BAHAN AJAR KELAS III
BAHASA JAWA
MATERI CERITA PANDHAWA
KOMPETENSI DASAR
3.1 Mengartikan kata-kata sulit dan menjawab pertanyaan tentang isi cerita
tokoh Pandawa.
3.4 Menyampaikan isi bacaan dalam ragam ngoko secara tertulis.
TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Dengan membaca teks yang disediakan peserta didik dapat menjawab
pertanyaan tentang isi cerita tokoh Pandawa dengan tepat.
2. Dengan penugasan peserta didik dapat memasangkan tokoh wayang
Pandawa dengan Namanya secara tepat.
Yudhistira Werkudara Harjuna Nakula Sadewa
PANDHAWA
Pandhawa kuwi ana lima. Sing mbarep Yudhistira, banjur Bima, Panengahe
Harjuna, banjur Nakula lan Sadewa. Pandhawa kuwi putrane Prabu Pandhu Dewanata.
Yudhistira, Bima, lan Harjuna lair saka Ibu Kunti Talibrata. Dene Nakula lan Sadewa lair
saka Ibu Bathik Madrim.
Yudhistira rati ing Ngamarta, duwe watak wicaksana demen ngalah. Yudhistira
duwe watak sing luhur, prasasat ora nate dora marang sapadha-padha. Yudhistira duwe
pusaka yaiku Jamuskalimasada.
Bima satriya ing Jodhipati duwe watak kendel mbelani bebener. Bima kuwi awake
gedhe dhuwur lan digdaya. Gamane aran Gada Rujakpolo lan Kuku Pancanaka. Sanjan
digdaya tanpa tanding, Bima duwe watak becik.
Harjuna satriya ing Madukoro, duwe watak seneng tetulung. Pusakane Panah
Pasopati. Kasekten Harjuna sing ora bisa katandhing yaiku kaprigelane nganggo panah.
Harjuna kuwi prasasat ora nate mleset anggone manah. Harjuna uga duwe jeneng liya
yaiku Raden Dananjawa.
Nakula lan Sadewa kuwi kembar. Nalika Nakula lan Sadewa isih cilik, Dewi
Madrim wis kapundhut Sang Hyang Widhi mula kekarone banjur karengkuh Dewi
Kunthi. Nakula lan sadewa kuwi miturut lan seneng sabiyantu marang kakang-kakange.
Lelorone uga duwe kaprigelan yaiku pinter nganggo pedhang nalika ing paprangan.
Nakula satriya ing Bumi Retawu. Dheweke duwe watak ora seneng nyampuri urusane
wong liya. Dene Sadewa satriya ing Sawojajar. Duwe watak padha karo Nakula amarga
sedulur kembar.
Nalika perang Baratayudha, Pandhawa menang mungsuh kurawa, amarga
Pandhawa pancen seneng nggondheli bebener. Mula saka Gusti sing Maha Kuasa
tansah diparingi pangayoman.
LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK
Petunjuk:
Hubungkan garis pada gambar berikut dengan nama yang ada di kotak sebelah
kanan dengan tepat!
Yudhistira
Werkudara
Arjuna
Sadewa
Nakula
EVALUASI
Pilihlah jawaban pada huruf A, B, C, dan D di depan pernyataan
yang tepat!
1. Pambarepe Pandawa yaiku ….
A. Yudhistira
B. Werkudara
C. Arjuna
2. Bapake Pandawa asmane ….
A. Yudhistira
B. Werkudara
C. Pandhu Dewanata
3. Watake Yudhistira yaiku ….
A. seneng tapa
B. Mbelani bebener
C. Seneng ngalah
4. Arjuna satriya ing ….
A. Madukoro
B. Jodhipati
C. Ngamarta
5. Gamane Werkudara yaiku ….
A. Gada Rujakpolo
B. Panah Pasopati
C. Jamuskalimasada