The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Aurelia Danurdara Eichensi Putri
XII IPS 2/7

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by orelia, 2024-03-17 01:16:16

Kisi-Kisi PSAJ Bahasa Jawa 2023/2024

Aurelia Danurdara Eichensi Putri
XII IPS 2/7

Bahasa Jawa Aurelia Danurdara Eichensi Putri XII IPS 2 / 7 Kisi-Kisi PSAJ 23/24


SeratWedhatama Pupuh Pangkur Watak Ngadohi Hawa Nepsu Guru Gatra 7 Guru Wilangan 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 Guru Lagu A, I, U, A, U, A, I Padha 14 01


SeratWedhatama Pupuh Pangkur Mingkar mingkuring angkara, Akarana karanan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinuba sinukarta, Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap neng tanah Jawa, Agama ageming aji Meredam nafsu angkara dalam diri, Hendak berkenan mendidik putra-putri Tersirat dalam indahnya tembang, dihias penuh variasi, agar menjiwai hakekat ilmu luhur, yang berlangsung di tanah Jawa (Nusantara) agama sebagai “pakaian” kehidupan. Padha 1 01


Cerita Cekak 02 Cerita iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa Unsur-unsur 1.Tema 2.Latar/Setting 3.Penokohan 4.Alur 5.Pesen 6.Punjering Crita/ Sudut Pandang 7.Konflik


02 Cerita Cekak Budaya ana sesambungan karo pamikir, pakulinan lan asil karya cipta Sosial tata laku pasrawungan in antarane pawongan siji lan liyane Moral tumindak becik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masarakat Religius tuntunan agama lan kepercayaan Pendidikan owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik Estetis Bab-bab kang narik kawigaten, kaendahan, seni utawa nyenengake Etika sopan santun lan subasita ing bebrayan Politis sesambungane karo pamarentah Kemanusiaan sipat-sipat manungsa


Pawarta 03 informasi anyar utawa informasi ngenani sawijing prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaranm internet, utawa saka pirembugan marnag wong liya urawa pamireng. Titenan (Ciri-Ciri) 1. Tinemu ing akal/penalaran logis 2. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W+1H 3. Struktur basa trep 4. Diksi trep ora ambigu 5. Narik kawigaten 6. Bada ang nengsemake Nilai Pawarta Cepet Nyata Penting Menarik


03 Sifat-Sifat • Aktual • Jarak • Penting • Akibat • Konflik/congkrah • Tintrim/ketegangan • Kemajuwane inovasi • Emosi • humor Etika Nulis Pawarta • Objektif: dikantheni kepentingan pribadhi lan sponsor • Cover both side: kudu imbang, nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan Tekni utawa Tahap 1. Perorganisasian/ngumpulkake fakta utawa data 2. Nemtokake teras berita (lead) 3. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta 4. Ngawiti tulisan


Teks Deskripsi Omah Adat Jawa 04 Joglo iku konstruksi bangunan kang khas ing omah tradisional Jawa kanthi piguna saben perangan kang beda siji lan liyane ngemot unsure filosofi kang ana sambung rapete karo nilai-nilai religi, kapitayan, norma, lan nilai budaya


04 Teks Deskripsi Teras Utawa Pendhapa Dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenche prakara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.


04 Teks Deskripsi Pringgitan Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.


04 Teks Deskripsi Dalem Agung Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ruwangan iki nuduhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpama ana prakara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari prakara kang lagi disandhang.


04 Teks Deskripsi Krobongan/Senthong Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane piguna utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal, lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan. Gandhok/Pawon/Pekiwan Papane ana ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan ransah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).


Aksara Jawa Sandhangan Mandhaswara 05 Aksara mandaswara yaiku aksara kang manda-manda diucapake, ora cetha. Aksara mandaswara yaiku ya lan wa. Aksara ya jumedhul ing antarane aksara swara i lan a, sarta e lan a. Dene aksara wa jumedhul ing antarane aksara swara u lan a, sarta u lan i. Ing tulisan latin pathokane aksara mandaswara iku katulis ing tembung lingga, dene ing tembung andhahan ora katulis. Aksara mandaswara yaiku aksara kang manda-manda diucapake, ora cetha. Aksara mandaswara yaiku ya lan wa. Aksara ya jumedhul ing antarane aksara swara i lan a, sarta e lan a. Dene aksara wa jumedhul ing antarane aksara swara u lan a, sarta u lan i. Ing tulisan latin pathokane aksara mandaswara iku katulis ing tembung lingga, dene ing tembung andhahan ora katulis.


