LATIHAN SOAL BAHASA JAWA
KELAS 6D (ASTRO KUSUMO)
I. PILIHEN JAWABAN A, B, C, UTAWA D SANGAREPE WANGSULAN SING BENER!
Gatekna geguritan ing ngisor iki! ( Kanggo pitakon no.1 lan 2)
....
Kawulamu . . . .
Guyub rukun anambut kardi
Jroning swasana tentrem lan mardhika
Giliging tekad manunggal
Cumithak jroning ati
Bebarengan ambangun
Aku lila . . . .
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili ,
Netesi bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara
....
(Karipta dening Mahardono Wuryantoro)
1. Isine geguritan ing dhuwur yaiku . . . .
A. Getih kang netesi bumi pertiwi
B. Netesi bumi pertiwi amrih ajur dadi sawur
C. Bebarengan ambangun nagara
D. Korban jiwa ragane kanggo raharjaning nagari
2. Tegese “Guyub rukun anambut kardi” kang ana ing geguritan ndhuwur yaiku . . . .
A. Swasana kang guyub lan rukun
B. Guyub rukun karo kaluwargane dhewe
C. Bebarengan nyambut gawe kanthi guyub rukun
D. Urip kanthi rukun karo sanak-kadange
3. Gatekna pacelaton ing ngisor iki !
Pak Darmo : "Sis, saka ngendi bae surup kok lagi mulih?"
Siswanto : “Saking sowan Pak Marsudi, Pak. Kala wau kula sampun matur ibu.”
Pak Darmo : "Ana perlu apa kok sowan Pak Marsudi?”
Siswanto : "Sonten wau Pak Marsudi kagungan kersa ngitanaken putranipun.
Kula kadhawuhan ngencangi lados para tamu.”
Pak Darmo : "Putrane umur pira kok wis disunatake?”
Siswanto : ". . . .”
Pak Darmo : "Lho, kok ora ulem-ulem. Tamune akeh apa ora?”
Jangkepane pacelaton ing ndhuwur sing mathuk . . . .
A. Sampun umur setunggal welas taun.” C. Wis umur suwelas taun
B. Sampun umur suwelas taun D. Sampun yuswa setunggal welas taun.”
Gatekna crita dongeng ing ngisor iki ! (Kanggo pitakon no. 4 lan 5)
Dhek jaman biyen ana ing Desa Karangwulusan, ana Mbok Randha Karangwulusan duwe anak
papat wadon kabeh, sing telu anake dhewe, jenenge Kleting Abang, Kleting Wungu lan Kleting Biru.
Dene sing siji anak pupon jenenge Kleting Kuning.
Watak kleting tetelune ala kabeh. Beda karo Kleting Kuning, senajan rupane katon ala nanging alus
bebudene, ngerti unggah-ungguh, tur prigel nyambut gawe. Sedulur-dulurane padha ora seneng karo
Kleting Kuning jalaran sakabehe diungkuli. Kleting kuning disiya-siya, diutus nyambut gawe abot.
Saben dina diseneni, ora diolehi nyandhang apik, cadhonge pangan mung sethithik tur turahan.
Menawa duwe salah sethithik wae dipulasara sakayange.
Kacarita, Andhe–Andhe Lumut anake Mbok Randha Dhadhapan rupane bagus banget. Akeh para
wanita sing padha ngunggah-unggahi, nanging durung ana sing ditampa jalaran durung ana sing cocog.
Kleting tetelune padha budhal ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut. Dene Kleting Kuning
ditilapake. Kleting Kuning dikongkon ngumbah dandang tembaga sing rupane wis ireng. Ora oleh bali
yen dandange durung bisa resik gilap kaya anyar. Kleting Kuning nangis kelara-lara banjur ditulungi
bango thonthong kang minangka panjelmane dewa.
