggap sabda, atur panampi pasrah e. Tanggap wacana, atur pamanggih tutawi pamrayogi wonten parepatan sarasehan lss. f. Wasita adi, wasita tama, tuladhanpun ular – ular manten WEWATON MENDHAR SABDA a. Purwaka basa : 1. Salam pembuka 2. Atur pakurmatan 3. Atur puji syukur b. Surasa basa : 1. Estining sedya 2. Pangajeng – ajeng c. Wusana basa : 1. Nyuwun pangapunten 2. Salam pamungkas TULADHA WICARA Basa Jawi renggep kangge pasamuan resmi, prayogi kangge wewaton saben ngayahi jejibahan salebetipun kaperluan mangu gati mantu. Ing diktat renggeping wicara dipun serat tuladha-tuladha ngendika wiwit pasamuan ndhodog kori ngantos duugi titi tagi mantu (Tuladha punika baten kedah dipun ugemi kados ing diktat, punika namung kagem ancer-ancer kemawon) Wilujeng gladhen .......


5 TULADHA MAMBIWARA PANGGIH PENGANTEN GAGARAK SURAKARTA HADININGRAT A. LAMPAH – LAMPAH TATACARA PANGGIH No Tatacara Gendhing iringan 1. Pambuka Ket. Sang Hyang Pl. Nem 2. Temanten Putri Mijil - Ket. Puspawarna Sl. My. - Ket. Sekarteja Pl. Br. 3. Bodhol Kembar Mayang Sekar Mcpt. Dhandanggula – lgn. Ilir-ilir Sl. My 4. Penganten kakung rawuh Ldr. Wilujeng Pl.Br 5. Pasrah Tinampi - 6. Panggih- Kodhok ngorek minggah Ket. Larasmaya Pl. Br 7. Sinduran-Krobogan Ldr. Si Widada Pl. Br. 8. Besan mertuwi/Rawuh - Ldr. Tirta Kencana Pl.Br - Ldr. Kapang – Kapang Pl. 6 9. Sungkeman - Ldr. Mugi Rahayu. SL. My. - Ldr. Santi Mulya Pl.6 10. Atur Pambagya harja Lcr. Kebogiro (saksampunipun paraga lengser) 11. Kirab kanarendranan Akt. Langen-gira Sri Narendra Pl. Br 12. Kirab Kasatriyan - Ket. Ibu Pertiwi Pl.6 - Ket. Subakastawa Sl. 9 13. Hastungkara - 14. Bubaran - Ldr. Tedhaksaking Pl. Br - Ldr. Gleyong Pl. 5 - Ayak – ayak Umbul Donga S;. My


6 B. TULADHA MAMBIWARA 1. PAMBUKA Aturipun Pambiwara/ater-ater Nuwun sagunging para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinormatan, ngaturi kawuningan, bilih hamudhi dhawuh saking ingkang hamengku gati nun inggih panjenenganipun Bapa ................... (Eko Budi Susanto) sakulawarga, saha karana sedaya ingkang hanyengkuyung laksitaning adicara ing ri kalenggahan punkika sedaya sampun samya siaga ing gati, keparenga rerangkening adicara dhaupung pinanganten ing siyang/dalu*, punika kula wiwiti. (Mungel Gendhing Ket. Sang Hyang Pl. Nem. Sasampunipun Gong Sepisan Kawiwitan) Assalamu’alaikum Wr,Wb. Nugraha saking keparengipun Gusti Inkang Maha Sihwilasa, ingkang hambabar daya kawilujengan, kebagas kuwarasan saha katentreman, mugi – mugi tansah kajiwa kasarira panjenengan sedaya sakila warga dalasan kula, miwah waradin mring sagung dumadi. Nuwun, kula nuwun - Ingkang satuhu dahat kinurmatan .................................. - Ingkang kinabekten para sesepuh, pinisepuh, aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur, - Ingkang kinurmatan para-para satriyaning nagari, para pangarsa pangembating raja ingkang dados pandam-pandoming kawula dasih, - Ingkan kula kurmati kadang besan sutresna nun inggih panjenenganipun bapa ........ (Dwi Susanto) sakula warga, - Ingkang kinurmatan sagunging para tamu kakung sumawana putri, sumarambah para kadang wredha miwah kadang mudha ingkang kinasih. Mugi keparenga kula hambuka wiwaraning suka, wenganing kandha, miwah dwaraning adicara ing siyang/ dalu* punika, karena ing ri kalenggahan punika, kula kapatedhan sinaraya dening penjenenganipun Bapa ...................... (Eko Budi Susanto) sakula warga, kinen hanjejeri mongka juru paniti laksana/ juru pranatacara/pambiwara/pranata adicara* Sagunging para rawuh ingkang bagya mula, sakderengipun kula ngaturaken urut rerocening adicara ingkang sampun rinantam dening kulawarga, hanuhani kuncaraning bangsa Nuswantara ingkang sampun linambaran adi luhunging Pancasila sumangga nwun, dhumateng


7 panjenengan sedaya kula dherekaken ngangklungaken jangga nungkulaken mustaka kinanthen puji astuti puja astawa kunjuk ngarsa dalem Gusti Allah Dzat Ingkang maha kawasa/akarya loka/hamurbengRat* karana barakah saha sih rahmadipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya sakulawarga dalasan kula, sahingga ing ri kalenggahan punika saget kempal manunggal kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Sagunging para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan, Ing ri kalenggahan punika katiti ari ............. (SABTU KLIWON), surya kaping.... (SEDASA) ................ (BAKDAMULUD) ........ (1955 J), Panjenenganipun Bapa ................ kapareng hangrakit boja krama, lenging gati tan sanes saperlu hanetepi darmaning asepuh, kepareng hambadhul krami, hamiwaha suta mahargya siwi, nun inggih handhaupaken putra putrinipun ingkang asesilih nimas Ayu .................. ingkang sampun jinantukrama Bagus ............... atmaja jalu panjenenganipun Bapa ........... tebih saking tlatah ....................... (DESA, KECAMATAN, KABUPATEN, lss) Ewondene adicara dhauping pinanganten kekalih, tulodhonipun sampun kaeneraken kaliyan adat widhi widana ingkang lumampah wonteng ing Karaton Surakarta Hadiningrat sumrambahipun ing tlatah Tulungagung mriki, kanthi urut reroncening tatacara ingkang sampun rinantam dening kulawarga nun inggih kados mekaten : - Adicara dhauping pinanganten badhe tinarbuka mijiling Temanten putri saking sasana tepas wangi, tumuju sasana rinengga. - Saksampunipun temanten putri lenggah, kalajengaken tatacara bedhol kembar mayang, miwah praptaning panganten kakung kalajenganken tumpaking upacara pasrah tinampi. - Sagung para rawuh, dhumawahing adicara saklajengipun, nun inggih dhauping kemanten sarimbit, kalajenganken adicara sindur binayang miwah krobongan - Purnaning adicara dhaup, kalajenganken tumapaking tatacara besan mertuwi, miwah adicara sungkeman - Sanggya para lenggah, adicara saklajengipun nun inggih Atur Pambagya harja saking ingkang hamengku karsa.


