The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sitirobingah.2023, 2023-11-07 11:57:59

BAHAN AJAR PPL 2_SITI ROBINGAH

SITI ROBINGAH

Keywords: BAHAN AJAR

BAHAN AJAR BAHASA JAWA UNGGAH-UNGGUH BASA OLEH: SITI ROBINGAH NIM. 23100860096 PROGRAM PENDIDIKAN PROFESI GURU DALAM JABATAN KATEGORI 1 BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2023


A. IDENTITAS Pokok Bahasan : Unggah-ungguh Basa Nama Penyusun : Siti Robingah Nama Sekolah : SMP Negeri 1 Purwojati Tahun Pelajaran : 2023/2024 Jenjang : SMP Kelas/Fase : VII (Tujuh)/Fase D Alokasi Waktu : 2x40 menit (1 pertemuan) B. CAPAIAN PEMBELAJARAN Elemen Menulis Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis tentang sosial budaya untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa. C. TUJUAN PEMBELAJARAN Tujuan Kognitif 1. Peserta didik dapat mengidentifikasi unggah-ungguh basa (C3) 2. Peserta didik dapat membuat teks dialog sesuai unggah-ungguh basa dengan benar (C6) Tujuan Keterampilan 1. Peserta didik dapat mendemostrasikan teks dialog Bahasa Jawa yang sudah dibuat (P3) Tujuan Sikap Peserta didik setelah mempelajari menulis teks dialog sesuai unggah-ungguh basa peserta didik berpikir kritis dalam ranah melestarikan budaya, dan berkebihnekaan global serta saling menghormati dalam berkomunikasi antar sesama teman, guru orang tua dan sesama manusia. D. LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN Fase 1 Orientasi Peserta Didik Pada Masalah 1. Peserta didik dipunparingi tayangan video kados ta peserta didik nyuwun idzin dhateng wingking saha ngempalaken buku tugas ing ruang guru. Link : https://youtube.com/shorts/T2NdEw70xEE?si=nPAPxAswVsKC6TSI (peserta didik nyuwun idzin dhateng wingking). (TPACK) Link : https://youtube.com/shorts/Lz7TIw7tXss?si=rxZ9h8Wyx6WtwCb3 (peserta didik ngempalaken buku tugas wonten ruang guru). (TPACK) 2. Peserta didik saking bimbingan guru kedah identifikasi kaidah ngginakaken unggahungguh basa saking video tuladha dialog kasebut. 3. Peserta didik nyuwun pitakenan ingkang adhedhasar materi unggah-ungguh basa. 4. Peserta didik dipunparingi andharan saking guru ngginakaken tayangan PPT (materi unggah-ungguh basa). (Communication)


5. Peserta didik dipunparing kesempatan kangge nyuwun pitakenan materi ingkang dereng paham. 6. Peserta didik dipunparing kartu make and match kangge masangaken antawisipun kartu basa ngoko saha basa krama. 7. Peserta didik majeng kangge masangaken kartu ingkang dipuntempel ing papan tulis. 8. Peserta didik saha guru ngandharaken pasangan kartu kasebut. Fase 2 Mengorganisasi Peserta Didik 9. Peserta didik mbentuk klompok wonten 4-5 peserta didik. 10. Peserta didik dipunparing Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD) saking guru. 11. Peserta didik diskusi kangge identifikasi teks dialog ingkang dipunparing saking guru. (C3) 12. Peserta didik damel teks dialog ingkang adhedhasar unggah-ungguh basa kanthi tepat. (C6) Fase 3 Membimbing Penyelidikan Mandiri dan Kelompok 13. Peserta didik nggarap LKPD saking guru. 14. Peserta didik angsal bimbingan saking guru baik saking individu antawisipun klompok. (Communication) 15. Peserta didik diskusi kalihan klompokipun ingkang adhedhasar hasil identifikasi teks dialog sarta damel teks dialog sesuai unggah-ungguh basa. 16. Peserta didik ngempalaken lembar jawab wonten guru. Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya 17. Peserta didik presentasi kasil diskusi tentang identifikasi teks dialog (C4) saha damel teks dialog ingkang adhedhasar unggah-ungguh basa. (P3) 18. Peserta didik klompok sanesipun menanggapi kalihan basa ingkang santun. (Communication) 19. Peserta didik angsal penguatan saking guru. Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Proses Pemecahan Masalah 20. Peserta didik damel dudutan saking materi unggah-ungguh basa. 21. Peserta didik nggarap soal postest wonten google form ingkang link : https://forms.gle/afzVLVk7vzmRo87q9 (Critical Thinking, TPACK) Kegiatan Penutup 1. Peserta didik merefleksikan proses pamulangan saha kasil ingkang sampun dipunlampahaken (kebermaknaan pembelajaran untuk perkembangan pribadi peserta didik). (Communication) Refleksi Peserta didik 1. Pengalaman menapa ingkang wonten pamulangan unggah-ungguh basa! 2. Kangelan menapa ingkang wonten materi unggah-ungguh basa!