Kleting Kuning banjur mulih terus melu nyusul ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut. Dening
sedulur-dulurane, Kleting Kuning dienyek lan dielok-elokake. Andhe-andhe Lumut lan Mbok Randha
Dhadhapan bareng weruh Kleting Kuning rumangsa seneng cocog karo atine. Panglamare Kleting
Kuning ditampa. Sanalika Kleting Kuning dadi Sekartaji, dene Andhe-andhe Lumut babar dadi Raden
Panji Asmara bangun sing akhire jumeneng ratu ing Jenggala.
4. Cerita rakyat ing ndhuwur latar panggonane ana ing . . ..
A. Desa Karangwulusan C. Alas
B. Kraton D. Kutho
5. Saka crita ing ndhuwur, paraga ing ngisor iki sing duweni watak ala yaiku . . . .
A. Kleting Kuning C. Mbok randha Dhadhapan
B. Tetelune anake Mbok Randha dhewe D. Andhe-Andhe Lumut
6. Gatena wacan ing ngisor iki !
Pak Bonari karo Lik Parno kuwi nelayan yaiku wong sing penggaweyane golek iwak. Olehe golek
iwak ing tengah segara. Lumrahe para nelayan kuwi olehe golek iwak ing segara ing wayah bengi,
merga yen golek ing wayah bengi olehe luwih akeh. Watara jam lima sore para nelayan wis padha
budhal..
Ukara utama (kalimat utama) kang ana ing paragraf ndhuwur yaiku . . . .
A. Golek iwak iku ing tengah segara
B. Golek iwak ing segara iku ing wayah bengi
C. Pak Bonari karo Lik Parno kuwi nelayan yaiku wong sing penggaweane golek iwak
D. Yen golek ing wayah bengi olehe luwih akeh
7. Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki!
Gundhul-gundhul Pacul
Gundhul-gundhul pacul…cul gemblelengan
Nyunggi-nyunggi wakul…kul gemblelengan
Wakul ngglempang, segane dadi saratan
Wakul ngglempang, segane dadi saratan
Isining tembang dolanan ing ndhuwur yaiku . . . .
A. Bocah gundhul, nakal, bandel ora tanggungjawab
B. Bocah gundhul glelang-gleleng
C. Nyunggi wakul nglimpang
D. Segane morat-marit
8. Gatekna paragraf deskripsi ing ngisor iki!
Jaman saiki golek pagaweyan ing kantor ora gampang. Apa maneh wong kang ora duwe
ketrampilan sansaya angel. Mulane akeh pemudha sing padha wiraswasta kanthi ngingu bebek, pitik,
sapi, wedhus lan truwelu. Kabeh mau katindhakake kanggo ngisi kegiatan lan uga kanggo golek
pangupa jiwa. Kabeh mau bisa kasil kanthi apik kanthi modal ulet lan tlaten.
Gagasan baku (gagasan pokok) sing ana ing paragraf ndhuwur yaiku . . . .
A. Mulane akeh pemudha sing padha wiraswasta
B. Apa maneh wong kang ora duwe ketrampilan sansaya angel.
C. Jaman saiki golek pagaweyan ing kantor ora gampang.
D. Kabeh mau bisa kasil kanthi apik kanthi modal ulet lan tlaten.
9. Gatekna wacan pawarta ing ngisor iki!
Ing pungkasan tahun 2018 bangsa Indonesia akeh nemoni bencana alam. Salah sijine yaiku banjir
bandang. Akeh omah-omah sing ambruk, sawah rusak, raja kaya serta sato kewan kerut banyu, lan
liya-liyane. Malah ana sekolahan sing diliburake amarga gedhonge rusak ketrajang banjir.
Pendhudhuke padha bingung, ngungsi menyang panggonan sing luwih dhuwur. ....
Isining pawarta ing dhuwur yaiku . . . .
A. Bangsa Indonesia akeh nemoni bencana alam, salah sijine yaiku banjir bandang
B. Sekolahan diliburake amarga gedhonge rusak
C. Akeh omah-omah, lan raja kaya padha kerut
D. Pendhudhuke padha bingung, ngungsi menyang panggonan sing luwih dhuwur
10. Mbakar pohong iku yen genine kurang gedhe bisa . . . pohonge.
A. lunglit C. dhekwur
B. tahteng D. tingwe
11. Wong sing sabar lan nrima uripe bakal . . . .
Ing ukara ndhuwur yen dijangkepi tembung saroja dadi . . . .
