BAHAN AJAR BAHASA JAWA UNGGAH-UNGGUH BASA OLEH: SITI ROBINGAH NIM. 23100860096 PROGRAM PENDIDIKAN PROFESI GURU DALAM JABATAN KATEGORI 1 BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2023
A. IDENTITAS Pokok Bahasan : Unggah-ungguh Basa Nama Penyusun : Siti Robingah Nama Sekolah : SMP Negeri 1 Purwojati Tahun Pelajaran : 2023/2024 Jenjang : SMP Kelas/Fase : VII (Tujuh)/Fase D Alokasi Waktu : 2x40 menit (1 pertemuan) B. CAPAIAN PEMBELAJARAN Elemen Berbicara Peserta didik mampu menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk menyampaikan pendapat, pemecahan masalah, dan pemberian solusi secara lisan dalam bentuk monolog dan dialog logis, kritis, dan kreatif. C. TUJUAN PEMBELAJARAN Tujuan Kognitif Peserta didik dapat menganalisis teks dialog sesuai unggah-ungguh basa.(C4) Tujuan Keterampilan Peserta didik dapat mempraktekan dialog bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh basa.(P3) Tujuan Sikap Peserta didik setelah mempelajari menulis/memperagakan teks dialog sesuai unggah-ungguh basa peserta didik berpikir kritis dalam ranah melestarikan budaya, dan berkebihnekaan global serta saling menghormati dalam berkomunikasi antar sesama teman, guru orang tua dan sesama manusia. D. LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN Fase 1 Orientasi Peserta Didik Pada Masalah 1. Peserta didik nggarap pretest sederengipun pamulangan dipunwiwiti wonten google form. Link : https://forms.gle/F8eqyC57kpXw6D177 (Critical Thinking, TPACK) 2. Peserta didik dipunparingi tayangan video bermain peran teks dialog unggah-ungguh basa ingkang irah-irahan Syukuri apa anane wonten link : https://youtu.be/fqT8zOEQp_A?si=eADFVqO8NOKoLroL&t=254 (TPACK) 3. Peserta didik saking bimbingan guru kedah analisis kaidah ngginakaken unggah-ungguh basa saking video tuladha dialog bermain peran. 4. Peserta didik nyuwun pitakenan ingkang adhedhasar materi unggah-ungguh basa. 5. Peserta didik dipunparingaken andharan saking guru ngginakaken tayangan PPT (materi unggah-ungguh basa). (Communication) Bahan ajar link: https://anyflip.com/fjgmk/mova/ (TPACK) Kamus kecil unggah-ungguh basa link : https://anyflip.com/fjgmk/tnzu/ (TPACK)
Bausastra online link : https://www.sastra.org/leksikon (TPACK) Fase 2 Mengorganisasi Peserta Didik 6. Peserta didik mbentuk klompok wonten 4-5 peserta didik. 7. Peserta didik dipunparing Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD) teks dialog ingkang sampun damel wonten pepanggihan sederengipun. 8. Peserta didik kalihan klompokipun mengamati kalepatan unggah-ungguh basa wontek teks pawicantenan ingkang sampun dipundamel ing pepanggihan sederengipun. 9. Peserta didik kalihan bimbingan guru peserta didik kedah menganalisis kaidah ngginakaken unggah-ungguh basa woten teks pacelathon. 