3. Kados pundi ingkang kedah dipuntingkataken nyerat teks pacelathon ingkang adhedhasar unggah-ungguh basa! 2. Peserta didik dipunandharaken dhateng guru bilih tindak lanjut menika gegayutan kalihan pamulangan materi basa ingkang sampun dipunsinaoni. (remidial dan pengayaan). 3. Peserta didik dipunandharaken dening guru pamulangan kangge pepanggihan selajengipun ingkang dipungayutaken kalihan materi ingkang dipunsinauni dinten menika. 4. Peserta didik saha guru pungkasi pamulangan kalihan dedonga sesarengan saha dipunpungkasi kalihan salam.


MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA 1. Pangerten Unggah-ungguh Basa Masyarakat Jawa menika ngatur tumindakipun tiyang jumbuh kalihan budaya Jawi. Unggah-ungguh basa Jawi asring dipunteges minangka solah bawa antawisipun tata krama menika identik kalihan nilai pakurmatan. Mangunsuwito (2002) unggah-ungguh basa minangka nilai ingkang ngatur caranipun tiyang tumindak sopan, kinurmatan, tumindak ingkang leres, tumindak ingkang trep kanthi nilai-nilai saha norma Masyarakat. Miturut basa, unggah-ungguh menika gabungan saking kalih tembung inggih menika tembung unggah saha tembung ungguh. Tembung unggah-ungguh wonten kamus basa Jawi sinonimkalihan tembung munggah ingkang tegesipun menek saha mendaki. Dados tiyang Jawi menika ngajenipun dhateng tiyang sanes ingkang adhedhasar kalungguhanipun antawisipun drajat ingkang langkung inggil. Miturut Franz Magnis Suseno (1985:60) unggah-ungguh basa menika identik kalihan prinsip pakurmatan, inggih menika sikap tiyang Jawi wonten cara matur saha tumindak, tansah kedah ngajeni dhateng tiyang sanes, miturut drajat saha pangkatipun. Miturut S. Soemiati Soetjipto (1975:h) unggah-ungguh basa minangka pola tingkah laku tiyang ingkang kagungan adab saha dipunsandhimgaken kalihan unggah-ungguh, inggih menika peradaban lahiriah ingkang ingkang nyakup sedaya tumindakakenipun tiyang medal saking kesadaran saha raos ingkang becik. Basa Jawi menika sesrawungan dhateng sinten ingkang dipundherekaken gineman amargi basa Jawi menika maneka warni/beragam. Gineman kalihan tiyang sanesipun kedah mengretos unggah-ungguh basa menawi boten mangretos tiyang kasebat dipunaran boten mangretos tatakrama/sopan santun/subasita. Dados unggah-ungguh menika tata caranipun basa ingkang adhedhasar tatakrama tumrap tiyang ingkang gineman. 2. Jinising Unggah-ungguh Basa Basa Jawa menika kaperang dadi 2, yaiku: 1. Basa Ngoko 2. Basa Krama Keterangan: 1. Basa ngoko wonten 2, inggih menika: Basa ngoko lugu Basa ngoko lugu inggih menika basa ingkang tetembunganipun ngginakaken tembung ngoko ngoko sedaya tanpa kecampuran tembung krama. Ginanipun basa ngoko lugu inggih menika kangge gineman antawisipun: a. Wong sing sapadha-padha / sing wis kulina b. Wong tuwa marang anak-anake / wong enom c. Bendara marang abdine d. Guru marang muride e. Wong sing lagi grenengan f. Pimpinan marang andhahane


