The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ciciliautami31, 2022-10-12 09:37:39

UNGGAH-UNGGUH

Unggah-ungguh

BAHAN AJAR

Unggah-ungguh bahasa Jawa

1. Capaian Pembelajaran

Peserta didik mampu menyampaikan gagasan,
pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan
bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh
basa dan tata bahasa untuk menyampaikan
pendapat, pemecahan masalah, dan pemberian solusi
secara lisan dalam bentuk monolog dan dialog logis,
kritis, dan kreatif. Peserta didik mampu
menggunakan dan mengembangkan perbendaharaan
kata untuk berbicara dan presentasi.

2. Tujuan Pembelajaran

• Peserta didik mampu berbicara sesuai
dengan unggah-ungguh Basa Jawa

• Peserta didik mampu menganalisis
ragam krama

3. Peta Konsep

4. Petunjuk
belajar

Bagi Siswa
Bagi Guru

Add a Slide Title - 1 Petunjuk Bagi
Guru
Petunjuk Bagi Siswa Dalam setiap
Untuk mendapatkan kegiatan belajar
hasil maksimal saat guru berperan
belajar menggunakan untuk:
bahan ajar ini, maka
disediakan beberapa
petunjuk penggunaan
bahan ajar antara lain:

Petunjuk bagi siswa

a. Bacalah dan b. Kerjakan c. Untuk kegiatan
pahami dengan baik setiap kegiatan diskusi, “Kegiatan Diskusi” yang
uraian materi yang soal latihan dengan berisi kegiatan praktik,
disajikan pada masing- baik untuk melatih perhatikan “unggah-
masing kegitan kemampuan ungguh” yang berisi
pembelajaran. Apabila penguasaan petunjuk melakukan
terdapat materi yang pengetahuan unggah- praktikum. Jika ada
kurang jelas segera ungguh. kegiatan yang belum
tanyakan kepada guru. dipahami, tanyakan
pada guru hingga jelas

c. Mengarahkan siswa a. Memotivasi Petunjuk
untuk menemukan konsep siswa dalam bagi
melalui kegiatan diskusi dan mengerjakan soal-soal Guru
praktikum Mengembangkan latihan untuk melatih
sikap peduli lingkungan kemampuan
dengan menyampaikan penguasaan
sikap yang dapat diteladani pengetahuan unggah-
dari materi unggah-ungguh ungguh.
dan mengingatkan siswa
untuk dapat selalu sopan b. Membimbing
santun terhadap orang- siswa yang merasa
orang dilingkungan sekitar kesulitan
mereka. menyelesaikan tugas

B. Penyajian Materi

Basa mujudake sarana kanggo medharake
gagasan utawa rasa pangrasane manungsa.
Nalika medharake gagasan kang wigati
tumrape wong kang nggunakake basa lisan
kanggo guneman yaiku kanthi migunakake
basa kang bener lan becik. Cekake wong
micara kanthi unggah-ungguh tegese bisa
guneman kanthi manut tatanan kang
lumaku ing bebrayan.

Unggah-ungguh basa bisa dadi sarana

kanggo nggayuh katentreman

amarga wong kang bisa ngetrapake

basa kanthi bener lan becik bakal

kepenak anggone sesrawungan. Mula

ayo ajar unggah-ungguh sarta

dicakake ing pasrawungan saben

dinane supaya bisa urip ayem lan

tentrem ing madyaning bebrayan.

Unggah-ungguh yaiku tata
pranataning basa miturut
lungguhing tata krama (W.J.S.
Poerwa Darminta, 443 :
1939)

Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh
basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan
basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang
kaya ing ngisor iki:
Basa Ngoko
a. Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora
kecampuran tembung-tembung krama inggil
tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane
tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.

Penganggone Ngoko Lugu:
a) Dienggo dening sapadha-padha kang
wis kulina.
b) Dienggo ndhuwuran marang
andhahan.
c) Dienggo wong kang wis tuwa marang
sing enom, kayata: wong tuwa marang
anake, guru marang muride, eyang
marang putune, lan sapanunggalane.

Tuladha Ngoko Lugu:
• Kowe gelem turu kene, Mbak?
• Kowe sesuk apa sida lunga?
• Kowe ditukokake jajan pasar?

b. Ngoko alus

Ngoko alus yaiku basa ngoko sing

kecampuran tembung-tembung

krama inggil tumrap wong sing diajak

pacaturan, krama inggil khusus

kanggo wong liya, wuwuhan tetep

wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi

panjenengan.

Penganggone Ngoko Alus:
a) Sedulur enom marang sedulur
tuwa.
b) Wong sing kaprenah tuwa marang
wong enom sing drajade luwih
dhuwur.
c) Ibu marang bapak sing wis kulina
nganggo basa ngoko.

Tuladha Ngoko Alus:
•Panjenengan kersa sare kene Mbak?
•Panjenengan sesuk apa sida tindak?
•Panjenengan dipundhutake jajan
pasar?

Pangeling:
Sing dikramakake ing basa ngoko alus
yaiku:
a) Tembung sesulih purusa II (kata ganti
orang ke-2) lan tembung kriya.
b) Tembung kriya sing dikramakake,
ater-ater (awalan) lan panambang
(akhiran) tetep ngoko.

Basa Krama
Basa krama diperang dadi loro, yaiku:
a. Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama
sing tembung-tembunge lugu lan ora
kecampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak
pacaturan, tembung kowe dadi
sampeyan, tembung aku dadi kula.