A. gandhes luwes C. crah bubrah
B. ayem tentrem D. babak belur
12. Kanggo ngragati anake bapak olehe nyambut gawe peng-pengan.
Peng-pengan yen digawe tembung entar yaiku . . . .
A. adus getih C. adus kringet
B. adus tenaga D. adus pikir
13. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon
Guru wilangan lan guru lagu gatra ka-2 tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
A. 7a C. 10u
B. 8u D. 12i
14. Gatekna tembang Pucung ngisor iki!
Pucung
Sholat iku, kuwajiban ingkang laku
Lekase ket fajar
Ibadah kang pancen wajib
Sholat iku cagake saka agama
Tegese gatra/baris sepisan tembang pucung ndhuwur yaiku . . .
A. Sholat iku kudu wajib dilakoni
B. Sholat iku ana limang waktu
C. Sholat iku ora wajib dilakoni
D. Sholat iku dilekasi ket subuh
15. Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki!
Pangkur
Aja seneng padha utang
Utang iku bakal ngganggu ing ati
Yen atine wis kaganggu
Tentreme ora ana
Ora bakal urip rukun
Rukune wis sirna
Rusak keluargane
Tembang Pangkur ing ndhuwur guru gatrane ana . . .
A. 5 C. 7
B. 6 D. 8
16. Gatekna crita wayang Pandhawa ing ngisor iki!
Pandhawa iku kanggo nyebutake sedulur lanang kang cacahe lima. Lumrahe banjur diarani pandhawa
lima. Sedulur lima iku kang mbarep Prabu Puntadewa, nomer loro Werkudara, nomer telu Arjuna, dene
urutan papat limane Nakula Ian Sadewa.
Lelimane nduweni watak kang luhur utawa becik, jujur, sabar, seneng ngalah, adil, Ian wicaksana. Mula ora
aneh yen budi pekertine para Pandhawa bisa kanggo conto.
Ing perang Baratayuda, Pandhawa sing cacahe lima bisa ngalahake Kurawa kang cacahe satus. Iku
kabeh saka watak Ian budi pekertine Pandhawa kang becik.
Prabu Puntadewa duwe watak sabar. Werkudara jujur. Arjuna watake satriya, welas asih lan seneng
tetulung. Nakula duwe watak temen Ian bekti marang wong tuwa. Dene Sadewa watake adil wicaksana
Amanat/pesen sing ana ing cerita wayang ndhuwur yaiku . . . .
A. Wong sing duwe budi pekerti sing becik, tansah oleh pitulungan dening Gusti Allah
B. Wong nduweni ilmu kudu dipamer-pamerake
C. Wong kudu nduweni kaluwihan sing kanggo nyombongi wong liya
D. Watak serakah, goroh lan asring mbenjani janji ndadekake wong sugih
17. Aksara Jawa iki yen ditulis Latin dadi Aksara Jawa sisih iki yen ditulis Latin dadi . . . .
A. Sudharmi tuku rujak C. Sudharmin tuku salak
B. Sudhirman tuku rujak D. Sudharmo tuku salak
18. Gatekna wacan ing ngisor iki!
......
Ki Hajar Dewantara miyos ing Ngayogyakarta 2 Mei 1889. Nalika isih timur asmane Raden Mas
Suwardi Suryaningrat. Ki Hajar Dewantara ngadegake pawiyatan kang aran Perguruan Taman Siswa
ing Ngayogyakarta. Bebarengan karo Edward Douwes Dekker lan dr. Cipto Mangunkusumo ngedegake
pakumpulan “Indische Partij” ing tanggal 25 Desember 1912. Amarga gedhe banget lelabuhane marang
nagari Indonesia Ki Hajar Dewantara sinebut Bapak Pendidikan Nasional . . . .
