Crita pengalaman
SMP/MTS/SEDERAJAT
Bahasa Jawa
Kurikulum 2013
Dening :
Dwi Nurfita
A.Kompetensi Inti
Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret
(menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan
membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan
yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama
dalam sudut pandang/teori
B.Kompetensi Dasar
4.4 Menulis teks cerita pengalaman yang mengesankan.
C.Indikator Pencapaian Kompetensi
4.4.1 Menganalisis pokok-pokok isi cerita pengalaman yang
mengesankan pada audio yang di dengar.
4.4.2 Membuat cerita pengalaman dalam ragam krama
Ayooo
Sinauu!!!
D. Ancas Pasinaon
1. Sawise ngrungoake cerita ing audio, siswa bisa
nganalisis pokok-pokok isi crita pengalaman
2. Sawise mangerteni pokok-pokok isi crita pengalaman
ing audio, siswa bisa nggawe crita pengalaman nganggo
ragam krama
E. Pandom Pasinaon
Sadurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih becik para
siswa mangerti pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki bab-
bab kang kudu digatekake :
1. Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki.
Upamane arupa kompetensi dasar, indikator
pencapaian kompetensi, lan ancas pasinaon
2. Menawa anggone sinau ana kang ora dimangerti bisa
nyuwun pirsa marang guru
3. Para siswa bisa gladhen soal ing bagean gladhen. KKM
yaiku 70
4. Menawa bijine isih kurang saka KKM, coba gladhen
maneh materi iki
Materi Ajar
Pengalaman iku maneka warna. Pengalaman bisa
dibedaake ana loro, yaiku empirik lan khayalan. Empirik
iku tegese pancen nyata kedadeyan lan dialami dening
sawijining paraga, dene khayalan iku tegese pengalaman
utawa kedadeyan kang ana sejatine pengentha utawa
pangangen dadi ora mesthi ana ing kasunyatan. Crita
pengalaman iku ana sing nyenengake, nggawe trenyuh
utawa nuwuhake rasa nggegirisi lan trauma. Pengalaman
iku uga bisa mujudake pengalaman kang sipate “kajiwan”,
yaiku pengalaman kang ana saka rasa pangrasaning batin
(empati, melu ngrasaake apa kang dialami wong liya),
umpamane merga weruh sawijining prastawa, maca
wacan, lsp.
Kabeh wong mesthi nduweni pengalaman, padha
karone karo awake dhewe kabeh ta? Nah, ing pasinaon iki
awake dhewe bakal ngrembug utawa nyritakake
pengalaman kang nyenengake. Pengalaman sing
nyenengake iku mesthine ya akeh banget, ta? Lumantar
pasinaon iki, ayo bareng-bareng ngrembug pengalaman
sing nyenegake!
Nulis Pokok-Pokok Isi
Crita Pengalaman
Pokok-pokok crita iku padha karo underane crita. Dene
underane crita iku kurang luwih ngemu pitakonan : sapa,
apa/ngapa, kapan, ana ing endi lan kepriye.
- Sapa
Pitakonan sapa, wangsulane nudhuhake paraga (sapa bae)
kang ana ing crita
- Apa/ngapa
Pitakonan apa/ngapa, wangsulane nggambarake apa
kadadeyan utawa apa kang ditindhakake dening paraga.
- Kapan
Pitakonan kapan, wangsulane nudhuhake wektu
dumadine/kadadeyan crita
- Ana ing endi
Pitakonan ana ing endi, wangsulane nudhuhake
papan/panggonan dumadining crita
- Kepriye
Pitakonan kepriye wangsulane nyritakake kepriye
kedadeyan crita.
Nulis Teks Crita Pengalaman
Sawise mangerteni pokok-pokok crita pengalaman, saiki
bisa luwih ngerti ngenani crita pengalaman. Mula, coba
latian nulis crita pengalaman kang prenah dialami. Nulis
crita pengalaman iku ana langkahe, kayata :
1. Nulis Cengkorongan/Kerangka Crita Pengalaman
Cengkorongan utawa kerangka karangan iku kurang luwih
padha karo perangan-perangane crita kang bisa dianggo
pancadan crita utawa nulis crita.
2. Ngrembakaake Cengkorongan/Kerangka Karangan
Dadi Karangan Wutuh
Sawise nulis cengkorongan/kerangka, banjur bisa ditulis
utawa ngrembakaake dadi karangan kang wutuh.
3. Nulis Crita Pengalaman
Sarampunge nulis cengkorongan lan nulis crita kang
wutuh iku bisa kari ngedhit kayata mbenerake tulisan,
ejaan lan ukara-ukara kang kurang trep.
Kanggo mbukak wawasanmu, rungokake audio ana ing
link ngisor iki!
Link : Kanggo mbukak wawasanmu,
rungokake audio ana ing link ngisor iki!
https://drive.google.com/drive/folders/
16a2kP0vNL2OBZZKDPiEbWgn5-
5m1kyi9?usp=sharing
Gladhen
Sawise ngrungokake audio, tulisa pokok-pokok isi crita
pengalaman ing crita kasebut bareng kelompokmu!
Penilaian
Sawise mangerteni materi ngenani crita pengalaman, ayo
saiki nulisa crita pengalamanmu dhewe!
Refleksi
Sawise maca materi ing dhuwur, apa kang durung
dimangerteni? Ayo materi kang durung dimangerteni bisa
ditakonake marang guru. Saiki apa wae Langkah-langkah
kanggo nulis crita pengalaman?
Rangkuman
Pengalaman iku maneka warna. Pengalaman bisa
dibedaake ana loro, yaiku empirik lan khayalan. Crita
pengalaman iku ana sing nyenengake, nggawe trenyuh
utawa nuwuhake rasa nggegirisi lan trauma. Nulis Pokok-
pokok crita iku padha karo underane crita. Dene underane
crita iku kurang luwih ngemu pitakonan sapa, apa/ngapa,
kapan, ana ing endi lan kepriye. Kanggo nulis crita
pengalaman iku ana langkahe, kayata nulis
cengkorongan/kerangka crita pengalaman, ngrembakaake
cengkorongan/kerangka karangan dadi karangan wutuh,
lan nulis crita pengalaman.
Kapustakan
Putri, Rulita Damameita, Slamet Mulyanto. 2015. Piwulang
Basa kanggo SMP/MTs kelas VII. Solo : Mediatama