8 - Adicara saklajengipun winastan kirab kanarendran miwah kirab kasatriyan - Ewondene minongka tanda yekti purnaning pawiwahan hambok bilih Sri atmaja kemanten sarimbit kinapit rama dalasan ibu sampun mandhap saking sasana rinengga tumuju wiwaraning sasana winangun, saperlu caos pakurmatan kunduripun para tamu. Sanggya para rawuh ingkang kinurmatan, Makaten kalawau menggah urut rerangkening adicara ingkang badhe lumampah. Kula ingkang piniji hanjejeri mongka juru panatacara, kejawi nyuwun tambahing pangestu, mboten ketang amung sak gadhuking manah, miwah sak kadharing lampah mugi keparenga kula jumangkah saperlu badhe hanjemadani rerangkening adicara ingkang badhe lumampah. Ewondene dhumateng panjenengan sedaya, muga wontenna suka lilaning panggalih, keparenga lenggah kanthi mardu-mardikaning manah ngantos pari purnaning gati. Nuwun


9 2. TEMANTEN PUTRI MIJIL Aturipun Pambiwara/ater-ater Sagunging para rawuh kakung putri ingkang satuhu luhuring budi, saksampunipun tinarbuka wiwaraning suka saha karana sri atmaja temanten putri sampun paripurna anggipun hangrasuk busana, hamulas wadana miwah hanglulur sarira, pramila keparengaing sedya badhe manjing sasana pawiwahan lenggah aneng sasana rinengga. Mijiling sri atmaja temanten putri kalamun cinondra, pindha sakaring pusparana (Mungel Gd. Puspawarna Sl. My. saksampunipun gong sepisan kawiwitan) Panyandra : Binarung swaraning pradongga munya ngaringin keplok imbal hangedasih, nuli ana ganda arum lumrang banjaran sari ngebaki jroning bali winangun. Datan watawis dangu, ana teka manther sak sada laang gedhene, hangenguwung mawa praba, den kedhepaken ilang tejane kasengguh hapsari ing kasuwargan ingkang tumurun mring madyapada arsa andum kabagyan, satuhu punikata, tejanira sri atmaja temanten putri ingkang mijil saking sasana tepas wangi, arsa manjing ing sasana rinengga. Mabyoooor ... mabyor busananira ingkang angimba busananira prameswari nata, marma kalamunta katempuking damar kurung/hyang surya* ingkang hangrenggani, pating galebyaar pating calarot pindha ndaru asesiring langit. Amucang kanginan denura lumampah, membat kadya luminggang ing warih, lembehan merah kasimpir riyak hanggajah goling. Prapteng madyaning pawiwahan kagyaaat kagara wekasan kang apindha sitaresmi nenggih mestikaning pahargyan, dupi hanguningani yenta jroning bale winangun wus kenak beeer habelabar sanyaning para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kepareng lenggah satata pepak sinarja kaya handhoyongndhoyongna panjak sujine bale winangun. Marma kapinduking raos ingkang tumanem jroning kalbu bebasan kadi kalem karoban ing memanins sinandhing kastuba manik, ingkang satuhu datang kena cinitra ing ukara. Dhasar wanudya ayu rupane karengga ing busana, nalika semana mangagem busana awarna ................ awangun kebayak landung, sinulam benang kencana awangun lunging gadhung rumanbat ngrawit. Agegulung


10 malang awangun bokor mengkurep, acecudhuk mentul pindha megaring kepet, tinata runtut sangsaya wimbuh patut. Asesemek sekar melathi rinonce awangun wulan tumanggal, sinartan tiba dhada tinumpangaken ing pamidhangan sisih kanan nglewer prapten jaja, ebah-ebah kalamun ginawe lumampah, marma kalamun katiyuping maruta manda, manganbar gandarira nganti dumugi saknjawining pangurakan. Weweging pranaja singset kapathet ing ageman pindha cengkir gading piningit, yayah hanjebol-jebolna mekak madya ingikang kinarya setu badaning sarira. Kaciting pada dening endahing canela ingkang tinaretes sestya nawa retna, marma kalamun ginawe lumampah pating gelebyaar pating calorot yayah wredhu hangga sasra kang lumaku ing wanci ratri. Sampating busana sri atmaja temanten putri ingkang hangemba busananira prameswari nata, marma padha sakala ilang sipanging itah sawantah, kalamun cinonda pindha : putra sekaring kedahton nagari Jenggala Manik nenggih Dewi Sekartaji ya Dewi Codra Kirana ingkang tembenira ginarwa dening satriya mustikengrat nenggih Raden Panji Saputra ya raden Panji Asmarabangun (saget kacondra mawi tuladha sanesipun) Lonlonan denira lumampah, prapeng unggyan ingkang tinuju sri atmaja temanten putri sigra kalenggahaken aneng kursi rinengga. Kinapit patah sakembaran miwah putri dhomas sajodho, datan kantun jaka sakembaran ingkang sampun samekta ing gati sawega ing dhiri. Inh astanira wus hangasta gantal ingkang winastan gondhang kasih, ingkang sampun linambaran guna kawijayan ya guna pangasihan. Esem nguciwat kaya-kaya sung sasmita dhumateng ingkang samya mangayu bagya, aming katingal saking liringing netra sajak kuciwa awit dennya hanrantu jejaka tumaruna ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra ingkang labuh labet mring negara mongka pereng prapta ...... nalika samana ingkang putra pinangantyan putri wus lengah anggana raas, tegese lungguh piyambakan.


11 3. BEDHOL KEMBAR MAYANG Ngacarani adicara bedhol kembar Mayang (ater-ater) : Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang mahambeg ber budi darma, ‘ Mekaten mijiling sri Atmaja temanten putri sampun paripurna, kacihna sampun kapareng lenggah aneng kursi rinengga. Tumapaking adicara sak lajengipun nun inggih pamethuking sekar cepaka Mulya sasese nenggih sri atmaja panganten kakung saking palereman. Ewondene ingkang sinaraya hanjejeri mongka dhuta saraya tan sanes panjenenganipun Bapa …. (Harja Suwito) kinapit jejaka sakembaran nenggih …. (Bgs. Sudarsana miwah Bgs. Danang Saputra) ingkang tinanggenah hangemban sekar adi mancawarna, kalpataru, dewondaru, jayandaru inggih kembar mayang sarwi rukmi. Sagung para rawuh, tindakira risang dhuta saraya, kalamun tinon saking mandrawa, pindha sumiliring maruta manda. (MUNGEL LELAGON ILUR-ILIR SL. MY. UTAWI REREPEN INGKANG JUMBUH UMPAMINIPUN SEKAR DHANDANGGULA KEMBAR MAYANG). Panyandra : Wus kabedhol saking sasana piniji hanenggih sekar adi mancawarna, hinggih sekar kalpataru, dewondaru, jayondaru, inggih sinebat kembar mayang sarwi rukmi. Kembar tegese padha, mayang kembage jambe rinakit adiluhung tumurun saking kahyangan Suralaya mring ngarcepa kinarya jejangkeping palakrami. Sintenta ingkang tinanggenah hangayahi jejibahan luhur mingongka dhuta Saraya, senandyan kathah Priya ingkang sacathok jenggote, sakepel gumbalane, ingkang wredha datan kirang ingkang mudha hangl;angkungi, parandene datan ana ingkang kuwawi kajawi naming panjenenganipun bapa …… Kinapit mudha ingkang pinilih jajar kalih ingkang tinaggenah hangemban sekar adi mancawarna nenggih bagus ……. Miwah bagus ……. Ingkang tansah samekta ingin dhiri siyaga ing gati. Atapa wujut lan werdine kembar mayang ingkang dadya punagine para wanondya, samana awujut mandiragung sinung pangaribawa agung.