10. Peserta didik kalihan klompokipun bertanya jawab ingkang kaitanipun unggah-ungguh basa saha ngleresaken kalepatan teks dialog unggah-ungguh basa ingkang sampun damel wonten pepanggihan sederengipun. (Communication) 11. Peserta didik wonten klompokipun musyawarah kangge nemtokaken sinten mawaon ingkang bade dados paraga saha sinten ingkang bade dados pengamat saha cameramen. 12. Peserta didik dipunparing arahan dening guru menawi kasil pamulangan inggih menika video pawicantenan ingkang ngginakaken unggah-ungguh basa. Fase 3 Membimbing Penyelidikan Mandiri dan Kelompok 13. Peserta didik saking bimbingan guru mahami tema sarta paraga ingkang dipunpilah wonten pepanggihan sederengipun. 14. Peserta didik kalihan bimbingan guru gladhen 15 menit saking peranan paraga wonten teks pawicantenan. 15. Peserta didik dipunparingi motivasi kangge memainkan peran ingkang sae. Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya 16. Peserta didik mempraktekan teks pawicantenan kalihan mbagi 1 peserta didik dados cameramen saha 3 peserta didik memainkan peran.(berbicara) (P3) 17. Peserta didik klompok sanesipun nanggapi kalihan basa ingkang santun. (Communication) 18. Peserta didik wonten klompok kangge edit video kasebut kalihan aplikasi capcut antawisipun aplikasi editing sanesipun. (colaboration) 19. Peserta didik saha klompokipun ingkang sampaun rampung edit video kasebut dipununggah ing sosial media kados ta Instagram, tik tok, antawisipun youtobe seremenipun peserta didik. 20. Peserta didik mempresentasikan kasil video wonten ngajeng kelas lumantar layar LCD proyektor. 21. Peserta didik sanesipun maringaken apresiasi kados ta tepuk tangan kangge peserta didik ingkang presentasi.
Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Proses Pemecahan Masalah 22. Peserta didik damel dudutan saking materi unggah-ungguh basa saking bermain peran. 23. Peserta didik dipunparingi penguatan ngengingi kaidah ngginakaken unggah-ungguh basa saking bermain peran. 24. Peserta didik nggarap soal postest wonten google form ingkang link : https://forms.gle/WbY6b8zBipbPAQhw5 (Critical Thinking, TPACK) Kegiatan Penutup 1. Peserta didik merefleksikan proses pamulangan saha kasil ingkang sampun dipunlampahaken (kebermaknaan pembelajaran untuk perkembangan pribadi peserta didik). (Communication) Refleksi Peserta didik 1. Pengalaman menapa ingkang wonten pamulangan dinten menika! 2. Kangelan menapa ingkang wonten materi unggah-ungguh basa! 3. Kados pundi ingkang kedah dipuntingkataken nalika sinau unggah-ungguh basa 2. Peserta didik dipunandharaken dhateng guru bilih tindak lanjut menika gegayutan kalihan pamulangan materi basa ingkang sampun dipunsinaoni. (remidial dan pengayaan). 3. Peserta didik dipunandharaken dening guru pamulangan kangge pepanggihan selajengipun ingkang dipungayutaken kalihan materi ingkang dipunsinauni dinten menika. 4. Peserta didik saha guru pungkasi pamulangan kalihan dedonga sesarengan saha dipunpungkasi kalihan salam.
MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA 1. Pangerten Unggah-ungguh Basa Masyarakat Jawa menika ngatur tumindakipun tiyang jumbuh kalihan budaya Jawi. Unggah-ungguh basa Jawi asring dipunteges minangka solah bawa antawisipun tata krama menika identik kalihan nilai pakurmatan. Mangunsuwito (2002) unggah-ungguh basa minangka nilai ingkang ngatur caranipun tiyang tumindak sopan, kinurmatan, tumindak ingkang leres, tumindak ingkang trep kanthi nilai-nilai saha norma Masyarakat. Miturut basa, unggah-ungguh menika gabungan saking kalih tembung inggih menika tembung unggah saha tembung ungguh. Tembung unggah-ungguh wonten kamus basa Jawi sinonim kalihan tembung munggah ingkang tegesipun menek saha mendaki. Dados tiyang Jawi menika ngajenipun dhateng tiyang sanes ingkang adhedhasar kalungguhanipun antawisipun drajat ingkang langkung inggil. Miturut Franz Magnis Suseno (1985:60) unggah-ungguh basa menika identik kalihan prinsip pakurmatan, inggih menika sikap tiyang Jawi wonten cara matur saha tumindak, tansah kedah ngajeni dhateng tiyang sanes, miturut drajat saha pangkatipun. Miturut (Syafril&Nugraha, 2020) ngandharaken panggenanipun basa Jawi ing sejroningipun proses pamulangan dipuntindakaken saben dinten nalika mbikak saha nutup pamulangan, kangge nuwuhaken raos unggul dhateng sedaya kaluwargi sekolah mliginipun peserta didik. Pakulinanipun ngginakaken basa Jawi dipuntindakaken kangge ndhidhik peserta didik supados nggadhahi raos tresna dhateng kabudayan Jawi ingkang jiwa nasionalisme saha integritas. Pramila kaprigelanipun micara kanthi ngginakaken basa Jawi kedah dipungatosaken mlignipun saking Pendidikan amargi kaprigelan sampun rinaket kalihan Pendidikan karakter peserta didik. Miturut (Bakri et al, 2021) lumantar bermain peran, peserta didik sinau konsentrasi, gladhen imajinasi, maos gagasan enggal, gladhen perilaku tiyang diwasa saha nambah raos kontrol dhateng donyanipun piyambak. Dena Davis (2017:8) ngandharaken paedahipun bermain peran kangge lare usia diini inggih menika lare saged ngolah pengalaman ingkang becik sesampunipun bermain peran, saged nggadhahi pengaruh sae dhateng perkembangan sosial saha emosinipun lare, kalihan saged kasil tembung enggal. Miturut (Yaumi, 2013) ngandharaken bilih bermain peran inggih menika cara ingkang dipunginakaken kangge nylidiki perkawis ingkang wonten ing kahanan sosial ingkang kompleks. Hoffman saha Russ (2012:175-184) ngandharaken menawi wonten sesambungan ingkang signifikan antaranipun bermain peran saha sesambungan antaranipun regulasi emosional saha sosial. Basa Jawi menika sesrawungan dhateng sinten ingkang dipundherekaken gineman amargi basa Jawi menika maneka warni/beragam. Gineman kalihan tiyang sanesipun kedah mengretos unggah-ungguh basa menawi boten mangretos tiyang kasebat dipunaran boten
mangretos tatakrama/sopan santun/subasita. Dados unggah-ungguh menika tata caranipun basa ingkang adhedhasar tatakrama tumrap tiyang ingkang gineman. Basa Jawi menika amung ngoko kalihan krama. Basa ngoko menika basa ingkang kangge wicantenan tiyang ingkang sampun rumaket/akrab, dene basa krama menika kangge matur dhateng tiyang ingkang prelu dipunkurmati. Amarga menawi matur kangge ngormati ingkang dipunajak gineman mila mbetahaken tembung krama inggil/alus. Pramila wonten basa ngoko saha krama alus. Dados ganepipun basa Jawi iku wonten ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus. 2. Jinising Unggah-ungguh Basa Basa Jawa menika kaperang dadi 2, yaiku: 1. Basa Ngoko 2. Basa Krama Katrangan: 1. Basa ngoko wonten 2, inggih menika: ➢ Basa ngoko lugu Basa ngoko lugu inggih menika basa ingkang tetembunganipun ngginakaken tembung ngoko ngoko sedaya tanpa kecampuran tembung krama. • Ginanipun basa ngoko lugu inggih menika kangge gineman antawisipun: a. Wong sing sapadha-padha / sing wis kulina b. Wong tuwa marang anak-anake / wong enom c. Guru marang muride d. Wong sing lagi grenengan Tuladha: Susi : “Dina, lagi ngapa ya?” Dina : “Iki lho lagi nulis tugas basa Jawa.” Susi : “Apa ana tugas basa Jawa?” Dina : “Ana iki tulisan basa ngoko diubah dadi basa krama.” ➢ Basa ngoko alus Basa ngoko alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun ngoko kecampuran kalihan tembung krama. • Ginanipun basa ngoko alus menika kangge gineman antawisipun: a. Ibu marang bapak b. Wong sing umur lan pangkate sadrajat nanging padha-padha nduweni rasa ngajeni c. Wong tuwa marang wong enom sing wis suwe ora tau kepethuk d. Wong sing wis kulina nanging nduweni rasa ngajeni. Tuladha: Andi : “Mir, mengko pada maring daleme Pak Bagus yuh?” Amir : “Arep ngapa ta?” Andi : “Lha, kowe ora ngerti yen Pak Bagus gerah?”