Tuladha: 1. Aku mau weruh Bu Tutik numpak angkot. 2. Aku mau lunga ing omahe simbah. Basa ngoko alus Basa ngoko alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun ngoko kecampuran kalihan tembung krama. Ginanipun basa ngoko alus menika kangge gineman antawisipun: a. Ibu marang bapak b. Wong sing umur lan pangkate sadrajat nanging padha-padha nduweni rasa ngajeni c. Wong tuwa marang wong enom sing wis suwe ora tau kepethuk d. Wong sing wis kulina nanging nduweni rasa ngajeni. Tuladha: 1. Aku mau weruh Bu Tuti nitih angkot. 2. Aku mau mara ing daleme simbah. 2. Basa krama wonten 2, inggih menika: Basa Krama Lugu Basa krama lugu inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun ngginakaken tembung krama sedaya tanpa kecampuran tembung krama inggil antawisipun tembung ngoko. ginanipun basa krama menika kangge gineman antawisipun: a. Wong enom marang wong tuwa b. Tenaga marang juragane c. Batur marang bendarane d. Bocah kang durung kulina Tuladha: 1. Menawi kula diutus matur kaliyan bapak, kula mboten wantun. 2. Bulik dereng dugi saking Semarang. Basa Krama Inggil Basa Krama Alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun ngginakaken tembung krama sedaya tanpa kecampuran tembung ngoko. gunane basa krama alus iku kanggo guneman antarane: a. Anak marang wong tuwane b. Murid marang gurune c. Wong enom marang wong tuwa d. Andhahan marang pimpinane e. Batur marang bendharane


Tuladha: 1. Kula mboten wantun,menawi kula dipunutus matur kaliyan bapak. 2. Kala wingi kula sowan dhateng dalemipun simbah. 3. Daftar tembung basa Jawa ragam ngoko, krama, saha krama alus Tembung-tembung ngoko, krama lan krama alus Nomer Basa Ngoko Basa Krama Basa Krama Inggil 1. adoh tebih - 2. adus - siram 3. adhi adhi rayi 4. agama agami - 5. aja sampun - 6. akeh kathah - 7. akon aken dhawuh 8. aku kula Dalem 9. alas wana - 10. alis alis imba 11. amarga amargi - 12. amba, jembar wiyar - 13. anak lare putra 14. aran, jeneng nama asma 15. ati manah penggalih 16. awak badan salira 17. ayo mangga - 18. Bali wangsul kondur 19. Bapak - rama 20. Bareng sareng - 21. Batur rencang abdi 22. Bathuk bathuk palarapan 23. Beda benten - 24. Bengi dalu - 25. Becik sae - 26. Bisa saged - 27. Bocah lare - 28. Bojo semah garwa 29. Cangkem lesan tutuk 30. Cekel cepeng asta 31. Cengel cengel griwa