12 Dedeging kekayon awasta kayune purwa jati, ayate bayu braja. Ewondene pange kekayon winastan keblat papat kalima pancer : - Ingkang mangklung mangaler winastan andong birawangga, - Ingkang mangklung mangetan winastan girang puspandriya, - Inggkang mangklung mangidul sinebat janur nurcaya - Ewondene ingkang mangklung mangilen winastan ringin jati laksana Ewondene godhonge kekayon awasta mradapa mega rumenbe, kembang lintang salaga lanit, jangkep wohing kekayon winastan surya lan tengsu. Ingkang sedaya mangku werdi sinandhi gegayuhan luhur tumpraping sri atmaja pinanganten kekalih murih anggennya nambut silaning akrami manggih bagya mulya, bebasan jajak jujuk ingkang jinongka, sembada ingkang ginantha widada ing salami-laminya. Nalika semana, kadya ginelak tindakira risang dhuta saraya, lenging driya among daya-daya prapteng puruk. Dupi wus dumugi sasana ingkang tinuju henenggih paleremanira sri atmaja pinanganten kakung sigra-sigra sung sasmita dhumateng ingkang arsa winiwaha kinen samekta ing gati siyaga ing dhiri. Tanggap sasmita nenggih risang atmaja kemanten kakung, sigra jumeneng saking palenggahanira, bebasan seblak sampur tanjak wrongka den tetepake jejamange, den kencengi tali prabane, sigra jumangkah arsa hanetepi jejibahan ingkang badhe lumampah. (Saget kairing ugeling lelagon sekar dhandanggula kembar mayang Sl. Myr. Kados ing gnandhap punika)


13 Sekar Dhandhanggula Kembar Mayang sl.Myr 3 6 1 . 1 . , 1 . 2 3 3 3 3 Kem - bar ma - yang wer - di - ne wus mu - ni, 3 3 3 . 2 . , 1 . 1 1 Kem - bar pa - dha ma - yang i - ku se - kar, . . 1 . . . 1 . 1 . 1 . , 6 1 1 . , 1 . 1 1 Ha - neng - gih kem - bang - e jam - be, . 1 . . . 1 . 2 .6 . 1 2 2 . 2 1 . 1, Ri - na - kit a - di lu - hung, . 1 . . . 3, . . 1 . 6 6 6 3 , 3 6. Kar - ya pa - min - ta - ne si re - ki, 3 5 1 353 2 . 1 3 Man - ten pu - tri lan pri - ya, 3 3 3 , 3 3 53 3 2 Mu - rih gu - yub ru - kun, 2 1 3, 1 2 1. 6 6 1 2 3, 3 3 353 3 Pi - nar - ca - ya ing Hyang Suks - ma, 6 5 353 2.1, 1 1 Pi - na - ring - an mong - mong - an ja - lu lan es - tri, 1 1, 1 212 3 3 6 1 2 1 3, 3.2 A - mang - gih ba - gya mul ya. 35


14 4. PENGANTEN KAKUNG RAWUH Aturipun Pambiwara (ater-ater) Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang satuhu luhuring budi, Dhuta pamethuking penganten kakung nun inggih Bapa ….. (Harjo Suwito) sampun paring sasmita mring penganten kakung kinen siyaga ing gati, sawega ing dhiri, marma sigra binayangkare manjing ing sasana pawiwahan, gimargebeg sangyaning para kadang santana, miwah warga mandhawa. Sagung para rawuh, tindakira pinanganten kakung kairing pamui mring ngarsane Gusti mamrih tansah manggih rahayu wilujeng (mungel gendhing Ldr. Wilujeng Pl. Br). Tuladha panyandranipun : Kumenyar mawa prabawa, sumirat mawa teja maya, saya caket saya cetha saya dagu, saya ngalela. Satuhu punikata tejanira sri Atmaja Penganten kakung ingkang mijil saking sasana palereman arsa manjing ing sasana pawiwahan. Nalika samana lagya binayangkare arsa tumuju mring sasana pahargyan, dhampyaaaak, dhampyak denira lumaksana ingayab sanggyaning para kadang sentana miwah warga wandhawa. Dhasar pinanganten kakung satriya bagus hanjenthara, gagah prakosa, godheg wok simbar jaja, sembada prawireng yuda, tatag tanggon tanggung jawab prapteng ngendhon. Duk nalika semana, sri Atmaja penganten kakung mangagem busana ingkang hangemba busananira narapati marma kawuryan agung, mrabu miwah mrabawa. - Agung tegese kebak ing kaendahan - Mrabu pindha jejering ratu kang kasinungan pangaribawa budi luhur, ewondene- - Mrabawa, sinung pangaribawa edi endah milangani Duk rikala samana dennya lukasana wus prapteng wiwaraning sasana winangun, ngungun jroning panggalih dupi anguningani enden-enden ing tawinging wiwara einangun. Tenem tuwuh wus pinasang kayata : Janur kuning melengkung hangenguwung, tebu wulung hangrembuyung, cengkir gadhing wus sumandhing, gedhang raja sadhepa-dhepa, ron waringin,


15 roning kluwih, wulen pari cindhe puspita, roning maja, alang – alang, gadhong apa-apa miwah gadhonge kara. Ingkang sedaya mengku werdi sinandhi : janur hamengku werdi hamemuja mring tumurune nur, tumandhuk mring pinanganten kekalih, linambaran antebing kalbu miwah kencenging pikir, sri panganten kakung digegadhang sageda jumeneng pindha jejering ratu ingkang bangkit hangayomi kulawarga. Luwih gampang anggennya gupadi boga kalawan wastra, lulus raharja sembada ingkang dinedya, jajak jujuk ingkang jinongka, aja nganti ana pepalang wawiji apa, satemah manggih Mulya Basuki harja. Datan kantun bleketepe inggih sinebat jaga satru, ingkang mengku werdi siningit minongka panolak balak, ing pangjab mungi mring sedaya ingkang hanyengkuyung laksitaning pahargyan, tebih saking raos cecongkrahan, don paidon, anane aming tansah samad sinamadan, daya dinayan, guyub rukun, sawiji-wiji sumenggem mrin jejibahane sowang – sowang. Sinigek ingkang cinarita, dennya lumaksana sri Atmaja penganten kakung wus prapteng wiwaraning sasana winangun, marma sigra kendel denira lumaksana ngiras hangrantu laksitaning adicara pasrah panampi.


16 5. PASRAH TINAMPI Aturipun Pambiwara (ater-ater) Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang satuhu luhuring budi, Ingkang Jumeneng aneng wiwaraning sasana winangun, priyagung luhur kekalih wus samekta ing gati siyaga ing dhiri hangayahi laksitaning adicara pasrah tinampi. Ewondene pamedhar sabda pasrah panganten kakung badhe kasarira dening Bapa ………. Ingkang punika lekasing sedya sumonggo. Tuladha Pamedhar Sabda Pasrah Penganten Assalaamu' alaikum wr. wb. Nuwun, ingkang satuhu kinurmatan panjenenganipun Bapa ........ (pamengku gati), sakulawarga miwah sagung para rawuh ingkang bagya mulya. Sakelangkung rumiyin mugi keparengna kula ngaturaken puji syukur kunjuk ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kawasa, hinggih karana barakah rahmad,nikmat, taufiq sarta hidayahipun engkang sampun rumentah dhumateng kita sadaya, sahingga saget kempal manunggal kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, mugi keparenga ula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya karana ing ri kalenggahan punika piniji minongka dhuta sarayaning Bapa …………… sarimbit, ingkang wosning gati kinen hamasrahaken ingkang putra panganten kakung dhumaten panjenenganipun Bapa …………. Hinggih hawit saking punika, purwa madya wasana bebasan samendhang datan karempin, kanthi hanyebut asmane Gusti ingkang mirah saha maha asih, SEKAR SEPAKA MULYA SATENGKIL/SASELE nun inggih sri Atmaja penganten kakung namas Bagus ……… kula pasrahaken dhumateng panjenenganipun bapa ………….. bebasan sawer gung asirah jalma, tegesipun mongsa borong ing karsa. Ewondene upacara dhauping pinanganten kekalih among sumongga ing karsa. Mekaten ingkang saget kula aturaken, kula sakadang minongka panekering panganten kakung, hambok bilih sowan kula wonten kakaduking suba sita kirang duga lan prayoga, kula amung cumadhong lumunturing sih samodra pangak sami.