SeratWedhatama Pupuh Sinom Watak Tresna Asih, canthas, trengginas Guru Gatra 9 Guru Wilangan 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 Guru Lagu a, i, a, i, i, u, a, i, a Padha 18 06


SeratWedhatama Pupuh Sinom Nulada laku utama, Tumrape wong tanah jawi, Wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, Kepati amarsudi, Sudane udara lan nepsu, Pinepsu tapa brata, Tanapi ing siyang ratri, Amamangun karyenak tyasing sesama. Contohlah perilaku utama, untuk kalangan orang Jawa (Nusantara), Orang besar dari Ngeksiganda (Mataram), Panembahan Senopati, Yang tekun dalam usaha, mengurangi hawa nafsu, Dengan jalan prihatin (bertapa), tanpa henti siang malam, Selalu berkarya membuat hati tenteram bagi sesama (kasih sayang) Padha 1 01


CeritaWayang Bima Bungkus Bima Kuwat lan ora gampang nyerah Gajah Sena Prakasa lan seneng tetulung Prabu Pandu Menapa kemawon dipunlampahi demi anak Dewi Kunthi Tresna marang anak Batara Guru Bijak Kurawa Ora ikhlas biyantu 07


CeritaWayang Bima Bungkus Latar 07 Panggenan Alas Krendawahana Wektu Dalu Kahanan Rame, susah Amanat Saben ana kasusahan mesti ana tujuan kanggo mbangun dhiri dadi luwih apik


Teks Pranatacara 08 Kerep uga diarani dening babryan agung minangka panatacara pambyawara, pranaata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony 1. Salam Pambuka 2. Puji Syukur 3. Sapa aruh 4. Ancasing gati 5. Panutup 6. Salam penutup Perangan 1. Nganggo pangucap kang trep 2. Pamedhote ukara kang trep 3. Nganggo intonasi, nada, lan tekanan kang trep 4. Ngreteni tandha wacan kanthi trep 5. Swara kang cetha 6. Ngatur alon lan cepete pamaca 7. Ngolah treping mlebu wetuning napas 8. Mahami wacan 9. Pracaya marang dhiri pribadi Teknik Maca


Teks Pranatacara Unsur-Unsur 08 1. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe. 2. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih, lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini. 3. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong. 4. Maraga, ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb, lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang diucapake. 5. Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nanging uga ora katon grusa grusu. 6. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. panatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/sungkawa. 7. Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madiya lan wusananing karya. Dadi panatacara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.


Panganan Tradisional 09 Teks Deskripsi Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom. Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan – bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan –bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus. Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.


Aksara Jawa Angka 10


SeratWedhatama Pupuh Pocung Watak Sakpenake dhewe/luwe, lucu, lan gawe seneng Guru Gatra 4 Guru Wilangan 12, 6, 8, 12 Guru Lagu U,A,I,A Padha 15 11


SeratWedhatama Pupuh Pocung Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budaya pangekese dur angkara Ngelmu iku bisa kecekel yen gelem nglakoni Golek ngelmu kui saka wiwitan nganti ora ono enteke/ rampunge Tegese yen duwe ngelmu bakal menehi kekuwatan Setya marang budaya bisa nyegah tumindah angkara/ jahat Padha 1 11


Petikan Novel Ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapiturute, sanjabane unsur instrinsik. Unsur-unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra 1. Tema 2. Setting 3. Punjering Cerita/Sudut Pandang 4. Alur/Plot 5. Penokohan 6. Gaya Bahasa 12 Unsur Ekstrinsik Unsur Intrinsik Jinis-Jinis Detektif Roman Misteri Gothik Kriminal Fiksi Ilmiah


Petikan Novel 12 Nilai-Nilai Sosial Ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya Etik Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa nguwongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna ing dhiri pribadine Hedorik Menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita Spirit Bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe Koleksi Bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni novel iku Kulturak Menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya


Teks Sesorah 1. Mratelakaken informasi 2. Kang asipat hiburan 3. Ingkang asipat hamemilut marang para pamiyarsa 13 Peprincening medhar pangandikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan Sesorah iku rembugan ana ing sangrepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane 1. Pambuka 2. surasa/isi 3. wasana/penutup Perangan Sesorah:


Petikan Novel 13 Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah yaiku 5W 1H Nindakake sesorah uga kudu nggatekake: 1. Sikap nalika sesorah 2. Basa kang digunakake gampang dingreteni (komunikatif) 3. Swara kudu ngarah-ngarah 4. Nggatekakae tema kang jumbuh kato swasana 5. Swasana utawa kahanan 6. Wayah/wektu 7. Papan 8. Pamireng (audiens)


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Lamaran Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah. Ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kulawarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale kulawarga. Lamaran iki bisa lumaku nganti tekan pahargyan nganten yen panglamare penganten kakung ditampa. Siraman Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahrgyan wis bisa resik lair lan batine. Tata cara iki ditindakake ing omahe dhewe-dhewe.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Midodareni Tata cara midodareni iki duwe ancas supaya ing dina pahargyan penganten putri kasulistyane kaya dene widodari. Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari. Srah-srahan Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu. Sinebut uga "asok tukon".


