AINUR ROFIQ KHANIFATUS SANIA
DESWITA CITRA JEMIMA MAULANA AKBAR
HUSNI ULYAA KHANIFAH MAULINA AMALIYA ULUM
GAMBUH
꧋ ꦧ ꦲ ꦱ ꦗ ꦮ ꦏꦼ ꦭꦺꦴ ꦩ꧀ ꦥꦺꦴ ꦏ꧀ ꧇ ꧓ ꧇ ꧉
XI MIPA 4
kelompok 3
DHAPTAR
isi
01 Pambuka
02 Dhaptar isi majalah tembang Gambuh
03 Pangerten, paugeran lan watak saking tembang
Gambuh
04 Makna, wos kang kamot ana ing tembang Gambuh
lan tuladha tembang Gambuh.
05 Panutup
BAHASA JAWA
XI MIPA 4 Kelompok 3
I. PANGERTEN
Tembang Gambuh iku salah siji tembang
macapat kaserat dening KGPAA IV.
Tembang Gambuh asale saka 'jumbuh'
kang tegese tepat, cocok, sarujuk lan
wicaksana. Tembang Gambuh uga
anduweni teges lanteh. Anggitane nata
praja, kacarita bukane tembang iki
lelagon prasiksa utawa gandarwa ing
jaman mataram. Gambuh digunakake
kanggo menehi ilmu kang kukuh bakuh,
tegas utawa galak.
II. WATAK GAMBUH
Tembang Gambuh iku sumedulur
supeketing kakulawargan (akrab).
Gambuh uga ngandharake tantangan kang kereng lan cocok kanggo ngandharake bab
kang sipate paseduluran pitutur, piwulang lan kekarepan. Tambang gambuh iku sipate
tegas, lugas, cetha lan ora sungkan. Tembang gambuh dipunginakaken kangge
ngandharaken cariyos utawa pitutur saha pesen gesang mbangun raos paseduluran.
III. PAUGERAN TEMBANG GAMBUH
Kelompok 3
Paugeran tembang Gambuh iku kangge ciri- Guru Guru Lagu
ciri saben gatra utawa padha. Paugeran Wilangan
saben tembang macapat dumadi saking u
Guru Lagu, Guru Wilangan lan Guru Gatra. 7 u
i
Guru lagu iku tibaning swara ana ing 10 u
pungkasaning gatra. Lan Guru Wilangan iku
cacahing wanda saben sagatra. Dene Guru 12
Gatra iku tegese cacahing gatra (larik) saben
sapadha. 8
8o
Januari | 2023 Halaman 3
IV. MAKNA TEMBANG
GAMBUH
Tembang Gambuh iku
nggambarake watak
pawongan kang ngancik
diwasa mula isa
njumbuhake kabutuhan
lair lan batin, kulawarga
uga masarakat lan pribadi
karo Gusti. Gambuh
menehi pitutur utawa
tansah menehi pangerten. Makna sawijine
sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah
asih asuh marang sawenehe kabutuhan,
tanggung jawab lan prakara ing sajroning
kulawarga kang saya abot lan maneka warna.
VI. TEMBANG
GAMBUH
V. WOS ING
TEMBANG GAMBUH
Tembang Gambuh Serat Wedhatama ngajarake supaya sakabehe tindak tanduk becike
mung walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang
kaluputaning liyan (den ngaksama kasisipaning sesami), ngedohi
tindak nistha lan angkara murka (sumimpanga ing laku dur)
Serat Wedhatama ngajarake supaya nindakake pitutur-pitutur ing
tembang iki, manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene.
Saliyane iku ing kene uga diajarake lamun nalika guneman iku kudu
nganggo aturan, aja waton guneman nanging guneman nganggo
waton.
Serat Wedhatama ngajarake yen agama minangka cagaking urip.
Saking kepengine ngajak manungsa ora nalisir saka garising Gusti,
Sembah raga yaiku manembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu
bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
Sembah cipta (kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu.
Sembah sukma yaiku ngresiki batin kanthi waspada lan eling. Bab iki
bisa kaleksanan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti Kang
Maha Agung.
Sembah rasa iku bisa dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-
mangu manch marang kekuwasaane Gusti Kang Akarya Jagad.
Halaman 4
Kelompok 3 MATURNUWUN
"Urip iku terus mlaku bebarengan karo wektu, sing
bisa gawa iku lakumu supaya apik nasibmu." -
Halaman 5