17 Ing wasana mrih rahayuning sedya, kula sakaluwarga among saget asung pamuji donga mugi – mugi sedaya tansah lulus raharja, tinebihna ing sambekala, cekana Basuki harja. Nuwun matursuwun, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


18 TULADHA TANGGAP SABDA PANAMPI PASRAH PENGANTEN Aturipun Juru Paniti laksana : Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang satuju luhuring budi, mekaten kalawau pamedhar sabda pasrah penganten saking kadang besan sutresna sampun paripurna. Saklajengipun tanggap sabda panampi pasrah panganten badhe kasaraya jati dening bapa ………….. sasana wicara kula sumanggakaken. TULADHA PANAMPI Assalamu’alaikum Wr.Wb Nuwun kula nuwun, Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapa …………………. Ingkang minongka dhuta Saraya, miwah sanggyaning para rawuh ingkang bagya Mulya. Kanthi hangegungaken raos Syukur kunjuk dhumateng ngarsas dalem Gusti Ingkang Akarya Loka, mugi keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Wosing gati kula sinaraya dening panjenenganipun bapa …………… kapatah hanampi papasrahing penganten kakung saking kadang besan sutresna. Hinggih hawit saking punika, tanggap sasmita wedharan dhawuh saking panjenenganipun Bapa ……………. Ingkang sampun kawedhar, Pramila kanthi hangucap bismillah alhamdulillah tawakaltu ‘alallah, la haula walakuwwata illabillah, pepasrahing penganten kakung saking Bapa ……………… kula tampi. Sepisan malih kula tampi. Ewondene upacara dhaupipun kemanten kekalih tundhanipun sampun kaenaraken kaliyan adat widhi widana ingkang lumampah ing Karaton Surakarta Hadiningrat sumarambah ing tlatah ………………. Sakedhap malih satunggal mbaka satunggal badhe katur wonten ngarsa panjenengan sadaya. Ingkang punika dhumaten panjenengan sadya sumangga kula dherekaken lenggah kanthi mardu mardikaning manah ngantos pari purnaning adicara. Nuwun, matursuwun, Wassalamu’alaikum Wr,Wb.


19 Pamrayagi: Manawi baten mawi pasrah tinampi wonten regol ngajeng, saksampunipun adicara bedhol kembar mayang/penganten kakung rawuh, kalajengaken upacara panggih. Awit lampahing upacara ing bebrayan, padatan benten kaliyan ing pawiyatan. Tatacara pasrah panampi padatan kaadani saksampunipun tatacara sungkeman.


20 6. TATA CARA PANGGIH Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Sagung para rawuh kakung sumawana putri inggih barayagung lngkang hanggung sinungga ing akrami, Laksitaning adicara srah tinampi sampun paripurna. Kanthi makaten hambok bilih sampun dhumawah tata titining gati nun inggih dhauping pinanganten sarimbit. Dhumateng panjenengan sadaya kasuwun berkah puja puji astuti mugimugi dhaupipun kemanten kekalih lulus raharja nir ing sambekala. Ewondene dhauping kemanten badhe kapratitisaken juru jemuk ingkang kasarira panjenenganipun Eyang ………………… Para rawuh, dhauping pinanganten kekalih kabiwada ungeling gongsa kalamun cinandra kadi canthuka munya ing balumbang (mungel gamelan Kodhok Ngorek kalajengaken Ket. Lasamaya Pl. Br.) Panyandrane pambiwara : Swuuh rep sidhem premanem, datan ana sabawane walang alisih, godhonge kayu datan obah samirana tan lumampah. Ingkang kapiyarsa amung swarane gongso kodhok ngorek ingkang munya ngarangin, keplok imbal angedasih. Nalika semana, ora kaya ingkang aneng tlatah …………… nagari, ana titahe gusti ingkang asipat jalu lan pawestri, ingkang sumedya hanetepi darmaning agesang, hangancik alaming madya, sarta hengleliri ila-ila ujaring para kina ingkang hanggung pinundhi-pundhi, bebasan jinempana ing maruta cinandhi ing hawiyat, sarta hanulat endah edining budya tulus. Budya tegese budi daya ingkang tuwuh saking osiking manah, tulus pangesti ingkang tumuju mring kautaman pinarengake. Samana risang pinanganten putri wus jumeneng saking palenggahanira, saya caket-saya caket denira lumaksana kekalihnya sigra apagut tingal. Tempuking catur netra ingkang linambaran budi luhur saksana hambuka wenganing suka ingkang rumasuk jroni nala. Datan saronta pinanganten kekalih sigra kumlawe astanira, sami-sami hambalang gantal ingkang winastan gondhang tutur miwah gongdhang kasih. Apata wujut lan werdine gantal ingkang kinarya bebalange sri panganten sarimbit, duk rikala samana ginawe saking suruh lininting, tinangsulan lawe wenang, turta pinilih surah ingkang matemu rose.


21 Suruh kalamun dinulu seje lumah lawan kurepe, parandene kalamunta ginigit tunggal rasane, ingkang hamengku werdi sinandhi, senadyan sawiji putri sajuga priya parandene yenta wus manunggal lahir batine pinasthia dadi jodhone. Marma tinangsulan lawe wenang, mugi-mugi temanten kekalih sawusnya kaiket jatine palakrami, dadiya srana dennya mangun brayat ywa kungsi nalingsir saking angger ugering kautaman. Pinilih surah ingkang matemu rose, mugiya temanten sarimbet wus manunggal lahir kalawan batine saniskara hangesti Gusti ywa Kongsi suwaleng kayun. Samana risang atmaja kemanten sarimbit sampun kajemukaken dening pujangga kaloka saking tlatah …………….. nun inggih panjenenganipun Eyang ………………. kanthi hamatek mantran-mantran sakti kayata guna kawijayan, guna pangasihan sinartan donga pamuji kunjuk ngarsaning Gusti, tarlen ingkang ginadhang amung rumentahing puja puji astuti, mugiya sri panganten kekalih arggennya mangun bebrayan, pikantuka berkahing Gusti satemah manggiha suka basuki, kasembadan kang den esthi, bagya mulya prapteng wuri, lestari widada ing salami-lami. Kawuryan sri panganten sarimbit kaparingan unjukan tirta wening ingkang mijil saking kendhi pratala/gelas kencana, kang iku hamengku werdi sinandhi mring kemanten kekalih anggermya mangun bale wisma kedah kinanthen weninging cipta mentebing budi , bebasan akekudhung budi rahatu miwah ateteken kasucen, ing pangajab mugiya tansah manggih ing suka rahayu. Pinangantyan kekalih wus hanyaketi bokor kencana ingkang kinarya wadhahing sekar selaman, kanang antiga wus tinapak dening sri atmaja kemanten kakung byar pecah padha sanalika. Marma sigra-sigra sri atmaja temanten putri lenggah sedheku sarwi hamijiki padanira ingkang raka kang iku minongka tandha yekti denira hangicali salwiring sukerta. Kembang-kembang ingkang kumambang jroning warih ngggih sekar tri warna, mawar melathi miwah kumanthil, ingkang mengku werdi kalamun winawar ing tembung manis kanthi kedaling lathi, mugiya dadya srana dennya mangun brayat, tansah kumanthil-kanthil ngantya tumtuming nala satemah lulus raharja niring sambekala. Sinigek ingkang winuwus, wus paripurna panggihing sri atmaja kemanten sarimbit, tumuli kalajengaken tumapaking tatacara krabongan.