Irah-irahan kang mathuk kanggo wacan ing ndhuwur yaiku . . . .
A. Raden Mas Suwardi Suryaningrat C. Ki Hajar Dewantara
B. Taman Siswa D. Indische Partij
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Rebo wage tanggal 19 September 1945 esuk gendera Walanda Abang-Putih-Biru dikibarake
maneh ing menara Hotel Yamato. Iki pratandha arep pulihe maneh kolonialisme Walanda ing
Surabaya. Rumangsa menang perang, patrape banjur angkuh sarta gumedhe. Para anggota Komite
Sosial sing ngaku anggota Palang Merah tumindak ora ngurmati rakyat Indonesia. Kumlebate
gendera Walanda Abang-Putih-Biru lan polah tingkahe tentara-tentara Walanda iku cepet banget dadi
kawigatene rakyat lan para mudha ing sakiwa tengene hotel kono. Atine “Arek-arek Suraboyo” dadi
panas, ora gelem maneh ndeleng kumlebete gendera manca ing bumi pertiwi kang lagi bae mardika.
Para mudha lan rakyat saka ngendi-endi teka lan nuding-nuding gendera ing dhuwur hotel kanthi
nyuwara seru supaya lambang penjajah iku cepet-cepet diudhunake. Nanging tentara-tentara
Walanda sing ana sakiwa tengene hotel kono katon ora nggubris malah ngatonake angkuhe. Rakyat
sing teka ana sing nggawa takiari, golok, klewang lan liya-liyane. Kabeh mau disawang dening
tentara-tentara Walanda kanthi polatan memungsuhan.
19. Wangsulan : Walanda ngibarake gendera Abang-Putih-Biru ing menara Hotel Yamato.
Ukara pitakon kang cocog kanggo wangsulan ing ndhuwur yaiku . . . .
A. Kapan Walanda ngibarake gendera Abang-Putih-Biru?
B. Ing ngendi Walanda ngibarake gendera Abang-Putih-Biru?
C. Geniya Walanda ngibarake gendera Abang-Putih-Biru?
D. Kepriye Walanda ngibarake gendera Abang-Putih-Biru?
20. Gatekna gambar ing ngisor iki!
Bedane gambar ing ndhuwur yaiku . . . .
A. Sijine maca, sijine olahraga
B. Sijine dolanan bareng, sijine tukaran
C. Sijine guyon, lan sijine maca
D. Sijine rukun karo adhine, sijine ora rukun karo adhine
21. Gatekna tembang Maskumambang ing ngisor iki!
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Hanemu duraka
Ing donya tumeking akhir
Tan wurung kasurung-surung
Watake tembang Maskumambang yaiku . . . .
A. Nasehat, asmara
B. Ramah, sumeh
C. Sedih, nelangsa nganti donya nganti akhirat
D. Tuladha kang becik lan nasehat
22. Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki!
Mangkono ilmu kang nyata,
Sanyatane mung we reseping ati,
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen den ina,
Nora kaya si punggung anggung gumunggung,
Ugungan sadina dina,
Aja mangkono wong urip
Kosok baline (antonim) tembung “cubluk” ing tembang Pangkur ndhuwur yaiku ... .
A. pinter C. goblok
B. becik D. dhuwur
23. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Sinom
Nuladha laku utama
tumraping wong tanah Jawi
wong agung ing ngeksi gandha
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudanen hawa Ian nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siang ratri
amemangun karyenak tyas ing sesama
Tembang Sinom ing dhuwur guru gatrane ana . . . .
A. 8a-8i-8a-8i-7i-8u-7a-8i-12a C. 8i-8i-8h-8i-7i-8u-7a-8i-12a
B. 8a-8i-8a-8i-7i-8u-7a-8i-11a D. 8a-8i-8a-7i-7i-8u-7a-8i-12a
24. Tegese paribasan “Lambe satumang kari samerang” yaiku . . . .
A. Wong sing wis kepenak golek rekasa
B. Duwe kakarepan sing mokal kelakone
C. Aweh pitutur bola-bali, tapi ora dilakoni
D. Tansah kiput kekarepane
25. Cangkriman : Pak demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk
Batangane (arti) cangkriman ing ndhuwur yaiku . . . .