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Ijab Kabul sawijining rerakengening penganten kang nuduhake menawa penganteng kakung kuwi ngucapke janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggi saksi nikahipun sampun sah Panggih Tata cara panggih dileksanakake sawise ijab kabul. Bisa ditindakake ing sadina utawa ing dina liyane. Acara iki nggunakake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yen penganten kakung lan putri bakal sah dadi jodhone. Kembang mayang kasebut minangka symbol penganten kakung lan putri. Sakwise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar-kucur, dahar klimah, mertui lan sungkeman.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Lamaran Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah. Ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kulawarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale kulawarga. Lamaran iki bisa lumaku nganti tekan pahargyan nganten yen panglamare penganten kakung ditampa. Siraman Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahrgyan wis bisa resik lair lan batine. Tata cara iki ditindakake ing omahe dhewe-dhewe.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Balangan Suruh Tata cara iku minangka tandha kasetyaning penganten Wiji Dadi Ing tata cara iki penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga. Pupuk Tata cara iki dileksanani ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha bisa nampa kanthi ikhlas dadi perangan kulawarga.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Lamaran Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah. Ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kulawarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale kulawarga. Lamaran iki bisa lumaku nganti tekan pahargyan nganten yen panglamare penganten kakung ditampa. Siraman Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahrgyan wis bisa resik lair lan batine. Tata cara iki ditindakake ing omahe dhewe-dhewe.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Sinduran Tata cara iki dileksanani dening wong tuwa penganten putri minangka tandha yen penganten kakung iku wis ditampa dadi perangan saka kulawarga. Timbang Tata cara iki penganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka perlambang bakal tumindak adil marang anak mantu lan besan, sarta rasa sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan. Kacar-Kucur Kacar-kucur wujud dhuwir logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Dahar Klimah Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan. Dahar Klimah Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.


Budaya Mantu Teks Eksposisi 14 Mertui Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi Sungkeman Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa. Kenduren/Resepsi Kacar-kucur wujud dhuwir logam, beras lan ubarampe liyane Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.


Aksara Jawa Rekan 15


SeratWedhatama Pupuh Gambuh Watak Akrab, sumadulur Guru Gatra 5 Guru Wilangan 7, 10, 12, 8, 8 Guru Lagu U, U, I, U, O Padha 35 16 nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa pribadi kang sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kebutuhan lair lan batin


Samengko ingsun tutur, sembah catur supaya lumuntur, dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahing Manon. Kelak saya bertutur, empat macam sembah supaya dilestarikan, antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku! disanalah akan bertemu, tanda anugrah Tuhan. Padha 1 16


Cerita Rakyat Tema Ide pokok utawa prakara utama kang ndhasari lakuning cerita Latar Latar belakang sing mbyanti cethaning laku crita Penokohan Perangan kang nggambarrake karakter kanggo paraga/pelaku Alur Rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing crita Konflik Perakara kang penjere crita. Ing perangan iki diketokake prakara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten Punjering Crita Nyritakake tokoh, barang, papan, kewan lan sapiturute 17 Unsur-Unsur Cerita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggeop minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku


1. Anonim: crita rakyat iku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit 2. Kolektif: crita dadi duweke masarakat bebarengan 3. Dicritakake kanthi lesan 4. Sing nyritakake saka generasi ke generasi Karakter Crita Rakyat 17 1. Mitos: dianggep bener-bener kedadeyan. Ing alam daratan, segara, utawa langit 2. Legenda: kaangep bener-bener kedadeyan. Biasana ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali 3. Dongeng: dianggep crita sing ngayawara, ora pisa dipercaya Wujud Crita Rakyat


Iklan Basa Jawa 18 Cara Panggawene: Pariwara/iklan: sawijining pesen babgan barang jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar media (cetak,audio,elektronik) 1. Gawenen tampilan (layout) kang prasaja/sederhana 2. Desain werna 3. Headline lan isi utama desain 4. Gaya tulisan Iklan ing radhio duwe cakrik 1. Theather of the mind: pariwara kang dirungkoke kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angenangen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake 2. Pribadi: pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane Panulisane teks pariwara radhio: • Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang • Nulis minangka wujud komunikasi langsung • Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane Cakrik pariwara TV: • Pesen saka produk: audio, visual, elektronik • Piranti ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radhio


19 Seni Pertunjukkan Jawa Purwakanthi Teks Eksposisi runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine. 1. Guru Swara:purwakanthi kang runtut swarane. 2. Guru Sastra:kang runtut sastrane utawa tulisane. 3. Guru Basa: tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Parikan tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Wangsalan unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Basa Rinengga basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah.