22 7. SINDUR BINAYANG / KROBONGAN Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Sagung para lenggah ingkang bagya Mulya, wus lulus raharja nir ing sambekala dhauping sri panganten sarimbit, marma sigra kalajengaken tumapaking tatacara sindur binayang miwah krobongan. Tindakira sri panganten mring pepanggungan kairing dogan pamuji mring ngarsaning Gusti murih sedaya tansah manggih rahayu widada (Ldr. Sri Widada Pl.Br.) Panyandra. Wus lulus raharja nir ing sambekala dhauping kemanten sarimbit, saksana sigra nyaket dhumateng ingkang putra kekalih nenggih Rama dalasan Ibu, lenging gati arsa nindakaken upacara Sindur Binayang. Keng putra kekalih sampun siningeban sindur awarni rekta kalawan seta sinungging rerenggan pindha umbaking samodra, kang mangku werdi sinandhi, abang lambange kuwanen, putih lambange kasucen, ing pangajab mugi temanten kekalih anggennya mangun bale wisma bebasan wani bebener, ajrih mring kanisthan. Saksana sigraaa jumangkah ingkang rama hanganthi putra kekalih arsa minggah mring pepanggungan. Lonlonan denira lumaksana, bebasan sapecak mangu satindak tumoleh, mangkana prapteng unggyan ingkang tinuju ingkang rama sigra lenggah aneng kursi pinajang lenging gati arsa nindakaken upacara pangkon timbang. Putra kekalih sigra pinangku aneng jejengku kanan miwah kiring, datan saranta sigra nyaket dhumateng ingkang rama nun inggih ingkang ibu sarwi nyuwun pirsa dhumateng ingkang rama : “Pak’e …. Putramu sakloron abot endi?” “ Ibune putramu sakloron bobot timbang padha wae”. Kang iku minongko tondha yekti bilih kemanten sarimbit wus satimbang bobot, bibit lan bebete wus satimbang katresnane. Sigra jumeneng saking palenggahanira ingkang rama lenging driya arsa nindakaken upacara tanem jero, inggih tatacara wisudan Penganten. Putra kekalih wus kaasta pamidhanganira gya kalenggahaken aneng kursi rinengga, kang iku minongka pratandha, ingkang putra kekalih tinandur madyaning bebrayan agung. Purna denira hanindakaken upacara tanem jero pun rama dalasan ibu sigra lenggah aneng papan ingkang wus kasamaptaaken.


23 Datan watawis dangu sigra jumeneng saking palenggahanira nenggih sri Atmaja kemanten kakung ing astanira wus hangasta klasa kalpa ingkang siulam suket kalanjana, apata isine, duk rikala semana isi wulu wetune bumi kayata beras kawak, dele kawak, kacang kawak. Ingkang mengku werdi sinandhi hanjemukaken dhumateng kemanten sekaliyan muga-muga bisa lenggah kepenak mangan enak turu kanthi jenak, yen perlu ora dadak nganti setahun wus kagungan anak. Kacaaaarrr kucur … kacaaarrr… kucur. Tuna satak bathi sanak wong liya dadi sedulur, pakaryane cepak rejekine mancur. Kumucur – kucuuuur pindha ilining tirta narmada apata werdine, kemanten kakung kang minongka jejer saka gurune bale wisma, bebasan kudu bangkit hangayani, hanayemi miwah hangayomi. Kacaaaar kucur wus dhumawah aneng pangkoning sri atmaja temanten putri, katampi mawi bangun tulak binuntel kanthi rapet, ingang werdinipun sri atmaja pinanganten putri anggenira nanjakaken guna kayanipun ingkang kakung bebasan kudu gemi nastiti ngati-ati ora boros kepara kudu bathi. . Marma sigra jumeneng saking palenggahan arsa marak mring garsanira rama dalasan ibu, lenging gati arsa asung bulu bekti ingkang mingoka panebusing panggula wenthah sawusnya tinampi dening rama dalasan ibu sri penganten kekalih gya wangsul mring papan sakawit. Datan watawis dangu, ana putri dhomas sakembaran ingkang andon lampah, ingkang sajuga hangasta boga jenar inggih sekul klimah inggih sekul majemuk, lengging gati arsa hanyugata sri panganten sarimbit. Prapteng madyanira ingkang putra kemanten kekalih sigra lenggah sedheku sarwi hanyugata sri penganten kekalih. Saksana ingkang putra kemanten kekalih sigra lenggah aben ajeng, kumlawe astanira sami-sami dhahar sesarengan, kang iku minongka tondha yekti bilih ingkang putra pinanganten kekalih wus sami manjing tresna anresnani, sabaya mulya sabaya mukti, lara lapa samisami den lampahi. Kasoking katresnan mboten among kandheg aneng jagat padhang nanging badhe kalampahan ing mbinjang prapteng delahan. Purna derina dhahar sesarengan gya kasusul ana jaka sakembaran, bebasan kembar rupa, kembar busana, kembar salaga prasasat jambe sinegar . Lenging gati arsa hanyugata sri penganten kekalih ingkang awujud tirta wening ingkang mijil saking gelas kencana, kang iku mengku werdi sinandhi mring kemanten kekalih anggennya arsa lelumban aneng madyaning bebrayan agung parikedah kinanthen weninging cipta, meneping budi,


24 bebasan ateteken kasucen akekudhung budi rahayu, ing pangajab mugiya tansah manggih ing suka rahayu. Purwa madya wasana sumandhing datan karempit dhauping sri panganten kekalih wus lulus raharja nir sambekala, kacihnya, ingkang putra wus lenggah sumandhing aneng kursi gadhing, bebasan renggang gula kumepyur pulut datan genggang senadyanta sarambut pinara sasra. Bebasan loro-lorone atunggal, Tunggal-tunggaling aloro pindha curiga manjing warongka, warongka majing curiga Sampating busana ingkang hangimba busananira narapati padha sakala ilang sipating jalma sawantah, kalamung cinondra pindha Bathara Kumajaya miwah Bathari Ratih ingkang cumondhok aneng kahyangan Cakrakembang, ingkang tumurun mring madyapada arsa andum kabagyan marma pantesta kalamun sri panganten sarimbit sinengkakaken ing aluhur minongka raja sehari, tegese ratu mung sadina.


25 8. BESAN MERTUWI Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang satuhu pantes sinudarsana, wus lulus raharja nir ing sambekala dhauping kemanten kekalih, kachina ingang putra wus lenggah jajar aneng sasana ringga. Kanthi makaten dhumawah adicara saklajengipun nun inggih pamethuking kadang besan sutresna saking palereman. Ewondene rawuhipun kadang besan sutresna nun inggih Bapa ……… (Dwi Susanto) dalasan ibu saking palereman, binoyong denging panjenenganipun Bapa/ibu ……… (Pamong besan) sigra katampi dening Rama dalasan Ibu. Ing punika dhumaten Rama dalasan ibu mugi keparenga jumeneng saking palenggahan sarta mandhap saking pepanggung, keparenga hanampi rawuhipun kadang besan sutresna. Sanggung para lenggah, rawuhipun kadang sesar kairing ungeling Ldr. Tirta Kencana laras pelog barang / Ldr. Kapang – Kapang Pelog Nem. Tuladha panyandra Layak-layak ana manuk prenjak ngganther-ngganther aneng wit jarak, manuk dekuku manggut-manggut aneng wit dhuku, manuk podhang ngumandhang aneng wit Ketapang, wiwit esuk jagone tarung ora kena dipisah. Jebul mingongka tandha yeng kadang besan sutresna saking tlatah ………………… sampun kaparenga rawuh. Tebih saking tlatah ……………… kadang besan sarimbit kapareng rawuh keparenging sedya, tan sanes saperlu mertuwi kawilujenganipun kadang besan, ingkang nedheng mangayu bagya hamiwaha suta maharya siwi. Kawuryan kriyagung kekalih sampun sami aben ajeng, kekalihipun sigra ajawat asta, bebasan rinangkul kinempit-kempit, bebasan tan ginggang sambut pinara sasra. Ketang bombonging panggalih kirana ing ri lakenggahan punika, gegadhaganing manah sampun dados kanyatan, kekudanganing panggalih sampun kalampahan.