A. lampu neon C. kembang gedhang/ontong
B. salak D. semangka
26. Batangane : Andha
Cangkrimane : Emboke diidhak-idhak anake . . . .
A. nangis C. keluwen
B. dielus-elus D. methentheng
Gatekna cuplikane pidhato ing ngisor iki!
Sinaosa Raden Ajeng Kartini berjuang kagem emansipasi wanita utawi hak sami antawisipun priya
lan wanita, nanging tetep manut kodratipun wanita. Mboten sami kaliyan priya. Tetep priya punika
pemimpinipun wanita. Bapak tetep minangka pemimpin rumah tangga.
27. Tema pidhato ing dhuwur yaiku . . . . C. mengeti dinten kamardikan
A. mengeti dinten kartini D. mengeti dinten ibu
B. mengeti dinten guru
28. Gatekna cuplikan perangane pidhato ing ngisor iki!
Sepisan, sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur katur dumateng ngarsanipun Gusti Allah
ingkang Maha Agung sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya saengga ing wekdal
punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun kula ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para Bapak sarta lbu Guru ingkang
sampan kersa rawuh, sarta adhik-adhik kelas tiga ngantos kelas gangsal ingkang ndherek
mangayubagya ing adicara pepisahan siswa-siswi kelas enem siyang punika.
Perangane pidhato ing ndhuwur diarani . . . .
A. Salam pambuka C. pangajab
B. atur pakurmatan D. atur syukur
29. Salajengipun kula ing ngriki ingkang kajibahan dados ketua panitia Pentas Seni mengeti Dinten
Pendhidhikan Nasional warsa 2019, keparenga kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan sedaya,
bilih Pentas Seni ingkang dipun gelar punika awit saking iguh pratikele saking para kadang sedaya
Pidato kanthi cara nyiapake teks sing arep diwaca diarani metode . . . .
A. naskah C. impromtu
B. ekstemporan D. menghafal
30. Gatekna pidhato ing ngisor iki!
Assalamu'alaikum wr. wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni.
Bapak lbu Guru ingkang dhahat kinurmatan. 1
Adhik-adhik kelas tiga ngantos kelas gangsal ingkang kula tresnani.
Sakderengipun sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah, awit saking
paringipun nugraha dhumateng kula lan panjenengan sedaya. 2
Salajengipun kula ing ngriki ingkang kajibahan dados ketua panitia Pentas Seni mengeti Dinten
Pendhidhikan Nasional warsa 2019, keparenga kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan sedaya,
bilih Pentas Seni ingkang dipun gelar punika awit saking iguh pratikele saking para kadang sedaya.
Wasana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkungin3g atur nyuwun agunging
pangaksami. 4
Panutupe pidhato ing dhuwur yaiku nomer . . . .
A. 1 C. 3
B. 2 D. 4
31. Ibu menyang pasar. Yen ditulis nganggo aksara Jawa . . . ..
32. Pelem ing pekarangane simbah pating gandhul.
Tembung gandhul, yen diwenehi seselan –um- dadi . . . .
A. gandhulan C. ginandhul
B. gumandhul D. ginandhulan
33. Gambar tokoh wayang sisih tengen iki arane . . . .
A. Puntadewa
B. Werkudara
C. Sadewa
D. Arjuna
34. Suradi mangan sosis
Yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku . . . .
35. Gatekna tembang Pucung ing ngisor iki!
Pucung
Bapak pucung,
Bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah dirgantara
Kaya manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane tembang Pucung ing dhuwur yaiku . . . .
A. sepur C. sepedha montor
B. kapal mabur D. manuk
36. Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki!
Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji.
Guru lagune tembang Pangkur ing ndhuwur yaiku ... .
