The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

PBA-Silfa Anjarsari-ebook serat wulangreh

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by silfaanjar222, 2021-11-18 21:21:30

Serat Wulangreh Pupuh Sinom

PBA-Silfa Anjarsari-ebook serat wulangreh

Dening Silfa Anjarsari

KELAS 7 SEMESTER GENAP
SMP/MTs/Sederajat

Kompetensi Inti

3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan
prosedural) berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan
fenomena dan kejadian tampak mata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret
(menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan
membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan
yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam
sudut pandang/teori

Kompetensi Dasar

3.2 Menelaah teks piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom
4.2 Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh
Sinom dengan ragam krama

Indikator

3.2.1 menganalisis paugeran teks piwulang serat Wulangreh
pupuh Sinom
4.2.1 menafsirkan isi teks piwulang serat Wulangreh pupuh
sinom dengan ragam krama.

Ancas Pasinaon

1.Sasampunipun nyemak materi saking ebook babagab teks
piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom, siswa saged

nganalisis paugeran teks piwulang serat Wulangreh pupuh
Sinom kanthi trep.

2. Sasampunipun pirembagan babagan teks piwulang serat
Wulangreh pupuh Sinom saking ebook lan video pasinaon,
siswa saged nafsiraken isi teks piwulang serat Wulangreh

pupuh sinom mawi basa Jawa ragam krama.

Pandom Pasinaon

Saderengipun mlebet ing materi pasinaon serat
Wulangreh pupuh Sinom, siswa mangertosi rumiyin
pandom pasinaon menika. Ing ngandhap menika bab-
bang ingkang kedah dipungatosaken :
1.Para siswa maos pandom materi menika.
2.Ambokbilh wonten materi utawa bab sanesipun
ingkang gegayutan kaliyan materi ingkang dereng
dipunmangertosi saged nyuwun pirsa dhateng guru.
3.Siswa saged gladhen ing bagena gladhen lan KKM-ipun
70.
4.Siswa ingkang dereng KKM saged gladhen malih.

Punapa menika Serat Wulangreh ?

Serat wulangreh inggih menika seratan saking Sri
Susuhunan Pakubuwana IV. Wulangreh menika
saking tembung “wulang” sinonim kaliyan tembung
pitutur artosipun ajaran utawi piwulang. Tembung
“reh” saking basa Jawa kina ingkang artosipun dalan
utaw margi, aturan, lan tata cara nggayuh.
Wulangreh saged dipunmaknai piwulang kangge
ngayuh kautaman, inggih menika urip kang
sampurna. Salebeting serat wulangreh kathah
piwulang-piwulang ingkang saged dipunterapaken
ing padintenan. Piwulang-piwulang ingkang
nedahaken kautaman ing dunya. Kita ingkang dados
siswa saged mendhet piwulang-piwulang ing serat
wulangreh.

Salah satunggaling pupuh ing serat wulangreh
inggih menika pupuh sinom. Ing pupuh sinom
ngewrat bab dhasar dhasaring tingkah laku. Supados
langkung cetha lan gampil anggenipun sinau pupuh
sinom, mangga sesarengan nggatosaken materi ing

ngandhap menika!

Kados pundi paugeran pupuh
Sinom?

Paugeran tembang sinom
Paugeran-paugeran salebeting tembang gagrag
lawas, yaiku:
1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing
saben pada.
2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben
gatra.
3) Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning
gatra.

Supados langkung cetha,
sumangga saged nyemak ing

video menika.

https://youtu.be/IXwniE10Cjk

Pupuh Sinom Pada 1

Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun,
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-
padha.

Saking pada 1 pupuh sinom saged
dipuntingali paugeranipun :
1. Guru gatra saking tembang sinom
wonten 8 gatra utawi lirik.
2. Guru wilanganipun yaiku : 8, 8, 8, 8,
7, 8, 7, 8, 12.
3. Guru lagunipun yaiku : a, i, a, i, i, u, a,
i, a.
Saking pada sepisan kanthi pada
pungkasan paugeran ing pupuh sinom
sami, dados antawisipun pada 1 lan
pada 2 ugi salajengipun amasthi
padha.

Kados pundi caranipun mangertosi

isi saking pupuh Sinom?

Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun,
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-
padha.