26 Marma datang saranta kadang besan sarimbit sigra kadherekaken minggah mring pepanggungan, kapareng lenggah aneng papan ingkang sampun kasamaptakaken. Apata darunane, rawuhipun kadang besan sutresna kajawi mertuwi kawilujenganing kadang besan, sumengkaning wardaya among daya-daya anggenira paring donga puji astuti mring putra kekalih ingkang nembe palakrami, jinurung ing donga pangesti kunjuk mring ngarsaning Hyang Widhi, ing pangajab mugi-mugi putra kekalih binerkahan sihing Gusti, satemah anggennya mangun brayat manggiha suka basuki, bagya Mulya prapteng wuri, kaesti ingkang piniji, Lestari ridada ing salami-lami.


27 9. SUNGKEMAN Aturipun Juru Paniti laksana (ater-ater) : Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang bagya Mulya, Tebih saking tlatah ……… panjenenganipun kadang besan sutresna nun inggih bapa …… sarimbit sampun kapareng rawuh wonten dalemipun bapa ….. sumengkaning panggalih kijawi mertuwi kawilujenganipun kadang besan, lenging gati tan sanes anggennya kepareng paring puja puji astuti dhumateng ingkang putra pinanganten kekalih. Ingkang punika handhungkap adicara sak lajengipun winastan pangabekten utawi sungkeman. Among kemawon wonten ila-ila ujaring para kina, rikala sri Atmaja penganten kakung sumungkem dhumateng rama dalasan ibu, mboten dipun keparengaken ngliga curia/dhuwung, mila kasuwun panjenenganipun Bapa ……. Mugi keparenga nglolos dhuwung piyandelipun ingkang putra kemanten kakung, mangke mugiya kawangsulaken menawi ingkang putra kekalih sampun purna anggenipun sumungkem bapa dalasan ibu. Para rawuh sungkeming putra kekalih binarung ungeling Ldr. Mugi Rahayu Sl.My. Panyandrane ki Dhalang : Wus jumeneng saking palenggahan sri Atmaja kematen sekalian, lenging driya denarsa marak mring ngarsanipun Rama dalasan Ibu. Prapteng ngarsanira ingkang rama dalasan Ibu sri panganten kekalih sigra lenggah sedheku nekuk dhengkul, hanganglungaken janggi nungkulaken mustaka, miwah hanjengku bantala. Tangkeping asta tinumpangaken jejengku kanan myang kering sinartan eninging cipta tumuju pangwasaning Gusti Ingkang Akarya Loka, tarlen ingkang ginandhang among rumentahing puji astuti puja astawa, murih widadaning palakrama, sembada ingkang ginantha, sateman amanggih bagya Mulya Lestari widada ing salami-laminya. Apata werdine jroning sri panganten kekalih sumungkem mring yayah rena, penganten sarimbit enget dhumateng purwaning dumadi duk linairake aneng jagat padhang. Enget dhumateng ingkang Rama, karana wus bangkit hangukir jiwa raga kinarya lantaraning tumuwuh, enget dhumateng ingkang Ibu, karana wus sembada kinarya papane yoga brata ingkang dangunira nawa


28 condra dasa ari, sarta wus kepareng hanglelithing hanggula wenthah wiwit rikalane maksih bocah. Kocaap kaya mengkana, ingkang Rama dalasan Ibu dupi inguswa padanira dening putra kekalih sumedhoting wardaya datang kena sinaryudan, marma padha sakala brool waspa mijil hamara wayan. Tumetesing tirta dhumawah aneng pangkoning ingkang putra lamu cinandra pindha Mutiara rinonce, marma sigra kumlawe astanira den elus-elus pamidhangane, den wiwir-wiwir rikmate kanthi kebak raos tresna asih. Kocaap kaya mangkana duk rikala kemanten sarimbit hanguswa papadanira ingkang rama dalasan ibu kaya wedharing pangandika kalamun kawijiling lesan : “Rama …. Ibu, kula ingkang putra kekalih ngaturaken sembah bekti mugi kunjuk ngarsa jegandika. Rama … Ibu … ingkang putra dereng saget ngaturaken punapa-punapa ingkang minongka panebusing panggula wenthah, parandene kedah pepisahan karana anggen kula hanetepi darmaning agesang. Mila rama … Ibu …. Ingkang putra nyuwun tambahing opangestu mugi-mugi anggen kula palakrami, binerkahan sihing Gusti ingkang maha kawasa, satemah manggiha bagya Mulya Lestari widada ing salami-laminya” “Dhuh putraku bocah ayu kang dak tresnani, isih cilik sira dak ipukipuk, dak kekudang, dak gegadhang yenta besuk wus dhewasa antuka jatukrama kang sembada dadya pangayomanira. Mangka dina iki kabeh wus dadi kanyatan, ateges ora mrucut saka kekudangan ora uwal saka gegadhangan. Iya-iya dak pujekne marang ngarsane Gusti kang maha kawasa supaya anggonmu jejedhohan satemah manggiha rahayu widada, nir sambekala” Sinigek ingikang cinarita, samana wis paripura denira hanguswa papadanira yayah rena, pinangantyan kekalih sigra wangsul mring papan sakawt. Sawusnya binerkahan dening para pinundhi sangsaya hamimbuhi mancorong guwayane, hangenguwung tejane mantep panggalihe. Ketang bombonging panggalih karana wus binerkahan marma sri panganten sarimbit sigra nyuwun gungan dhumateng rama dalasan ibu mugiya keparen paring berkah pangestu kanthi poto sesarengan.


29 (Kalajengaken upacara poto kulawarga/kematen kekalih dalasan Rama/Ibu sekaliyan)


30 10.ATUR PAMBAGYA HARJA Aturipun Juru Paniti laksana (ater-ater) : Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana, Tumandhuk ingkang hanawung gati nun inggih panjenenganipun Bapa ………. Ing ri kalenggahan punika bombonging panggalih mboten saget ginambaraken. Napata sebabipun, awit sampun kepatedhaningsih kabalabak luhuring sih budidarma handika sami. Pramila sumengkaning wardaya among daya-daya anggenira asung Swagata, manembrama, atur pambagya harja kunjuk dhumateng panjenengan sadya. Ewa semanten karana berak berawaning panggalih kalawau, sateman dados lagek, putek, bukek jroning kalbu bebasan saklimah mboten kuwawi hambabar pangandika awit among kandhek wonten ing jongga. Pramila panjenenganipun tumuli hamiji dhumateng kadang kinasih nun inggih panjenenganipun Bapa ……. Ingkang pinrih hanyulihi sariranipun ingkang punika dhumateng ingkang dahat kinurmatan panjenenganipun Bapa ……… sasana wisara kula sumanggakaken. Tuladha PAMBAGYA HARJA (dening RT. H. Tasik Sunarto Dipuro) Assalamu’alaikum Wr.Wb. Nugraha awit saking sihing Gusti Ingkang Maha Wilasa ingkang hambabar daya kawilujengan, kabagas kuwarasan, kabagyan saha katentreman, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya sakula warga miwah waradin mrin sagung dumadi. Alhamdulillah ………………. dst. Nuwun, kula nuwun, - Ingkang satuhu dahat kinurmatan …………………. - Ingkang kinabekten para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur, - Ingkang kinurmatan para-para satriyaning nagari, para pangarsa pangembating praja ingkang dados pandam-pandoming kawula dasih, - Ingkang kula kurmati kadang besan sutresna nun inggih panjenenganipun bapa ……………… sakula warga, - Ingkang kinurmatan sagunging para tamu kakung putri, sumarambah para kadang wreda miwah kadang mudha ingkang kinasih.