Amir : “Ora, iya aku melu niliki Pak Bagus sing gerah.” Andi : “Mengko bali sekolah kumpul neng umahku.” Amir : “Iya.” 2. Basa krama wonten 2, inggih menika: ➢ Basa Krama Lugu Basa krama lugu inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun ngginakaken tembung krama sedaya tanpa kecampuran tembung krama inggil antawisipun tembung ngoko. • ginanipun basa krama menika kangge gineman antawisipun: a. Wong enom marang wong tuwa b. Tenaga marang juragane c. Batur marang bendarane d. Bocah kang durung kulina Tuladha: Retno : “Bu, Yanto ditimbali Bu Diyah ing ruwang BK samenika.” Ibu Guru : “Lha ana perlu apa?” Retno : “Miturut ngendikane Bu Diyah, Yanto kala wingi boten mlebet tanpa ijin, Bu.” Ibu Guru : “O…ya. Yanto…kana sowan Bu Diyah.” Yanto : “Nggih, Bu.” ➢ Basa Krama Inggil/Alus Basa Krama Alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun ngginakaken tembung krama sedaya tanpa kecampuran tembung ngoko. • gunane basa krama alus iku kanggo guneman antarane: a. Anak marang wong tuwane b. Murid marang gurune c. Wong enom marang wong tuwa d. Andhahan marang pimpinane e. Batur marang bendharane Tuladha: Dani : “Ibu kula nyuwun artonipun kangge sangu sekolah.” Ibu : “Iya, sangu pira ta?” Dani : “Gangsalwelasewu bu, samangke wonten infaq.” Ibu : “Iya Dan, iki dhuwite.” Dani : “Maturnuwun bu.”
3. Daftar tembung basa Jawa ragam ngoko, krama, saha krama alus Tembung-tembung ngoko, krama lan krama alus Nomer Basa Ngoko Basa Krama Basa Krama Inggil 1. adoh tebih - 2. adus - siram 3. adhi adhi rayi 4. agama agami - 5. aja sampun - 6. akeh kathah - 7. akon aken dhawuh 8. aku kula Dalem 9. alas wana - 10. alis alis imba 11. amarga amargi - 12. amba, jembar wiyar - 13. anak lare putra 14. aran, jeneng nama asma 15. ati manah penggalih 16. awak badan salira 17. ayo mangga - 18. Bali wangsul kondur 19. Bapak - rama 20. Bareng sareng - 21. Batur rencang abdi 22. Bathuk bathuk palarapan 23. Beda benten - 24. Bengi dalu - 25. Becik sae - 26. Bisa saged - 27. Bocah lare - 28. Bojo semah garwa 29. Cangkem lesan tutuk 30. Cekel cepeng asta 31. Cengel cengel griwa 32. Cilik alit - 33. carita / crita cariyos - 34. Dadi dados - 35. Dawa panjang -
36. Deleng tingal priksa / pirsa 37. Desa dhusun - 38. Dhewe piyambak - 39. dheweke piyambakipun panjenenganipun 40. Dhuwit arta - 41. Dhuwur inggil luhur 42. dluwang / kertas dlancang - 43. Dina dinten - 44. Dolan dolan ameng-ameng 45. Eling emut - 46. Endhas sirah mustaka 47. Enom enem - 48. Epek pendhet pundhut 49. Ganti gantos - 50. Gawa bekta ambil 51. Gawe damel ngasta 52. Gedhang pisang - 53. Gelem purun kersa 54. Getih rah / erah 55. Geni latu grama / brama 56. golek / luru pados - 57. Gula gendhis - 58. Gunem ginem ngendika 59. Iki punika / menika - 60. Ilang ical - 61. Inep nyipeng - 62. Ireng cemeng - 63. Irung - grana 64. Isih taksih - 65. Iwak ulam - 66. Jaga jagi reksa 67. Jago sawung - 68. Jagong - lenggah 69. Jaluk tedha suwun, pundhut 70. jarit, jarik sinjang nyamping 71. Jeneng nama asma 72. Jero lebet -