32. Cilik alit - 33. carita / crita cariyos - 34. Dadi dados - 35. Dawa panjang - 36. Deleng tingal priksa / pirsa 37. Desa dhusun - 38. Dhewe piyambak - 39. dheweke piyambakipun panjenenganipun 40. Dhuwit arta - 41. Dhuwur inggil luhur 42. dluwang / kertas dlancang - 43. Dina dinten - 44. Dolan dolan ameng-ameng 45. Eling emut - 46. Endhas sirah mustaka 47. Enom enem - 48. Epek pendhet pundhut 49. Ganti gantos - 50. Gawa bekta ambil 51. Gawe damel ngasta 52. Gedhang pisang - 53. Gelem purun kersa 54. Getih rah / erah 55. Geni latu grama / brama 56. golek / luru pados - 57. Gula gendhis - 58. Gunem ginem ngendika 59. Iki punika / menika - 60. Ilang ical - 61. Inep nyipeng - 62. Ireng cemeng - 63. Irung - grana 64. Isih taksih - 65. Iwak ulam - 66. Jaga jagi reksa 67. Jago sawung - 68. Jagong - lenggah


69. Jaluk tedha suwun, pundhut 70. jarit, jarik sinjang nyamping 71. Jeneng nama asma 72. Jero lebet - 73. Jupuk pendhet pundhut 74. Kanca kanca - 75. Karep kajeng kersa 76. Karo kaliyan - 77. Kathok sruwal lancingan 78. kembang sekar - 79. Kepriye Kados pundi - 80. Klambi rasukan - 81. Kongkon kengken utus 82. Kowe sampeyan panjenengan 83. Kubur pethak sare 84. Lanang jaler kakung 85. Lara sakit gerah 86. Larang awis - 87. Lunga kesah tindak 88. Lungguh - lenggah 89. Manuk peksi - 90. Mari mantun, saras dhangan 91. Mata mripat paningal 92. Mati pejah, tilar seda 93. Melu tumut ndherek 94. Minggat kesah lolos 95. Nesu srengen duka 96. Ngerti ngertos priksa 97. ngomong matur ngendika 98. Nom nem, enem timur 99. Ombe - ngunjuk 100. omong, catur ginem - 101. Panas benter - 102. Pangan tedha dhaharan 103. Pikir manah penggalih 104. Pipi - pangarasan 105. Pitik ayam -


106. Pundhak pundhak pamidhangan 107. Rai - pasuryan, wadana 108. Rambut - rikma, rema 109. rembulan - candra 110. Rina rinten - 111. Salin gantos, santun santun 112. Sapi lembu - 113. Sasi wulan - 114. Sikil suku samparan 115. Slamet wilujeng sugeng 116. Tangan - asta 117. Teka dhateng rawuh MATERI PROSEDURAL 1. Identifikasi teks dialog Peserta didik kedah saged memecahkan masalah pamulangan materi unggah-ungguh basa. Wonten ing unggah-ungguh basa wonten basa ngoko, basa krama, saha krama alus. Menawi cara bentenaken menika sampun dipunwulangaken wonten materi unggah-ungguh basa. Caranipun identifikasi inggih menika peserta didik kedah madosipun tembung-tembung ingkang lepat wonten ing teks dialog kanthi permati. 2. Damel teks dialog Materi unggah-ungguh basa sampun dipunlampahaken kanthi ngandharaken pangerten, jinisipun unggah-ungguh basa,ginanipun, tuladhanipun, wonten kosakata unggah-ungguh basa, video lumantar youtube saha sanesipun. Peserta didik sampun paham amargi sinau unggahungguh basa saha mangretos damel teks dialog ingkang adhedhasar ungggau-ungguh basa. Gegayutanipun kalihan damel teks dialog peserta didik damel klompok kanggwawanpirembagan caranipun damel teks dialog, antawisipun: a) Nemtokaken topik Peserta didik damel teks dialog ingkang sampun dipuncakaken topikipun inggih menika pokok masalah ingkang badhe aturaken. Topik ingkang saged dipunpilih inggih menika: Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe pangkat sekolah. Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe nggarap tugas kelompok wonten kancanipun. Nyuwun arto kalihan bapak/ibu kangge sangu sekolah. Lare kepanggih Bapak/Ibu guru wonten peken. Lare tumbas wonten wande. b) Nemtokakenn paraga Paraga wonten teks dialog menika wigatos amargi langkung gampil anggenipun damel teks dialog. Peserta didik kedah nyelarasaken kalihan unggah-ungguh basa ingkang para tiyang nem, tiyang sepuh, saha sanesipun. Tuladhanipun anak, bapak/ibu, guru, kanca, simbah, saha sanesipun.