31 Mugi keparenga kula ngampil saha nggempil kamukten munggel wicara nigas pangandikan sarta ngrampas kamardika panjenengan sawetawis. Awit sak lebetipun panjenengan sami lagya eca imbal pangandika, paripaksa kula punggel karana hamundhi dhawuh jejibahan kula ing siyang/dalu punika ingkang kapatedhan sinaraya dening kadang kula kinasih nun inggih bapa …………… (pamengku gati) sakula warga. Sanggyaning para rawuh ingkang bagya Mulya, sakderengipun kula ngaturaken lekas wekasing gati, nglenggana lamaking jalma sawantah ingkang parikedah hanengenaken kandeling panembah sumangga nwun, dhumateng panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken sembah bekti saha puji Syukur kunjuk dhumaten ngarsa dalem Gusti Allah Dzat Ingkang Hamurbengratm karana barakah saha sih rahmadipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sahingga ing ri kalenggahan punika saget kempal manunggal wonten dalemipun bapa ………. (pamengku gati) kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Salajengipun rahmad salam mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW sagarwa putra dalasan sahabatipun, awit inggih namung Panjenenganipun ingkang tansah kita areparep safaatipun ing mbinjang tumapaking ya’umul kiyamah, ingkang saget mbeta kawilujengan panjenengan sedaya dalasan kula, wilujeng ing ndonya prapteng delahan. Sagunging para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, minongka sesulih sariranipun bapa ……… sakula warga, sepisan kula ngaturaken wilujeng siyang/dalu, wilujeng rawuh, dene panjenengan sami sampun kepareng minangkani sarining sedhahan, rawuh wonten dalemipun bapa ………. (pamengku gati) saperlu hanjenengi anggenipun hamengku gati. Sagunging para rawuh ingkang bagya Mulya, ewondene wigatosing pawiwahan ing ri kalenggahan punika, kados ingkang sampun kaserat wonten sarining serat sedhahan, bilih panjenenganipun bapa ………….. (pamengku gati) kepareng hangrakit boja krama lenging gati tan sanes, anggenipun hanetepi darmaning asepuh, kepareng hambandhul krami hamiwaha suta mahargya siwi, nun inggih saperlu handhaupaken putra/putrinipun ingkang aseselih gendhuk ………….. ingkang sampun karengkuh dening jejaka tumaruna bagus ……………. Atmaja panjenenganipun bapa ……….. (besan) tebih saking tlatah …………..


32 Ewondene adicara ihab khabulipun sri panganten kekalih sampun kalampahan rikala ari ……….. surya kaping …………. Watawis tabuh ……… mapan wonten …………… kanthi sineksen para sesepuh, kadang wredha udha, para pangembating nagari miwah agami kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Sagunging para rawuh ingkang kinurmatan, inggih awit saking rawuh panjenengan sami ingkang sampun kepareng paring doga pamuji mangastungkara, mugi-mugi handayananan dhumateng ingkang putra kemanten kekalih anggenipun badhe mangun bale wisma, hanyilemi samodraning agesang ing bebrayan agung, tansah jinangkung sihing Gusti Allah Ingkang Maha Kawasa, satemah manggih bagya Mulya, sembada ingkang ginantha, widada ing salami-laminya. Saha mugi-mugi enggala kaparingan mongmongan in gkang awujud pratima rukmi ingkang bisa tata jalma inggih punika putra, ingkang minongka dados tetangsuling bale wisma. Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, pawiwahan ing ri kalenggahaan punika kaingal regeng samuwa saha anggenipun kagungan hajat bapa …………. (pamengku gati) saget lumampah kanthi racak rahayu kalis salering rubeda. Bab punika saget kalampahan inggih awit saking rawuh panjenengan sedaya saha pambiyantunipun para pepundhe sepuh pinisepuh, para kadang wreda-mudha, mitra kasih, mliginipun para tanggi tepalih, punapa ingkang asipat iguh pratikel bahu suku minggahing brana arta, ingkang satemah saget hangentheng-enthengi sesanggemanipun bapa ……….. (pamengku gati) sakula warga. Ingkang punika panjenenganipun namung saget angaturaken agunging panuwun ingkang bebasan mboten saget cinitra ing ukara tan sanes among dahat katedha kalingga murda. Kasok wangsulipun mugi-mugi sih kadarman panjenengan punika tansah cinathet sihing Gusti Ingkang Maha Mirah satemah kaparingan piwales ingkang satraju kaliyan sih kadarman panjene ngan, sak mboten-mbotenipun dadsa amal sae, amal hasanah fidini wadunya wal ahirah. Sagunging para rawuh ingkang satuju mahambeg berbudi darma, ngaturi kawuningan bilih bapa ………. (pamengku gati) anggenipun hamengku gati ing wekdal punika yektosipun sampun kataliti, katata, karacang tebih sak derengipun, ing pangajab dhumawah lekasih gati saget lumampah kanthi cancak, rahayu, nir ing sambekala. Ewa semanten karana panjenenganipun


33 punika inggih maksih sipating salma sawantah, mila mboten mokal bilih ing pundi-pundi papan taksih wonten kekirangan-kekirangan, kados upaminipun, rumaking papan pinarakan, sumuking swasana, minggahing boja krami ingkang kirang miraos, sahingga tan ngrenani panggalih panjenengan sadaya. Ingkang punika lumantar jasad kula panjenenganipun mawantu-wantu mugimugi panjenengan sedaya kaparenga angluberaken sih samodra pangak sami ingkang sak agung-agungpun. Ugi panyuwunipun Bapa ……….. (pamengku gati) mugi- mugi panjenengan sedaya kepareng enggah kanthi mardu mardikaning panggalih ngantos pari- purnaning adicara. Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri inggih barayagung ingkang hanggung sinungga ing akrami, ingkang pungkasan purnaning adicara punika tamtunipun panjenengan sadaya badhe kundru. Mboten langkung kulawarga namun saget nderekaken sugeng kunduer mugi-mugi kundru panjenengan sadya saking grriya miri dumugi dalemipun sowangsowang, samargi-margi tansah manggiha rahayu kalis salering rubeda. Ing wasana kula ingkang minangka talanging basa, hambok bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya wonten kirang tata, titi, tatas titising ukara, galap gangsuling wicara, miwah kiranging subasita, anglenggana lamaking salma sawantah kula amung tumadhah dhumateng lumbering sih samodra pangaksami. Nuwun, matur nuwun, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


34 11. KIRAB KANARENDRAN Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Dhumateng sanggyaning para rawuh ingkang tansah kinurmatan, Sampun sawatawis dangi sri pangan sarimbit anggenipun lenggah wonten kursi rinengga, pramila mboten nama mikal bilih sampun kaladuk sayah. Hinggih awit saking punika mugi keparena ingkang putra kemanten sarimbit nyuwun palilah panjenengan sami, keparengging sedya badhe jengkar saking sasana rinengga tumuju sasana tepas wangi saperlu lukar busana kaprabon hangrasuk busana kasatriya, ingkang kaladuking akathah winastan kirab kanarendran. Kirabing Sri Panganten sarimbit kalamun cinondra kadi Narendra kang tedhak siniwaka (mungel Ket. Langengita Sri Narendra Pl.Nr.) Panyandraning Ki Dhalang : Sigra jumeneng saking palenggahaninra sri atmaja kemanten kekalih. Lenging driy arsa jengkar saking sasana rinengga manjing sasana busana, saperlu lukar busana kaprabon hangrasuk bisana kasatriyan. Nalika samana wus tata titi rakiting lumampah irab, lah sintenta ingkang lumaksana munggwing ngarsa ingkang minongka cucuking laku inggih winastan suba manggala, duk rikala semana pinaragan dening …………….. Dhasar satriya gedhe dhuwur gagah prakosa, godhek wok simbar jaja, sembada prawireng yuda. Turta baut mumpuni mring endahing budaya, kachina duk nalika sunaraya hanjejeri mongka suba manggala denira lumaksana tansah nuting wirama. Sawurinira risang subamanggala ana bocah cilik-cilik kang andon lampah nenggih punika patahing pinanganten sarimbit. Dhasar isih cilik durung pana mring endahing budaya, marma denira lumaksana gonyakganyuk kebak weweka, parandene datan kuciwa kapara agawe sengseme nala. Bebasan durung tedhas doyan nginang, durung tedhas ngigit jambe, parandene nalika piniji minongka patahing kemanten kekalih, wus bangkit hamungkasi karya. Rinakit dahat premati satuhu punikata Kemanten sarimbit dennya lumampah kirab. Lonlonan denira lumampah, gegandhengan asta datan pisah, pasuryan sumunu angilaaar-gilar kawistara sumringah, kang iku minongka tondha yekti kalamun bingahing manah.


