Penilaian
Harian
KI-3
Bahasa Jawa Kelas III
Wulangan 1
Wisata Pantai Permata
Dina Minggu Zahra lan kanca-kancane, ana Delissa, Feby, Viko, lan Yodha sepedahan
menyang Pantai Permata. Pantai permata iku manggon ana ing sisih lor kelurahan
Pilang kutho Probolinggo.
Sadurunge budhal, Zahra pamit marang bapak lan ibune. Ora lali Nanda nyuwun
donga pangestu. Bapak lan ibu meling supaya Zahra ngati-ati ing dalan, amarga akeh
kendaraan sing liwat dalan gedhe. Lan kudu nurut marang peraturan lalu lintas.
Jam 5 esuk Zahra lan rombongan wis budhal. Tekan panggonan watara jam setengah
7 amarga masiya cidhek nanging Zahra lan kanca-kancane ora kesusu lan luwih
mentingake keselamatan.
Sawise tutuk ning panggonan, bocah-bocah padha seneng banget amarga semilire
angin lan swarane ombak cilik agawe tentrem ning ati. Durung ditambahi wit-witan
sing ndadekake panggonan sansoyo adem.
Masiyo Zahra lan kanca-kancane seneng ning panggonan kuwi, nanging tetep nurut
peraturan. Kayata: ora mbuwang sampah sembarangan, ora ngrusak tanduran, lan
corat-coret ning sembarang panggonan.
Sawise tuwuk, Zahra lan kanca-kancane bali menyang omahe dhewe-dhewe, uga
gawa crita sing bisa mbanggakake amarga panggonan iku salah sijining panggonan
wisata kebanggaan kutho Probolinggo.
Tugasmu, gaweya ukara
pitakon 5 wae, dijupuk saka
wacan ing dhuwur iku!