c) Nemtokaken unggah-ungguh basa Peserta didik kedah damel teks dialog ingkang dipunwigatosipun inggih menika nemtokaken unggah-ungguh basa ingkang kegayutanipun matur tiyang setunggal kalihan tiyang sanesipun. Damel teks dialog kedah kedah adhedhasar saking unggah-ungguh basa. MATERI METAKOGNITIF Materi metakognitif inggih menika cara ingkang praktik. Peserta didik kedah mendemonstrasikaken seratan teks dialog wonten ngajeng kelas sesarengan kalihan klompokipun. Peserta didik klompok sanesipun samangke paring panyaruwe antawisipun nyuwun priksa dhateng klompok ingkang majeng. Mendemostrasikaken menika gantosan kalihan klompok sanesipun. Menawi ingkang majeng sepisanan nilainipun langkung ageng. Peserta didik ingkang sampun demonstrasi dipunparing uplous dhateng kanca sekelasipun.


GLADHEN Kagiyatan 1 Wacanen teks pacelathon kasebut kanthi permati! Merdhayoh Angga : “Kula Nuwun …!” Bu Harti : “Mangga! Ee Nak Angga, ngeneh, ngeneh mlebu!” Angga : “Enggih Bu, matur nuwun. Nuwun sewu napa Andi wonten dalem, Bu?” Bu Harti : “Sedhela Ngga, Andi lagi diutus bapake mundhut obat neng apotek prapatan kae lho. Enteni sedhela, ora suwe koh!” Angga : “Bapak sakit napa, Bu?” Bu Harti : “Biasa koh, wong angger kesayahen ya kaya kuwe. Siki sida padha arep sinau klompok apa?” Angga : “Enggih Bu, kok Ibu ngerti?” Bu Harti : “Andi mau wis ngendika Ibu.” Angga : Menawi bapak gerah, napa mboten ngganggu, Bu?” Bu Harti : “Ora, malah bapak sing dhawuh, sinaune klompok neng kene bae. Lha kae Andi wis kondur.” Andi : “Ngga, wis suwe ngenteni yaa?” Angga : “Urung koh Ndi. Tuku obat apa sih, Ndi?” Andi : “Diutus bapak, obat kesel. Lha kanca liyane endi, Ngga?” Angga : “Ndi, angger sinaune neng teras bae, nggelar klasa bae priwe? Dadi Mandan bebas, angger rame ora nganggu bapakmu sing lagi gerah.” Andi : “Ide bagus, Ngga. Dhela ya tek njukut klasa.” Gladhen! 1. Kapadosna tetembungan ingkang kirang trep miturut Teks pacelathon kasebut kanthi permati! 2. Kadamelaken teks pacelathon ngginakaken unggah-ungguh basa adhedhasar tema ingkang dipuntamtokaken! Pilihen tema: a. Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe pangkat sekolah. b. Pamit dhateng Bapak/Ibu badhe nggarap tugas kelompok wonten kancanipun. c. Nyuwun arto kalihan bapak/ibu kangge sangu sekolah. d. Lare kepanggih Bapak/Ibu guru wonten peken. e. Lare tumbas wonten wande. Wangsulan : Nama Kelompok : 1……………………………………………. 2……………………………………………. 3……………………………………………. 4……………………………………………. 5……………………………………………. Wangsulan Nomer 1 1. …………………………………………………………………………………… 2. …………………………………………………………………………………….. 3. …………………………………………………………………………………….. 4. …………………………………………………………………………………… 5. …………………………………………………………………………………….. 6. …………………………………………………………………………………… 7. …………………………………………………………………………………….. 8. ……………………………………………………………………………………..