Aksara Jawa Murda 20


SeratWedhatama Pupuh Kinanthi Watak Seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan. Guru Gatra 6 Guru Wilangan 8, 8, 8, 8, 8, 8 Guru Lagu U, I, A, I, A, I Padha 18 21 Nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kaluwargane. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya sakabehe tumindake ora nalisir saka bebener.


Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin. Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin. Padha 1 21


Geguritan 22 wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Ukurane ora nggladrah, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-tembung rinengga (purwakanthi swara, sastra, lan basa) Wujude iku saemper karo sair, panulisane kanthi bait-bait/gatra. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang macapat. Unsur-Unsur Fisik 1. Diksi 2. Citraan 3. Bunyi 4. Tipografi Batin 1. Tema 2. Perasaan/rasa pangrasa 3. Nada/irama 4. Amanat/pitutur 1. Lumrahe diwiwit tembung sun gegurit 2. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih 3. Cacah ing wanda saben gatrane padha 4. Tiba neswara inf pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi Geguritan Klasik


1. Ode: ngemot pangalembana marang wong liya, negara apadene kang idanggep luhur 2. Himne: marang Gusti Kang Mahakawasa 3. Elegi: sawijining bab kang nelangsa lan ngrujit ati 4. Epigram: babagan piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes 5. Satire: ngenyek kanthi kasar kang landhep/sinis tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan 6. Romansa: katresnan 7. Balada: lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga Jinis-Jinis 22 1. Nemtokake ide/tema 2. Nyaring 3. Ngripta geguritan Trap-trapan panulis geguritan 1. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan 2. Nggoleki materi-materi kang wigati 3. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan 4. Nggancaraken nggunakake basan dhewe Trap-trapane lan cara kanggo mahami lan ngudhari surasane geguritan


Pakaian Adat Jawa 23 Kebaya Teks Deskripsi Kebaya iku atasan kang dirobah saka kain lembut, biasane kathah kaya putih utawa krem. Kebaya ana desain khusus kanthi lenga dawa, kancing ing bagéan muka, lan hiasan bordiran utawa payet sing rumit. Jarik Jarik iku kain panjang sing dipakai minangka rok. Jarik dikaitna lan disambitake ing pinggang kanthi teknik khusus sing disebut "ngalor ngidul", nggo ggawé lipatan sing apik. Kamen Kamen iku kain sing dipakai kanggo nglindhungi bagéan bodhi. Biasane kamen kathah kaya warna karo kebaya utawa ana motif sing cocog Selendang Selendang utawa selendang jarik iku kain tipis sing dipakai lingkaran ing bahu utawa pinggang. Selendang digunakna kanggo nambahi kesan anggun lan nglengkapna penampilan.


24 Kendhang Teks Eksposisi Gamelan Jawa Kendhang yaiku perangan gamelan kang cara nabuhe dikeplak ngango epek-epek (tlapak tangan). Perangan gamelan iki penting banget amarga minangka pengatur irama, kalamangsa uga minangka pambuka gendhing. Kendhang ginawe saka kayu kang dibolongi nganti tembus banjur bolongan iku ditutup nganggo kulit kewan, kayata sapi, kebo utawa wedhus. Jinising kendhang ing antarane: kedhang ketipung, kendhang ciblon, kendhang bem, lan sapiturute. Gambang Gambang yaiku piranti gamelan kang ginawe saka kayu blebekan. Umume ana pirulas nganti selikur blebek/wilah. Gambang kasusun jejer-jejer urut saka nada cendhek nganti tekan dhuwur dhewe. Piranti kang digunakake kanggo nabuh ana loro, kang dibuntel nganggo kain supaya ngasilake swara kang empuk wujude kaya ban kang disunduk sesisih. Piranti gamelan iki digunakake kanggo melodi utawa pangiringe. Perangan gamelan liyane yaiku rebab, suling, gong, bonang, saron, slenthem, siter, kenong, lan sapiturute


Click to View FlipBook Version