35 Dhasar loro-lorone jalma piniji, atul panembahe mring Hyang Widhi, setya bekti mring yayah wibi, kang iku hanuhoni darmane jalma utami. Sawurinira sri panganten sarimbit ana prawan huaaayu-hayu ingkang handon lampah, nenggih punika ingkang winastan putri dhomas. Dho tegese loro, somas tegese patang atus. Jangkep wulungagus, nanging ing ri kalenggahan punika dipun pacaki namung kalih awit ingkang pitungatus sangangdasa wolu …………….. Dasare isih kenya durung winengku ing Priya, kang iku dadya gagadhangane para jaka-jaka. Kawuryan ayu-ayu rupane, melok-melok wadanane, rompyah-rompyah sesinome, mandul-mandul payudarane, lengkeh-lengkeh tindake, marma pantesta kalamun akarya brangtane kang samya humiyat. Sinambung pungkur ana jejaka sakembaran bebasan kembar rupa, kembar busana, kembar salaga prasasat jambe sinegar. Nenggih punika ingkang sinebat yuda manggala inggih talangpati. Tansah mabukuh sureng kewuh, sembada ing karya, kalamun kapengkok ing pancabaya ubayane tan mblenjani. Ewondene sintenta ingkang lumaksana munggwing wuri mingongka kakancing, tanulyan nenggih rama dalasan ibu sekalian, ingkang tut wuri handayani mring lekasing putra kekalih, muga-muga binerkahan dhadak hangadhepi godha rencana, bangkit hambirat salering reridhu, ing satemah tansah manggiya ing suka rahayu. Nalika samana denira lumaksana wus prapten wiwaraning sasana busana marma sigra-sigra sri Atmaja kemanten kekalih manjing mring tepas wangi saperlu lukar busana kaprabon hangrasuk busana kasatriyan. ……………………………………………….. (saget dipun paring wara-wara kados ing ngandhap punika) Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, Ngiras pantes hangrantu ingkang putra panganten kekalih anggenira ngrasuk busana, sakedhap malih dhumateng panjenengan sadaya sumangga kula dherekaken kembul bojana/hangrahapi pasugatan ingkang badhe katur.


36 Ingkang punika dhumateng para kadang sinoman/juru ladi atur pasugatan/dhedhaharan dhumateng para tamu suwawi enggala kaaturaken. (kalajengaken tatacara hiburan, menawi wonten.)


37 12.KIRAB KASATRIYAN Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Sanggyaning para lenggah ingkang tansah winantu ing pakurmatan, Sampun wonten tengara bilih ingkang putra pinanganten sarimbit sampun pari purna anggenipun hangrasuk busana, Pramila handhungkao adicara sak lajengipun nung inggih Kirab Kasatriyan. Sagung para rawih kindakira sri Atmaja kemanten sarimbit kabiwada unging gendhing Ketawang Ibu Pertiwi laras pelog pathet nem. (katampen ungeling gendhing Ket. Ibu Pertiwi Pl.Nem) Panyandraning ki dhalang : Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar mawa praba, kencar-kencar winor ganda wida, Sumirat sirat mawa teja maya, saya caket saya cetha saya dangu saya malela. Sanyata punika tejanira penganten sarimbit ingkang mijil saking sasana busana arsa manjing sasana wiwaha. Nalika semana wus lukar busana kaprabon hangrasuk busana kasatriyan. Sangsaya hangenguwung tejane, mancarong guwayne, manteb panggalihe. Sampat busananira kemanten sarimbit kalamun cinondra kadi Bagus Danang Sutawijaya ingkang akekanthen asta kaliyan Rara Dewi Semangkin ing Kalinyamat, ingkang arsa ngenggar-enggar sarira tedhak mring tamansari arsa hamirsani panjrahing puspita ingkang nedheng hambabar ganda arum. Ignkang cinandra ing ngarsa nenggih risang suba manggala inggih ingkang mingongka cucuking lampah, satuju jalma utama, mumpuni ring endahing budaya, ingkang tansah mabukuh sureng kewuh ubayane datang mbalenjani. Ewondene ingkang ginupit ing madya satuhu punika sri Atmaja kemanten kekalih. Satuju loro-lorone atunggal Tunggal-tunggale aloro, senadyan kang sajuga Priya kang sawiji putri, parandene kalamun wus manunggal cipta rasa, budi karsa lan karyane, sumanggem jejer kalenggahane sowang sowang., rumangsa handarbeni, wajib hangrungkepi, mulat sarira hangrasa wani.


38 Ingkang lumaksana ing wurininra ana satria sakembaran miwah putri dhomas kang apindha putri boyongan. Anglur selur ndalidir tan ana pedhote. Ewondene ingkang sumusul mungging wuntat, tan sanes neggih rama dalasan ibu ingkang tansah memayungi lampahing panganten sekaliyan. Ingkang hanggung mangastungkara mrih paran parasdyene putra kekalih binerkahan, dhadhag hangadhepi godha rencana, hambirat sal wiring reridhu, kuwagang dadya pangayomaning dasih kaswasih. Sedaya barawa sarta mempening puja-puji astuti kunjuk mring ngarsaning Gusti mungi-mugi tansah manggih suka Basuki, kaesti kang piniji, bagya Mulya prapteng wuri. Saya caket denira lumaksana, nalika sama wus prateng unggyan ingkang tinuju, marsa Sang subamanggala sigra asung sasmita mring sang pindha narapati, kinen minggah mring sasana rinengga kepareng lenggah ing sasana minulya. Ewondene ingkang sami hambayangkare ingdakira sri Atmaja kemanten sarimbit, kinen badhol mring papan sowang-sowang, kalamun cinondra pindah satata matarangan.


39 13.HASTUNGKARA PUJA (DO’A) Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Sanggyaning para rawuh kakung putri ingkang tansah winantu ing pakurmatan, Kirabing kemanten sekaliyan sampun paripurna kachina sampun kapareng lenggah aneng kursi rinengga. Pramila saking punika, mingongka wujud suka Syukur kunjuk mring ngarsaning Gusti ingkang maha kawasa, karana lampahing tatacara pahargyang dhaupung pinanganten ing ri kalenggahan punika sampun lumampah kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Kanthi makaten hambok bilih sampun dumugi kethiting adicara mingongka kekancing, nun inggih hastungkara puja, utawi waosan do’a. Ewondene weharing donga pamuji, badhe kasaraya jati panjenenganipun Bapa/Rama/Eyang …………….. Dhumateng ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak ……………. Wekdal kula sumanggakaken. 14. PANUTUP/BUBARAN Aturipun Pambiwara (ater-ater) : Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, Wekdalipun sampun handhungkap tabuh ………. Purwa, madya, wasana, rerangkening adicara dhauping kemanten sarimbit sampun kalampahan kanthi rancak, runtut, rahayu wilujeng nir ing sambekala. Pramila saking punika tebih saking raos panundhung labet hanuhani rerangening adicara ingkang sampun rinantam, Pramila adicara ing ri kalenggahan punika sampun paripurna. Minongka tondha yekti purnaning gati sri Atmaja kemanten kekalih badhe kabedhol manjing wiwaraning sasana winangun saperlu hanguntapaken kuncur panjenengan sedaya. Jengkaring sri Atmaja tumuju wiwaraning sasana suka kairing puji donga pamuji murih sedaya tansah manggih suka Basuki. (mungel Ayak-ayak Umbul Donga Sl.My)


Click to View FlipBook Version