A. a, i, g, a, g, a, i C. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
B. a, i, u, a, u, a, i D. 8, 12, 8, 7, 12, 8, 7
37. Paribasan “Asu rebutan belung” tegese . . . .
A. Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
B. Karepe ngirit, nanging malah entek akeh
C. Seneng umuk nanging ora sembada
D. Rebutan barang sing sepele
38. Perkembangane ilmu lan teknologi cepet banget, utamane ing babagan teknologi informasi lan komunikasi.
Akeh wong sing wis tuwa-tuwa ora tekan pikirane. Akhire padha blajar marang wong-wong sing isik enom-
enom, bebasane kaya . . . .
A. Kebo kabotan sungu C. Kacang ora ninggal lanjaran
B. Ngajari bebek nglangi D. Kebo nusu gudhel
39. Batangane : Geni
Cangkriman sing mathuk kanggo batangane ing ndhuwur yaiku . . . .
A. Bocor malah kebak C. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
B. Diceluk malah munggah D. Tibane ngisor, digoleki ndhuwur
40. Gatekna gambar ing ngisor iki!
Cangkriman sing mathuk kanggo gambar ing sisih iki yaiku . . .
A. Pitik walik saba kebon
B. Pitik walik saba meja
C. Sega sakepel dirubung tinggi
D. Anake gelungan, mboke orean
II. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER!
41. Gatekna crita rakyat ing ngisor iki!
Kancil banjur menyang alas kidul nggoleki kodhok. Kancil takon “ Kung … ana perlu apa kowe
kok ing kene?” Kung semaur, “Aku isin, Cil! Aku iki rak kodhok sing terkenal pinter nglangi lan
mencolot, nanging kabisanku kalah karo iwak lan walang sing awake cilik kae. Mulane aku
latihan esuk sore nglangi lan mencolot. Nanging aku ora bisa nandhingi kepinterane iwak lan
walang “Aku isin,Cil …., aku wis gagal!”
“Kung … kowe iku luput ya … !!! Aja meri … aja drengki … aja umuk. Gusti Alloh iku adil, ora
pilih kasih. Kowe bangsane kodhok pinter nglangi lan mencolot, iwak bisa nglangi nanging ora
bisa mencolot. Walang bisa mencolot nanging ora bisa nglangi. Mulane Kung,… ayo padha
bersyukur, kabeh mau wis diwenehi kepinteran dhewe-dhewe. Iya …. Iya Cil, aku sing luput.
Yen ngono ayo bali Kung, kanca-kanca wis padha kangen karo suaramu.Kung … kung … kung
…
Apa pesan/amanat kang ana ing crita rakyat ing ndhuwur?
......................................................................................................................................................
42. Gatekna ukara acak ing ngisor iki !
1. Mrana-mrene ora ketemu
2. Aku ngoleki lilin sing dak simpen
3. Bareng wis ketemu, lampune murup
4. Bengi iku omahku peteng ndhedhet, amarga listrik mati
Rakiten ukara acak ing ndhuwur supaya dadi paragraf sing apik !
......................................................................................................................................................
43. Gatekna wacan ing ngisor iki!
Thomas Alva Edison iku pria sing kalahirake ana ing Ohio, Amerika Serikat. Deweke misuwur
amarga kasil nyiptakake lampu pijar. Edison uga kalebu ilmuwan sing produktif. Deweke uga kasil
nyiptakake proyektor sederhana kanggo muter film-film cendek. Kejaba iku, Edison uga aktif mbantu
pamarintah, khususe ing ndalem bidang militer. Deweke aktif ngenekake macem-macem riset kanggo
kepentingane pamarintah, kayata piranti pendeteksi pesawat terbang lan kapal selam musuh.
Apa kesimpulane wacan ing ndhuwur!
..............................................................................................................................................
..............................................................................................................................................
44. Gawea 1 paribasan lan tegese!
..............................................................................................................................................
..............................................................................................................................................
45. Gawea 4 ukara pambuka pidhato kanthi tema “Pengetan dinten Kartini”
..............................................................................................................................................
..............................................................................................................................................
..............................................................................................................................................
..............................................................................................................................................