Dipunartosaken setunggal mbaka
setunggal gatra, mangke ambokbilih
wonten tembung ingkang boten
dipunmangertosi sagen pados ing
kamus.
Tindak tanduk tiyang ingkang sampun
sampurna, boten nate andamel watesan
kangge kapinteran tiyang sanesipun,
kapinteran piyambakipun
dipunumpetaken, lan kabodhonan
piyambakipun dipunkatingalaken
supados dipunina, lan boten
dipunwastani tiyang ingkang pinter,
piyambakipun ngraos bagya menawi
wonten ingkang ngina.

Menawi sampun dipunartosaken saged
dipuntafsiraken isinipun saking pada kasebut
menapa. Kadosta pada 1 ing nginggil, lajeng saged

dipuntafsiraken inggih menika :
Tiyang ingkang nginggil elmunipun amasthi

boten dipuntingalaken elmunipun.

GGLLAADDHHENEN

A. WAan.gWsualanngaspuiltakneanapnitiankgennganndihnagpnmgenainkdahkanptmhiecnariakmaiklaihnwthaincgasuralan
ingkmanilgilherwesa! ngsulaningkang leres!
1. Se1r.aStemreantampaeingakpaan dinipguknaanstaddipenuingaSsrtiaSduseunhiunnganSPraikSuubsuuwhanuanIaVn....
a. SePraatkTruibpaumwaana IV....
b. Seara.St WereadtatTarmipa ama
c. Serba.tSWeuralatnWgreehdatama
d. Secra.SteRraamtaWyanualangreh
2. Gudru.SgeartaratsReraamt wauylaanngareh pupuh sinom yaiku....
a. 8 2.Guru gatra serat wulangreh pupuh sinom yaiku....
b. 7 a.8
c. 6 b.7
d. 9 c.6
3. Cadca.h9ing wanda ing saben gatra yaiku pangerten saking guru....
a. Gu3r.uCwaiclaahnginang wanda ing saben gatra yaiku pangerten saking
b. Gugrurlaug.u...
c. Guaru.Ggautrau wilangan
d. Gubr.uGwuarnudalagu
4. Gucr.uGluagruulganagturaru wilangan Sinom gatra 3 yaiku....
a. 8ad.Guru wanda
b. 8i4.Guru lagu lan guru wilangan Sinom gatra 3 yaiku....
c. 12aa.8a
d. 7ab.8i

c.12a
d.7a

GLADHEN

b.Wangsulana pitakenan ing ngandhap menika mawi basa
ragam krama!
Serat Wulangreh Pupuh Sinom Pada 5
Nanging padha estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya
raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur
wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Punapa isi saking pada 5 kasebut?
Wangsulan :
.........................................................................................................
........................................................................................................

PANILAIAN

1.Sebataken struktur saking teks piwulang serat wulangreh
pupuh sinom!
Wangsulan :
.........................................................................................................
........................................................................................................

2.Kados pundi isi saking serat wulangreh pupuh sinom pada 2!
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune ngluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
.........................................................................................................
.........................................................................................................
.........................................................................................................
.........................................................................................................
.........................................................................................................
.........................................................................................................

Refleksi

Sasampunipun peserta didik maos materi lan gladhen,
punapa wonten materi ingkang dereng dipunmangertosi?
Menawi wonten, saged nyuwun pirsa dhateng gurunipun.

Ringkesan

Serat wulangreh ingkang dipunasta dening Sri Susuhunan
Pakubuwana IV nggadhahi kathah piwulang luhung ingkang
saged dipunterapaken ing padintenan. Saben pupuh gadhah
paugeran nalika panyeratan, menika ugi ing pupuh sinom.
Paugeran ing pupuh sinom yaiku guru gatranipun wonten 9,
guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 sarta guru lagunipun
yaiku : a, i, a, i, i, u, a, i, a.

Nalika menafsirkan isi saking pupuh sinom ingkang
sepisan kedah mangertosi artosipun rumiyin lajeng saged
menafsiran isi utawi piwulang ing pada kasebut.

Kapustakan

Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa. Jawa Timur : Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur
https://ekelas.smpn3mojogedang.sch.id/2021/02/serat-
wulangreh-pupuh-sinom-materi.html
https://id.wikipedia.org/wiki/Serat_Wulangreh
https://jurnal.uns.ac.id/sab/article/viewFile/48403/30002

Click to View FlipBook Version