73. Jupuk pendhet pundhut 74. Kanca kanca - 75. Karep kajeng kersa 76. Karo kaliyan - 77. Kathok sruwal lancingan 78. kembang sekar - 79. Kepriye Kados pundi - 80. Klambi rasukan - 81. Kongkon kengken utus 82. Kowe sampeyan panjenengan 83. Kubur pethak sare 84. Lanang jaler kakung 85. Lara sakit gerah 86. Larang awis - 87. Lunga kesah tindak 88. Lungguh - lenggah 89. Manuk peksi - 90. Mari mantun, saras dhangan 91. Mata mripat paningal 92. Mati pejah, tilar seda 93. Melu tumut ndherek 94. Minggat kesah lolos 95. Nesu srengen duka 96. Ngerti ngertos priksa 97. ngomong matur ngendika 98. Nom nem, enem timur 99. Ombe - ngunjuk 100. omong, catur ginem - 101. Panas benter - 102. Pangan tedha dhaharan 103. Pikir manah penggalih 104. Pipi - pangarasan 105. Pitik ayam - 106. Pundhak pundhak pamidhangan 107. Rai - pasuryan, wadana 108. Rambut - rikma, rema 109. rembulan - candra
110. Rina rinten - 111. Salin gantos, santun santun 112. Sapi lembu - 113. Sasi wulan - 114. Sikil suku samparan 115. Slamet wilujeng sugeng 116. Tangan - asta 117. Teka dhateng rawuh MATERI PROSEDURAL 1. Menganalisis teks dialog Peserta didik kedah saged memecahkan masalah pamulangan materi unggah-ungguh basa. Wonten ing unggah-ungguh basa wonten basa ngoko, basa krama, saha krama alus. Menawi cara bentenaken menika sampun dipunwulangaken wonten materi unggah-ungguh basa. Caranipun analisis inggih menika peserta didik kedah madosipun tembung-tembung ingkang lepat wonten ing teks dialog kanthi permati saha analisis penggunaan unggah-ungguh basa wonten ukara teks dialog kanthi permati. 2. Praktik bermain peran saking teks dialog ingkang sampun dipundamel wonten pepanggihan kepungkur Materi unggah-ungguh basa sampun dipunlampahaken kanthi ngandharaken pangerten, jinisipun unggah-ungguh basa, ginanipun, tuladha pacelathon sesuai unggah-ungguh basa, jinising tembung ingkang selaras unggah-ungguh basa, video tuladha bermain peran lumantar youtube saha sanesipun. Peserta didik sampun paham amargi sinau unggah-ungguh basa saha mangretos damel teks dialog ingkang adhedhasar ungggau-ungguh basa. Gegayutanipun kalihan damel teks dialog peserta didik damel klompok kangge wawanpirembagan caranipun damel teks dialog, selajengipun teks dialog kasebut dipunpraktikaken wonten ngajeng kelas praktik bermain peran, antawisipun: a) Topik bermain peran saking teks dialog ingkang sampun dipundamel ing pepanggihan kepungkur. Peserta didik bermain peran teks dialog ingkang sampun dipuncakaken topikipun inggih menika pokok masalah ingkang badhe aturaken. Topikipun inggih menika: ➢ Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe pangkat sekolah. ➢ Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe nggarap tugas kelompok wonten kancanipun. ➢ Nyuwun arto kalihan bapak/ibu kangge sangu sekolah. ➢ Lare kepanggih Bapak/Ibu guru wonten peken. ➢ Lare tumbas wonten wande. b) Nemtokaken paraga wonten ing klompokipun Paraga wonten bermain peran ing teks dialog menika wigatos amargi kangge nyelarasaken kalihan unggah-ungguh basa ingkang para tiyang nem, tiyang sepuh, saha sanesipun. Tuladhanipun anak, bapak/ibu, guru, kanca, simbah, saha sanesipun.
