The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Teks Sesorah/Pidato Basa Jawa

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dunungsetiya Anggara, 2023-11-29 10:13:18

TEKS SESORAH

Teks Sesorah/Pidato Basa Jawa

Keywords: sesorah

TEKS SESORAH 1 Assalamualaikum Wr. Wb. Ingkang satuhu kinurmatan, Ibu Kepala SMA NU Kejajar Wonosobo, Muspika Kecamatan Kejajar, Bapak/Ibu para rawuh dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya. Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun palajaran 2023/2024 kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda. Bapak Ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan, Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing SMA NU Kejajar Wonosobo ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan menika, kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMA NU Kejajar Wonosobo menika. Kula sakanca ngaturaken agungin panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng Ibu Kepala sekolah, minangka manggalaning para Dwija SMA NU Kejajar Wonosobo, bapak saha ibu dwija dalasan karyawan SMA NU Kejajar Wonosobo ingkang sampun kersa nggulawenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan, kacihna kanthi panggulawenthah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian Sekolah kanthi sae. Kula sakanca ngaturaken agunging samudra pangaksami dhumateng bapak Kepala Sekolah, bapak ibu dwija saha karyawan SMA NU Kejajar Wonosobo mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipungulawenthah ing kawah candradimuka menika kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranani, trapsila ingkang boten tata, lan kawontenan ingkang boten mantesi, saestu sepisan malih kanthi andhap asoring manah kula sakanca nyuwun lumunturing sih pangaksama. Kula sakanca ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu dwija dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa saha sewelas. Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula sakanca. Amin. Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMA NU Kejajar Wonosobo langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Kabupaten Wonosobo. Amin. Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb.


TEKS SESORAH 2 Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun, Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA NU Kejajar Wonosobo ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur. Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah Swt, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia. Kula panjenengan sedaya mangertos, bilih atusan warsa kula panjenengan dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa Indonesia, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa Indonesia. Awit saking menika kula panjenengan sami kedah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris abrit pethak. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, gerak jalan saha sanes-sanesipun. Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan Kula panjenengan menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT, supados bangsa Indonesia menika dados bangsa ingkang langkung sae. Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Nuwun. Wassalamuallaikum Wr. Wb.


TEKS SESORAH 3 Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun, Puji syukur mangga kula panjenengan aturaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat saha hidayahipun kangge kula panjenengan sedaya, satemah kula panjenengan sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanti sehat wal afiat. Bapak ibu lan kanca-kanca ingkang kinurmatan Wonten ing kalodhangan punika kepareng kula badhe matur babagan bahayanipun ngonsumsi narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang, kula panjenengan sampun asring mirengaken saha ningali pawartos, bilih sok sintena kemawon ingkang ngginaaken narkoba bade kenging bahayanipun, antawisipun bade ngrisak badan, kesehatan badhe kaganggu, pikiran boten saget wening, lan sanesipun. Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngginakaken narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan, ngrugekaken sanget tumrap badan kula panjenengan, awit tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan paru, lan ingkang paling bahaya inggih menika pikiran ingkang mboten saget punkendalikaken kanti sae. Narkoba saget njalari kula panjenengan asring micara ngelantur, tindak tanduk kirang sopan lan sakpanunggalipun, tiyang ingkang remen ngginakaken narkoba gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang urmat dhumateng tiyang sepuh lan saksaminipun. Tiyang mabuk mekaten mboten saged dipun kontrol kesadharanipun, sak sekecanipun piyambak lan sopan santun ingkang kirang, lan gadhah pakulinan ingkah rumaos paling hebat, ananging sakjatosipun tansah ringkih lan gampil sakit. Awit menika kula ngajak dhumateng para warga masyarakat ampun ngantos ngginaken narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang, lan kula panjenengan ginakaken wekdal kanthi sae lan dipunginakaken kangem babagan hobi ingkang positif inggih punika kadosta: maos buku, olahraga, traveling lan sakpanunggalanipun. Bapak ibu lan kanca-kanca ingkang kinurmatan Kanthi pangertosan ingkang sampun kula aturaken lan jlentrehaken wonten ngajeng kala wau, kula ngajak mangga kula panjenengan tansah njagi supados kula panjenengan mboten ngantos ngginaaken barang-barang, lan obat-obatan ingkang dipunlarang. Mugi-mugi sesorahan wonten ing dinten menika migunani dhumateng kula panjenengan sedaya lan andadosna kula panjenengan tiyang ingkang sae. Ana kupat lawuhe santen menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten.. Nuwun Wassalamualaikum Wr Wb.


Click to View FlipBook Version