Penganggone krama lugu: Marang wong
sadrajad sing durung raket (durung
akrab).
Tuladha:
a) Sampeyan purun tilem mriki Mbak?
b) Sampeyan benjing menapa tamtu
kesah?
c) Sampeyan dipuntumbasaken jajan
pasar?

b. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa
krama sig tembung-tembunge
alus lan kecampuran tembung-
tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak pacaturan.

Penganggone Krama Alus:
a) Wong enom marang wong tuwa
b) Anak marang bapak utawa ibune
c) Putu marang eyang utawa simbahe
d) Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan
sapanunggalane
e) Marang wong sing luwih dhuwur drajade
f) Murid marang gurune.
g) Andhahan marang pimpinane.
h) Abdi utawa rewang marang juragane, lan
sapanunggalane

Tuladhane:
• Panjenengan kersa sare mriki
Mbak?
• Panjenengan benjing menapa
tamtu tindak?
• Panjenengan dipunpundhutaken
jajan pasar?

Tuladha tembung ngoko, krama, krama alus

No. Ngoko Krama Krama Alus
1 aweh caos paring
2 ngomong matur ngendika
3 duwe gadhah kagungan
4 silih sambut ampil
5 lunga kesah tindak
6 bali wangsul kondur
7 mangan nedha dhahar
8 oleh angsal kepareng
9 teka dugi rawuh
10 tuku tumbas mundhut
11 turu tilem sare
12 omah griya dalem

C. Rangkuman
• Unggah-ungguh yaiku tata
pranataning basa miturut lungguhing
tata krama (W.J.S. Poerwa Darminta,
443 : 1939)
• Wernane unggah-ungguh basa ing
jaman saiki lumrahe kaperang dadi
loro yaiku basa ngoko lan basa krama

D. Latihan/ Tugas/ Praktikum
Praktek bermain peran,
peserta didik dibagi menjadi
2 kelompok dengan anggota
2 peserta didik setiap
kelompok

Pacelathon 1
Doni : Pak, kula badhe kesah.
Bapak : Arep nang endi Don?
Doni : Nggene Riski pak, badhe ngrampungaken PR kala wingi.
Bapak : Lhoh, PRmu wingi apa ora di warah i mbakmu ?
Doni : Nggih pak, ananging kula badhe kelompok, dhawuhipun
Bu Guru wingi sinau kelompok becik damel sinau.
Bapak : oalah, maksud e gurumu iku apik, tapi nek kelompok
yahmene iki ya ora pantes. wes arep ashar kok lagi kelompok ?
Sinau kuwi ora kudu karo kanca. wong ya uwis ana internet,
bisa sms, saiki kan pendidikan uwis ora kaya biyen. saiki uwis
maju.
Doni : Lha kula sampun pirembagan kalih kanca - kanca pak
Bapak : ya di sms, nek kelompokan aja sore - sore ngene iki,
ngesuk bae jam 2.
Doni : nggih sampun pak

Pacelathon 2
Atha: Pak, nyuwun ijin, kula badhe kesah wonten dalemipun Doni
Bapak: Koe aja lunga-lunga sik ta, Le
Atha: Lha wonten menapa, Pak?
Bapak: Saiki lagi akeh sing terinfeksi virus corona, Le.
Atha: Virus corona niku menapa, Pak?
Bapak: Corona kui virus sing nginfeksi sistem pernapasan atas.
Atha: Wah, medeni nggih, Pak. Dados, kepripun ngindari virus
corona?
Bapak: Ya salah sijine yaiku aja metu-metu sik. Sakliyane iku,
awakdhewe kudu nganggo masker, jaga jarak siji nganti loro
meter, lan kudu kerep wisuh nganggo sabun.
Atha: O nggih, kados niku. Nggih sampun, kula mboten sios kesah
kemawon, Pak.
Bapak: Nah, ngono kui sing becik, Le.
Atha: Nggih, Pak.

E. Referensi / Daftar Pustaka
Buku Paket Kartika Basa Edisi Revisi 2019. Sri Winarti,M.Pd. dan Suyati, S.Pd.
https://www.youtube.com/watch?v=t8KzyEK3nUE&t=800s
https://www.youtube.com/watch?v=dwxj3fb52l4&t=212s
https://www.google.com/url?sa=t&rct=j&q=&esrc=s&source=web&cd=&cad=rja&uact=8&ved=2ahU
KEwiUq97b4dn6AhU4gWMGHUdWCS0QFnoECAkQAQ&url=https%3A%2F%2Fadjar.grid.id%2Fread
%2F543183608%2Fcontoh-percakapan-bahasa-jawa-dengan-orang-tua-tema-covid-
19%3Fpage%3Dall&usg=AOvVaw2EQc1AactDQrD9NWfYA7-A
https://www.google.com/url?sa=t&rct=j&q=&esrc=s&source=web&cd=&cad=rja&uact=8&ved=2ahU
KEwiUq97b4dn6AhU4gWMGHUdWCS0QFnoECB0QAQ&url=http%3A%2F%2Fwww.cintaindonesia.w
eb.id%2F2021%2F03%2Fcontoh-percakapan-bahasa-jawa-dengan.html&usg=AOvVaw34dLid-
ImtaiaODakLM7_m
https://hellosainsuny.wordpress.com/petunjuk-belajar/
https://wasisbahasajawa.blogspot.com/2020/09/unggah-ungguh-lan-undha-usuk-basa-jawa.html
https://www.youtube.com/watch?v=oMfW6o42jrI
https://www.youtube.com/watch?v=aFAh3NKAYDg

MATUR
NUWUN


Click to View FlipBook Version