c) Nemtokaken unggah-ungguh basa Peserta didik kedah bermain peran saking teks dialog ingkang dipunwigatosipun inggih menika nemtokaken unggah-ungguh basa ingkang kegayutanipun matur tiyang setunggal kalihan tiyang sanesipun. Bermain peran kedah adhedhasar saking unggah-ungguh basa. MATERI METAKOGNITIF Materi metakognitif inggih menika cara ingkang praktik. Peserta didik kedah mempraktikan bermain peran teks dialog ingkang sampun damel ing pepanggihan kepungkur wonten ngajeng kelas sesarengan kalihan klompokipun. Peserta didik klompok sanesipun samangke paring panyaruwe antawisipun nyuwun priksa dhateng klompok ingkang majeng. mempraktikan menika gantosan kalihan klompok sanesipun. Menawi ingkang majeng sepisanan nilainipun langkung ageng. Peserta didik ingkang sampun praktik dipunparing uplous dhateng kanca sekelasipun.
GLADHEN Kagiyatan 1 Wacanen teks pacelathon kasebut kanthi permati! Matur Marang Guru Ing sawijining dinten Retno, Sari, saha Budi dugi sekolah langkung gasik tinimbang biasanipun, kinten-kinten tabuh nem. Lare tiga menika sampun janji menawi bade ngrampungaken PR basa Jawi. Pramila nalika kelas teksih sepen, lare tiga menika sampun umyeg. Retno : “Piye Co, wis ana gambaran kanggo ngrampungake PR?” Sari : “Isih samar-samar.” Budi : “Iki ngene lho, PR-e kuwi awake dhewe didhawuhi nulis Jawa telung paragraf iki lho. Gampang ta?” Retno : “lha kowe bisa?” Budi : “Aku ki jane isi, ning mau bengi iku aku lagi ngrampungake PR Matematika sing seabreg iku. Dadi PR boso Jowo yo durong kecandak.” Sari : “Ngene wae, iki aku karo Retno kuwi bisane mung grotal-gratul. Piye nek saiki kowe nggarap, aku lan Retno sing nurun.” Budi : “yo ojo ngono to, Sar. Nek ngono carane, meng sing bisa ya mung aku. Kowo tetep ra iso.” Retno : “Lha terus piye, wong nyatane aku karo Sari ora apal aksoro Jowo.” Budi : “Ngene wae. Saiki awake dhewe nggarap dhewe-dhewe. Mengko sing ora bisa dilompati. Nek wis rampung kabeh dakwarahi. Piye?” Retno : “Aja ngono ta, Bud. Aku karo Sari saparagraf-saparagraf wae, nek kowe langsung telung paragraph. Piya?” Budi : “Ya wis ta.” Lare tiga menika selajengipun nyerat Jawa miturut bageyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun rampung, Budi ngajari kancanipun kangge ngganepi aksara-aksara ingkang Retno saha Sari boten saged. Lare tiga menika sami remen amargi saderengipun bel mlebet muni tugas sampun rampung saha boten dangu bel muni. Jam pisanan inggih menika basa Jawi. Bu Marsi : “Sugeng enjing, para siswa!” Siswa : “Sugeng enjing, Bu!” Bu Marsi : “Ayo saiki PR-e diijolke karo sisihe. Ibu bakal nulis ing papan tulis. Para siswa mung kari nyoreki endi