Wangsulan Nomer 2 ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… KUNCI JAWABAN LKPD Satuan Pendidikan : SMP Negeri 1 Purwojati Fase/kelas : D/VII Materi : Unggah-ungguh Basa Wangsulan nomer 1 1. Enggih 2. Dalem 3. Mundhut 4. Sakit 5. Kok Ibu ngerti? 6. Ngendika 7. Mboten 8. Kondur Wangsulan nomer 2 Gumantung asiling garapanipun peserta didik. Wangsulan nomer 3 Gumantung demonstrasinipun peserta didik.


DUDUTAN SAHA RELEVANSI 1) Dudutan Ungah-ungguh basa menika wigatosaken sanget ingkang dipunginakaken dhateng lingkungan keluwargi, sekolah, saha Masyarakat. Unggah-ungguh basa menika wonten basa ngoko lugu, basa ngoko alus, basa krama lugu, saha basa krama alus. Sedaya tiyang menawi pawicantenan kedah mangretos undha-usukipun basa. Menawi boten mangretos tiyang kasebut dipunasmanaken boten mangretos tata krama/sopan santun/subasita. Menawi gineman kalihan tiyang sanes kedah atos-atos menapa malih kalihan tiyang langkung sepuh kedah mangretos tatakramanipun. 2) Relevansi Ungah-ungguh menika jumbuh kalihan jaman semenika amargi lare-lare semenika kathah ingkang boten mangretos unggah-ungguh basa. Wonten sekolah ingkang adhedhasar kagayutaken kalihan materi unggah-ungguh basa peserta didik dipunwulangaken materi kasebut mliginipun peserta didik dados saged unggah-ungguh basa. Nalika gineman tiyang enem matur kalihan tiyang sepuh kedah ngginakaken basa krama alus, saha sapiturutipun.


KAPUSTAKAN Priyanto, dkk. 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII. Jakarta: Erlangga. Sari, Lupita Ariantika, dkk. 2023. Buku Pendamping Siswa Wungkal Basa Jawa kanggo SMP Semester 1 Kelas VII. Purwokerto: MGMP Kabupaten Banyumas. S.A. Mangunsuwito, Kamus Lengkap Bahasa Jawa (Bandung: CV. Yrama Widya, 2002), h. 570. S. Soemiati Soetjipto, Sikap Kita dalam Pergaulan I (Jakarta: Balai Pustaka, 1975), h. Frans Magnis Suseno, Etika Jawa Sebuah Analisa Falsafi tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa (Jakarta: PT. Gramedia, 1985), h. 60 Wahyuni, A. T. (2021). Meningkatkan Kemampuan Siswa Menerapkan Unggah Ungguh Basa dalam Pelajaran Bahasa Jawa Melalui Strategi Pemberian Peran Pada Siswa SMPN 2 Mejayan Kabupaten Madiun. Jurnal Dieksis ID, 1(2), 40-46. https://pusdig.my.id/dieksis/article/view/75 Andriani, N. P. A. R. (2013). Penerapan Model Pembelajaran Bermain Peran (Role Playing) untuk Meningkatkan Keterampilan Siswa Memerankan Tokoh dalam Pementasan Drama Siswa Kelas XI IPB SMA Saraswati Singaraja. Pendidikan Bahasa Dan Sastra Indonesia, 7(1), 1–14. Daryati, S. (2022). PRINSIP KESANTUNANDALAM FILM PENDEK “MARAK” MRESANI PANJI SEKARPADA CHANNEL YOUTUBE KRATON JOGJA DAN RELEVANSINYADALAM PEMBELAJARAN BAHASA JAWA DI SMP. https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/92767/ https://www.sastra.org/leksikon https://youtube.com/shorts/Lz7TIw7tXss?si=rxZ9h8Wyx6WtwCb3 https://youtube.com/shorts/T2NdEw70xEE?si=nPAPxAswVsKC6TSI


Click to View FlipBook Version