sing ora benar!” Budi : “Sekedap Bu, kula bade taken. Rencang-rencang menika katah ingkang dereng apal aksara Jawi lho. Menapa kangge cara menika rencang-rencang saged apal, Bu?” Bu Marsi : “Ngapalake kuwi wektune kowe kabeh sing apal. Mestine kelas pitu kuwi aksara Jawa wis padha apal. Sebab aksara Jawa wis diwulangake wiwit kelas 3 SD. Budi : “Nanging nyatanipun kathah rencang ingkang dereng apal Bu.” Bu Marsi : “Ya wis, iki mengko karo daktulis neng papan tulis kalihan dakterangake siji-sijine. Ora ketang sithik rak bisa tambah apalane.” Budi : “Nggih, Bu.” Ngantos sabar Bu Marsi nyerat saha nerangaken babagan ingkang kedah dipunterangaken. Sasampunipun rampung saweg dipunbika malih kangge ingkang dados pitakenan. Bu Marsi : “Nah, iki wis rampung. Sapa sing arep takon?” Tanti : “Lha menika mandheg menapa boten ngangge pangkon, Bu?” Bu Marsi : “Pangkon kuwi pancen kanggo nyigeg, ningen iku yen gladhen. Yen wis nulis ngene iki, pangkon diganti nganggo pasangan.” Tanti : “Oh…ngaten nggih, Bu. Nggih kula sampun mudheng.” Bu Marsi : “Nah…saiki ayo padha dicocoge garapanmu. Yen ora mudheng piye?” Siswa : “Takon, Bu.”
Gladhen! 1. Kapadosna tetembungan saha ukara ingkang kirang trep miturut teks pacelathon kasebut kanthi permati! 2. Peragakaken teks pacelathon kados bermain peran (bermain peran) kanthi trep unggahungguhipun! Pilihen tema: a. Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe pangkat sekolah. b. Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe nggarap tugas kelompok wonten kancanipun. c. Nyuwun arto kalihan bapak/ibu kangge sangu sekolah. d. Lare kepanggih Bapak/Ibu guru wonten peken. e. Lare tumbas wonten wande. Wangsulan : Nama Kelompok : 1……………………………………………. 2……………………………………………. 3……………………………………………. 4……………………………………………. 5……………………………………………. Wangsulan Nomer 1 1. ……………………………………………………………………………………. 2. …………………………………………………………………………………….. 3. …………………………………………………………………………………….. 4. …………………………………………………………………………………….. 5. …………………………………………………………………………………….. 6. …………………………………………………………………………………….. 7. …………………………………………………………………………………….. 8. …………………………………………………………………………………….. 9. …………………………………………………………………………………….. 10. …………………………………………………………………………………….. Wangsulan Nomer 2 ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………………
KUNCI JAWABAN LKPD Satuan Pendidikan : SMP Negeri 1 Purwojati Fase/kelas : D/VII Materi : Unggah-ungguh Basa Wangsulan nomer 1 1. aku ki jane isi 2. dadi PR boso Jowo yo durong kecandak 3. grotal-gratul 4. yo ojo ngono to 5. kowo tetep ra iso 6. aksoro Jowo 7. taken 8. katah 9. ngaten 10. takon Wangsulan nomer 2 Gumantung praktikipun (bermain peran) peserta didik.
DUDUTAN SAHA RELEVANSI 1) Dudutan Ungah-ungguh basa menika wigatosaken sanget ingkang dipunginakaken dhateng lingkungan keluwargi, sekolah, saha Masyarakat. Unggah-ungguh basa menika wonten basa ngoko lugu, basa ngoko alus, basa krama lugu, saha basa krama alus. Sedaya tiyang menawi pawicantenan kedah mangretos undha-usukipun basa. Menawi boten mangretos tiyang kasebut dipunasmanaken boten mangretos tata krama/sopan santun/subasita. Menawi gineman kalihan tiyang sanes kedah ngatos-atos menapa malih kalihan tiyang langkung sepuh kedah mangretos tatakramanipun. 2) Relevansi Ungah-ungguh menika jumbuh kalihan jaman semenika amargi lare-lare semenika kathah ingkang boten mangretos unggah-ungguh basa. Wonten sekolah ingkang adhedhasar kegayutaken kalihan materi unggah-ungguh basa peserta didik dipunwulangaken materi kasebut mliginipun peserta didik dados saged matur ingkang trep kalihan unggah-ungguh basa. Nalika gineman tiyang enem matur kalihan tiyang sepuh kedah ngginakaken basa krama alus, saha sapiturutipun. Menawi bermain peran kedah ngginakaken unggah-ungguh basa ingkang trep.
KAPUSTAKAN Andriani, N. P. A. R. (2013). Penerapan Model Pembelajaran Bermain Peran (Role Playing) untuk Meningkatkan Keterampilan Siswa Memerankan Tokoh dalam Pementasan Drama Siswa Kelas XI IPB SMA Saraswati Singaraja. Pendidikan Bahasa Dan Sastra Indonesia, 7(1), 1– 14. Bakri, A. R., Nasucha, J. A., & Indri M, D. B. (2021). Pengaruh Bermain Peran Terhadap Interaksi Sosial Anak Usia Dini. Tafkir: Interdisciplinary Journal of Islamic Education, 2(1), 58–79. https://doi.org/10.31538/tijie.v2i1.12 Daryati, S. (2022). PRINSIP KESANTUNANDALAM FILM PENDEK “MARAK” MRESANI PANJI SEKARPADA CHANNEL YOUTUBE KRATON JOGJA DAN RELEVANSINYADALAM PEMBELAJARAN BAHASA JAWA DI SMP. https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/92767/ Frans Magnis Suseno, Etika Jawa Sebuah Analisa Falsafi tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa (Jakarta: PT. Gramedia, 1985), h. 60 Kusumawati, M., & Setiawati, E. (2022). Penerapan Metode Bermain Peran sebagai Upaya Peningkatan Keterampilan Berbicara Bahasa Jawa dan Nilai Karakter Nasionalis. Proceedings Series on Social Sciences & Humanities, 3, 526-530. http://conferenceproceedings.ump.ac.id/index.php/pssh/article/view/323 Pendidikan, K., & Indonesia, K. R. (2017). Konsep dan Pedoman Penguatan Pendidikan Karakter Tingkat Sekolah Dasar dan Sekolah Menengah Pertama. Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. Priyanto, dkk. 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII. Jakarta: Erlangga. Sari, Lupita Ariantika, dkk. 2023. Buku Pendamping Siswa Wungkal Basa Jawa kanggo SMP Semester 1 Kelas VII. Purwokerto: MGMP Kabupaten Banyumas. S.A. Mangunsuwito, Kamus Lengkap Bahasa Jawa (Bandung: CV. Yrama Widya, 2002), h. 570. S. Soemiati Soetjipto, Sikap Kita dalam Pergaulan I (Jakarta: Balai Pustaka, 1975), h. Syafril, E. P. E., & Nugraha, A. H. A. (2020). Proceeding International Webinar Malay Local Wisdom in the Period and After the Plague (Issue July). Wahyuni, A. T. (2021). Meningkatkan Kemampuan Siswa Menerapkan Unggah Ungguh Basa dalam Pelajaran Bahasa Jawa Melalui Strategi Pemberian Peran Pada Siswa SMPN 2 Mejayan Kabupaten Madiun. Jurnal Dieksis ID, 1(2), 40-46. https://pusdig.my.id/dieksis/article/view/75 https://anyflip.com/fjgmk/tnzu/ https://www.sastra.org/leksikon https://youtu.be/fqT8zOEQp_A?si=eADFVqO8NOKoLroL&t=254 https://youtu.be/EhOoqKy4W0U?si=OdwnL2bsm3NZwSi7&t=73